Anda di halaman 1dari 2

Nama : Amelia Putri

Kelas : XII TKJ 1

No. Absen : 02

Tugas Basa Jawa : Parikan

1. Apa tegese parikan lan kepiye paugerane?


2. Parikan kaperang dadi pira, saben jinise gawea tuladha cacahe 5, nganggo basa dialeg pati!

Wangsulan :

1. Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik
kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi. Parikan iku kaya pantun nanging mung rong
larik, parikan migunakake purwakanthi guru swara.
Paugeran utawa pathokan parikan yaiku :
a. Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho.
b. Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi, wos.
c. Tibaning ukara kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho (sajak AB-AB)
d. Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra.
2. Parikan kaperang dadi 2 :
1.Parikan sing dumadi saka rong gatra (parikan tunggal)
Tuladha :

-Tuku bakso bareng Bayu

Ayo pada golek elmu

-Adus kali lali mentas

Aja lali kanca lawas

-Ana gajah mlaku-mlaku

Dadi bocah sregep ngelmu

-Tuku bandheng menyang pasar

Aja seneng golek tukar

-Bapak Dullah menyang sawah

Dadi bocah aja wegah

2.Parikan sing dumadi saka patang gatra (parikan rangkep)


Tuladha :

-Kembang mawar dipencloki kepik

Kembang melati dipencloki gambreng

Dadi bocah kudu sing apik

Ben wong tuo soyo seneng


-Si Udin dirasani tangga

Mergo kakean dolan karo kancane

Due kanca setia kudu dijaga

Mergo kanca setia angel luronane

-Si Budi mlayune banter

Mlayune karo ngombe es

Ayo pada sekolah sing pinter

Ben dadi wong sukses

-Bocah-bocah pada bubar

Amarga ora entuk rame-rame

Dirasani kudu sing sabar

Ngko ana sing bales dewe

-Mangan iwak keliru eri

Luru omah malah kelantur

Dadi wong aja seneng meri

Mergo rejeki wis ana sing ngatur

Anda mungkin juga menyukai