Anda di halaman 1dari 19

ATASSADHUR ADAMMAKNA

(SAMBETANIPUN BETALJEMUR)

NGEWRAT ILMU-ILMU INGKANG TAKSIH GINAIB INGKANG DERENG


KASUMEREBAN DENING NGAKATHAH PEPETHIKAN SAKING RUPI
RUPI PRIMBON JAWI SERATAN KINA, NGENGINGI KAWRUH ULAH
KABA TOSAN. WAJIB KITA PEPETRI, SINTEN MENGERTOS BILIK ING
TEMBE WINGKING KATHAH PIGUNANIPUN

CAP-CAPAN KAPING
10 Wulan Maret 2008

Serie Adammakna
Jilidan angka sekawan

Kewedalaken dening : Ny. Siti Woeryan Soemodiyah Noeradya Penerbit


"SOEMODIDJOJO MAHA DEWA" Ing Praja Dalem Ngayugyakarta Hadiningrat
lan saking pambiyantunipun CV. Buana Raya

1
MAHA SANDHI WARA DARMA
Babaring piwulang Dalem Ngarsa Dalem Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwur
Kangjeng Sultan Hamengku Buwono ing Ngayugyakarta Hadiningrat, Kawedhar
aken lumantaring Dhawah Timbalan Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan
Ingkang Jumeneng kaping V, ingkang awit saking kawaskithan Dalem, lajeng
kawrat ing Kitab Adammakna dening Kangjeng Pangeran Harya Tjakraningrat.
Inggih Kitab Adammakna punika ingkang minangka baboning sadaya primbon.
Primbon punapa kemawon sami pepethikan saking Kitab Adammakna punika :
i. KITAB PRIMBON BETALJEMUR ADAMMAKNA
ii. KITAB PRIMBON LUKMANAKIM ADAMMAKNA
iii. KITAB PRIMBON ATASSADHUR ADAMMAKNA
iv. KITAB PRIMBON BEKTIJAMMAL ADAMMAKNA
v. KITAB PRIMBON SHAHDHATSAHTHIR ADAMMAKNA
vi. KITAB PRIMBON QOMARRULSYAMSI ADAMMAKNA
vii. KITAB PRIMBON NAKLASSANJIR ADAMMAKNA
viii. KITAB PRIMBON QURAYSIN ADAMMAKNA
ix. KITAB PRIMBON AJIMANTRAWARA, YOGABRATA,
YOGAMANTRA
x. KITAB PRIMBON KUNCI BETALJEMUR
lan sapiturutipun.
Minangka pambabaring sadaya piwulang Dalem ingkang dinapur ing pralam
pita, wedharan Dalem Kangjeng Pangeran Harya Tjakraningrat salebeting Kitab
Adammakna ingkang kawursita salebeting primbon-primbon wau, wiwit tumapak
ing tahun 1990, inggih ing wiwitaning tahun Alip Windu Sancaya punika sadaya
primbon badhe kababar malih, amrih migunani sarta ambrekahana ing ngakathah.
Sadaya wau rinumpaka sarta kawuryan dening canggah Dalem KPH Tjakraningrat,
pun Ir Wibatsu Harianto Soembogo (RW Radya Soembogo) atas saking palilahipun
ingkang kagungan waris buku-buku Tjakraningratan inggih panjenenganipun: Ibu
Siti Woerjan Soemadijah Noeradyo.

Gambar sarta tandhatanganipun


Ibu Siti Woerjan Soemadijah Noeradyo..
Minangka tandha palilah, pambabaring buku-buku serie Adammakna punika.

2
PRATELAN ISINING BUKU PUNIKA
Kaca :
1. Gambaripun Kangjeng Pangéran Harya Tjakraningrat.. 3
2. Purwaka. 9 - 12
3. Wirid Maklumat Jati: Wedharing Ilmu Kabatosan.. 13
Mengku wolung wiridan:

 Wirayat Jati... 14 -
20
 Laksita Jati... 21 - 25
 Panunggal Jati... 26 - 30
 Karana Jati... 31 -
39
 Purba Jati... 40 -
44
 Saloka Jati... 45 -
48
 Sasmita Jati... 49 -
53
 Wasana Jati... 54 -
58
4. Aji pameleng Pangulah lampah yoga. ugi kasebut samadi... 59 -
66
5. Aji Panunggal : Pambrastaning sad indriya ingkang ugi
kasebut pancadriya, murih manggih ketentreman....................... 67 - 72
6. Wirid Maladihening : Pipiridan Wasiyat Kangjeng
Panembahan Sénopati Ngalaga Mataram................................... 73 - 79
7. Katrangan : cara caranipun anglampahi miwah donga –
donga ingkang perlu.................................................................... 80 - 85
8. Primbon Kidung : Mengku 12 kidung sarta Rajah mantra
 Kidung Suksmawódha...................... 86 - 95
 Kidung Darmawódha....................... 96 - 98
 Kidung mantrawedba....................... 99 -
101
 Kidung Japawédha........................... 102 -
105
 Kidung Jiwawódha........................... 106 -
109
 Kidung Reksawódh.......................... 110 -
112
 Kidung Yogawódha......................... 113 -
115
 Kidung Warawédha......................... 116 -
117
3
 Kidung Setyawédha......................... 118
 Kidung Ajiwédha............................. 119 -
120
 Kidung Saktiwédha.......................... 121 -
122
 Kidung Bagyawédha........................ 123 -
124
 Rajah Mantra.................................... 125 -
142
punika kawarti anggitanipun Kangjeng Sunan Kalijaga Waliollah,
Pangriptanipun duk rikala tapabrata wonten satepining lèpèn. Ingkang lajeng
katelau nama Kalijaga. Ing Pawingkingipun tembung kalijaga wau lajeng kagem
dados asmanipun. Ing kinanipun kidungan punika dipun pepetri tuwin pinundhi -
pundhi sangot, déning ngakathah, margi kacarios pancèn ageng sanget, sawabipun.
Déné Rajahmantra pethikan saking Kitab Samsu Makrup/ Kitab Mujarabat.
9. Donga-donga puji Sunan Kalijaga... 143 -
149
10. Anggayuh Daya... 150 -
155
11. Aji Padmawara... 156 -
162
12 Penget Palintangan... 163 -
171
13. Catur Yoga... 172 -
187
PURWAKA

Purwaning sembah katur ing ngarsaning Gusti Allah ingkang murbèng gesang,
ingkang Maha Asih lan Maha Wieaksana, ingkang tansah am m buhi sagunging
tusnuwuh lan ngreksa sagunging dumadi. Esthining manah panembah kula namung
dhumateng Panjenenganipun, awit boten wonten sesembahan sanès kajawi namung
Panjenenganipun,
Kitab Primbon Atassadur Adammakna primbon titilaranipun luluhur kita jawi
ing jaman kina, kalempakan saking seratan-seratan kina, lah sin tenta
pangarangipun sampun boten kasumereban. Pun pangimpun sanès golonganipun
para ahli babagan isining kitab punika. Pangimpun na mung mligi nglempakaken
kawruh-kawruh punika ingkang asalipun saking seratan-seratan warisan saking
kagungan dalem Kangjeng Pangeran Harya Cakraningrat, Radèn Nabèhi
Kartohasmoro, Radèn Soemodidjojo. Déné pun pangimpun kumawantun
nglempakaken serat-serat punika. Kajawi minangka atur pamundhi-pundhi kula
dumateng para luhur ingkang sampun nilari ka wruh punika, ugi kanthi pangajab
sageda kawruh salebeting kitab punika dipun sumerebi ing ngakathah sarta lajeng
saged kayektèn kanyatanipun, awit sinten malih ingkang kewajiban ngluluri kawruh
punika kejawi namung kita sadaya bangsa ing Nuswantara?. Sinten mangertos ing
tembé wingking kathah pigunanipun saged ambrekahi ing ngakathah, anyekapi
kabetahaning ngagesang ing sadinten - dinten.

4
Manawi kita gagas-gagas, lampahing ngagesang punika kénging winas tan
karoban déning panycluding wisaya. Boten rumiyin, boten sapunika. boten
rampung-rampung tansah sami cocongkrahan, labet sami rebat leres dhateng
gagandhulan tuwin tekadipun piyambak-piyambak.
Wisaya punika wonten ingkang gampil kasumuruban, lan wonten ingkang
boten gampil anggènipun nyumerebi, wisaning sawer boten sanès namung
dumunung wonten untu, panyemburipun. Wisaning kala bang ian kalajengking
wonten ing entupipun. Ananging ing samangké, lah dumunung wonten ing pundi,
menggah wisaning sadaya serat-serat piwu lang, ingkang sampun sumebar dados
wawaosaning ngakathah ?. Punika boten sanès kajawi dumunung wonten ing
pangertosan kita pribadi.
Kados pundi ing jagad Kawontenan, panggelaring piwulang ingkang sami
kasebut ing serat-serat, punapa inggih wonten pigunanipun ingkang langkung ageng
tumrap ing gesang kita, murih tata tentrem lan karaharjan. Lha punika
nyumanggakaken. amargi piwulang kasebut ing dalem serat sorat wau, saged
nuwuhaken pangertosan warni kalih, sapisan pangertosan ingkang ngenggèni
wonten ing sasananing kaleresan. Déné ingkang kaping kalih pangertosan ingkang
ngenggèni wonten ing panasaran.
Manawi kita saged mangertos nampèni suraosing piwulang wau. punika kados
déné kita manggih usada ingkang sampun sumereb aben abenan lan tumanjanipun,
Manawi makaten sampun tamtu kita saged manggih ,kawilujengan lan kemulyan.
Kosokwangsulipun pangertosan kita ingkang saking serep panampinipun, punika
kados déné kita manggih usada ingkang aben-abenan tuwin tumanjanipun dèrèng
kita sumerebi. Ingkang makaten punika saged ugi andadosaken ing wisaya
Langkung langkung yèn pangertosan ingkang seling serep panampinipun wau,
lajeng katularaken ing ngasanès, sarana lésan utawi sarana serat-serat, sampun
camtu badhé langkung ageng ing wisayanipun,
Kasebut ing serat paniti sastra bab 10: ungelipun makaten: ingkang dados
wisaning tiyang nedha punika bilih kirang telatos pamamahing te tedhan, yèn boten
lembut ingkang dipun tedha yekti dados sesakit. Meng gah pikajenganipun
makaten; tembung tiyang nedha, mangertosipun nedha kawruh. Pamamahing
tetedhan: pikajenganipun panyuraosing ka wruh. Lembat pikajenganipun alit = alus
= kasat mata lebet = batos. Menggah gambiangipun makaten; tiyang ngudi kawruh
punika kedah telatos panyuraosipun, murih mangertos ing lahir batos. Sebab yèn
boten makaten, kawruh ingkang sajatosipun langkung miraos tumrap raos ing
manah. boten siwah kadidéné raos ng madu pinasthika, temah lajeng malik
garembyang dados raos pait asengak kadidéné tuwak sajeng ingkang ngendemi, ing
wusana lajeng andadosaken wisaning jiwa raga.
Kawontenan ingkang makaten wau, sanyatanipun boten nama anch. vèn kita
kajlungupa ing jurang panasaran. Sabab miturut panggelaring adaya serat-serat
piwulang, punika prasasat mboten wonten tembung ingkang ukaranipun kadamel
prasojo, nanging wonten tembung paribasan, pasemon, pralambang, tuwin
pralampita. Dados prasasat kita sami kinèn ambatang adeging cacangkriman. Déné
menggah pikajenganipun: Sapisan perlu kanggé ngadegaken tuwin ngluhuraken.
Kaping kalihipun perlu kanggé dhadhasaring pamarsudi tumrap para siswa, supados
tansah sami anandang aken kalimpadan alusing pambudi. Mila siswa ingkang
kirang lantip, inggih boten saged nampèni piwulang wau

5
Wontenipun serat ingkang kadhapur paribasan, pralampitz. pasemon ruwin
pralambang upaminipun, serat Mahabharata. Serat Mahabharata pu nika séral
ingkang isi sawarmaning sadaya kawruh, kadosta kawruh. kaskman, kawruh
kadéwan, kawruh kamanungsan lan, sanès-sanèsipun. Serat Maha Bharata punika
kaprinci dados pinten-pinten parwa: pérangan : bagéyan. Déné Parwa isi pinten
pinten sloka.
Sarèhning makaten kawontenanipun, dados manawi kita badhé nyu raos
piwulang ingkang kasebut ing Mahabharata wau, kita kedah ngèngeti parwa lan
slokanipun, yèn boten makaten temtu badhé klintu panyuraos ipun. Jalaran tembung
satunggal kéwawon umpami Kresna, punika ang gadhahi teges pinten-pinten
kemawon kadosta cemeng, toya, pikir, rahsa, gesang, lan sasaminipun miturut
parwa lan slokanipun.
Wonten piwulang ingkang kasebut ing serat Agutara Nikaya, ing ngandhap
punika :
1. Aja ngandel pituturing wong
2. Aja ngandel marang wirayat kuna, amarga saka lawasé.
3. Aja ngandel marang pawarta marga akèh kang ngandhakaké.
4. Aja ngandel thok waton layang karangané wong wicaksana ing jaman kkuna
5. Aja ngandel waton saka kira-kira, utawa wus matuh lawas koanggep bener.
6. Aja ngandel marang gurumu lan para pandhita, amarga saka panguwasané,

Piwulang kasebut ing nginggil punika, nyimpen wewados ingkang kadhapur


kalimpadaning basa, ingkang pikajenganipun asung piwulang dhateng kita, yèn
sadaya pandamel punika sayogi katindakna kanthi papa dhanging angen-angen.
Menggah piwulang wau kula udhari makaten:
1. Aja ngandel pituturing wong, menggah pikajenganipun kita sampun ngandel
dhateng pituturing tiyang, ingkang boten kaseksèn tuwin ing kang boten
mituiut dhateng gumelaring akal ingkang sampun sah déning para sarjana,
sarta ingkang boten saged kaseksèn déning papaahanging nalar.

2. Aja ngandel marang wirayat kuna, amarga saka lawasé, pikajenganipun


tembung lawasé luwas lawas suwé tebih meract= lebet, artosipun mastani
sakathahing piwulang ingkang lebet- lebet suraosipun punika sagedipun kita
ngandel, inggih manawi kita sampun. saged njajagi maksuding wirayat wwau

3. Aja ngandel pawarta, sabab akèh wong ngandakaké, pikajengipun sampun


ngandel dateng pawartosipun tiyang ingkang sampun misuwur, cidra,
sanadyan manéka warni kasagahanipun prayogi boten kapaėlu.

4. Aja ngandel thok waton saka layang karangané wong wicaksana ing jaman
kuna. Pikajengipun sampun ngantos ngandel kémawon dhateng sadaya serat-
serat: kina. Awit serat-serat wau upami mungela abrit saged ugi maksudipun
cemeng. Inggih serat ingkang makaten punika Ingkang kedah kita jinggleng
maksud suraosipun. Sebab kados atur kula ing ngajeng, yèn sadaya serat
piwulang, punika sami dinapur pralampita, déné badharing pralampita wan
muhung saking pangertosan kita pribadi.

6
5. Aja ngandel waton saka kira-kira, pikajengipun sakatahing pandamel punika
esahipun manawi sampun wonten cihnanipun, Lajengipun : Utawa wus
matuh lawas kokanggep bener, pikajengipun, kita prayogi manuta lan
anglenggahana, kawontenaning jaman ingkang saweg dipun alami.
Mangertosipun sanadyan kaanggep saé, luhur tuwin mulya tumrap ing jaman
ingkang sampun kepengker, ananging yèn ing sa mangké sampun mboten
njamani, inggih kedah kabérat ingkang rila. Awit yèn mboten makaten,
tangèh sagedipun kita manggih karaharjan lan kamulyan.

6. Aja ngandel marang gurumu lan para pandhita, amarga saka kuwa sané
pikajengipun mrayitnani dhateng pratingkahing para ingkang ngaken dados
guru ingkang mawi papacak kudu manut miturut, lan kudu asih tresna
marang gurumu lan marang pandhuwuranmu sabab dhudhuwuranmu, iku
dadi wakilé kang maha kuwasa. Lah inggih maka ten wau manawi boten kita
prayitnani, temah saged ugi dhumawah ing kasangsaran. Déné sanyatanipun
ingkang wajib asih tresna punika ratu tumrap ing kawula, bapa biyung
tumrap ing anak, guru tumrap murid. Yèn sanyata asih tresna trus ing lahir
batos sampun tamtu ka wula murid sami amangsul sih katresnan ingkang
boten mawi pinarintah.
Yèn kita saged ngugemi piwulang nem prakawis inggih ing ngriku punika
enggèning kasunyatan, mangertosipun: Teteping ulah kawruh punika, yèn saged
kanyatahan wonten pikantukipun ingkang langkung ageng ing bab : Karaharjan,
Kamulyan, tuwin Katentreman.
Ing wusana sumangga kita sami nyinau ngudi kasembadauing kawruh ing buku
punika sedya kita sageda tata titi tentrem karta raharja. Kitab pu nika kadadosan
atas saking manunggaling rupi- rupi primbon: antawisipun : Prunbon Kidung dalah
maknanipun, inggih kidung utilaranipun Kangjeng susuhunan Kalijaga, wirid
Maklumat jati inggih wedharing ilmu kabatosan. Primbon Montra wédha inggih
mantra-mantra aji-aji jayakawijayan pethik an saking primbon jawi sarta Kitab
Mujarabat. Aji Pameleng, Aji Panunggal, Maladihening, Inggih lampah-lampahing
yoga wasiyat dalem Kangjeng Panembahan Sénopati Ing Mataram, catur yoga, lsp..
Awit saking punika welingipun panginpun manawi badhé maos buku punika
kedah sampun suci lahir batin. mangertosipun salebeting nampi wejangan ing dalem
buku punika kedah kanthi panggalih ingkang tentrem, suci, teliti, wening. Boten
kénging grusa-grusu, srakah, reged ing pikir. Sadaya punika namung murih
kasembadaning sedya ingkang utami, awit boten kentu anggenipun nampi suraosing
buku punika.

7
Ngayogyakarta Hadiningrat
Tinengeran ing candrasangkala
Jalma Jinuwih kusumaning praja.

Nuwun

R.W. Sumbaga
Pangimpun

WIRID
MAKLUMAT-JATL

Mengku wolung wiwiridan

1. Wirayat Jati,

2. Laksita Jati.

3. Panunggal Jati.

4. Karana Jati.

8
5. Purba - Jati

6. Saloka Jati:

7. Sasmita Jati.

8. Wasana Jati.

Wedharing ilmu kabatosan,

UILAHENG HONGMANGARCANA, MATAYA, AWIGNA MASTUNA


MASIDHEM, UPAH MAYANA SIWAHA.

Suraosipun dhuh hem adhuh, kawula nembah ing suksma, dununging panembah,
sageda tinarimah lan angsal ganjaran saking kamirahanipun Sanghyang Guru,
ingkang mengku sakliring papadhang.

1.

WIRAYAT- JATI.
9
Anenggih punika pituduh ingkang sanyata, anggelaraken dunung lan pangkating
kawruh kasampurnan, wiwinih saking pamejangipun para wi caksana ing Nungsa
Jawi, karsa ambuka pitedah kasajatining kawruh ka sampurnan, tutuladhan saking
Kitab Taswuf. Panggelaring wejangan wau thukul saking kaweningan raosing
panggalih, inggih cipta sasmitaning Pangéran, rinilan ambuka wedharing
pangandikaning Pangéran dhateng N. Musa Kalamolah, ingkang suraosipun
makaten: ING SABENER BENERE MANUNGSA IKU KANYATAHANING
PANGERAN, LAN PANGERAN IKU MUNG SAWIJI.

Pangandikaning Pangéran ingkang makaten wau, inggih punika ing kang


kawedharaken dados witing kawruh kasampurnan, ingkang lajeng ka wedharaken
déning para gurunadi dhateng para ingkang sami katarimah puruitanipun. Déné
wonten kawruh wau, lajeng kadhapuk 8 papangkatan sarta pamejangipun sarana
kawisikaken ing talingan kiwa, Mangertosipun : asung pepènget bilih wedharing
kawruh kasampurnan, punika boten kénging kawejangaken dhateng sok tiyanga,
déné kéngingipun kawejangaken, namung dhateng tiyang ingkang sampun
pinaringan ilhaming Pangéran, tegesipun tiyang ingkang sampun tinarbuka
papadhanging budi pangangen-angenipun. (ciptanipun).

Awit saking punika, pramila ingkang sami kasdu maos serat punika yuginipun
sinembuha nunuwun ing Pangéran, murih tinarbuka ciptaning saged anampeni saha
angecupi suraosing wejangan punika, awit suraosipun pancèn kapara nyata yèn
saklangkung gawat. Mila kasembadanipun saged angecupi punapa suraosing
wejangan punika, inggih muhung dumunung ing ndalem raosing cipta kémawon.
Mila inggih boten kénging kanggé wira osan kaliyan tiyang ingkang dèrèng nunggil
raos, inggih ingkang dèrèng kepareng angsal ilhaming Pangéran. Héwa déné
sanadyana kanggé wira osing kaliyan ingkang sampun nunggil raos, wedaling
pangandika ugi mawia dudugi lan pramayogi, mangertosipun kedah angèn mangsa
lan empan papan saha sinamun ing lulungidaning basa.

Menggah wontening wewejangan 8 pangkat wau, kados ing ngandhap

punika :

10
1. Wewejangan ingkang rumiyin, dipun wastani: pitedahan wahananing
Pangéran, sasadan pangandikanipun Pangéran dhateng N Mohammad saw.
Makaten pangandikanipun sajatiné ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-
uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhihin iku ingsun, ora ana Pangéran
anging ingsun sajatiné kang urip luwih suci, anartani warna aran lan
pakartiningsun (dat, sipat, asma, afngal).
2. Menggah dunungipun makaten: kang binasakaké angandika ora ana Pangéran
anging ingsun, sajatiné urip kang luwih suci, sajatosipun inggih gesang kita
punika rinasuk déning Pangéran kita, menggahing warna nama lan pakarti
kita, punika sadaya saking purbawisésaning Pangéran kita, inggih kang
sinuksma, tetep tinetepan, inggih kang misésa, inggih wang' (dacan inggih
kang manuksma, inggih kang sinuksma, tetep tinetepan, inggih kang misésa,
inggih kang kawisésa, umpami surya lan sunaripun, maben lan ma nisipun,
sayekti boten saged dèn pisaha.
3.
4. II. Wewejangan ingkang kaping kalih, dipun wastani : Pambuka xahananing
Pangéran, pamejangipun amarahaken papang katan adeging gesang kita
dumunung ing dalem 7 kahanan, sasadan pangan dikanipun Pangéran
dhateng N. Mohammad s a.w. Makaten pangandikan ipun satuhuné ingsun
Pangéran sajati, lan kawasa anitahaké sawiji - wiji, dadi padha sanalika saka
karsa lan pepestèningsun, ing kono kanyatahané gumelaring karsa lan
pakartiningsun, kang dadi pratandha.
5.
6. Kang dhihin, ingsun gumana ing dalem alam awang-uwung kang tanpa
wiwitan tanpa wekasan, iya iku alam ingsun kang maksih piningit. Kapindho,
ingsun anganakaké cahya minangka panuksmaningsun du munung ana ing
alam pasenedaningsun,
7.
Kaping telu, ingsun anganakaké wawayangan, minangka panuksma lan dadi
rahsaningsun, dumunung ana ing alam pambabaring wiji.

Kaping pat, ingsun anganakaké suksma, minangka dadi pratandha ka


uripaningsun, dumunung ana alaming getih. Kaping lima, ingsun anganakaké
angen-angen kang uga dadi warna

11
ningsun, ana ing dalem alam kang lagi kena kaupamaaké bać. Kaping enem,
ingsun anganakaké budi, kang minangka kanyatahan pencaring angen-angen
kang dumunung ana ing dalem alaming badan alus.

Kaping pitu, ingsun anggelar warana kang minangka kakandhangan

sakabèhing pasèrènaningsun, Kasebut nem prakara ing dhuwur mau tumitah

ana ing donya iya iku sajatining manungsa.

Kacarios wontening warana wau, kadadosaken saking pakartining pra mana,


warni sosotya kang. darbé sorot mancawarni. Ing nalikanipun mosik lajeng
ngawontenaken warna tigang pérangan, ing satunggal-tunggaling pérangan sami
angawontenaken warni nigang pérangan malih, kadosta.

1. Huruh, ngawontenaken : 1. kulit, daging, sapanunggilanipun 2. Manik,


manah, jantung, sapanunggilanipun. 3. Herah, mani,

sungsum, sapanunggilanipun. 2. Kukus, ngawontenaken: 1. Napas lan kaketeg.


2. Pancadriya.

3. Napsu.

3. Toya, ngawontenaken: 1. Suksma utawi nyawa, 2. Rahsa utawi cipta. 3.


Cahya.
Sadaya wau inggih punika ingkang sami dados warmaning Pangeran, dumunung
ing badan kita pribadi, sampun uwas sumelang ing panggalih, Sebab
kawontenanipun ingkang gumelar ing jagad ageng lan jagad alit, pu nika sampun
kawengku wonten salebeting warana, kaprabawan déning purba wisésaning
Pangéran kita.

III. Wewejangan ingkang kaping tiga, dipun wastani ge gelara kahananing


Pangéran. pamejangipun ambabaraken ingkang. dados kanyatahan lan karsaning
Pangéran, nalika anggelaraken kahanan miwah panguwasanipun, inggih punika
ingkang anedahaken waktu badhé dhatengipun pejah, kang ugi sasadan
pangandikanipun Pangéran dhateng N. Mohammad s.a.w.
12
Makaten pangandik anipun sajatiné manungsa iku rahsaningsun, lan ingsun iki
rahsaning manungsa, karana ingsun anitahaké wiji kang cacambo ran dadi saka
karsa lan panguwasaningsun, iya iku sasamaning geni bumi, angin lan banyu,
ingsun panjingi limang prakara, yaiku: cahya, cipta suksma (nyawa). angen-
angen lan budi Iku kang minangka embanan panuksma ningsun, sumarambah
ana ing dalem badaning manungsa.

Wejangan ing nginggil punika cundhuk kaliyan pangandikanipun para


wicaksana ing Atasangin. Makaten: rupa sajati punika asal saking sajati ning
rupa, sajatining rupa punika inggih warnaning Pangéran kang sajati, kababar
wonten rupa kita pribadi, inggih punika tulada surating Pangéran. Utawi
sajatining Pangéran punika dados tiladhaning nyawa utawi sukma sajati, nyawa
sajati dados tuladhaning warna sajati, warna sajati punika dados tuladhaning
rupa kita sajati, sampun uwas sumelang malih, sabab kahananing manungsa
punika tuturutan wahananing Pangéran, katandha saking prabawaning cahya
kang anglimputi ing warna kita pribadi.

Amung dumugi samanten kémawon tepapalupining pralambang, meng gah


sumè'ching pangealih kasumanggakaken, angger katuwuhan budi wicaksana,
sayekti saged anampèni suraosipun sadaya wejangan punika wau.

IV. Wewejangan ingkang kaping sakawan, dipun wastani: Ka yek

tening Pangéran. inggih punika pitedhahan tataning karaton, duk tinata wonten
uteking manungsa. Sajatosipun inggih namung kanggé pite dahan kayektèning
wujud satunggal-satunggal, anandhakaken kadadosan karsa, ingkang boten éwah
gingsir ing kahananipun. Wejangan wau inggih anggelaraken bab sampurnaning
manungsa, kang ugi sasadan pangandikan ipun Pangéran dhateng N. Mohammad
sa.w. Makaten pangandikanipun: Sajatiné ingsun anata palenggahan, dumunung
ana ing enggon paramean ningsun, jumeneng ana sirahing menungsa. Kang ana
sajroning sirah iku utek, kang gagandhèngan ana ing antarané utek iku manik.
yaiku telenging nétra, aran pramana. Sajroning manik iku budi, sajroning budi
iku napsu, kang uga ingaran angen-angen. Sajroning napsu iku suksma, kang
uga ing aran nyawa, roh utawa getih Sajroning suksma iku rahsa, kang uga
ingaran cipta. Sajroning rahsa iku ingsun, ora ana Pangéran, nanging ingsun saja
13
tining, urip kang anglimputi sagunging kahanan. Menggah dunungipun ma katen
:

1. Sirah, sajatining enggèn paraméyan. 2. Utek, kandanging cahya, pambukaning


nétya. 3. Manik, sajatining pramana, pambukaning paningal. 4. Budi, sajatining
manah, pambukaning pamicara.

5. Napsu, sajatining angen-angen, pambukaning swara. 6. Sukama, sajatining


nyawa, pambukaning swarga.

7. Rahsa, sajatining gesang, pambukaning pangraos, Pepérangan ing nginggil


punika, sajatosipun boten sanès witing panga wasa wau, inggih saking
purbawisésaning Pangéran kita.

V. Wejangan ingkang kaping gangsal, dipun wastani Kanyata han wahananing


Pangéran, inggih punika ambuka panataning palenggahan, duk jumeneng
wonten salebeting jantunging manungsa, punika sajatosipun inggih namung
minangka pitedahan kayoktèning kahanan satung gal-satunggal, nandhakaken
kadadosaning karsa ingkang langgeng boten mawi éwah gingsir saking kahanan
jati. Makaton ugi ngemot cariyos bab kasampurnaning manungsa, sasadan
pangandikaning Pangéran dhateng N. Mohammad s.a.w. Makaten
pangandikanipun: sajatiné ingsun anata paleng gahan ana sajroning jantunging
manungsa, iya iku enggon laranganingsun, jumeneng ana dhadbaning manungsa,
kang ana sajroning dhadha iku ati, kang gagandhèngan ana saantaraning ati iku
jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem, tegesé angen-
angen, sajroning jinem iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa
iku ingsun, Ora ana Pangéran anging ingsun, sajatining urip kang anglimputi
sagunging kaha nan, menggah dunungipun makaten:

1. Dhadha, tegesipun griya kang ka'awisan. 2. Ati, tegesipun pancadriya, inggih


napsu, wahyaning napas.

3. Jantung tegesipun osik gangsal, inggih birahi, wahyaning keteteg.

4. Budi tegesipun kawaspadan, inggih karsa, wahyaning pamicara. 5. Jinem


tegesipun panggraita, inggih swara, wahyaning pamiarsa,
14
6. Sukama tegesipun erah, inggih cipta, wahyaning pangganda.

7. Rahsa tegesipun urip, inggih kang kawasa, wahyaning pangraos. Pérangan ing
nginggil punika, inggih sami kémawon maksudipun ka liyan pérangan ing
wewejangan ingkang kaping sakawan.

VI. Wewejangan ingkang kaping nem, dipun wastani: Kayektè p kahananing


Pangéran, inggih punika pambuka tataning palenggahan duk tinata wonten
kontholing manungsa, inggih saking karsa ning Pangéran ingkang amesti, punika
sajatosipun inggih amung minangka pitedahan kayektening kahanan satunggal-
satunggal, nandhakaken kada dosaning karsa ingkang boten mawi éwah gingsir
ing kahanan jati. Makaten ugi ngemot carios bab kasampurnaning manungsa
ingkang ugi sasadan pangandikanipun Pangéran dhateng N. Mohammad s.a.w.
Makaten pangan dikanipun sajatiné ingsun anata palenggahan ana sajroning
kontholing
inanungsa, iku omah dununging pasucianingsun, kang ana sajroning kon thol iku
pringsilan, kang anglimputi ana sa' antaraning pringsilan iku mani, sasarining
mani iku madi, sasarining madi iku wadi. sasarining wadi iku manikem,
sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun. Ora ana Pangéran
anging ingsun, sajatining urip kang anglimputi sakliring tumitah, jumeneng dadi
wiji kang piningit, tumurun mahanani sosotya kang ndingin kahanan kabèh,
maksih dumunung ana alaming wiji, laju manggon ana ing alam pambabaring
wiji, laju tumurun ana ing alaming suksma, iya. iku geuh, laju tumurun ana ing
alam kang durung kahana, iya iku alam kang ingaran upama, laju tumurun
marang alam dunya, iya iku alaming manungsa urip, lan iya iku sajatining
warnaningsun. Menggah dunungipun. makaten:

1. Konthol, sinebut griya kang sinucċkaken.

2. Pringsilan, nyataning birahi, bubuka sengseming manah,

3. Mani, nyataning hawa, bubuka sengseming pandulu.

4. Madi, nyataning karsa, bubuka sengseming pamireng. 5. Wadi, nyataning,


cipta, bubuka sengseming pocapan.
15
6. Manikom, nyataning pangraos, bubuka sengseming pangambu. 7. Rahsa,
nyataning pangawasa, bubuka sengseming salulut.

Panggenahipun malih :

1. Mani

pejuh, ingkang taksih kados toya, warninipun surat biru.

2. Madi, sarining mani, warninipun surat dhadhu. 3. Wadi, sarining madi,


warninipun surat jené,

4. Manikem, sarining wadi, warninipun pethak maya-maya kadi retna.

5. Wiji kang piningit, inggih punika rahsa sajati. 6. Sosotya ing dhihin, inggih
manik embaning rahsa sajati, ing ngriku wontening papangkatan pambabaring
wiji, dumunung pitung kahanan inggih punika nalika kita taksih dumunung
wonten guwagarbaning rena (biyung), inggih punika :

1. Duk kèndel 1 wulan, kita dumunung wonten alaming wiji.

2. Duk kendel 2 wulan, kita dumunung wonten pasenechaning wiji

3. Duk kèndel 3 wulan, kita dumunung wonten panbabaring wiji.

4. Duk kèndel 4 wulan, kita dumunung wonten alaming rah.

5. Duk kèndel 5 wulan, kita dumunung worten alaming upama.

6. Duk kèndtl 6 wulan, kita dumunung wonten alaming badan.

8. Duk kendel 7, 8, 9, wulan, kita dumunung wonten alaming manungsa.


Ing ngriku kita tetep jumeneng kasampurnaning manungsa (insankamil), sampun
darbé pakerti kita badhé lahir aking guwagarbaring ibu, tumitah wonten ing
donya. Déné wejangan punika manawi tumanduk dhateng tiyang estri, wenang:
16
kasantunan pamangsitipun makaten: ingsun anata palenggahan jumeneng

ana bagané Siti Kawa, kang ana sajroning baga iku purana, kang ana antars ning
purana iku reta, sajroning reta iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi
iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun, lan
salajengipun kados wejangan tumrap ing priya kasebut ing nginggil, VII.
Wewejangan ingkang kaping pitu, dipun wastani panètepan santosaning
pangandel, bubuka saking kawruh kang wi nastan sahadat, awit déné
pamejangipun amangsit ingkang dados pikekah

pangandel kita, anggèning angestokaken dhateng kayoktèning gesang kita

Fribadi manawi sampun tetep rinasuk déning Pangéran kita, kados kasebut

kitab Mahdus.

Menggah lampahing pejah ingkang sampun kinawruhan, anyariosaken sajatining


pangidep, ingkang terus dumugi kencenging pangèsti, pipiridan saking cipta
sasmitaning N. Mohammad s.a.w. ingkang kawasitakaken dha teng Bagéndha
Ngali, makaten: ingsun aneksèni, satuhuné ora ana Pangéran anging ingsun, lan
aneksèni satuhuné Mohammad iku utusaningsun. Déné dunungipun makaten:
ingkang dipun wastani Pangéran, punika inggih jume nenging gesang kita
pribadi, sebab sajatosipun, sakathahing pasebutan punika boten wonten, mila
binasakaken boten wonten Pangéran, punika tetepipun inggih amung gesang kita
pribadi, ingkang sinebut inggih ingkang anebut. lahiring Pangeran wonten ing
manungsa, lan batining manungsa wonten Pangéran. Déné ingkang dipun
wastani Mohammad, punika dédé N. Moham mad saw. ing Mekah Madinah,
nanging sajatosipun punika cahya kita pribadi, mila kaaken utusan, margi cahya
kita punika dados panengeraning Pangéran. Lenggahipun makaten: sayekti
temen kabèh tumeka marang sira utusaning Pangéran metu saka ing awak ira,
mungguh utusan iku nyamba dani barang saciptanira. yèn angandel sayekti antuk
sih pangapuraning Pangéran.

Manawi sampun saged anampèni pitedahan ingkang makaten punika. dipun


awas ing panggalih, inggih gesang kita pribadi punika jumenenging nugraha lan
17
kanugrahan. Nugraha punika gusti, kanugrahan punika kawula. tunggil tanpa
wangenar wonten ing badan kita pribadi, sampun uwas sume lang malih

Wejangan wau, manawi kawiridaken dhateng tiyang estri, kawewaha....

makaten ingsun aneksèni satuhuné ora ana Pangéran anging ingsun. lan

aneksèni Mohammad, iku utusaningsun, lan Fatimah iku umatingsun.

VIII. Wewejangan ingkang kaping wolu, dipun wastani: paseksèn. awit


pamejangipun kinèn aneksèkaken dhateng sanak kita, inggih punika sagunging
dumadi ingkang gumelar wonten ing donya kadosta bumi langit, surya, wulan.
lintang, latu, angin, toya. lan sapanunggilanipun, samiya
aneksenana yèn kita samangké sampun angakeni jumeneng Pangéran, dados

warganing Pangéran ingkang sajati

Wawarah punika mendhet saking suraosipun kitab Mahdhus, ingkang


anggelaraken bab jamaning pejah. Bab punika inggih nunggil kémawon kaliyan
ingkang kasebut ing wewejangan ingkang kaping pitu, sami wirid saking cipta
sasmitaning N. Mohammad s a.w., ingkang kawedharaken dhateng Bagéndha
Ngali makaten:

Ingsun anaksèni ing urip ingsun dhéwé, satuhuné ora ana Pangéran anging
ingsun, lan ingsur. aneksèni Mohammad iku utusaningsun lan sajati né kang aran
Allah iku badaningsun, rasul iku rahsaningsun Mohammad iku cahyaningsun,
iya ingsun kang urip ora kena pati, kang éling ora kena lali, langgeng ora owah
gingsir ing kahanan jati, iya ingsun kang waskita ora kasamaran ing sawiji-wiji,
tetep ingsun kang murba-masésa, kang luwih wicaksana, byar sampurna
padhang trawangan, ora karasa apa-apa. ora katon apa-apa, amung ingsun kang
mengku alam kabèh, kalawan pur bawisésa pepestèningsun.

Menggah dunungipun makaten:

Kasbut ing dalem dikir: lailah haillalah mukamadu rasullulah, teges ipun boten
wonten Pangéran, anging Allah. Mohammed punika utusaning Allah. Ananging
18
sajatosipun ingkang dipun wastani Allah, punika pakarti ning rasul, rasul punika
inggih Mohammad, lan Mohammad punika sajatos ing cahy kita, sajatosing
gesang kita punika inggih gesanging Pangérar. kayekten kasebut pitedaling
Kur'an, manawi Pangéran punika kuwasa mi jilaken gesang saking pejah,
wijiling pejah saking gesang. inggih gesang kita pribadi punika sayekti saking
ngapejah, ing wekasan boten kénging pejah. tetop gesang ing dunya tuwin ing
delahan, boten kasupèn ing gesang kita, boten éwah gingsir kahanan jati. Dados
pepunthoning pangidep ingkang bonthos dhateng pelenging pangèsti,
sampurnaning gesang kita punika boten karaos punapa punapa. sampun uwas
sumelang malih,

19

Anda mungkin juga menyukai