Anda di halaman 1dari 3

BRANDAL SEKOLAH SING INSAF

1. Irham : Brandal sekolah


2. Rifa : Ketua Kelas yang bijak
3. Dzaky : Brandal Sekolah
4. Fabregas : Murid Baru
5. Fadlah : Pak Guru
6. Raja : Kawan yang baik

fabregas bocah ndesa, amarga wong tuwane arep golek rejeki neng kutha akhire bocahe uga melu pindah
menyang kutha. neng kutha bocahe disekolahake menyang SMA Pelita Bangsa. Neng kono ana bocah 2
kancane sing nakal. Gus Nurli guru matematika lagi ngajar kelas 11 IPA 7, Fabregas mlebu kelas
TOK.. TOK.. TOK..
Fabregas : Assalamualaikum
Fadlah (pakguru) : Wa’alaikumsalam, nggih.
Fabregas : nyuwun sewu pak, kula murid enggal nami kula fabregas
Fadlah (pakguru) : oh iya, ayo ngenalake dhiri kowe ing ngarepe kancamu
Fabregas : nggeh Pak. Assalamualikum… Sugeng enjing kanca-kanca. Jenengku fabregas.
Aku pindahan saka SMA AL- ASIKIN AZZAH
Irham dan Dzaky : Ha Ha Ha
Dzaky : Daerah ngendi iku gak pernah krungu, kayake nduesa banget.. (muka sinis)
Irham : Yoii .. (cah loro tos karo ngguya ngguyu ngece cah anyar)
Raja : apa seh kowe kabeh iki. Wes, aja ngelokne fabregas
dzaky : kowe ki ngapa melu melu ae
Fadlah (pakguru) : Wis meneng cah! fabregas enggal lungguh neng sampinge Raja
Fabregas : nggeh pak, matur nuwun

Fabregas banjur mlaku pinuju meja papan Raja, lan wong loro kuwikenalan . pak guru nerusake mulang
maneh.

*Bel Istirahat muni*


Fadlah (pakguru) : bocah-bocah, bel ngaso wis muni, ayo awakmu kabeh enggal ngaso
Murid : nggeh paaak.. (sinambi ngresiki meja)
Rifa : Ngaturi salam!
Murid : Assalamu’alaikum wr.wb

Nalika Fabregas lan Raja slagi omong-omongan, Dzaky lan Irham teka

Irham : Heh arek anyar! Aku njaluk duwitmu mu..!


Fabregas : Sepurane, duwitku kari saithik, mung isok mangan karo ngombe
Dzaky : Alaah alasan! Cepet kene kabeh dhuwitmu
Raja : ehh! Lapo seh iki?! Pajak-pajakin Fabregas, emange iki sekolah nggone mbahmu
opo?! . Ayo Gas, mending kene ning kantin wae (Karo narik tangane Fabregas)

Raja lan Fabregas lunga ninggalake dzaky dan Irham


Irham : idihh kakean gaya Raja iku, Sok-sok’an dadi pahlawan kesiangan, awass wae
engkok

Sawise Fabregas lan Raja mangan neng kantin, wong loro kasebut arep mbalik menyang kelas, nanging
Raja tiba amarga dijegal dening Dzaky lan Irham.
Raja : kowe kabeh kok jahat to!
Irham : Salahmu, mlaku gak ndelok ndelok (tertawa licik)
Dzaky : nek mlaku ki makane mripate ya ndelok
Rifa teka nglerai bocah bocah kuwi
Rifa : Ana apa iki ribut-ribut?
Fabregas : Iki lo, Irham karo Dzky kawit wingi ngganggu aku ae
Rifa : Ngganggu piye? Piye ceritane?
Fabregas : dadi mau pas awake dhewe wis bar mangan lan arep mbalik menyang kelas.
dheweke kabeh sengaja ngalangin dalan awake dhewe, Nganti Raja tiba
Dzaky dan Irham : Lah, ngadi ngadi, ngapusi Fabregas
Raja : iki buktine Sikilku tatu(karo nduduhake dengkule sing tatu)
Rifa : Kowe kabeh iki yah, gak tau ora nggawe masalah
Irham : Alaaah uwis, gak usah sok sucii!
Rifa : Ora ngono, apa kowe kabeh ora ngesakne karo wong tuwamu..
Dzaky : (menyanggah perkataan rifa) gak usah ngowo – ngowo jeneng wong tuwa!
Rifa : rungokno sek to! Kudune kowe iku nggunakne wayah sekolahmu kanthi apik,
jajal kowe mikirne wong tuwamu, dheweke kabeh wis kesel kesel adus kringet
supaya iso nyekolahne awakmu
Irham : Sok Alim banget kowe!!
Rifa : Gek kowe lo ham, apa awakmu anake wong sugih terus sakpenakmu ngremehne
wong liya. ndoya kuwi muter. saiki awakmu isa wae neng ndhuwur, ora ngerti
sesuk neng ngisor!
Raja dan Fabregas : yooooo, bener banget iku!
Irham : Whatever lahh, Dzak ayo awak dhewe ngalih saka kene
Dzaky : Oke, ayo

*Bel mlebu muni, lan bocah bocah mbalik sinau, pak Guru dina iki menehi soal kanggo murid-
murid.
fadhlah : ana pitakonan cah? iki digarap ya tugase!
rifa : pak niku nomer setunggal kula nyobi nggarap mboten panggih wangsulane
fadhal : masa?
raja : nggih pak. sami. kula nggih
dzaky : mulai sok teong kabeh
irham : nggolek rai kabeh
Fadlah (pakguru) : baik bocah-bocah, pertemuane awake dhewe cukupkan tekan disini. kanggo
jejibahane mangga dibanjurake dirumah.
Rifa : ista’iduuuu..
kabeh murid mulih kajaba dzaky, dheweke katon menyendiri amarga merenungi tetembungan rifa wau.
sesok e……
raja lan fabregas ngleboni klas sinambi omong-omongan. dumadakan dzaky uga nimbali dheweke kabeh
berdua

Dzaky : Raja, Fabregas ..!


Raja : iseh isuk iki , koe arep ngrusuhi kene?
Dzaky : bu.. gak ngunu
Fabregas : la piyee ?
Dzaky : A.. awakku jaluk sepuro . Aku eruh salah ku dadi jaluk tulungkoe kabeh
ngapurani aku ?
Raja : iyoo , aku sepurani awakmu
Fabregas : tapi janji yo ojok di baleni nehh
Dzaky : Iyo aku janji

dumadakan irham teka lan weruh dheweke kabeh bertiga, irham nekani kanca-kancane kasebut karo
wajah heran

Irham : kok koe wes iso akur neh


Dzaky : Aku wes Insaf. Aku ero nek perbuatanku ki ora apik.
Lan mesti nek wongtuoku ero mesti kecewa.
Irham : hmm iyoo, sewengi aku ngerenungno perkataan e rifa ikuu.
Selama iki aku wes egoiss, aku sadar kok nek selama iki seng tak ndueni ora
kekal. Oh iyo Icha, Fajriani aku jaluk sepuro yoo.. (sambil menjulurkan
tangannya kearah Icha dan Fajriani)
Raja dan Fabregas : iyoo iyoo aku wes nyepurani kowe kabeh kok
Rifa : wah-wah-wah.. tumben kowe kabeh ora ribut kih, ono opo?
Irham : Yo donk, awak dewe kabeh kan bolo. Ambe aku dan Anil wes insaf kok, janji
wes kita ora bakal berubah maneh..
Rifa : Nah ngono lo, kan penak dadine, sekolah e awak dewe nyaman, nyaman lan
tentram.
Tiba-tiba pak guru terlihat sedang berjalan menuju ke kelas mereka.
Raja : Eh, wes ono pak guru iku
Rifa : ayo-ayo ndang lungguh.. ista’iduu, Qiyamaan, Salaaman!
Murid : Assalamu’alaikum wr. Wb
Fadlah (pakguru) : Bocah bocah, opo kabeh hadir iki?
Murid : Hadir sedoyo paak..
Fadlah (pakguru) : oke, awak dewe lanjut ke materi seng wingi.

lan pungkasane swasana klas kang kemarin-kemarin kacau akibat fara lan anil dadi luwih tenang sawise
dheweke kabeh insaf, lan kaping lima kanca wau (fajriani, icha, fara, anil lan aldi) njalin persahabatn
kang harmonis.

SELESAI

Anda mungkin juga menyukai