Anda di halaman 1dari 11

SD-ISLAMIC GLOBAL SCHOOL

Akte Notaris No. 2 Tanggal 3 Juni 2011


Jl. S. Supriadi No. 35 Telp. (0341) 801391, 081332000083
MALANG
E_mail : sd.igs.malang@gmail.com Website : sd-igs.sch.id

Tema/Mapel *) : Bahasa Jawa Nama Siswa : …………………………………..


Waktu : 90 menit Kelas : VI (enam)

A. PILIHEN JAWABAN KANG PALING BENER A, B, C, UTAWA D

01. Wacan ing ngisor iki wacanen sing teliti!

Saiki jamane globalisasi. Angger wong ngomongne bab iku. Nanging apa satemene
globalisasi iku? Globalisasi asal saka tembung “ Globe “, banjur dadi global sing tegese
mendunia. Globalisasi gandheng cenenge karo integrasi ekonomi, kebijakan internasional, lintas
wilayah, ilmu pengetahuan, kabudayan, lan kekuasaan.
Kenichi Ohmae, salah sijine ahli mratelakake globalisasi iku digambarake ndoya iki tanpa
wates amarga saka majune ilmu pengetahuan lan tekhnologi, utamane teknologi informasi.
Globalisasi bisa ditengeri saka ; 1) Tipise wates antar Negara, tegese kedadeyan ing sawijining
Negara gampang banget dimangerteni dening wong ing Negara liyane. Kanggo nyumurupi
kadadeyan ing sawijining Negara, wong ora perlu lunga menyang Negara kasebut kaya-kaya
Negara sa donya iki dadi siji tanpa wates, 2) Pawarta saindenging jagad cepet banget sumebare.Iki
kabeh saka sansaya canggihe system komunikasi kaya dene HP lan internet, 3) Saya majune
perdagangan antar Negara.
Dampak positif globalisasi kuwi yaiku: a) masyarakat sansaya maju, b) tekade wong
kanggo nyambut gawe sansaya gedhe, c)kabukake ruang social, d) anane pasar global, e)melbune
kabudayan asing. Globalisasi uga duwe dampak negatife yaiku : a) Negara sing maju nduweni
kuwasa sing luwih gedhe, b) barang gaweane luar negeri bisa ngalahake barang gaweane dalam
negri, c) lapangan kerja saya sitik amarga industry nggunakake mesin modern, d) rusake
lingkungan, e) lunture kabudayan lan nilai luhur bangsa. Mula saka iku ayo kanca-kanca, kita
kabeh kudu bisa nyaring. Aja nganti kelangan jati diri.
Sumber: Buku Tantri Basa Jawa Kelas 6 hal. 56-68
Irah-irahan sing mathuk kanggo wacan ing dhuwur ….
A. Kemajuan jaman B. Globalisasi
C. Teknologi Modern D. Kabudayan

PAT/Bahasa Jawa/Kelas VI/Halaman 1


02. Wacanen sing teliti, banjur bandingno paragraf kapisan lan kapindo ana ngisor iki! kanggo
mangsuli pitakon nomer 2-3
Paragraf kapisan
Salah sijine ahli mratelakake globalisasi iku digambarake ndoya iki tanpa wates amarga
saka majune ilmu pengetahuan lan tekhnologi, utamane teknologi informasi. Globalisasi duwe
dampak negatif yaiku : a) Negara sing maju nduweni kuwasa sing luwih gedhe, b) barang
gaweane luar negeri bisa ngalahake barang gaweane dalam negri, c) lapangan kerja saya
sitik amarga industry nggunakake mesin modern, d) rusake lingkungan, e) lunture kabudayan
lan nilai luhur bangsa.
Paragraf kapindo
Mula saka iku ayo kanca-kanca, kita kabeh kudu bisa nyaring. Aja nganti kelangan jati
diri. ayo bocah-bocah kabeh, sing ing tembe bakal dadi saka gurune bangsa, kudu bisa
nyaring pangaribawa saka manca negara mau. Pamrihe supaya bangsa Indonesia mbesuke
ora bakal kelangan jati dhiri. Ora kelangan budaya kang nyata adiluhung. Kepara malah
kudu bisa mbudidaya amrih lestari lan ngrembakane budaya bangsa.
Sumber : https://elibrary.sekolahsabilillah.sch.id/sdis/index.php?p=show_detail&id=914
dengan perubahan seperlunya
Jinising teks ana paragraph kapisan lan kapindo sing trep yaiku ….
A Paragraf kapisan: deskripsi Paragraf kapindo: persuasi
.
B. Paragraf kapisan: informasi Paragraf kapindo: pawarta
C. Paragraf kapisan: pawarta Paragraf kapindo: deskripsi
D Paragraf kapisan: deskripsi Paragraf kapindo: pawarta
.

03. Kanggo nyumurupi kadadean ing sawijining Negara , wong ora perlu lunga menyang negara
kasebut kaya-kaya negara sa dunya iki dadi siji tanpa wates. Tembung sing kacetak kandel ing
ukara ngarep duweni teges …
A. murup C. Meruhi
B. berita D. Kabar
04. Globalisasi asale saka tembung “ Globe “ banjur dadi global sing tegese …
A. Tiruan bumi C. Mendunia
B. Bumi D. Dunia
05. Globalisasi nggawa pengaruh sing gedhe tumrap uripe manungsa antarane :
( 1 ) lunture norma-norma budaya
( 2 ) ilange sipat kekeluwargaan lan gotong royong

PAT/Bahasa Jawa/Kelas VI/Halaman 2


( 3 ) ilange budaya asli dhaerah utawa negara
( 4 ) bisa cepet nindakake samubarang gawe

Sing kalebu pengaruh kang apik globalisasi yaiku …


A. Lunture norma-norma budaya C. Ilange budaya asli shaerah utawa Negara
B. Ilange sipat kekeluwargaan lan gotong D. Bisa cepet nindhakake samubarang gawe
royong

06. Gathekna ukara-ukara ana nisor iki!


I. Unen-unen sing kudhu dibedhek IV. Unen-unen sing ajeg panganggone , ngemu
utawa dibatang maksude surasa pepindhan
II. Unen-unen sing wis gumathok karo V. Unen-unen sing ajeg panganggone, mawa
karepe wonge teges entar
III Unen-unen sing tetep panggonane VI. Unen-unen sing ora tetep panggonane
Ukara-ukara sing mathuk karo tegese cangkriman yaiku …
A. I,IV C. I,III
B. I,II,III D. IV,V,VI

07. Emboke … anake diidak-idak


Ukara-ukara sing mathuk karo jangkepi cangkriman ana duwur yaiku …
A. Dijunjung-junjung C. Dielus-elus
B. Diucal-uncalke D. Digepuk-gepuk

08. Yumaherong tegese…


A. Yuyu omahe ngerong C. Yuyu omahe gorong
B. Puyu omahe ngerong D. Puyu omahe gerong

09. Wacan ing ngisor iki wacanen sing teliti kanggo mangsuli pitakon nomer 9-11 !
Wirausaha yaiku nggawe usaha sing dilakoni dewe ning omah. Wis akeh uwong sing nglakoni
wirausaha. Wirausaha kuwi akeh jenisi, kayata babagan kerajinan, industri,jasa,bisnis tetedhan lan
pertukangan. Pamerentah duwe program nganakake pelatihan tenaga kerja kangge para mudha lan
warga pelatihan iso nuwuhake usaha dewe utawa wirausaha.
Latar panggonan ceritane wacan ing dhuwur yaiku ....
A. Kerajinan C. Lawang
B. Keramik D. Omah

10. Ide pokok teks paragraph ing dhuwur yaiku…


A. Wirausaha yaiku nggawe usaha sing C. Bu Susi buka usaha warung sega pecel

PAT/Bahasa Jawa/Kelas VI/Halaman 3


dilakoni dewe ning omah
B. Wis akeh uwong ora gelem wirausaha D. Wirausaha ora didukung pemerintah

11. Apa tegese tembung sing kacethak kandel ing dhuwur …


A Bangkitne C. Diroso
.
B. Dadekne D. Ngrasake asin
12 ( 1 ) wiwit biyen nalika isih chilik
( 2 ) sregepa anggolek ilmu
( 3 ) wayah esuk lan awan
( 4 ) ngrungokne parentahe para guru
( 5 ) bocah-bocah podo sekolah
Susunen nganti bener !...
A. ( 3 )- ( 4 )-( 1 )- ( 2 ) – ( 5 )
B. ( 5 ) – ( 1 ) – ( 2 )- ( 3 )- ( 4 )
C. ( 5 )- ( 4 )-( 3 )- ( 1 ) – ( 2 )
D. ( 2 )- ( 1 )- ( 3 )- ( 4 ) – ( 5 )
13. Wacan ing ngisor iki wacanen sing teliti kanggo mangsuli pitakon nomer 13-15 !

Kampung Keramik Dinoyo Malang

Wirausaha sing isih lestari ana Kuto Malang yaiku Wirausaha kerajinan keramik, Ketua
Kelompok Sadar Wisata (Pokdarwis) Keramik Dinoyo, Samsul Arifin jlentrehake runut crita
Dinoyo sentra pengrajin keramik, kawitane crita tekan pungkasane.

Dinoyo saiki wis dadi Kampung Wisata ora sulapan. Samsul Arifin ngendika yen pengrajin
keramik Dinoyo iki wis ana wiwit jaman biyen. Lan diwaris mudhun kanti anak putu. Rabu
(4/10/2023).

Sumber : https://jatimnet.com/sejarah-kampung-industri-keramik-dinoyo-malang-di-masa-lalu-

PAT/Bahasa Jawa/Kelas VI/Halaman 4


dan-masa-kini dengan translasi jawa mandiri oleh penulis.

Latar panggonan ceritane wacan ing dhuwur yaiku ....


A. Pokdarwis Keramik Dinoyo C. Lawang-Malang
B. Keramik Dinoyo Samsul Arifin D. Dinoyo-Malang

14. Ide pokok teks paragraph ing dhuwur yaiku…


A Wirausaha sing isih lestari ana Kuto Malang yaiku C. Ketua Kelompok Sadar Wisata
. Wirausaha kerajinan keramik Keramik Dinoyo, Samsul Arifin
B. Wis akeh uwong ora gelem wirausaha D. Wirausaha ora didukung pemerintah
15. Apa tegese tembung sing kacethak kandel ing dhuwur …
A ngrunguake C. Ngombe
.
B. Dagelan D. Matur

B. PILIHEN LUWIH TEKA SIJI JAWABAN KANG PALING BENER A, B, C, D, E,


UTAWA F (PILIHAN GANDA KOMPLEKS)

16. Delengen gambar lan pahami teks nisor iki!

Teknologi Pertanian
Jamane tansaya maju, tekane
Mesin-mesin sing canggih akeh
banget manfaate, Mesin ora
podo karo manungso, Mesin ora
duwe kesel, iso nyambut gawe
luwih banter, luwih cepet, ora
tau sambat.
Senajan regane pancen
larang, tuladhane mesin
transplanter sing regane Rp 75
juta, nanging manfaate luwih
akeh, siji mesin iso ganteni wong
seket, biaya tansaya irit,
pertanian tansaya efektif, panen
tansaya akeh, samubarang dadi
gampang, nanging Teknologi
pertanian kae cocoke kanggo
lahan sing ambane hektaran.

Ukara sing mathuk karo gambar lan teks ing duwur yaiku ….
Pilihen luwih saka siji jawaban sing bener!

PAT/Bahasa Jawa/Kelas VI/Halaman 5


A. Teknologi pertanian cocok kanggo C. Teknologi pertanian cocok kanggo lahan 1
petani cilik hektar sakduwure
B. Kanggo petani cilik mesin transplanter D. Mesin transplanter regane Rp 75 juta
manfaate isa irit biaya
E. Mesin duwe rasa kesel, ora tau sambat F. Manungsa luwih cepet ketimbang mesin

17. Delengen cangkriman ana tabel nisor iki!


CANGKRIMAN
1. Ana gajak numpak pit, kira-kira ketok 2. Pakbo letus
apane?
3. Bosok malah enak 4. Pitik walik saba kebon
5. Emboke dielus-elus anake diidak-idak 6. Ana kuthuk dilebokne kurungan rapet, kira-kira
wis ora bisa metu, disediyani pakan lan omben
cukup, bareng wis setahun kuthuke ilang,
menyang ngendi?
7. Ngarep ireng, mburi ireng, sing tengah 8. Bapak demang klambi abang yen disuduk
methenteng, iku apa? nabthuk-manthuk
9. Burnaskopen
Pasangan sing mathuk kanggo cangkriman ana nisor iki yaiku….
Pilihen luwih saka siji jawaban sing bener!
A. Irib-iriban nomer 4,8 B. Irib-iriban nomer 3,5
plesetan nomer 1,6 plesetan nomer 7
C. Irib-iriban nomer 2,9 D. Irib-iriban nomer 4,8
plesetan nomer 1,6 plesetan nomer 2,9
E. Irib-iriban nomer 4,9 F. Irib-iriban nomer 4,2
plesetan nomer 1, plesetan nomer 1,6
18. Nalika ana dulur adoh sing arep kirim kabar, ora kudu ngenteni surat sing tekane bisa
pirang-pirang dina. Cukup nganggo telepon utawa handphone, sakala kabar mau wis bisa teka
marang wong sing dituju.
Ukara kang trep karo teks ana duwur yaiku ….
Pilihen luwih saka siji jawaban sing bener!
A. Gambarane globalisasi B. Pangribawane teknologi
C. Dulur sing adoh ditelpon bae D. Kirim surat marang dulur
E. Handphone iso digawe dolan Game F. Kabar langsung teko

PAT/Bahasa Jawa/Kelas VI/Halaman 6


19. Delengen kanthi temen gambar ana nisor iki!
Sumber :
https://images.app.goo.gl/eyyhcxbbxDLpUP
UB8
Kanggo jlentrehna pangribawa ala saka
globalisasi, nurut panemumu ukara sing trep
karo gambar ing sisih yaiku….

Pilihen luwih saka siji jawaban sing bener!


A. Globalisasi ing pabrik B. Kukus cerobong pabrik bisa ngerusak atmosfer
C. Cerobonge pabrik iso metu kukuse D. Polusi udara saka pabrik bisa nyukulake
penyakit
E. Pabrik bisa buka lowongan penggawean F. Cerobong pabrik gedhe banget

20. Ing ngisor iki minangka masalah amarga globalisasi antarane …


( 1 ) lunture norma-norma budaya
( 2 ) ilange sipat kekeluwargaan lan gotong royong
( 3 ) lunture rasa nasionalisme lan patriotisme
( 4 ) ilange budaya asli dhaerah utawa Negara
( 5 ) nuwuhake sipat konsumtif lan boros

Karakter kang dituwuhake saka masalah ing dhuwur yaiku ….


Pilihen luwih saka siji jawaban sing bener!
A. Trengginas olehe nyambut gawe B. Seneng melu upacara bendera
C. Tunduk patuh marang guru D. Ngawulabekti marang wongtuwa
E. Ora peduli marang sapada-pada F. Seneng urip foya-foya

C. JANGKEPANA UKARA RUMPANG ANA NISOR IKI KELAWAN JAWABAN SING BENER!

21. Bapak pocung urut dalan membat mentul.


Dawa kaya ula
Ing tengahe kempas- kempis.
Prapting wisma si pocung kanggo dandanan
Tegese ….
22. Delengen kanthi temen cangkriman nisor iki!
 Ana gajak numpak pit, kira-kira ketok apane?
 Emboke dielus-elus anake diidak-idak
 Pak bomba, pak lawa, pak piyu
Salah siji sing kalebu jinising cangkriman wancahan yaiku….

PAT/Bahasa Jawa/Kelas VI/Halaman 7


23. Wacan ing ngisor iki wacanen sing teliti kanggo mangsuli pitakon nomer 23-25 !
Wira Usaha Topeng Malangan
30 taun Tri Handoyo setya berjuang supaya Topeng Malangan tetep lestari. Dheweke
ngukir lan ngukir topeng saka macem-macem wujud lan jinis. Wong lanang umur 43 taun iki
ngerti yen ora kabeh wong bisa urip lan ngupayakake panggilan seni iki kanthi ikhlas lan suwe.
Saiki dheweke duwe gelar Empu. Gelar Empu umume diwenehake kanggo wong tuwa.
Nanging, Tri Handoyo katon minangka salah sawijining pendobrak standar kasebut. Dheweke
entuk nalika umure 35 taun. Gelar Empu Topeng iki entuk tekan Institut Kesenian Indonesia
(ISI) Yogyakarta ing taun 2014.
Tri tau mecah rekor pagelaran tari topeng. Yaiku kira-kira 5.000 penari Bapang Topeng
Malangan kasil mecah rekor sing kacathet dening Museum Rekor Indonesia (MURI) ing
kategori penari tradisional mahasiswa paling akeh. Sing uga nyuwil rekor Donya. MURI
ngucapake apresiasi sing dhuwur kanggo adicara kasebut. Diarapake kanthi rekor menika, seni
lan budaya bangsa boten luntur. Tetep waspada lan ora kalindes karo kemajuan jaman

Ide pokok teks paragraph kapisan ing dhuwur yaiku…

24. Pitutur kang becik saka wacan ing duwur yaiku …


25. Ide pokok teks paragraph kapindo ing dhuwur yaiku…
26. 1. Assalamualaikum wr .wb
2. Bapak Ibu Guru ingkang kula hurmati, Bapak Ibu undangan ingkang kula mulyakaken, saha
kanca-kanca kelas VI ingkang kula tresnani.
3. Mangga kita tansah ngunjukaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti Allah, awit saking meika
kita saged pinggihan dating ngriki kanti sehat.
4. Ing wedal meniko kula sakanca badhe ngawontenaken bakti sosial dateng warga kampung
ngriki. Bakti sosial meniko sampun dados programnipun kanca-kanca kelas VI, kula sakanca
dipun damping bapak ibi guru sowan datheng panjenengan sedaya. Kaping sepisan inggeh
meniko silahturahmi, kaping kalehipun kulo sakanca badhe ngaturaken sekedik barang arupi
sembako ingkang kirang wonten ajinipun. Kulo gadahi panyuwun kerso bapak ibu nampi nganti
suko remaning penggalih. Sembako meniko sumbangan saka dontaur ingkang badhe nyaluraken
pambiyantunipun tumrap warga kampong ingkang saget betahaken.
5. Paramila, program meniko lelandesan kesaenan kanthi manah ingkang saestu-estu mboten
wonten pamrihipun.

PAT/Bahasa Jawa/Kelas VI/Halaman 8


6. Wusana cekap semanten atur kulo, menawi wonten kekurangan saha kalduking atur,kula
nyuwun pangapunten.
7. Wassalamualaikum wr. wb

Pratelane sesorah nomer 5 diarani….


27. Nurut panemumu sesorah ingduwur, kalebu pratelane sesorah….alasane….

28. Kanca-kanca sing daktresnani


Sing tak aturke ringkes bae ya, saiki iki yaiku dina sing sangat spesial. Kita kabeh kumpul ing
ngendi kanggo ngrayakake perpisahan.
Perpisahan ora berarti kita bakale pisah selawase, nanging perpisahan uga ngebukak lawang
kanggo kita mulai babak anyar ing urip kita. Kalian kabeh pasti siap kanggo ngladeni
tantangan anyar ing tahun ajaran ngarep, ing sekolah utawa ing urip liyane.
Ayo aja sampe lali kanggo ngucapake matur nuwun kanggo wong sing wis nulung kita saben
dinten, kaya wong tuwa, guru, lan teman-teman.
Nurut panemumu sesorah ingduwur, kalebu pratelane sesorah….alasane….
29. Pakde : … apa ora tindak menyang kantor, Yud?
Yudha : Mboten pakde.
Jangkepi pacelathon ing duwur nganggo basa ngoko alus!

30. Mula saka iku ayo kanca-kanca, kita kabeh kudu bisa nyaring. Aja nganti kelangan jati diri. ayo
bocah-bocah kabeh, sing ing tembe bakal dadi saka gurune bangsa, kudu bisa nyaring
pangaribawa saka manca negara mau.
Ukara sing kacetak kandel ana teks ing duwur tegese ….

D. JLENTREHNA JAWABAN SOAL SING BENER ANA NISOR IKI!

31. Delengen kanthi temen tuladhane cangkriman plesetan nisor iki!


Ana pitik nguntal kebo, ketok apane? Ketok ndobose
Tulisen telu cangkriman plesetan!
1) …………………………………………………………………………………………
2) …………………………………………………………………………………………
3) …………………………………………………………………………………………
32 Bapak pocung urut dalan membat mentul.
…………………..
Ing tengahe kempas- kempis.

PAT/Bahasa Jawa/Kelas VI/Halaman 9


Prapting wisma si pocung kanggo dandanan
33. Ana kuthuk dilebokne kurungan rapet, kira-kira wis ora bisa metu, disediyani pakan lan omben
cukup, bareng wis setahun kuthuke ilang, menyang ngendi?

…………………………………………………………………………………………………

34 Peresmian Kampung Raket


Wali Kota Malang Drs. H. Sutiaji njlentrehake, pambentukan Kampung Raket Klayatan
diwiwiti nalika kegiatan “blanja masalah” rutin ditindakake sawetara wulan kepungkur ing
lokasi sing padha. Kagiyatan iki mujudake forum masyarakat kanggo ngaturake masalah warga
marang Walikota lan aparat dhaerah supaya enggal diparingi solusi. “Saka masalah belanja
sawetara wulan kepungkur, dina iki bisa dileksanakake ing PAK (Perubahan Anggaran
Keuangan). Wingi wis dianggarake, dhukungan masyarakat luar biasa. “Nanging ora cukup ing
kene, mengko bakal dikuatake kanthi mbangun pemberdayaan ekonomi supaya kuwat,” ujare
Sutiaji.
Salajengipun, Pemkot Malang ugi saged mbiyantu ngembangaken pemasaran produk
raket menika. Saliyane target pangsa pasar lokal, diajab produk-produk kasebut uga bisa
nargetake pasar regional malah internasional. Miturut dheweke, sanajan bathi saben unit sing
dipikolehi ora sepira, yen produk kasebut bisa dipasarake kanthi masif, mesthi bathi sing
dipikolehi uga bakal tikel.
Sumber :https://malangkota.go.id/2023/02/24/wali-kota-malang-resmikan-kampung-raket-
klayatan/ kanthi gubahan saperlune

Pitutur kang becik saka wacan ing duwur sing tumuju langsung karo pelaku wirausaha lan
pemerintah yaiku ………………………………………………………………………………..

35 A. Kabeh manungsa nduweni kasenengan utawa hobby


B. Wirausaha bisa cukul saka hobby
C. Ketrampilan sing ditlateni bisa ngasilake finansial
D. Hobby sing dilatih tur dibina bisa mujudake ketrampilan

Ukara-ukara ana duwur, susunen kanthi runtut tur dadhi teks sing utuh lan bener!
………………………………………………………………………………………...………….
36 A. Wirausaha sing wis gedhe bisa ngopeni masyarakat
B. Finasial sing diatur kanthi temen bisa mujudake wirausaha sing gedhe
C. Masyarakat sing wis tentrem bisa jaga NKRI supaya tetap utuh ora gaduh

PAT/Bahasa Jawa/Kelas VI/Halaman 10


E. Pancen temen, wirausaha bisa mujudake cinta NKRI
F. Masyarakat sing wis kopenan bisa mujudake urip makmur tata tentrem kerta raharja

Ukara-ukara ana duwur, susunen kanthi runtut tur dadhi teks sing utuh lan bener!
………………………………………………………………………………………...………….

37 Kanca-kanca sing daktresnani


Sing tak aturke ringkes bae ya, saiki iki yaiku dina sing sangat spesial. Kita kabeh kumpul ing
ngendi kanggo ngrayakake perpisahan.
Perpisahan ora berarti kita bakale pisah selawase, nanging perpisahan uga ngebukak lawang
kanggo kita mulai babak anyar ing urip kita. Kalian kabeh pasti siap kanggo ngladeni tantangan
anyar ing tahun ajaran ngarep, ing sekolah utawa ing urip liyane.
Ayo aja sampe lali kanggo ngucapake matur nuwun kanggo wong sing wis nulung kita saben
dinten, kaya wong tuwa, guru, lan teman-teman.
Apa isi sesorah ing duwur? Jlentrehna kanthi jelas!
…………………………………………………………………………………………........…..
…………………………………………………………………………………………........…..
…………………………………………………………………………………………........…..
38 Miturut panemumu, jangkepna panutup sesorah resmi nisor iki!
…………………………………, menawi wonten kekurangan saha kalduking atur,kula nyuwun
pangapunten.
39 Miturut panemumu, jangkepna pratelane pambuka sesorah resmi nisor iki!
……………………. ing ngarsanipun Gusti Allah, awit saking meika kita saged pinggihan
dating ngriki kanti sehat.
40 Basa krama inggil nisor iki, gantien basa ngoko lugu!
Kula diparingi arta bapak gangsal ewu rupiah
…………………………………………………………………………………………........…..
…………………………………………………………………………………………........…..

PAT/Bahasa Jawa/Kelas VI/Halaman 11

Anda mungkin juga menyukai