Anda di halaman 1dari 10

GALUH CITRA UTAMA,S.

Pd
TUGESE ARTIKEL

• Artikel yaiku karangan nyata kanthi dawa tartamtu disebarake lumantar koran, majalah,
lan media massa liane.
  Tujuane wong kang nggawe artikel yaiku kanggo menehi ilmu pengetahuan
ngeyakinake wong kang maca, lan gawe hiburan.
  Artikel bisa ditegesi tulisan kang isine panemu, ide utawa fakta kang tarkadang
nglelipur, ndhidik utawa nyaruwe sawijine babagan kang pinuju sinebar liwat medhia
massa sacara online utawa offline.
• Kaya kang diandharake mau, sawijineartikel nduweni struktur tartamtu. Ayo
diudhal miturut strukture,teks artikel kanthi irah-irahan ―Rusake Lingkungan
Hidup‖mau!Wedharan bab artikel kasebut, maujud saka struktur panulisan artikel
ngisor iki:

IRAH-IRAHAN

STRUKTUR ARTIKEL PAMBUKA

ISI

PANUTUP
Irah irahan : Irah irahan sajrone bahasa indonesia iku judul ,Irah irahan iku gawe
ngewakilake isi sajrone artikel.

Pambuka : Pambuka yaiku tugase gawe mbuka isi artikel. Yen pambuka ora menarik ,
wong kang maca males nerusake macane ing artikel kasebut.

Isi : Isi yaiku njlentrehna apa kang arep dijelasna. Inti saka artikel kasebut.

Panutup : Panutup yaiku kanggo nutup artikel.


Miturut teorine, wewatakan lan pamangune sawijineartikel bisa njalari jinise artikel
bisa kaperang dadi 5 yaiku:

• 1. Artikel Eksploratif
• 2. Artikel Eksplanatif
• 3. Artikel Deskriptif
• 4. Artikel Prediktif
• 5. Artikel Preskriptif
1. ARTIKEL EKPLORATIF

• Artikel eksploratif yaiku artikel sing ngandharake kanyatan-kanyatan miturut


panalare panulis. Jinis iki pas banget kanggo ngandharake temon-temon anyar.
Tuladhane ana sawijine pawongan nemokake barang-barang antik
ARTIKEL EKSPLANATIF

• Artikel Eksplanatif tegese njelasake. Artikel eksplanatif yaiku artikel sing isine
nerangake sawijine masalah sing bisa dipahami dening sing maca.
ARTIKEL DESKRIPTIF

• Artikel Deskriptif yaiku artikel sing ngandharake sawijine masalah kang dumadi ing
masyarakat, sahingga bisa disumurupi apa sing satemene dumadi. Jinis iki memper kaya
laporan utawa reportase, bedane yen laporan mung adhedhasar kasunyatan wae, yen
artikel p.anulisane nerangake masalah kanthi gamblang bisa awujud opini
ARTIKEL PREDIKTIF

Artikel prediktif yaiku artikel sing isine petungan utawa ramalan apa kang
dumadi ing mangkone manut petungane panulise.
ARTIKEL PRESKRIPTIF

Artikel preskriptif yaiku artikel sing menehi tuntunan tumrap sing maca
kanggo nindakake sawijine pakarya sahingga ora kliru utawa salah anggone nindakake

Anda mungkin juga menyukai