Anda di halaman 1dari 1

Pidato Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa

Ingkang dahad kinormatan Bapak Kepala SMPN 4 Surakarta, Bapak ugi ibu guru,
Lan konco-konco ugi adek-adek sedaya ingkang kula tresnani.

Sapisan, monggo kita sedaya sesarengan ngaturaken puji syukur dumateng Gusti
Allah, Ingkang sampun maringaken kewarasan dumateng kita sedaya. Dados kita sedaya
saget sesarengan kempal dhateng acara perpisahan.

Kula siswa kelas 9 mewakili konco-konco ngaturaken ucapan matur nuwun kagem
sedaya bapak ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula sakonco dangunipun tigang warsa
dateng pawiyatan menika. Kula sakonco inggih badhe nyuwun pangestunipun supados kula
sakonco saget nglebeti pawiyatan ingkang sampun dhados tujuan kula sakonco. Kula inggih
gadhah sekedik pesen kagem adek-adek kelas 7 kaliyan 8 supados sinau ingkang sregep
supados saget wujudaken cita-cita.

Cekap semanten saking kula, manawi anggen kula sakonco kagungan sisip sembering.
Ingkang klenthu, kula nyuwun agunge panga puten dumateng sedaya kanawon. Kula
aturaken matur sembah suwun.

Anda mungkin juga menyukai