Anda di halaman 1dari 3

Mingeti Dinten Pahlawan

Nuwun para tamu undangan ingkang kula hormati, para mudha-mudhi ingkang
kula Hari Pahlawan Sampun kawuningan bilih saben tanggal 10 November
bangsa kita mengeti Hari Pahlawan. Kangge ngengeti bilih rikala tanggal 10
November 1945, ing Surabaya wonten prastawa perang ageng ing antawisipun
bangsa Indonesia ingkang dipun pelopori arek-arek Surabaya nyingkiraken
Walanda

ingkang

manut

sekutu

(Inggris)

mlebet

ing

tanah

Jawi.

Saking semangatipun arek-arek Surabaya lan rakyat ing tlatah Indonesia


sanesipun. Ing selajengipun damel horeging donya, ngantos dewan keamanan
PBB tumut campur tangah ngengingi peristiwa menika. Poro rawuh sedaya, saha
mudha-mudhi ingkang kula hormati. Ing pangetan menika kula mboten badhe
caos gegambaran bab peristiwa ing tanggal 10 November 1945. Nanging badhe
ngengetaken bab semangat perjuangan pahlawan perlu kalajengaken kangge
nindakaken pembangunan
Kanthi rahmating Gusti Allah ingkang Maha Adil, para pejuang wekdal semanten
saged ngrebat wilayah Surabaya. Arek-arek Surabaya ingkang dipun pendhegani
dening panjenengan Bung Tomo kanthi sora paring semangat. Jiwa lan semangat
10 November taksih wonten manahipun bangsa kanggeh mbangun negari
Indonesia. Kathah para pejuang gugur ngurbanaken jiwa raga lan bandha kangge
mbela bangsa lan negari. Pramila mangga sesarengan kita lajengaken menapa
ingkang dados gegayuhaning para pahlawan.
Para rawuh ingkang kulo hormati, cekap semanten atur kula bilih wonten
kiranging atur saha solah bawaw ingkang kirang mranani penggalih panjenengan.
Mawantu-wantu kula nyuwun agenging samodra pengaksami. Mugi-mugi bangsa
kita tansah pikantuk rahmat tuwin hidayah saking Gusti Allah ingkang Maha
Kuasa. Amin..

Salam kawilujengan saha karaharjan kagem kita sedaya, mugi-mugi Allah SWT
tansah paring berkah saha rahmad dhateng kita sedaya. Amiin. Bapak kepala
sekolah ingkang kula bektosi, Bapak ugi ibu guru ingkang kula bektosi, Saha
kanca-kanca ingkang kula banggakaken, Sepisan sumanggaa kita sedaya memuji

syukur dhateng Allah ingkang Maha Kuasa. Awit saking Rahmat-Ipun kita sedaya
saged mengeti dinten pahlawan. Dinten Pahlawan yaiku dinten bersejarah kagem
negari kita. Pramila saking punika wonten kesempatan menika ugi sumangga kita
sedaya sesarengan tukar kawruh sejarah perjoangan bangsa Indonesia.
Menapa kita sedaya sampun mangertosi, kamerdekan ingkang kita sedaya nikmati
sakmenika mboten sanes awit saking perjuangan para pahlawan kita.
piyambakipun sedaya berjuang mengsah penjajah kanthi semangat lan iklas
nglabeti ingkang inggil.
Para pahlawan sedaya ngetohaken banda ugi nyawa kamardekan bangsa
Indonesia. Satuhu linangkung para pahlawan sedaya berjoang tanpa pangangkah .
Mboten klentu menawi saben-saben surya kaping 10 wulan november sabensaben tahunipun kita sami mengeti dinten pahlawan. Kados menapa ingkang kita
sedaya mangertosi bilih negari kita menika dangu dados negari ingkang terjajah
saking bangsa sanes. Para penjajah punika meksa rakyat Indonesia nyambut
damel kanthi rodi ugi romusa. Tanpa epah piyambakipun sedaya kedah nyambut
damel keras. Bahkan tanpa dhahar ingkang cekap. Sarehdenten punika, kathah
rakyat Indonesia ingkang seda wonten kala nyambut damel rodi ugi romusa.
Saestu awit saking agenging perjoangan para pahlawan, kita sedaya samenika
saged dados negari ingkang merdeka saking para penjajah. Semangat para pejuang
ingkang ageng sanget saestu patut kita sedaya teladani. Kita ugi kedah bersyukur
dhateng Allah SWT awit saking kemurahanipun bangsa Indonesia dados negari
ingkang merdeka kados samenika wedal. Awit saking perjoangan para pahlawan,
nagari menika uwal saking penjajah. Sarehdenten punika sumanggaa kita sedaya
tansah ndedunga kersanipun arwah para pahlawan ingkang gugur katampi wonten
ngarsa Allah SWT.
Para rawuh ingkang bagya mulya. Mugi-mugi nagari Indonesia menika salajeng
dipun paringi kemerdekaan ugi kesetunggalan dumugi akhir zaman.

Anda mungkin juga menyukai