Anda di halaman 1dari 2

Pembukaan Pidato Bahasa Jawa Hari Pahlawan

Salam,

Nuwun, para tamu undangan ingkang kula hormati, para mudha-mudhi ingkang satuhu kula tresnani.

Isi Pidato Hari Pahlawan

Sampun kawuningan bilih saben tanggal 10 November bangsa kita mengeti Hari Pahlawan. Kangge
ngengeti bilih rikala tanggal 10 November 1945, ing Surabaya wonten prastawa perang ageng ing
antawisipun bangsa Indonesia ingkang dipun pelopori arek-arek Surabaya nyingkiraken Walanda ingkang
manut sekutu (Inggris) mlebet ing tanah Jawi.

Saking semangatipun arek-arek Surabaya lan rakyat ing tlatah Indonesia sanesipun. Ing selajengipun
damel horeging donya, ngantos dewan keamanan PBB tumut campur tangah ngengingi peristiwa
menika.

Poro rawuh sedaya, saha mudha-mudhi ingkang kula hormati. Ing pangetan menika kula mboten badhe
caos gegambaran bab peristiwa ing tanggal 10 November 1945. Nanging badhe ngengetaken bab
semangat perjuangan pahlawan perlu kalajengaken kangge nindakaken pembangunan.

Kanthi rahmating Gusti Allah ingkang Maha Adil, para pejuang wekdal semanten saged ngrebat wilayah
Surabaya. Arek-arek Surabaya ingkang dipun pendhegani dening panjenengan Bung Tomo kanthi sora
paring semangat. Jiwa lan semangat 10 November taksih wonten manahipun bangsa kanggeh mbangun
negari Indonesia. Kathah para pejuang gugur ngurbanaken jiwa raga lan bandha kangge mbela bangsa
lan negari.

Pramila mangga sesarengan kita lajengaken menapa ingkang dados gegayuhaning para pahlawan.

Penutup Pidato Bahasa Jawa Hari Pahlawan :

Para rawuh ingkang kulo hormati, cekap semanten atur kula bilih wonten kiranging atur saha solah
bawaw ingkang kirang mranani penggalih panjenengan. Mawantu-wantu kula nyuwun agenging samodra
pengaksami. Mugi-mugi bangsa kita tansah pikantuk rahmat tuwin hidayah saking Gusti Allah ingkang
Maha Kuasa. Amin..

Anda mungkin juga menyukai