Anda di halaman 1dari 2

TRESNO WARANGGONO

Nelongso roso rasane nangis jroning atiku


Yen kelingan esem gemuyumu
Laras sworo gending tresno gawe kangene atiku
Tansah eling aku ro sliramu
Duh kangmas sak tenane aku ngerti atimu
Neng wis pestine aku du jodomu
Pancen roso kari roso kudu lilo nggonmu
nerimo
Lilakno aku nyanding priyo liyo
Reff:
Ra keroso wis sewindu nggonku ora ketemu
Kegugah atiku krungu suaramu
Aku mung biso ndedungo waranggono sing tak
tresno
Mugo biso urip tentrem mulyo
Tak tulis lakon tresnamu ing gending
katresnanku
Tak tembangne saben kangen sliramu
Sak tenane aku nangis nanging tresno wis
ginaris
Tak lakoni kanti ikhlas ati
Wuyungku ngelayung ngamboro ing awang-awang
Tanpo biso nyanding aku mung biso nyawang
Tumetes eluhku deres mili ono pipi
Opo tresno iku pancen ra kudu nduweni
Wis lilakno aku kangmas wis cukup lalekno
Lelakon tresno iki bakal dadi crito
Tresno waranggono

Anda mungkin juga menyukai