Anda di halaman 1dari 27

1.

PAMBUKA
BK. 2123 6532 .126
A 1232 5653 6532 .1
26
B ..6. 3561 6612 535
6
2321 6321 2253 2
126
Pra sutresna sami sugeng tur
raharja
SD Gunungronggo karawitane pun
nyata
Tansah mbudi daya leluri budaya
kita
Dimen datan musna lestari saya
ngrembaka
Saji siswa siswa man eman eman
Arane bangsa nawala
Bebukane atur giyaran punika
Paring pambagya dumateng para
pamiarsa
Tumrap para pameng
Kepareng paring tuladha
Amrih sampurnane seni kabudayan
kita

2.ILIR ILIR Ktw. Sl. 9


BK. Celuk.........6

6521 5253 2 2 5 31 2
65

6521 5253 2 2 5 31 2
65

6521 5253 2 2 5 31 2
65

1235 1 2 3 5, . . 53
1265

Ilir-ilir tandure wus sumilir


Tak ijo royo-royo
Tak sengguh temanten anyar
Bocah angon, penekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu ya penekna
Kanggo mbasuh dodotira
Dodotira dodotira kumitir bedhahing
pinggir
Dondomana jlumbatana
kanggo seba mengko sore
Mumpung jembar kalangane
Mumpung padhang rembulane,
( POS/Mandheg)
Ya surak a,surak hore

3.SREMPEK DHIHIN
BK.Kendhang .........2

A. 3 2 3 26 5 3 26 1 2 3 5 3 2
1
2 1 2 32 1 2 61 6 1 32 1 2
6
Tawasalna bibismilah
Wabil ardi rosullilah
Wakhulil mujahidililah
Bi ahlil badriya Allah
Rukun islam ana lima
Siji sahadat, loro sholat
Telu Zakat, papat pasa
Lima haji yen kuasa
He manungsa dha elinga
Ana ndonya mung sedela
Mula aja dilalekna
Agama panutan kita
Dhuh Gusti kang maha kuasa
Sing nyipta isine ndonya
Kang becik klawan ala
penjenengan ingkang pirsa

4.PUTRI AYU SL.M


BK . 6 1 2 6 5 2 36 5 2 1 3
216

. 665 3 2 1 26 1 2 35 3
21
. 121 3 2 1 65 6 2 13 2
16

. 612 3 6 1 26 1 2 35 3
21
. 612 6 5 2 36 5 2 1 3
216
Ing wanci sumunare surya
Wayah esuk agawe tentreme rasa
Kabeh sarwa amemuji Sang Putri
Putri Ayu pacen ayu merak ati
Yen wanci angudi sarira
Kenes gandhes luwes
Luwes nuju prana
Agawe kesengsem ati
Ati suci angrasuk ing sanubari

5.GRIMIS GRIMIS
BK.2 3 5 6 2165
A. 1 5 1 5 2 3 5 62 6 2 6 2
165

B. 1 5 1 56 1 3 26 1 6 16 1 6
5
6656 1 3 1 21 6 1 21 6
35
2 2 2 56 1 6 56 5 6 12 6 3
5
Grimis-grimis wanci surup
Ora ngira ora ngimpi
Yen ta bakal kasembadan
Pinanggih Hyang asmara sih
Tumuli paring palilah
Kumudu samya andarsih
6.RICIK RICIK SL.6
BK. . 3 . 2 . 5 . 3 . 1 . 6

A. . 1 . 6 . 3 . 2 . 5 . 3
. 2 . 1
B. . 2 . 3 . 5 . 3 . 5 . 6
. 1 . 6
Ricik kumricik grimise wus teka
Sedhela maning bapake wus teka
Nyong kaget,adhuh rika betah napa
Bungkus pethak niku isi napa
Kiye gendhung leh oleh
Kang larang pitukone
Pinten pitukone pak
Kula sagah gah mawon
Lha iya apak tenan
Gendhung tan kabotan
E tobil, jebule gambare
Calone Kangmase
Rama-ram golek mlinjo
Sogna besek // nora nana besek
Ora nana besek rama
Golek bojo kancane dhewek
Watone sing rukun

7. WARU DOYONG
BK. 5 5 1 6 . 2 . 1 . 6 .
5

. 6 . 1 . 6 . 1 . 5 .
3 . 2 . 3
. 6 . 1 . 6 . 5 . 2 . 3
. 2 . 1
. 5 . 5 . 1 . 6 . 2 . 1
. 6 . 5

Waru-waru doyong
Dhoyong neng pinggir kali
Ayu moblong-moblong
Sak iki ana ing ngendi
Tuku dhuku apa langsep
Kangenku wis menceb-menceb
Waru-waru doyong mas
Dhoyong neng pinggir kali
Ayu kinclong-kinclong
Kowe tansah tak enteni
Benang lawe klasa amoh
Yen ra kowe aku emoh

8.Ldr. SRI SARI Sl.M


BK. 5 5 . 1 6 5 35 6 2 13 2 1
6

2126 2 1 2 63 5 6 16 5 3
2

6132 5 6 5 36 5 3 23 2 1
6
Pujanira Sang Sri Sari
Esemo ing sepet madu
Kang sanyata wanita pinunjul
Luhure pambudi pindha Dewi Sri Sari
9.SEMBUNG GILANG
BK.2 3 1 25 3 2 15 6 1 21 6 3
5

2.25 2.25 2.25 6


561
2.25 2.25 2.25 6
561
6356 2 1 2 62 3 2 13 2 1
6
2321 5 3 2 15 6 1 21 6 3
5
Hayo ha, hayo ha
Ayo para kanca
Hayo ha, hayo ha
Ayo para kanca
Padha golek kawruh nyata
Mlebu maring pawiyatan
Padha golkek kapinteran
Nggampangake sandhang pangan

10.SREMPEK BANYUMAS Sl.9


BK.Kendhang........1

2 1 2 15 5 6 15 6 1 23 5 6 5
2 3 5 36 5 3 26 2 6 23 5 6 5
6 5 6 52 5 6 15 6 1 23 2 1 6
1 2 1 61 2 1 65 1 5 25 3 2 1
suwuk 2 1 2
365
Nyata wancine wis tangguh
Anglaras trus cumawis
Miyat sekaring budhaya
Marma kang cinendra karawitan
mangungkung
Tembang kidung trus ambarung
Anyenggaki mrih giat tan mboseni
Ayo-ayo aja kemba
Sayekti daya-dinaya

11.WAHYU

BK . 22. 2 3 2 13 2 1 63 1
32

3 1 3 2 3 1 3 26 1 3 26 3 5
6
1653 2321 3216 3
132
Pra taruna angudiya
Saniskara mangka sangune dumadi
Angudi ing kawruh kang akeh gunane
Bisane sembada tlatenana
Lanc.GAMBUH
Bk . . . 6 6 1 6 5. 2 . 3 .
5. 6
A . . 66 . 565 . 2. 3 .
5. 6
. . 66 . 565 . 2. 1 .
2. 6

B . 3.6 . 3. 6 . 3. 2 .
1. 6
. 3.6 . 3. 6 . 6. 5 .
3. 2
. 5. 3 . 2. 1 . 2. 3 .
5. 6
. 3.6 . 3. 6 . 2. 1 .
2. 3
. 6.1 . 6. 5 . 3. 2 .
1. 2
. 6.2 . 6. 2 . 6. 3 .
5. 6
. 2. 1 . 6. 5 . 2. 1 .
2. 6

Sekar gambuh ping catur


Kang cinatur, polah kang kalantur
Tanpo tutur, katula-tula katali
Kadalu warsa katutuh
Kapatuh tan dadi awon

Ojo nganti kabanjur


Sabarang polah kang kurang jujur
Yen kebanjur, sayekti kojur tan becik
Becik ngupaya a iku
Pitutur ingkang sayektos

Tutur bener punika


Sayektine apantes tiniru
Nadyan melu saking wong sudra papeki
Lamun becik nggone murok
Iku pantes sira tiru

Ldr. PUJI RAHAYU Sl.M


Bk . 6 6 . 6 1 2 35 6 5 3
A . 3 3 . 6 1 2 32 2 . . 6 1
23
1 2 3 . 1 2 3 . 6 5 3 2. 1
26
. . 6 . 3 2 1 63 5 6 16 5
32
5 6 5 3 6 5 3 26 1 2 3 5 6
53

Lanc. PACOBANING URIP


SL.M
Bk 66. . 5653 235
6
A . . . . .612 . . 12
1253
. . . . . 612 2 2 5 31
216
B 1 6 1 21 2 5 35 3 5 23 2 5
2
1 2 3 25 1 3 23 6 2 16 2 1
6
1 6 1 65 3 6 56 2 6 56 3 6
5
6 3 6 56 3 6 56 2 6 12 3 1
6
Kok kaya ngene abot sanggane
Yen lagi dadi wong ora duwe
Tak rewangi mben ndina
Nyambut gawe rekasa
Nanging kayane ra sepira
Tansah nelangsa rasane atiku
Yen aku kelingan marang sliramu
Wis semono suwene
Anggonku mikir kowe
Tansah agawe bingung atiku
Rino klawan wengi, aku tansah memuji
Memuji marang kersane Gusti
Muga kang kuwasa, enggal maringi marga
Kowe lan aku , bisa urip mulya

Drama Ande-ande Lumut 2016 ( Kamis,12 mei 2016 jam


23.30 )

Anggitane : F.X PARJIYO,S.Pd

Sigro-sigro kang kapiarsa,

Drama Ande-ande lumut, O....

Monggo sami kapirsanan,hong....

1. mBok Kleting : Wah, rasane lego dadi wong koyo


aku.Senajan rondo, tapi aku duwe anak wedok loro ayu-
ayu. Kleting Abang karo Kleting Ijo. ana maneh Kleting
kuning.Anakku kleting Abang karo kleting Ijo, senenge
mek macak, dolan, ora tau ngrewangi mbokne.
Ana maneh anakku nomer telu, areke elek, tapi sregep
nyambut gawe.
E,......Kleting Abang, Kleting Ijo kene podo renea.
2. Kleting Abang & Kleting Ijo : Iyo mbok,.....ana opo
mbok...
3.mBok Kleting : Ngene lho, sampeyan iki rak wis
gede,wis prawan. Wis
wayahe rabi. Sampeyan tak kandani yo, ndek desa
nDadapan ana sayemboro
4.Kleting Abang & Kleting Ijo : Sayemboro opo mbok ?
5. mBok Kleting : Mbok Rondo Ndadapan ki duwe anak
lanang
ngganteng .Deweke kepengin duwe anak mantu. Akeh
arek sing
podo ngunggah-unggahi .Yok opo nek sampeyan podo
melok
ngunggah-unggahi nduk ?
6 Kleting Abang : Iyo, Iyo,iyo mbok,.....aku tak rono

7. Kleting Ijo : Aku yo tak ngunggah-unggahi mbok......

8. mBok Kleting : Iyo,iyo,iyo kono podo budalo nduk

9. Kleting Abang & Kleting Ijo : Iyo, aku budal mbok

10. Kleting Kuning : Mbok,...mbakyu Kleting Abang kalih


mBakyu

Kleting Ijo dateng pundi ?

11. mBok Kleting : Ngunggah-unggahi Ande-ande Lumut


nduk

12. Kleting Kuning : Mbok,...kulo nggih kepengin


ngunggah-unggahi

kangmas Ande-ande Lumut mbok.........

13. mBok Kleting : Ah, gak usah .Nang omah ae karo


simbok !

14. Kleting Kuning : Mboten mbok.

15. mBok Kleting : Yo.Wis kono budalo !

16. Kleting Kuning : Nggih mbok.Kulo bidal.Nyuwun


pengestu mbok.

17. mBok Kleting : Iyo nduk budalo tak pengestoni.

18.Yuyu Kangkang : Aduh,aduh,aduh,aduh.............,


pirang-pirang

ndina banjir terus,....banyune kali butek. malih


mripatku remeng-

remeng .Ah, wis suwe kok yo ora ana wong nyabrang


kali yo,.....

19. Kleting ABANG : Waduh,...kaline banjir. Yok opo


olehku tekan

entasan kono ?

20. Kleting Ijo : Iyo. Yok opo mbakyu ? Praune yo ora


mlaku.Yok opo iki?

21. Yuyu Kangkang : E,e,e,e,e............sopo arek ayu-


ayu iki?
22. Kleting ABANG : Aku Kleting ABANG

23. Kleting Ijo : Aku Kleting Ijo

24. Yuyu Kangkang : Hem. Tobat,tobat,tobat,.....arek


kok ayu-ayu

temen . Aduh,aduh,aduh...........ayune......

Sampeyan kate nang ngendi nduk ?

25. Kleting ABANG & Kleting Ijo : Aku kate ngunggah-


unggahi

kangmas Ande-ande Lumut.

26. Yuyu Kangkang : O,..........ngono.Mbok ngunggah-


unggahi aku ae.

27. Kleting ABANG & Kleting Ijo : Ah.Yo emoh. Lha


wong rupamu elek.

28. Yuyu Kangkang : E,...... masi elek ngene ngangeni


lho...

29. Kleting ABANG & Kleting Ijo : Ah. emoh.

30. Kleting Ijo : Mbakyu Kleting Abang terus yok opo


iki ?

31. Kleting ABANG : Yo embuh iki yok opo

32. Yuyu Kangkang : Nduk.... opo gelem tak sabrangno


nduk

33. Kleting ABANG & Kleting Ijo : Iyo ayo aku sabrangno
Yuyu Kangkang cepet !

34. Yuyu Kangkang : Gelem nduk.

35. Kleting ABANG & Kleting Ijo : Iyo ayo aku sabrangno.
cepetan..........

36. Yuyu Kangkang : Iyo, tapi ono sarate

37. Kleting ABANG & Kleting Ijo : sarate opo ?

38. Yuyu Kangkang :


Aku,aku,..........njaluk.....am,am,ambung
39. Kleting ABANG & Kleting Ijo : Ah, emoh
aku.emoh,emoh,emoh

40. Yuyu Kangkang : Emoh,........yo wis! Aku tak


mendelep nang banyu.

41. Kleting ABANG : Kleting Ijo yok opo iki ?

42. Kleting Ijo : Yo wis aku gelem. Mandak diambung ae


kok.Seng penting

awake dewe tekan kono. Ayo wis aku sabrangno Yuyu


Kangkang

43. Yuyu Kangkang : Yo. kene numpak o nang gegerku!

Sun sabrangno wong ayu si Kleting Abang, krubyuk


sengok, krubyuk

sengok. Sun sabrangno wong ayu si Kleting Ijo ,


krubyuk sengok,

krubyuk sengok .

Nduk iki wis tekan pinggir nduk.Ayo ndang muduno !

44. Kleting ABANG & Kleting Ijo : Iyo Yuyu Kangkang


matur nuwun yo

45. Yuyu Kangkang : Iyo nduk. Mugo-mugo ditrimo


olehmu ngunggah-unggahi

Ande-ande Lumut.Wah, marem nyabrangno arek ayu-


ayu.Hu,hu......

Lho, sopo maneh iki ? Kok ono arek elek.

46. Kleting Kuning : Yuyu Kangkang

47. Yuyu Kangkang : opo,........

48. Kleting Kuning : Opo kowe weruh mbakyu-mbakyuku ?

49. Yuyu Kangkang : Yo weruh. ngunggah-unggahi ande-


ande Lumut. Kowe

arep nyang ngendi arek elek ?

50. Kleting Kuning : Kate ngunggah unggahi kangmas


Ande-ande Lumut. Age

aku sabrangno. Iki tak opahi 100 ewu.


51`. Yuyu Kangkang : Wah, emoh awakmu mambu teleke
pitik,Emoh.Pokoke

emoh,gah.mambu

52. Kleting Kuning : E,....kowe ngenyek aku Yuyu


Kangkang ? Ra popo.Ora gelem

nyabrangno aku ? Yo wis ra popo .Tapi ojo takon dosa


kowe Yuyu Kangkang

Sodo lanang,sodo lanang aku njaluk tulung awakmu yo

Niat ingsun matak aji. Ajiku sodo lanang, Tak tamakno


gunung jugruk.

Tak tamakno kali iki asat.Asat.asat.asat teko kersane


Gusti Allah.

53. Yuyu Kangkang : Aduh, panas,panas,panas Kleting


Kuning.....

Balekno banyune kleting Kuning.......aku


kapok.................

54. Kleting Kuning : Yo nek kowe kapok banyu bakal tak


balekno

55. Yuyu Kangkang : Iyo Kleting Kuning, matur nuwun

56.Mbok Rondo Dadapan : E, alah ngene iki rasane dadi


rondo. Opo-opo

ditandangi dewe.Resik-resik,umbah-umbah,masak
nggarap sawah.

Yo bener duwe anak lanang, tapi anakku penggaweane


mek sinau ae.

Ora tau nyandak gawean. Lha yok opo, kate ngongkon


sungkan.

Mesakno ah.
57. Kleting ABANG & Kleting Ijo : Kulo nuwun
mbok,...............

58. Mbok Rondo Dadapan : Monggo pinarak

59. Kleting ABANG & Kleting Ijo : Nggih mbok

60. Mbok Rondo Dadapan : We,......arek ayu-ayu, sopo


jenengmu nduk

61. Kleting ABANG : Kulo Kleting Abang mbok

62. Kleting Ijo : Kulo Kleting Ijo mbok

63. Mbok Rondo Dadapan : E,e,e.......jenenge apik, cocok


karo ayune

ana perlu opo nduk ?

64. Kleting ABANG : Kulo bade ngunggah-unggahi


kangmas Ande-ande Lumut

mbok

65. Kleting Ijo : Kulo enggih mbok

66. Mbok Rondo Dadapan : Iyo,iyo,iyo nduk. Coba tak


celuke.

Putraku si ande-ande Lumut, tumuruno ono putri kang


ngunggah-unggahi,

Putrine kang ayu rupane, Kleting Abang iku kang dadi


arane.

67. Ande-ande Lumut : Mbok simbok kula mboten purun,


kang putra mboten

bade mudun, putri ayu sisane si Yuyu Kangkang

68. Mbok Rondo Dadapan : Nduk sepurane yo, areke ora


gelem nduk.

69. Kleting ABANG : Mboten purun mbok.Nggih mboten


nopo-nopo mbok

70. Kleting Ijo : mBok kulo nggih kepingin ngunggah-


unggahi kangmas Ande-
ande lumut mbok

71. Mbok Rondo Dadapan : Iyo, nduk.

Putraku si Ande-ande Lumut, tumuruno ono putri


kang ngunggah-unggahi,

Putrine kang ayu rupane, Kleting Ijo iku kang dadi


arane.

72. Ande-ande Lumut : Mbok simbok kula mboten purun,


kang putra mboten

bade mudun, putri ayu sisane si Yuyu Kangkang

73. Mbok Rondo Dadapan : Nduk areke ora gelem nduk.


sepurane yo

74. Kleting Ijo : Nggih mboten nopo-nopo mbok

75. Kleting ABANG & Kleting Ijo : Mbok kulo nyuwun pamit
mbok

76. Mbok Rondo Dadapan : Iyo nduk, monggo. Ngati-ati yo


nduk

77. Kleting ABANG & Kleting Ijo : Nggih mbok

78. Mbok Rondo Dadapan : O alah yok opo se.....diunggah-


unggahi arek ayu-ayu

kok ora gelem se...

79. Kleting Kuning : Kulo nuwun................

80. Mbok Rondo Dadapan : Monggo,...........pinarak.......

81. Kleting Kuning : Nggih mbok nuwun sewu

82. Mbok Rondo Dadapan : O, iyo.Jenengmu sopo ?

83. Kleting Kuning : Kulo Kleting Kuning mbok

84. Mbok Rondo Dadapan : ono perlu nduk

85. Kleting Kuning : Inggih mbok. Kulo bade ngunggah


unggahi Kangmas Ande

ande Lumut mbok

86. Mbok Rondo Dadapan : O, opo gelem nduk anakku.


Lha diunggah-unggahi
arek ayu ae gak gelem, opo meneh diunggah-unggahi
arek elek.

87. Kleting Kuning : Inggih cobi mbok.

88. Mbok Rondo Dadapan : Yo wis tak undange :

Putraku si Ande-ande Lumut, tumuruno ono putri


kang ngunggah-

unggahi, Putrine kang ala rupane, Kleting KUNING


iku kang dadi arane.

89. Ande-ande Lumut : Mbok simbok kula inggih purun,


kang putra Inggih

bade mudun, putri ala menika kang putra suwun

90. Mbok Rondo Dadapan : lho,lho,lho............yok opo


se....iki.Karepmu ki yok

opo ngger ? Dikarepno arek ayu ora gelem. lha kok


malah milih arek elek ki

yok opo se ngger....aduh,aduh, aduh gusti............yok


opo iki.......

91. Ande-ande Lumut : Mbok .....ngertio sejatine putri iki


dewi Sekartaji

Putri Njenggolo malik mbok.......

92. Mbok Rondo Dadapan : Aduh Gusti Putri kulo nyuwun


ngapunten gusti

93. Kleting Kuning : Wis,wis mbok.

Kangmas monggo kulo derekaken kondur


dateng kraton

Njenggolo Manik Kangmas

94. Ande-ande Lumut : Iyo ayo diajeng

TAMAT
Sembahyang Rama kawula
Rama kawula ing swarga
Asma Dalem kaluhurna
Kraton Dalem mugi rawuha
Karsa dalem mugi kalampahana
Wonten ing ndonya kados ing swarga
Kawula nyuwun rejeki kangge sapunika
Sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem
Kados dene anggen kawula ugi ngapunten
dhateng sesami
Kawula nyuwun tinebihna saking panggoda
Saha linuwarna saking piawon.Amin

Sembahyang Sembah bekti


Sembah bekti kawula Dewi Maria
Kekasihing Allah Pangeran nunggil ing
panjenengan
Sami-smi wanita Sang Dewi pinuji piyambak
Saha pinuji ugi wohing salira Dalem Sri Yesus
Dewi MARIA ibuning Allah
Kawula tiyang dosa sami nyuwun pangestu Dalem
Sak mangke tuwin mbenjing dumugining
pejah.Amin
Sembahyang Linuhurna
Mugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra
tuwin Hyang Roh Suci
Kados ing mula buka, sak punika
sarta ing salami-lami.Amin

Sembahyang Pinujia
Pinujia asma Dalem Sri Yesus,
Dewi Maria tuwin santo Yusuf
Sak punika sarta langgeng.Amin

Anda mungkin juga menyukai