Anda di halaman 1dari 1

Alkhamdulillahirobill ‘alamin, asholatu wassalamu’ala ashrofil ambiya i wal mursalin sayidina wa

maulana muhammadin wa’ala alihi wa ash habihi ajma’in.

Ama ba’du.

Dumateng Bapak Ketua RT. 03 ingkang kulo hormati. Dumateng Bapak penasehat kaliyan pengurus
RT. 03 ugi ingkang kulo hormati. Ugi dumateng bapak-bapak, poro rawuh sedoyo wargo RT. 03
ingkang kulo hormati.

Sakderenge atur monggo sesarengan kito panjatkan puja lan puji syukur dumateng Alloh SWT
ingkang sampun maringi mapinten-pinten kenikmatan dumateng kito sedoyo. Sehinggo kito sedoyo
saget makempal wonten ing panggenan meniko sakperlu kempalan rutin wulanan RT. 03 kanthi
kahanan sehat wal afiat mboten wonten satunggaling alangan punopo-punopo.

Sholawat ugi salam mugi dipun tetapaken dumateng junjungan kito Nabi Muhammad SAW ingkang
kito tenggo-tenggo syafa’at lan pitulunganipun wiwit ndunyo meniko dumugi akhirat.. Allohumma…
Amiin..

Lan monggo gandeng wedal sampun dumugi titi wancinipun acoro badhe kito wiwiti, mlebet wonten
Adicoro ingkang kaping kalih (1) inggih meniko Sambutan saking Bapak Ketua RW. 08. Dumateng
Bapak RW.08 kulo sumanggaaken.

Adicoro ingkang kaping kalih (2) inggih meniko Sambutan saking Bapak Ketua RT. 03. Dumateng
Bapak RT.03 kulo sumanggaaken.

Adicoro ingkang kaping kalih (3) inggih meniko Saking bapak Sesepuh Sunarto. Monggo bapak
Sunarto mbok wonten uneg-uneg.

Adicoro ingkang kaping tigo (2) inggih meniko Laporan Keuangan. Dumateng ingkang kawegan kulo
sumanggaaken.

Adicoro ingkang kaping sekawan (4) inggih meniko Lain-lain. Dumateng Bapak Ibu katur kulo
sumanggaaken.

Adicoro ingkang kaping gangsal (5) inggih meniko Do’a. Dumateng Bapak Ahmad kulo
sumanggaaken.

Adicoro saklajengipun inggih puniko Panutup inggih meniko PENUTUP. Monggo kito tutup acara ing
dalu meniko kanthi waosan Hamdalah sesarengan…. “ ALKHAMDULILLAHI ROBBIL ‘ALAMIN”.

Langkung saking kulo, mbok bilih wonten bilahing atur lan sedoyo kekirangan ugi kekhilafan kulo
nyuwun pangapunten sak ageng-agengipun.

Bilahit taufiq wal hidayah

WASSALAMU’ALAIKUM WR. WB.

Anda mungkin juga menyukai