Anda di halaman 1dari 1

CONTOH CERKAK BAHASA JAWA

“DHAGELAN”

Alhamdulillah yen diparingi sehat, cobo wae bayangna yen suggih kabeh kabutuhan kecukupan.
Nduwe omah apik, nduwe mobil, nduwe tivi limo nanging yen mripate belekken lakyo ora wangun
tha? Aku banjur kelingan dek dina kamis, dina iku Alhamdulillah aku sehat. Aku menyang sekolah
kaya biasane, aku sekolah ing SMP faforit yaiku SMP Negeri 1 Pengasih. Tekan sekolah aku banjur
mlebu kelas, ora kroso bel wis muni, iku tandane pelajaran wis arep dilekasi. 15 menit sakdurunge
pelajaran iku tadarus moco Al-Qur’an. Ora kroso anggone jam pelajaran kepisan tekan pelajaran jam
ke-telu uwes rampung, saiki wektune istirahat. Aku lan konco-koncoku padha dolanan nang njeron
kelas, ngrembug pelajaran karo mangan-mangan. Gandeng kanca-kancaku padha crita pengalamane
dhewe-dhewe aku nduwe cerita lucu kanggo kanca-kancaku, judule : “NGADUSI KUCING” saka
judule wae wus lucu, kucing kui lak kewan sing wedi karo banyu tha? Genea ngopo kog diadusi?

Ceritane ngene ana bocah cilik jenenge Andi, Andi nduwe ingon-ingon kang awujud kucing, ono ing
salah sawijining dina, andi ngomong karo bapakne, “Pak, nyuwun dhuwite?” bapakne banjur takon
“arep tok nggo opo to, ndi ?”, Andi njawab “ kangge tumbas RINSO (deterjen) pak” , karo sumeh
Bapakne nerusake takon “ wah kog dingaren arep ngumbah klambimu dhewe?”karo rodo bingung
Andi Mangsuli pitakone Bapakne, “ ngeten Pak, kula niki gadah kucing, kucinge wau mboten adus
pirang-pirang dino, nah…. Kulo tumbas RINSO (deterjent) wau kangge ngadusi kucing kula.” Bapakne
ngampet ngguyu “ owalahhh Andi Andi anake Bapak sing bagus dhewe kucingmu kui ojo diadusi,
mengko iso mati nek tok adusi”. Andi ngeyel tetep pengen tuku RINSO (deterjent) kanggo ngadusi
kucinge, “tak jamin mboten pak”, gandheng Andi ngeyel bapakne banjur menehke duit Rp1000,- “iki
ndi cukup tha?” “cukup pak”.

Sakwise ngedusi kucing Andi banjur marani bapakne karo ngomong, “PAAAAKK KUCINGKU MATI”
karo ngampet ngguyu bapakne omong “ tenan tha? Opo jare bapak kucingmu kui wedi banyu, lha
nek tok adusi yo iso mati” Andi banjur nangis “Pak kucing kula mati mboten amargo tak adusi” , “ lha
terus keneng opo kucingmu ki?” pitakone bapakne marang andi. “kucing kula mati amargi kula
PERES”. Kanca-kancaku podho ngguyu ger-geran nganti bel masuk wes muni. Rasane seneng banget
nek iso nggawe kancaku ngguyu.

Anda mungkin juga menyukai