Anda di halaman 1dari 2

Amarga Layangan

(dening Riska M. A/XII Mia 8/24)

Dina Minggu sore wingi aku diajak bapak menyang pasar malem, kahanane rame
banget lan akeh wong adol dolanan. Aku nyuwun ditumbasne layangan cilik marang
bapak. Aku seneng banget bapak numbasne aku layangan kuwi. Wernane abang lan
kuning, asline aku kepingin langsung dolanan layangan anyarku tapi wis wayah bengi.

Sesuke bubar sekolah aku cepet-cepet mulih supaya bisa dolanan layangan. Sawise
taka omah aku langsung ganti klambi lan njupuk layanganku. Ibu ngutus aku mangan
lan turu disek, mung ora dakrungokake. Banjur aku langsung metu omah, lan munggah
ing andhang sing ana ing pinggir omahku saperlu golek angin. Sawise ing nduwur
andhang aku langsung ngumbulno layanganku, layanganku bisa mumbul kanthi apik
amarga angin lan warnae sing apik.

Saking senenge aku dolanan layanganku, ora kerasa yen aku wis ana ing pinggir
andhang lan mundur-mundur nganthi tiba saka andhang. Dumadakan aku wis ana ing
ngisor lan tanganku kerasa lara. Banjur aku nangis lan marani ibuku. Ibuku kaget
ndeleng aku nangis lan nyekeli tangan kiwoku. Banjur ibu langsung nuntun aku
lungguh lan maringi aku sak gelas banyu.

Sawise tangisku mandheg, ibu nakoni aku “kepriye ta le ceritane, kok kowe nangis
nganthi kaya ngene?” banjur aku cerita marang ibu. Sawise ngerti kedadeane ibu
langsung nimbali Budhe Har sing biasa mijet aku yen aku lara. Budhe Har kaget
ndeleng mataku sing abang bubar nangis, Budhe Har ngomong “Wes ora usah nangis,
dakpijetane ben langsung waras ya le.” Meh sakjam Budhe Har mijeti aku nganthi aku
keturon. Tanganku wis ora kerasa lara banget.

Sorene bapak kondur banjur ibu cerita kedadean aku tiba saka andhang. Pertamane
aku wedi bapak nesu marang aku, eh bapak malah melu mijeti sikilku karo nuturi aku
ben luwih ati-ati. Bapak ngutus aku turu lan ngendika yen mene ora usah melbu
sekolah wae nganthi waras tenan.
Bengine aku kerasa awakku panas banget lan tanganku lara banget. Mula aku
nggugah bapak lan ibu, bapak lan ibu ngutus aku turon ing kasur wae. Ibu ngompres
lan bapak bantu aku ngobe obat panas. Sesuk isuke bapak lan ibu nggawa aku menyang
dokter. Bu dokter ngutus supaya aku difoto rontgen kanggo tanganku. Sawise foto
rontgen, bu dokter ngendika yen tulangku retak. Bapak lan ibuku bingung krungu yen
tulangku patah, nanging bu dokter uga ngedika yen aku ora perlu dioperasi. Aku lan ibu
bapakku dadi luwih bingung, tulangku patah kok malah ora perlu dioperasi. Banjur bu
dokter jelasno yen aku iki isih ing masa pertumbuhan dadi luwih cepet waras, mung
perlu ngombe obat, susu kanggo pertumbuhan tulang, lan nganggo gendongan tangan.

Sawise saka dokter, aku lan ibu bapak menyang apotek saperlu nebus resep saka
dokter lan tuku susu kanggo tulang. Ing dalan arep mulih, bapak nuturi aku supaya
luwih ngati-ati lan nurut marang ibu. Amarga aku lara, bapak lan ibu melu susah lan
mikir, aku dadi getun banget ora nurut yen diutus ibu turu awan. Rasane kudu nangis
yen dieling-eling, banjur aku njaluk pangapura marang bapak lan ibuku. Sawise iku aku
bakal luwih ngati-ati lan nurut marang bapak lan ibu.

Anda mungkin juga menyukai