Anda di halaman 1dari 12

LAPORAN HASIL ANALISIS MAKNA

DALAM MAJALAH DJAKA LODANG NO.20.12/10/2003

DI SUSUN OLEH :

YEHESKHEIL LUKI W

14430004

PENDIDIKAN BAHASA SASTRA DAERAH

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS PGRI SEMARANG

TAHUN AJARAN 2015

1
BAB I
PURWAKA

A. LATAR BELAKANG

Fonem inggih punika suanten basa ingkang migatosake suanten kangge


pambeda teges utawi arti utawi makna. Dene kesalahan fonem inggih punika
kalepatan ingkang babagan fonem. Katah ing kesalahan fonem dadosake penulis
badhe nganalisis kalepatanipun wonten ing satunggaling cerkak utawi cerita cekak.
Dene cerkak ingkang badhe dipun analisis inggih punika cerkak kanthi irah-irahan
“dina-dina lungse”.

B. RUMUSAN MASALAH
1. Punapa kesalahan fonem punika?
2. Kados pundi analisis kesalahan fonem wonten ing cerkak “dina-dina lungse”?

C. TUJUAN
1. Kagem mangertosi kesalahan fonem.
2. Kagem mangertosi punapa mawon kesalahan fonem ingkang wonten ing cerkak
“dina-dina lungse”.

2
BAB II
ANALISIS

1. Kesalahan Fonem

Fonem inggih punika suanten basa ingkang migatosake suanten kangge


pambeda arti/makna. Dene Kesalahan Fonem inggih punika kesalahan ingkang
wonten babagan fonem.

1.1. Analisis Kesalahan Fonem Wonten Ing Cerpen “Dina-Dina Lungse” wonten ing:
a. Siaki iki ingkang leres Saiki iki
Tembung “siaki iki” wonten mriki mboten nggadahi teges amargi luput,
ingkang leresipun inggih punika “saiki iki” ingkang tegesipun sekarang ini
(Bahasa Indonesia).

2. Gejala Fonem
2.1. Nasalisasi

Nasalisasi inggih punika satunggaling fenomena basa wonten pundi


satunggaling fonem malih bentuk dados nasal.

 Nasalisasi Wonten Ing Cerpen “Dina-Dina Lungse” wonten ing:


a. Ndesa nasalisasi saking tembung Desa
Tembung “ndesa” wonten mriki punika nasalisasi saking tembung “desa”
ingkang artosipun desa (Bahasa Indonesia).
b. Ndemak nasalisasi saking tembung Demak
Tembung “ndemak” wonten mriki punika nasalisasi saking tembung
“demak” ingkang artosipun demak (Bahasa Indonesia) inggih punika
nami satunggaling kota ingkang wonten ing Jawi Tengah.
c. Njaluk nasalisasi saking tembung Jaluk

3
Tembung “njaluk” wonten mriki punika nasalisasi saking tembung
“jaluk” ingkang artosipun minta (Bahasa Indonesia).
d. Njero nasalisasi saking tembung Jero
Tembung “njero” wonten mriki punika nasalisasi saking tembung “jero”
ingkang artosipun di dalam (Bahasa Indonesia).
e. Njalari nasalisasi saking tembung Jalari
Tembung “njalari” wonten mriki punika nasalisasi saking tembung
“jalari” ingkang artosipun di tumbuhkan/di hasilkan (Bahasa Indonesia).
f. Njaba nasalisasi saking tembung Jaba
Tembung “njaba” wonten mriki punika nasalisasi saking tembung “jaba”
ingkang artosipun di luar (Bahasa Indonesia).
g. Mbalik nasalisasi saking tembung Balik
Tembung “mbalik” wonten mriki punika nasalisasi saking tembung
“balik” ingkang artosipun kembali (Bahasa Indonesia).
h. Njupuk nasalisasi saking tembung Jupuk
Tembung “njupuk” wonten mriki punika nasalisasi saking tembung
“jupuk” ingkang artosipun mengambil (Bahasa Indonesia).

2.2. Kontraksi

Kontraksi inggih punika icalipun satunggaling fonem utawi luwih; utawi


pamandekan; utawi paringkesan.

 Kontraksi Wonten Ing Cerpen “Dina-Dina Lungse” wonten ing:


a. Pa kontraksi saking tembung Apa
Tembung “pa” wonten mriki punika paringkesan utawi kontraksi saking
tembung “apa” ingkang nggadahi teges apa (Bahasa Indonesia).
b. Njing kontraksi saking tembung Benjing
Tembung “njing” wonten mriki punika paringkesan utawi kontraksi
saking tembung “benjing” ingkang nggadahi teges besok (Bahasa
Indonesia).
c. Mung kontraksi saking tembung Namung
Tembung “mung” wonten mriki punika paringkesan utawi kontraksi
saking tembung “namung” ingkang nggadahi teges cuma (Bahasa
Indonesia).
4
d. Napa kontrksi saking tembung Punapa
Tembung “napa” wonten mriki punika paringkesan utawi kontraksi
saking tembung “punapa” ingkang nggadahi teges apa (Bahasa
Indonesia).
e. Ra kontraksi saking tembung Ora
Tembung “ra” wonten mriki punika paringkesan utawi kontraksi saking
tembung “ora” ingkang nggadahi teges tidak (Bahasa Indonesia).
f. Kang kontraksi saking tembung Ingkang
Tembung “kang” wonten mriki punika paringkesan utawi kontraksi
saking tembung “ingkang” ingkang nggadahi teges yang (Bahasa
Indonesia).
g. Marga kontraksi saking tembung Amarga
Tembung “marga” wonten mriki punika paringkesan utawi kontraksi
saking tembung “amarga” ingkang nggadahi teges karena (Bahasa
Indonesia).
h. Njenengan kontraksi saking tembung Panjenengan
Tembung “njenengan” wonten mriki punika paringkesan utawi kontraksi
saking tembung “panjenengan” ingkang nggadahi teges kamu (Bahasa
Indonesia).
i. Ra sah kontraksi saking tembung Ora usah
Tembung “ra sah” wonten mriki punika paringkesan utawi kontraksi
saking tembung “ora usah” ingkang nggadahi teges tidak usah (Bahasa
Indonesia).
j. Ki kontraksi saking tembung Iki
Tembung “ki” wonten mriki punika paringkesan utawi kontraksi saking
tembung “iki” ingkang nggadahi teges ini (Bahasa Indonesia).
k. Mendhuwur kontraksi saking tembung Menyang + dhuwur
Tembung “mendhuwur” wonten mriki punika paringkesan utawi
kontraksi saking tembung “menyang dhuwur” ingkang nggadahi teges ke
atas (Bahasa Indonesia).
l. Di kon kontraksi saking tembung Di kongkon
Tembung “di kon” wonten mriki punika paringkesan utawi kontraksi
saking tembung “di kongkon” ingkang nggadahi teges di suruh (Bahasa
Indonesia).

5
2.3. Metatesis

Metatesis inggih punika parubahan urutan suanten fonemis wonten satunggaling


tembung sahingga dados kalih tembung ingkang saingan.

 Metatesis Wonten Ing Cerkak “Dina-Dina Lungse” :


Wonten ing cerkak “dina-dina lungse” mboten di temukake metatesis.
Artosipun ing cerkak kasebat mboten wonten metatesis-ipun.

2.4. Hukum Bunyi

Hukum bunyi inggih punika uni ingkang benten antawis uni ing daerah satunggaling
ugi uni ing daerah sanes.

 Hukum Bunyi Wonten Ing Cerkak “Dina-Dina Lungse” wonten ing:


a. Enten
Tembung “enten” wonten ing daerah sanes wonten ingkang nyebat
“wonten”, ananging tegesipun taksih sami inggih punika ada (Bahasa
Indonesia).
b. Wae
Tembung “wae” wonten ing daerah sanes wonten ingkang nyebat “bae”,
ananging tegesipun taksih sami inggih punika saja (Bahasa Indonesia).
c. Cedhak
Tembung “cedhak” wonten ing daerah sanes wonten ingkang nyebat
“cerak”,”cepak”, lan ugi “celak”, ananging tegesipun taksih sami inggih
punika dekat (Bahasa Indonesia).

3. Gugus konsonan

Gugus konsonan inggih punika rangkaianing fonem ingkang wujude konsonan


ingkang wonten salebeting satunggal suku kata.

3.1.Gugus konsonan wonten ing cerkak ‘’dina-dina lungse’’ wonten ing :


a. Tritisan
Tritisan gugus konsonan-ipun inggih punika (tr), amargi wonten ing satunggaling
suku kata.

6
b. Blimbing
Blimbing gugus konsonan-ipun inggih punika (bl), amargi wonten ing
satunggaling suku kata.
c. Sanadyan
Sanadyan gugus konsonan-ipun inggih punika (dy), amargi wonten ing
satunggaling suku kata.
d. Mlumpat
Mlumpat gugus konsonan-ipun inggih punika (ml), amargi wonten ing
satunggaling suku kata.
e. Krungu
Krungu gugus konsonan-ipun inggih punika (kr), amargi wonten ing satunggaling
suku kata.
f. Mlebu
Mlebu gugus konsonan-ipun inggih punika (ml), amargi wonten ing satunggaling
suku kata.
g. Praupan
Praupan gugus konsonan-ipun inggih punika (pr), amargi wonten ing satunggaling
suku kata.
h. Mlangkah
Mlangkah gugus konsonan-ipun inggih punika (ml), amargi wonten ing
satunggaling suku kata.
i. Mlaku
Mlaku gugus konsonan-ipun inggih punika (tr), amargi wonten ing satunggaling
suku kata.
j. Di slomot
Di slomot gugus konsonan-ipun inggih punika (sl), amargi wonten ing
satunggaling suku kata.
k. Srawung
Srawung gugus konsonan-ipun inggih punika (sr), amargi wonten ing
satunggaling suku kata.
l. Rempyu
Rempyu gugus konsonan-ipun inggih punika (py), amargi wonten ing
satunggaling suku kata.
m. Anggrek

7
Anggrek gugus konsonan-ipun inggih punika (gr), amargi wonten ing
satunggaling suku kata.
n. Mripat
Mripat gugus konsonan-ipun inggih punika (mr), amargi wonten ing satunggaling
suku kata.
o. Priyayi
Priyayi gugus konsonan-ipun inggih punika (pr), amargi wonten ing satunggaling
suku kata.

4. Diftong

Diftong inggih punika vokal ingkang dipun-ucapake rangkap wonten


satunggaling suku kata lan nggadahi teges ingkang benten.

4.1. Diftong Wonten Ing Cerkak “Dina-Dina Lungse” :


Wonten ing cerkak “dina-dina lungse” mboten di temukake diftong. Artosipun
ing cerkak kasebat mboten wonten diftongipun-ipun.

5. Alofon

Alofon inggih punika pambeda realisasi lafal fonem keranten posisi ingkang
benten wonten ing tembung.

5.1. Alofon Wonten Ing Cerkak “Dina-Dina Lungse” wonten ing:


a. Ana – ono
Antawis seratan kaliyan maosipun benten. Seratanipun “ana” maosipun “ono” lan
tegesipun sami inggih punika ada (Bahasa Indonesia).
b. Dhik – dhek
Antawis seratan kaliyan maosipun benten. Seratanipun “dhik” maosipun “dhek”
lan tegesipun sami inggih punika panggilan adik (Bahasa Indonesia).

8
BAB III
SIMPULAN

Saking analisis cerkak “dina-dina lungse” saged di simpulake bilih :

1. Kalepatan ing babagan kesalahan fonem wonten ing tembung “siaki iki” ingkang
mboten wonten teges-ipun.
2. Kalepatan ing babagan gejala fonem:
a. Nasalisasi, wonten ing tembung:
 Ndesa  Njalari
 Ndemak  Njaba
 Njaluk  Mbalik
 Njero  Njupuk

b. Kontraksi, wonten ing tembung:


 Pa  Marga
 Njing  Njenengan
 Mung  Ra sah
 Napa  Ki
 Ra  Mendhuwur
 Kang  Di kon

c. Metatesis
Mboten di temukake metatesis wonten ing cerpen punika.
d. Hukum Bunyi, wonten ing tembung:
 Enten
 Wae
 Cedhak
3. Gugus Konsonan, wonten ing tembung:
 Tritisan  Mlumpat  Praupan
 Blimbing  Krungu  Mlangkah
 Sanadyan  Mlebu  Mlaku
9
 Di slomot
 Srawung
 Rempyu
 Anggrek
 Mripat
 Priyayi

10
Diftong
Mboten di temukake diftong wonten ing cerpen punika.
4. Alofon, wonten ing tembung:
 Ana
 Dhik

11
BAB IV
PANUTUP

A. Kesimpulan

Katah sanget kesalahan fonem ingkang wonten ing satunggaling cerkak utawi
cerita cekak. Wonten ing analisis fonem “dina-dina lungse”, penulis nganalisis kesalahan
fonem, gejala fonem, diftongisasi, gugus konsonan, lan alofon. Anangig penulis mboten
kepanggih kalepatan wonten babagan metatesis lan diftongisasi.
Fonem punika wigati sanget wonten ing bacaan amargi saumpami wonten
kalepatan babagan fonem artosipun teges tembung-ipun sampun benten.

B. Saran

Anggenipun nyerat cerkak utawi seratan sanes kedhah migatosake fonem ing
dalemipun keranten saumpami wonten kalepatan ing salah satunggaling fonem artosipun
teges tembung-ipun sampun benten. Pramila, fonem punika kedhah di wigatosake
keranten ugi penting sanget. Antawis seratan kaliyan maosan punika wonten benten-ipun.

12

Anda mungkin juga menyukai