Anda di halaman 1dari 12

Nama :

NIS :
PEMERINTAH KABUPATEN DEMAK
UPTD DIKPORA KECAMATAN WEDUNG
SD NEGERI …………………………….

ULANGAN HARIAN KELAS VI KE 1 SEMESTER II


Mata Pelajaran : Bahasa jawa
Hari / Tanggal : …………….
Waktu : …………….
Tema : Komunikasi

Gathekna tuladha pacelathon ing ngisor iki!

Ani : “Wis ta Lan, disabarake. Aku ngerti kaya ngapa susahe wong yen lagi nampa kabar kang
ala. Nanging sapa kang ngabari mau?”
Wulan : “Dheweke mung konda yen nemokake wong semaput ing dalan, lan bapak saiki digawa
menyang rumah sakit”
Ani : “Kok weruh yen kuwi bapakmu saka ngendi?”
Wulan : “Saka KTP sing ana ing sak kathoke”
Ani : “Yen ngono, saiki awake dhewe menyang RS kanggo boktekake kahanane”

(Bocah loro tumuju menyang rumah sakit, banjur takon karo suster nanging jawabane ora ana pasien
kang aran Pak Sudarna. Nanging dumadakan Pak Sudarno rawuh)

Wulan :
“Lho, Ani, lha kae rak bapak”
Ani :
“Endi? Lho kok sehat temen.”
Bapak :
“Kowe kiwi menyang rumah sakit ngapa?”
Wulan :
“Bapak kok pirsa?”
Bapak :
“Bapak dikandhani Yati yen kowe sakloron menyang RS sawise nampa telepon.”
Wulan :
“Leresipun dospundi ta, Pak?”
Bapak :
“Iki mau Bapak rak nyuwun tulung Pak Jumiyo Foto kopi KTP. Ing tengah dalan Pak
Jumiyo tiba ora ngerti sebabe semaput. Dening sing nulungi digoleki layang-layange sing
ketemu KTPne Bapak. Banjur ngomah ditelepon.”
Ani :”manawi makaten mangga sapunika besuk Pak Jumiyo mawon!”
Wulan + Bapak : “Yo wis, ayo!”

I. Wenehana tandha ping ( X ) ing aksara a, b, c, utawa d kang dadi wangsulan kang kok
anggep paling bener!

1. Apa sebabe Pak Sudarna dikabarake tiba semaput banjur digawa menyang rumah sakit, nanging
sejatine Pak Jumiyo sing semaput?
a. ana telepon nyasar
b. Sebabe Pak jumiyo didhawuhi foto copy
c. Sebabe sing temokake ing kathoke Pak Jumiyo KTPne Pak Sudarno.
d. Sebab Pak Sudarno KTPne disilih Pak Jumiyo.
2. Sifat welas asih mring sapodha-padha kuwi pantes tiniru kayata sifate …
a. Wulan b.Ani c.Pak Sudarno d. Pak Jumiyo
3. Ringkese crita ing dhuwur kang trep yaiku …
a. Pak Jumiyo dijaluki tulung Pak Sudarno foto copy KTP, nanging ana dalan dheweke tiba
nganti semaput banjur digawa menyang rumah sakit.
b. Pak Jumiyo nyilih KTPne Pak Sudarno arep difoto copi nanging ana dalan tiba semaput
banjur digawa menyang rumah sakit.
c. Pak Jumiyo gawa KTPne Pak Sudarno tiba semaput digawa menyang rumah sakit
d. Pak Jumiyo Tiba ana dalan nganti semaput banjur digawa menyang rumah sakit.
4. …….
Kantormu ing taman-taman asri
Kebak kembang lan wewangi
Mung madu legi sing digawa bali
…..
Manut geguritan ing ndhuwur sing duwe kantor ing taman yaiku ….
a. Kembang b. Madu c. taman d. tawon
5. Kantormu ing taman-taman asri. Ukara gancaran kang trep karo baris geguritan ing dhuwur
yaiku ….
a. sabane ing taman c. nyambut gawe ing taman
b. omahe ing taman d. kantore ing taman
6. Yen ana telepon nyasar kudu enggal dijawab ….
a. nuwun sewu salah sambung c. nuwun sewu panjenengan sinten
b. nuwun sewu panjenengan ngawur d. cobi dipun bel sekedhap maleh.
7. Keparenga kula … ing ngarsa panjenengan minangka sulihipun kanca kelas 6.
Jangkepe ukara ing nginggil ingkang leres …
a. jumeneng b. ngadeg c. sumendhe d. sedhakep
8. Layang kabar kang metune saben dina diarani ...
a. kalawarti b. Candrawarti c. Ari warti d. Warsa warti
9. Wong kang duwe watak culika lan licik, yen ing pewayangan digambarake kaya ....
a. Werkudara b. Dasa Muka c. Punta Dewa d. Sengkuni
10. Layang Kitir iku tegese ....
a. layang dines c. Layang pribadhi
b. Layang kang kemitir d. layang kang isine cekak aos

II. Gathukna wangsulan ing sisih kiwa nganggo cara nulis aksarane ana ing njero kothak sing
kok anggep bener!

11. Wektu lan papan kedadeyan a. mimik


12. Piwulang kang kamot ing crita b. macapat
13. Obahing rahi nalika maragakake crita c. geguritan
14. Karangan kang nganggo basa kang endah d. tembang dolanan
15. karangan kang kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan e. latar
Guru gatra. f. polatan
g. amanat

III.Isenana titik-titik ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!

16. Lembaran ing koran kang kanggo nawarake samubarang diarani ….


17. Yen mentasake drama umume ana ing ….
18. Pacelathon kang katindakake dening para paraga, dene tema, amanat, alur crita, lan setinge
(latar) karantam kanthi tumata diarani ….
19. Kabeh bab kang perlu diwedharake ana ing pidhato diarani ….
20. Layang sasuwek kang cekak aos diarani layang ….
21. Piranti sesambungan kang adoh papane nganggo ….
22. Papan kanggo pawongan kang nindakake pidhato diarani ….
23. Muji syuku mring Gusti Ingkang Maha Agung ing pidhato mapan ing … pidhato/ sesorah.
24. Geguritan “Kitir” …. Dening Sumono SA
25. Wasana cekap semanten, manawi wonten kalepatan nyuwun pangapunten. Ukara iku kalebu
ukara …. Pidhato.

IV. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!

26. Apa bedane layang resmi karo layang pribadhi?


Wangsulan : _________________________________________________________________
_________________________________________________________________
_________________________________________________________________
27. Apa geguritan iku?
Wangsulan : _________________________________________________________________
28. Coba gaweya ukara pakurmatan ana ing pidhato!
Wangsulan : _________________________________________________________________
29. Coba sebut 3 wae saka 6 rantaman pokok sesorah!
Wangsulan : _________________________________________________________________
30. Gaweya tuladha pacelathon karo kancamu kanthi tema sesambungan/komunikasi!
Wangsulan : _________________________________________________________________
TES LESAN

1. Kang ditindakake sepisanan manawa arep pidhato yaiku ....


2. Demak 30 Nopember 2009. Panulisane titi mangsa kang bener yaiku ....
3. Ngaturaken panuwun marang para tamu anggone rawuh ing pahargyan iku kalebu perangan
pidhato babagan ....
4. Perangan layang kang mratelakake isi utawa kekarepan layang diarani ....
5. jenis layang kang nggunakake kop surat, lampiran, lan lita-liyane klebu jenis layang ....
6. Crita bocah kang isine ngaya wara ora ana kasunyatane diarani ....
7. Pidhato uga sinebut ....
8. Panggonan kanggo nyimpen barang-barang kang antik ana ing ....
9. Lembaran ing koran kang isine nawarake sawijine khasiling produksi diarani ...
10. Sengkuni iku patih ing kraton ....

TES PERBUATAN

Wacanen kanthi permati wacan ing ngisor iki kanthi permati!

Budi bocah kang tininggal bapake nyambut gawe ana Jakarta, deweke saiki ana Demak melu
embahe. Saikine Budi wis lungguh ing kelas VI SD Bintoro 1. Miturut ngendikane Bapak-Ibu
Guru yen ing wulan Mei mengko Kelas VI bakal dianakake Ujian Akhir Nasional. Ing angen-
angenane Budi yen wis nyedhaki wulan Mei dheweke bakal nggawe layang marang bapake kang
isine bakal nyuwun donga pangestu.

Sawise tok waca wacan ing dhuwur, bantunen Budi nggawe layang kang bener marang
bapake ing Jakarta!
KUNCI JAWABAN UNHAR BHS. JAWA KL.VI SM 2 KE 1

TES TERTULIS

I. PILIHAN GANDA III. ISIAN


1. C 16. Iklan
2. B 17. panggung
3. A 18. drama
4. D 19. isi
5. A 20. kitir
6. A 21. telepon
7. B 22. mimbar
8. C 23. pambuka
9. D 24. kaanggit, karipta, kagurit
10. D 25. panutup

II. MENJODOHKAN
11. E
12. G
13. A
14. C
15. B.

IV. URAIAN
26. Bedane yaiku a. Layang resmi layang kang nggunakake basa baku lan panulisane nganggo
paugeran –paugeran kang gumathok
b. layang pribadhi layang kang migunakake basa padinan
27. Geguritan yaiku : karya sastra kang awujud puisi nganggo basa jawa kang endah.
28. Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinormatan (kawicaksanan guru)
29. a. Salam pambuka d. dudutan (simpulan)
b. purwakaning atur e. pangajeng-ajeng
c. isi (wigatining atur f. panutup.
30. kawicaksanan guru

TES LESAN.

1. Salam pambuka
2. Demak, 30 Nopember 2009
3. Purwakaning atur
4. Surasa basa (isi)
5. Dhines
6. Dongeng
7. Sesorah
8. Mosium
9. Iklan
10. Astina

TES PERBUATAN
Kawicaksanan guru
Nama :
NIS :
PEMERINTAH KABUPATEN DEMAK
UPTD DIKPORA KECAMATAN WEDUNG
SD NEGERI …………………………….

ULANGAN HARIAN KELAS VI SEMESTER II KE 2


Mata Pelajaran : Bahasa jawa
Hari / Tanggal : …………….
Waktu : …………….
Tema : Pahlawan

Wacanen wacan ing ngisor iki kanthi permati!

Jendral Sudirman

Jendral Sudirman kawentar minangka ahli perang Gerilya lan semangate makantar-kantar
jroning nggulawenthah TKR nganti TNI.
Nalika Sudirman pangkate kolonel wis dadi panglima Devisi Banyumas, nalika tanggal 18
Desember 1945, Sudirman ditetepake dadi Panglima Besar TKR kanthi pangkat Jendral.
Nalika Ngayogyakarta dijeki Walanda, Jendral Sudirman ninggalake Ngayogjakarta mimpin
pasukan TNI kanggo nganakake Gerilya marang Walanda. Pitungsasi sasi lawase Jendral Sudirman
dadi pandoming rakyat Indonesia. Panjenengane tansah angudi amrih langgenge Negara Republik
Indonesia sabanjure Jendral Sudirman ditetepake minangka Bapak TNI.

I. Wenehana tandha ping ( X ) ing aksara a, b, c, utawa d kang dadi wangsulan kang kok
anggep paling bener!
1. Jendral Sudirman kasebut dadi ....
a. Bapak BKR b.Bapak TKR c.Bapak TNI d. Bapak Koperasi
2. Jendral Sudirman kawentar minangka ahli perang Gerilya. Kawentar tegese …
a. Julik b.kondhang c.Ahli d. Mimpin
3. Amarga tansah nggulawenthah TNI, mula Jendral Sudirman ditetepake dadi pahlawan. Tembung
nggulawenthah tegese …
a. nglatih b.ndhidhik c. ngadani d. ngopeni .
4. Pahlawan mulih aran awit bekti bangsa
“Mulih aran” ing cuplikan geguritan dhuwur tegese …..
a. seda ing paprangan c. mulih nggawa jeneng
b. menang mungsuh penjajah d. pahlawan mulih saka perang
5. Kang kalebu tembang macapat kaya ing ngisor iki, kajaba ....
a. Ilir-ilir b. Mijil c. Kinanthi d. Maskumambang
6. Pahlawan wutahing ludiramu nyiram ibu pertiwi. Tembung “ibu pertiwi” ing geguritan iku
tegese ….
a. tanah garapan c. tanah jajahan
b. tanah perdikan d. tanah kelahiran.
7. ?pezetnFinphlwn¿.
Tulisan jawa ing dhuwur macane ....
a. pengetan dina pahlawan c. mangetani dina pahlawan
b. mengeti dina pahlawan d. dina pahlawan dipengeti
8. Naskah ing crita drama diarani ...
a. sinopsis b. prolog c. epilog d. skenario
9. Ukara pambuka kanggo ngiringi crita diarani ....
a. Monolog b. Epilog c. Prolog d. dialog
10. Sarkawi lan Lomana iku wong pribumi, nanging dadi .... walanda
a. mungsuhe b. balane c. antheke d. panggedhene

II. Gathukna wangsulan ing sisih kiwa nganggo cara nulis aksarane ana ing njero kothak sing
kok anggep bener!
11. Gedhe labete marang pendidikan a. Pantes tiniru
12. Gedhe labete marang nusa bangsa b. macapat
13. Seneng nguwasani darbeke liyan c. Guru
14. Tumindak kang becik d. pahlawan
15. Gatra, guru lagu, lan guru wilangan e. ulama
f. srakah
h. geguritan
i.
III.Isenana titik-titik ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!

16. Pahlawan iku pawongan kang ngorbanake jiwa raga kanggo ….


17. Tamam makam pahlawan nasional ing Jakarta jenenge ….
18. Semboyane pahlawan rawe-rawe rantas ….
19. Dina pahlawan dipengeti saben ….
20. Pahlwan gugur dadi kusumaning bangsa. Kusuma tegese ….
21. Kang sinebut Pahlawan Emansipasi Wanita yaiku ….
22. Sekar Dhandhanggula iku kedadeyan saka …. gatra
23. Guru punika pahlawan ingkang tugasipun … siswa.
24. Nawala saking eyang kakung surasa basanipun bab kawantenanipun eyang putri anggenipun
gerah. Tembung surasa basa tegese ….
25. Bu RT : “Assalamu’alaikum”
Siti : “Wa’alaikumsalam,sinten jih?”
Bu RT : “Aku ndhuk, Bu RT, ibu ana?”
Siti “ …. “
Wangsulane siti kang trep karo pacelathon ing dhuwur yaiku ….

IV. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!

26. Apa kang diarani pahlawan iku?


Wangsulan : _________________________________________________________________
27. Gantinen nganggo basa krama ukara ngisor iki!
Dhek wingi sekalahku nganakake upacara peringatan dina pahlawan
Wangsulan : _________________________________________________________________
28. Tulisen ngango aksara jawa ukara iki “ Raden Ajeng Kartini”
Wangsulan : _________________________________________________________________
29. Tulisen sapada salah sijining tembang macapat!
Wangsulan : ________________________________________________________________
________________________________________________________________
________________________________________________________________
________________________________________________________________
________________________________________________________________
________________________________________________________________
________________________________________________________________
________________________________________________________________
________________________________________________________________
________________________________________________________________
30. Gaweya ukara perangane layang “wasana basa” kanggo wong tuwamu!
Wangsulan : ________________________________________________________________
________________________________________________________________
________________________________________________________________
________________________________________________________________
TES LESAN

1. Kang diarani “Pahlawan Tanpa Tandha” Jasa yaiku, ....


2. Jendral Sudirman saiki wis mati nglabuhi negara. Tembung “mati” iku salah kang bener ....
3. Kang sinebut Kutha Pahlawan yaiku ....
4. Pahlawan wutahing ludiramu nyiram ibu pertiwi. Tembung ludira ing geguritan iku tegese ….
5. Sajroning nganakake gerilya Jendral Sudirman akeh nemahi rubeda. Tembung rubeda tegese ...
6. Saben wiyosanipun RA Kartini dipun wontenaken upacara. Wiyosanipun tegese ....
7. Bangsa kang gedhe yaiku bangsa kang ngelingi lan ngormati lelabuhane para ....
8. Pahlawan kang gugur amarga kawengisane PKI diarani pahlawan ....
9. Semboyane para pejuang kang lagi perang yaiku rawe-rawe rantas ...
10. Satriya awujud buta kang sinebut pahlawan nglabuhi wutah getihe ing negara Alengka yaiku .....

TES PERBUATAN

Wacanen kanthi patitis geguritan ing ngisor iki!

Dak sebar kembang melathi


Ing taman makam pahlawan
Kusuma bangsa kang sejati
Luhku tumetes … tes … nelesi bumi
Aku rumangsa dosa

Durung bisa melu labuh Negara


Amung sekar Mlathi iki
Tandha setya lan jajni
Bakal melu napak suci
Labuh nagri alelandhesan ati suci
Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci

1. Wacanen bola-bali geguritan ing ndhuwur!


2. Tegesana tembung-tembung kang angel, yen perlu pundhutna pirsa marang bapak-ibu guru!.
3. Yen wis owahana geguritan iku dadi gancaran nganggo basamu dhewe!
KUNCI JAWABAN UNHAR BHS. JAWA KL.VI SM 2 KE 2

TES TERTULIS

I. PILIHAN GANDA III. ISIAN


1. C 16. Nusa Bangsa / negara
2. B 17. Kalibata
3. D 18. Malang-malang putung
4. A 19. 10 November
5. A 20. kembang
6. D 21. RA. Kartini
7. B 22. 10
8. D 23. minterake. Ndhidhik, mulang wuruk
9. C 24. isine
10. C 25. “Wonten Bu, sekedhap kula matur rumiyen”
(kawicaksanan guru
II. MENJODOHKAN
11. C
12. D
13. F
14. A
15. B.

IV. URAIAN
26. Pahlawan yaiku wong kang duwe lelabuhan kang gedhe tumrap bangsa (wong liya)
27. Kala wingi sekolahan kula ngawontenaken upacara dinten pahlawan
28?r[fnHje=k/tini.
29. kawicaksanan guru
30. Wasana cekap semanten atur kula Pak Lik, manawi wonten kalepatan nyuwun pangapunten.
( kawicaksanan guru )

TES LESAN.

1. Guru
2. seda
3. Surabaya
4. getih
5. alangan
6. lahiripun
7. pahlawan
8. Revolusi
9. malang-malang putung
10. Kumba Karna

TES PERBUATAN
Kawicaksanan guru
Nama :
NIS :
PEMERINTAH KABUPATEN DEMAK
UPTD DIKPORA KECAMATAN WEDUNG
SD NEGERI …………………………….

ULANGAN HARIAN KELAS VI KE 3 SEMESTER II


Mata Pelajaran : Bahasa jawa
Hari / Tanggal : …………….
Waktu : …………….
Tema : Pariwisata

Gathekna tuladha pacelathon ing ngisor iki!

Tutik : “Wah elok banget ya, Candhi Borobudhur iki!”


Puji : “Ya jelas, Tut, lho wong klebu 7 keajaiban dunia”
Ahmad : “Yo dha bareng-bareng nonton stupa-stupa ing candhi iki!”
Tutik : “Ayo, nanging ngati-ati lho aja nganti pisah , mengko malah ilang!”

I. Wenehana tandha ping ( X ) ing aksara a, b, c, utawa d kang dadi wangsulan kang kok
anggep paling bener!

1. Kang di ngomongake ing pacelaton ing dhuwur yaiku candhi ....


a. Prambanan b.Borobudhur c.Jonggrang d. Mendhut
2. Bocah-bocah kang padha guneman ing ndhuwur lagi nganakake …
a. panaliten b.sinau kelompok c.gawe candhi d. pariwisata
3. Candhi Borobudur iku mapan ana ing Kabupaten …
a. Semarang b.Ngayogyakarta c. Magelang d. Klaten .
4. Taman Maerokoco iku papan ….
a. Wisata b.ziarah c. olahraga d. blanja .
5. Kang dudu perangane sesorah/pidhato yaiku ….
a. pambuka b.isi c. panutup d. adangiyah
6. Kang kalebu perangane layang kaya ing ngisor iki, kajaba ….
a. satata basa, adangiyah, surasa basa c. purwaka basa, isi, panutup
b. satata basa, wasana basa, adangiyah d. wasana basa, peprenah, tapak asta
7. Kang dadi gurune para Pandhawa yaiku ...
a. Prabu Duryudono b. Bathoro Kresno c. Begawan Mayangkoro d. Pandhito Durno
8. Cekap semanten atur keng rayi, kula antu-antu rawuh panjenengan.
Demak, 7 Desember 2009
Keng rayi
Manut cuplikan layang ing dhuwur kang klebu peprenah yaiku ....
a. cekap semanten b.Demak c. Keng rayi d. kula
9. Latu iku tansah murup
Ora nggubris kiwa tengene
Nadyan digrujuk tirta
Nadyan maruta padha teka
Nanging latu iku ora surut
Tembung “latu” ing geguritan iku tegese ....
a. geni b. angin c. banyu d. lemah
10. Nadyan maruta padha teka. Kang dikarepake “maruta” ing geguritan dhuwur yaiku ....
a. angin b.banyu c. manungsa d. Sata kewan

II. Gathukna wangsulan ing sisih kiwa nganggo cara nulis aksarane ana ing njero kothak sing
kok anggep bener!

11. Pakurmatan a. Adangiyah


12. Nyuwun pangestu b. Wasana basa
13. nyuwun pangapunten c. Tapak asta
14. Mungkasi isi layang d. Titi mangsa
15. Tandha tangan e. Isi
f. panutup
g. pambuka
h. Peprenah
III.Isenana titik-titik ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!

16. Wong kang piknik iku sejatine kanggo ….


17. Ngaturake maturnuwun iku amarga ….
18. Resi Dorna iku pasanggrahane ana ing padhepokan ….
19. Tirta iku dasa namane ….
20. Kang diwedharake/diucapake sepisanan wong kang pidhato yaiku ….
21. Keluk mumbul ing awiyat. Tembung awiyat tegese ….
22. Papan wisata kang kondhang amarga “Leak” yaiku ing kutha….
23. Bukti yen bakal mlebu ing papan wisata yaiku …
24. Masalah kang cilik dadi gedhe kaya pari basan kriwikan dadi ….
25. Sing nonton ing kebun binatang Rogunan priya wanita, tuwa …. Kabeh padha seneng.

IV. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!

26. Apa wae kang ditindakake naliana ana ing papan pariwisata? Coba sebutna panemumu!
Wangsulan : _________________________________________________________________
_________________________________________________________________
_________________________________________________________________
27. Aranan cengkorongan layang kanthi genep!
Wangsulan : a. __________________________ f. ________________________________
b. __________________________ g ________________________________
c. __________________________ i. ________________________________
d. __________________________ j. ________________________________
e. __________________________
28. Nalika dina Senin aku melu piknik menyang Yogya.
Ukara ing dhuwur owahana dadi basa krama!
Wangsulan : _________________________________________________________________
29. Sebutna 5 wae kang kalebu tembang macapat!
Wangsulan : a. _______________________________________________________________
b. _______________________________________________________________
c. _______________________________________________________________
d. _______________________________________________________________
e. _______________________________________________________________

30.?per=geril-fipimPinPkFi/mn¿.
Tulisan jawa ing dhuwur tulisen latin!
Wangsulan : ________________________________________________________________
________________________________________________________________
TES LESAN

1. Guru iku ora bakal mbedak-mbedakake murid siji lan sijine , paribasane guru ora bakal emban
cindhe emban …
2. Rekreasi ing taman bunga nyengsemake atiku. Nyengsemake kosok baline ....
3. Aku mangkat sekolah numpak pit, dene Ibu Guru tindak sekolah .... montor
4. Layang ulem iki isine ngaturi .... sing diulemi
5. Pak tani anggane nyambut gawe temenan tur rekasa, mula anggane nyambut gawe Pak Tani
direwangi adus ....
6. Susi didhawuhi Pak guru (crita) pengalamane nalika wisata ing taman Sriwedari. Tembung crita
iku kang bener ....
7. Bapak nembe maca koran kalawarti. Tembung “maca” iku luput kang bener ....
8. Yen nindakake kaluputan embuh cilik embuh gedhe kudu ....
9. Siswa punika kedah ... dhumateng guru.
10. Ing pewayangan putrane Prabu Dhestarastra kang gunggunge satus sinebut ....

TES PERBUATAN

Gaweya karangan utawa crita!.

Bocah-bocah mesthi wis tau pariwisata utawa diajak bapak-ibu tindak ing papan-papan
wisata utawa papan kang rame. Coba saiki critakna kanthi tulisen ing buku folio nganggo basamu
dhewe kang apik!
KUNCI JAWABAN UNHAR BHS. JAWA KL.VI SM 2 KE 3

TES TERTULIS

I. PILIHAN GANDA III. ISIAN


1. B 16. nyenengake pikir
2. D 17. diparingi
3. C 18. Sakalima
4. A 19. banyu
5. D 20. salam pambuka
6. C 21. awang-awang
7. D 22. Bali
8. C 23. karcis
9. A 24. grojogan
10. A 25. mudha

II. MENJODOHKAN
11. G
12. E
13. F
14. B
15. C

IV. URAIAN
26. a. tuku karcis
b. nonton-nonton
c. tuku oleh-oleh
d. lan liya-liyane kawicaksanan guru
27. a. satata basa f. papan lan titi mangsa
b. adangiyah g. peprenah
c. purwaka basa (pambuka) h. tapak asta
d. surasa basa i. asma terang
e. wasana basa
28. Rikala dinten senin kula ndherek piknik dhateng yogya.
29. a. Mijil f. pangkur
b. Kinanthi e. megatruh
c. asmaradana f. pocung
d. dhandhang gula g. maskumambang
e. gambuh
30. Perang gerilya dipimpin Pak Dirman

TES LESAN.

1. Siladan
2. nyusahake
3. nitih
4. rawuh
5. kringet
6. nyritakake
7. maos
8. nyuwun pangapunten
9. mbangun miturut
10. Kurawa

TES PERBUATAN
Kawicaksanan guru

Anda mungkin juga menyukai