Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr.Wb.

Ingkang kinurmatan, Bapa Kepala Sekolah SMAN 1 Kedungwaru, bapak lan ibu guru SMAN 1 Kedungwaru
ingkang kula mulyaaken lan ingkang kula tresnani, sedaya kanca kanca ingkang kula tresnani.

Kaping kapisan sumangga kula lan panjenengan ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Allah ingkang
sampun paring kanugrahan arupi kasarasan saengga ngantos wekdal punika kula lan panjenengan
sedayansaged kempal manunggal kanggo ngawontenaken adicara punika.

Kaping kalih, kula ing mriki badhe ngaturaken sesorah bab dampakipun jejaring sosial ing era modern
sameniki. “Teknologi soyo suwe soyo maju” . Mboten saged dipunhindari menawi amarga wontenipun
internet, jejaring sosial niki lair lan terus ngembang nganthi era modern sameniki. Ing era modern
sameniki, jejaring sosial menika sampun dados kaperluan urip sadinten – dinten, umpamanipun ing
kagiatan sosialisasi, pendidikan , bisnis, lan sapanunggalanipun.

Jejaring sosial ing era modern sameniki tuladhanipun yaiku Facebook, Twitter, Instagram, BBM, lan
sapanunggalanipun. Tuwa, nem-neman , nganthi cah cilik jaman sameniki padha gadhah ingkang namine
jejaring sosial. Kabeh padha kecanduan dening jejaring sosial. Mula pramila akehing jejaring sosial
meniki kita sedaya kedhah waspada lan ngati-ati bilih jejaring sosial meniki gadahi manfaat sae lan uga
manfaat kang ala.

Mboten kabeh jejaring sosial gadhahi manfaat utawa dampak kang positif kangge penggunanipun. Napa
malih ing kalangan nem – neman jaman sakniki kang emosine tasih labil. Tegese labil yaiku emosine tasih
gampang diubah-ubah tanpa pemikiran kang tebih tanpa mikirke dampak posifipun utawa negatifupun.
Pramila sumangga kita cermati dampak positif lan negatifipun anane jejaring sosial meniki.

Dampak positifipun inggih menika :

dados sarana hubungan kang efektif ketimbang ngirim surat ing kantor pos

dados alat kang bisa nyebar pawarta utawa informasi kanthi cepet

dados sarana kang bisa mbiyantu para kalangan mahasisa ing kagiatan sinau
dados sarana kangge nambah rencang, utaminipun rencang – rencang kang tebih

Menawi dampak negatifipun inggih menika :

dadosaken para kalangan mahasiswa males anggonipun sinau amargi waktu senggangipun
dipunginaaken kangge dolanan jejaring sosial

Dadosaken kita sedaya kecanduan dening jejaring sosial niki sehingga kita sedaya mboten saged urip nek
mboten nyekel jejaring sosial meniki

Kurangipun hubungan sosial dening masyarakat utawa tiyang tiyang sekitar amargi kita padha keasikan
dolanan jejaring sosial

Cekap semanten kang bisa kula aturaken , mugi mugi lewat sesorah meniki kita sedaya bisa mikir kritis
punapa dampak positif utawi neagitifpun anane jejaring sosial meniki supados kita sedaya mboten rugi
ing wingkingipun. Menawi wonten kalepatanipun , kula nyuwun agunging pangaksami. Matur nuwun

Wassalamualikum Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai