Anda di halaman 1dari 9

DINA MINGGU LUMRAH III

Minggu Sabda Dalem Gusti,


25 Januari 2020

EKARISTI MAHARGYA 25
TAHUN IMAMAT
Rm. Pontianus Budi Nugroho, Pr

“Aku nuli krungu swaraning Pangeran kang


ngandika: “Sapa kang bakal Sunutus, lan sapa kang
gelem mangkat minangka utusaningSun?” Aku
banjur munjuk: “SUMANGGA, MUGI KARSAA
NGUTUS KAWULA!”

Yes 6:8
RITUS PAMBUKA
I Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama,
saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci.
U Amin.

I Gusti manunggala.
U Kaliyan kula sadaya.

CECALA
I 1. PAHARGYAN MIRUNGGAN DINO MINGGU SABDA DALEM
GUSTI KAYA DENE SING DIDHAWUHAK DENING SANTO BAPA
FRANSISKUS LUMANTAR NAWOLO APOSTOLIK APERUIT ILLIS
KANG NGANDARAAKE PERLUNE UMAT KATOLIK MUNDHAK-
MUNDHAK TRESNO KARO SABDA DALEM GUSTI KANG DADI
DHASAR URIPING UMAT DALEM GUSTI

2. MAHARGYA 25 IMAMAT ROMO PONTIANUS BUDI


NUGROHO, PR. ROMO BUDI JINEBADAN DADI IMAMING
PASAMAUWAN SUCI DUK NALIKA TANGGAL 25 JANUARI
1995 ING GREJO KALASAN DENING RAMA USKUP BLASIUS
PUDJARAHARJA, USKUP KETAPANG.

3. UMAT KAAJAK NGRIYAAKE IMAN KAPITAYANE AWIT


KAMIRAHAN DALEM GUSTI KANG NIMBALI SOKO TENGAH-
TENGAH KITA IMAM KANGGO NGLADENI PASAMUWIN SECI
SAWEGUNG. “GEMBALA-GEMBALA KUANGGKAT BAGIMU;
GEMBALA-GEMBALA KUAMBIL DARIMU, KANGGO
NGLANTARAKE SIH KAMIRAHAN DALEM KANGGO
SADHENGAH UMAT.

4.KITA NYEYUWUN UGO KANGGO UMAT KABEH SUPAYA


URIPE TANSAH BINERKAHAN, RAHAYU KANG PADA TINEMU.
5. RAMA BUDI, SUMONGGO KEPARENG SEDOYO UMAT
SAMPUN SAMEKTO, KERSOO NGLARAPAKEN
SEMBAHYANGAN-SEMBAHYANGAN ING SONTEN MENIKA
SUPADOS KATUNGGILAKEN KALIYAN KURBAN DALEM SANG
KRISTUS.

TOBAT

KIDUNG MINULYA

SEMBAHYANGAN PAMBUKA
I Swawi sami munjuk:
Allah ingkang siniwaka ing kratoning swarga, kawula munjuk
puji syukur ingarsa Dalem karana sampun katanem winihing
iman kapitadosan jroning manah kawula. Langkung-
langkung, Panjenengan sampun maringaken Gusti Yesus
Kristus, Sang Sabda, ingkang sampun kersa ngentasaken
kawula luwar saking bebenduning dosa. Mugi kersaa ngutus
Hyang Roh Suci Dalem amrih manah tuwin budi kawula
tansah meleng ing sabda. Panjenenganipun menika Sri Yesus
Kristus, Putra Dalem, Gusti tuwin lantaran kawula ingkang
gesang lan amangku keprabon manunggil ing Hyang Rama
lan Hyang Roh Suci, samenika sarta ing salam-laminipun.

U Amin.

LITURGI SABDA
WAOSAN SEPISAN Is 8: 23b -9: 3

“Panjenengane bakal mulyakake dalan menyang ing sagara,


wilayah ing sabrangane bengawan Yarden, wewengkoning
bangsa-bangsa liya
Pethikan saking Kitab Nabi Isaias

Nanging nagara kang rinupek iku ora bakal katempuh ing kaanan
surem ing salawase. Manawa biyen Sang Yehuwah ngesorake
tanah Zebulon lan tanah Naftali, besuk Panjenengane bakal
mulyakake dalan menyang ing sagara, wilayah ing sabrangane
bengawan Yarden, wewengkoning bangsa-bangsa liya.Bangsa
kang lumaku ing pepeteng wus sumurup pepadhang gedhe; wong
kang padha manggon ing nagara kang peteng ndhedhet wus padha
kaplethekan pepadhang.Paduka sampun nuwuhaken surak
mawurahan, saha kabingahan ingkang ageng. Tiyang-tiyang sami
abingah-bingah wonten ing ngarsa Paduka, kadosdene bingahipun
tiyang ing mangsa panen, kadosdene surak-surakipun tiyang
nalika mbage rayahan.Awit pasangan ingkang mlinder saha
rembatan ingkang wonten ing pundhakipun sarta penthungipun
tiyang ingkang nindhes sampun Paduka tugel kados nalika
kawonipun Midian.

L Mekaten Sabda Dalem Gusti.


U Sembah nuwun kunjuk ing Gusti

MAZMUR TANGGAPAN

WAOSAN KAPINDO IKor 1:10-13


Pethikan saking Serat Hibrani
“”
Ewadene kowe padha dakpituturi, para sadulur, marga saka
Asmane Gusti kita Yesus Kristus, kowe kabeh dipadha saiyeg
sarta aja nganti ana pasulayan ing antaramu; nanging kowe padha
raket-rukuna, tunggal budi sarta tunggal pangrasa.Sabab, para
sadulurku, aku wis diwartani dening wong-wong saka brayate
Khloe ing ngatase kowe kabeh, yen ing antaramu ana
padudon.Kang dakkarepake iku yaiku siji-sijine panunggalanmu
calathu: Aku iki golongane Paulus! Aku golongane Apolos! Aku
saka golongane Kefas! Utawa aku golongane Sang Kristus.Apa
Sang Kristus iku kaperang-perang? Apa Paulus iku kasalib marga
saka kowe? Utawa apa kowe padha kabaptis ing jenenge Paulus?
L Mekaten sabda Dalem Gusti.
U Sembah nuwun kunjuk ing Gusti

ALLELUYA

WAOSAN INJIL
Markus 10:2-12 (cekak)

I Gusti manunggala
U Kaliyan kula sadaya
I Pethikan Injil Suci anggitane Santo Markus
U Linurhurna Gusti

“Panjenengane banjur tindak sumingkir menyang ing tanah


Galilea,pindhah saka Nasaret lan dedalem ana ing kutha
Kapernaum, ing sapinggiring sagara ing laladan tanah Zebulon
lan Naftali,supaya kayektenana kang kapapangandikakake dening
Nabi Yesaya”

Bareng Gusti mireng pawarta, yen nabi Yokanan wus kacepeng,


Panjenengane banjur tindak sumingkir menyang ing tanah
Galilea,pindhah saka Nasaret lan dedalem ana ing kutha
Kapernaum, ing sapinggiring sagara ing laladan tanah Zebulon lan
Naftali,supaya kayektenana kang kapapangandikakake dening
Nabi Yesaya mangkene:“Tanah Zebulon lan tanah Naftali, dalan
menyang ing sagara, ing sabrange bengawan Yarden, tanah
Galilea panggonane bangsa-bangsa liya,bangsa kang manggon ing
pepeteng, iku wus ndeleng Papadhang kang gedhe, sarta wong
kang padha manggon ing tanah kang kalimputan ing
wewayangning pati, iku wus kaplethekan Pepadhang.”Wiwit
nalika iku Gusti Yesus nggelarake piwulang, pangandikane:
“Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wus cedhak!”Nalika
Gusti Yesus pinuju tindak urut pinggiring sagara Galilea, mirsa
wong loro padha sadulur, yaiku Simon kang karan Petrus karo
Andreas sadulure, lagi padha nibakake jala ing sagara, amarga
padha dadi juru-amek-iwak.Banjur padha didhawuhi: “Ayo, padha
melua Aku, kowe padha bakal Dakdadekake juru-amek-
wong.”Sanalika banjur padha ninggal jalane, ndherekake Gusti
Yesus.Sabanjure nalika tindak saka kono, Panjenengane mirsa
wong loro maneh, uga padha sadulur, yaiku Yakobus anake
Zebedheus karo Yokanan sadulure, ana ing prau lagi ngrewangi
Zebedheus bapakne anggone nyulami jalane, banjur padha
ditimbali. Sanalika padha ninggal praune lan bapakne, nuli
ndherekake Gusti Yesus.Gusti Yesus tumuli ndlajahi satlatahe
tanah Galilea kabeh, memulang ana ing papan-papan pangibadahe
wong kono, sarta nggelarake Injiling Kraton, apadene nyarasake
sarupane lelara lan sarupane memala, kang tinemu ing
satengahing bangsa kono.

I Mekaten Sabda Dalem Gusti.


U. Sembah nuwun kunjuk ing Gusti

HOMILI

SYAHADAT

DOA UMAT
I Kita sadaya sampun katunggilaken dening Sang Kristus
jroning kapitadosan, pangajeng-ajeng tuwin asih tresna.
Mangga sami munjuk amrih tansah teguh ing kapitadosan
lan pangajeng-ajeng sarta asih tresna kawula sangsaya
mubyar. Pramila sumangga sami munjuk ingarsa Dalem :
U Kateguhna kapitadosan kawula. Dhuh Gusti.

L Kawula munjuk kagem Pasamuwan Suci Dalem. Mugi


Pasamuwan Suci boten kentir dening mobah-mosik ing
zaman saengga lajeng kecalan pepancasan. Kaampingana
para pangarsaning Pasamuwan supados tansah nenuntun
kawula, umat Dalem, amrih sangsaya mangertosi tuwin
ngugemi kapitadosanipun. Swawi sami munjuk ingarsa
Dalem…..
U Keteguhna kapitadosan kawula, dhuh Gusti.
L Kawula munjuk kangge para aktivis ing Pasamuwan Suci
Dalem. Mugi tansah kaampingana tuwin kakiyatna. Mugi
para aktivis ing Pasamuwan Suci Dalem tansah kapenuhan
ing asih tresna Dalem Sang Kristus, Putra Dalem, saengga
lajeng wani martosaken kabar kabingahan miturut
caranipun piyambak-piyambak. Swawi sami munjuk
ingarsa Dalem...
U Kateguhna kapitadosan kawula, Dhuh Gusti.
L Kawula munjuk kangge umat Dalem ingkang nandhang
krisis iman. Kagigaha manahipun amrih manggihaken
Gusti jroning gesangipun. Kabikaka manah tuwin
budinipun, saengga tansah nampi sabda Dalem lan wani
nindakaken dhawuh Dalem Gusti minangka murid Dalem
kang sejati. Swawi sami munjuk ingarsa Dalem...
U Kateguhna kapitadosan kawula, Dhuh Gusti.

U Kawula munjuk kangge sedaya umat ingkang sami


ngempal ing papan menika. Kagigaha manah kawula
amrih ditansah setya jroning kapitadosan tuwin nggadhahi
pangajeng-ajeng. Mugi Taun Iman ingkang badhe
kaleksanan menika nuntun kawula amrih sangsaya
grengseng nindakaken pahargyan-pahargyan liturgi,
langkung-langkung pahargyan bojana korban Ekaristi.
Swawi sami munjuk ingarsa Dalem……...
U Kateguhna kapitadosan kawula, Dhuh Gusti.

I Allah Rama Mahakuwasa, wiwit kina mila Pasamuwan


Suci tansah ngugemi imanipun kanthi temata lan
wicaksana. Kaparingana kawula teguh ing iman saengga
wani memangun lembaran gesang enggal miturut kersa
Dalem Gusti. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula,.
U Amin.

LITURGI EKARISTI
SEMBAHYANGAN CECAWIS PISUNGSUNG
I Dhuh Allah, Mugi rena nampi pisungsung roti lan anggur
ingkang kawula unjukaken ingarsa Dalem minangka atur
panuwun krana berkahing iman kapitadosan ingkang
sampun kawula tampi. Mugi kawula tansah setya
ngenggalaken kapitadosan kawula ingarsa Dalem.
Lantaran sang Kristus Gusti kawula,.

U Amin.

SEMBAHYANGAN PANUWUN AGUNG (PILIHAN 4)

RAMA KAWULA

KOMUNI

ANTIFON KOMUNI

Gusti mahasae marang sing padha njagakake, marang sukma sing


ngupadi Panjenengane.

SEMBAHYANGAN BAKDA KOMUNI


I Swasi sami munjuk:
Dhuh Allah, kawula munjuk sembah nuwun krana rejeki
rohani ingkang sampun kawula tampi. Kawula nyuwun,
mugi berkah saking swarga menika tansah ngiyataken
kawula jroning martosaken sabda kasunyatan ingkang
sampun dipunwarisaken dhateng kawula. Kgigaha kawula
amrih wani ngupadi iman lan ngakeni kanthi penuh
kapitadosan tuwin pangajeng-ajeng kaliyan ngantu-antu
karahayon Dalem. Lantaran sang Kristus Gusti kawula.

U Amin.

RITUS PENUTUP
PENGUMUMAN
MC : 1. Pengumuman Paroki
2. Menghantar sambutan-sambutan
a. dari pastor Paroki
b. sambutan dari Yang berpesta / Wakil Keuskupan
Ketapang
c. Pemotongan Timpeng
d. Penyerahan Bingkisan

BERKAT

PENGUTUSAN

Anda mungkin juga menyukai