Pidato B Jawa Narkoba

Anda mungkin juga menyukai

Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kawula hormati Bapak guru bahasa jawa lan rencang-


rencang kula ingkang kula tresnani.

     Saderengipun sumonggo kita sareng-sareng ngaturaken puji


syukur dumateng Alloh SWT ingkang taksih maringi kawilujengan
dumateng kita sedaya, saengga kita saged kempal malih wonten
kesempatan niki, sholawat saha salam mugi konjuk wonten
ngarsanipun Nabi Muhammad SAW ingkang sampun mbekta kita
sedaya wonten jaman ingkang terang benderang

      Kepareng wonten ing kesempatan niki, kula bade ngaturaken


babakan Narkoba. Saderengipun kita sedaya sami sampun ngertosi
ingkang namine narkoba nggih? Mboten tiyang enem, mboten sepuh
sampun mangertosi narkoba amargi sering diberitakaken wonten tv.
Narkoba niku obat ingkang saged mbahayaken sanget lan saged
nyebabaken tumindak pengonsumsine melenceng saking kasusilan
lan saged mlebetaken marang penjara. Tiyang ingkang ngonsumsi
narkoba niku saged ical kesadaran lan tumindak anarkis, kadosipun :
mbegal, mejahi tiyang, lan sanes-sanesipun,. Ingkang luwih
mbahayanipun malih narkoba niku saged nyebabaken
pengonsumsine kecanduan, menawi kecanduanne sampun berat
saged nyebabaken pengonsumsine niku pejah utawi ninggal. Tiyang
ingkang ngonsumsi narkoba niku saged sinten mawon, mboten
pejabat, mboten artis, mboten sugih, mboten miskin.
      Pramila kanti mekaten, mangga kita sareng-sareng nebihi
narkoba. Upaya-upaya ingkang saged dipun tindaake inggih menika :
1.     Ningkataken keimanan dumateng Alloh SWT
2.     Ninggalaken utawi nebihi kebiasan supados ngrokok
3.     Ati-ati menawi milih kanca
4.     Ningkataken kegiatan ingkang positif kangge ngisi waktu luang
5.     Pemerintah kedah damel aturan lan sanksi hukuman ingkang
saged damel efek jera
     
      Langkung para generasi muda kedah berjuang saha merangi
narkoba ampun ngantos kepincut barang ingkang haram menika
amargi kita sedaya bade dados harapan bangsa wonten ing masa
depan
      Sakiranipun mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi-mugi
saged ndadosaken manfaaat lan pepenget tumrap kita sedaya lan
bilih menawi kula matur wonten katah kekuranganipun, kula nyuwun
agunging pangampunten .
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai