Anda di halaman 1dari 2

Nama: Nurina Vidya Ayuningtyas

Kelas : IX D

No : 21

Pasrah Temanten
Assalamualaikum wr. wbb.

Bismillaahirrohmaanirrohim. Innalhamdalillahi nahmaduhu wanasta’iinuhu


wanastaghfiruhu Wana’udzubiillah minsyurruri ‘anfusinaa waminsayyi’ati ‘amaalinnaa
Manyahdihillah falah mudhillalah Wa man yudh lil falaa haadiyalah Wa asyhadu allaa
ilaaha illallaah wahdahu laa syariikalah wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu wa
rasuuluh.

Dumateng para ‘alim, para ulama ingkang tansah kaantu antu sabda miwah luhuripun.

Dumatengpara pepunden,para sesepuh, saha para pinisepuh ingkang tansah anggung


mestuti dumateng pepoyaning kautamen.

Poro sedyo werdo carono madyo tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagyo
mulyo.
Shohibudda’wah, panjenenganipun Bp. H. Sudarko, S.Ag lan Ibu H. AnikFitriani
S.H
Wabil Khusus dumateng temanten kekalih ingkang berbahagia.

Minangka purwaning atur, sumangga tansah enget ngunjukaken raos syukur ing
ngarsanpun Gusti Ilahi Robbi ingkang sampung nglentrehaken mapinten pinten
kanikmatan, mliginipun kasugengan, saha kalodhangan saengga ing wekdal menuika
kita saged makempal kanthi pinaringan kaharjan.

Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dumateng titah linangkung ingkang
dados patutan, patuladhan kita sedaya inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW.
Ingkang tansah kaantu antu syafa’atipun mbenjang wonten yaumul qiyamah. Aamiin.

SaklajengipunKuloNgaturakenAgungingPanuwunDumatengSederekPranotoAcoroIngk
angSampun Paring WekdalDumatengKulo, Mugi-
MugiWekdalMenikoSagetKuloGunaakenIngkangSa’sahe-Sahenipun.
Para tamukakungsumawanaputriingkangdahatkinurmatan.
PanjenenganipunBp.Sudarko, S.Agingkangsatuhukulabekteni. Kula
minangkatalangingbasacundhakaningaturpanjenenganipunBp.HeruSusanto, M. Pd
kalianIbu Windyah Retnowati, S.Pd.

Jangkep kaping kalih, rehing putra calon temanten kakung nuwun inggih
panjenenganipun Mas Bagus Ari Yudha Saputra M. Siputra panjenenganipun Bp.
H, Sudarko, S.Ag kaliyan Ibu Hj.Anik FitrianiS.Hingkang pidalem ing Genuk
Indah, Semarang.Sampun kelampahan daup kaliyan Rara Ayu Anggitya
Ratnasanti, S.E,putri panjenenganipun Bp. Heru Susanto,M. Pd kaliyan ibu
Windyah Retnowati S. Pd, kala wingi dinten Ahad Surya kaping 23 November
2019, wanci tabuh 10.00 WIBmapan ing dalem temanten putri, kanthi nirbaya nir
wikara boten wonten alangan satunggal punapa.

Ugi mboten kesupen, kula pasrahaken putra putra temanten menika wonten
kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi tinampia dados warganing bebrayan
ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu sak murwatipun.

Dene ingkang wekasan, sesampunipun paripurnaning pahargyan kula sarombongan


pengombyong temanten putri, kaparengo nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-
mugi lampah kawula sarombongan manggih wilujeng kalis ing rubedo nir ing sambikolo
dumugi dalemipun soang -soang.
Kula ingkang minangka caraka ingkang ngaturaken pasrahan temantenan, mbok bilih
wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur lan mbok bilih wonten kiranging subasita,
tandang tanduk tuwin tata krami, kula dalah para caraka ingkang nglumtaraken srah-
srahan sadaya nyuwun samodraning pangkasami.
Tahu kecap rego seringgit.
Gulone abang campuran santen.
Sampun cekap kulo nyuwun pamit.
Menawi kirang nyuwun pangapunten.

Akhirul kalam bilahut taufiq wal hidayah


Wassalamualaikum wr.wb

Anda mungkin juga menyukai