Anda di halaman 1dari 3

MAJELIS PENDIDIKAN DASAR DAN MENENGAH

PIMPINAN CABANG MUHAMMADIYAH KARANG PILANG


PENILAIAN AKHIR SEMESTER I TAHUN 2019/2020
SD MUHAMMADIYAH 22 SURABAYA

Tanda Tangan Bidang Studi : BAHASA JAWA Nilai


Orang Tua Kelas : V (Lima)
Hari/Tanggal : ………………………………………………..
Waktu : 60 Menit
Nama Peserta : ………………………………………………..

I. Pilihen wangsulan sing bener kanthi menehi tandha silang (x)!


MANJER LAYANGAN
Sore kuwi angin sumilir midit. Bima sakancane nggendring menyang lapangan. Bocah-
bocah padha arep manjer layangan. Wujude layangan rena-rena. Parmin sajak gedhe endhase,
amarga layangane katon gedhe dhewe tur muluk dhisik dhewe. Sedhela wae layangane bocah
selapangan padha mumbul dhuwur. Ora nyana, layangane Bima pedhot kesambit layangane
parmin. Weruh layangane pedhot , sakala Bima kaya pedhot atine. Guyune Parmin nyata
Ngabangake kuping. Banjur Bima rumangsa semplah atine.

A. Sarampunge njingglengi wacan ing dhuwur, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1. Kena apa Bima sakancane nggendring menyang lapangan sore kuwi?


………………………………………………………………………………………………..

2. Kena apa layangane Bima pedhot ?


………………………………………………………………………………………………..

3. sapira muluke layangane bocah-bocah ?


………………………………………………………………………………………………..

4. Sakala Bima kaya pedot atine. Apa tegese tembung pedhot atine?
………………………………………………………………………………………………..

5. Guyune Parmin nyata Ngabangake kuping . Apa tegese tembung ngabangake kuping ?
………………………………………………………………………………………………..

B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih siji wangsulan (a, b, c utawa d)
sing paling bener!

6. Ing ingisor iki gunane dolanan tradhisional, kajaba ……


a. Bisa gawe rukun sakancane b. Nglatih ketrampilan
c. Gawe awak sehat d. Bisa gawe padu/ tukaran kancane

7. Pawarta iku kedadean ingkang ……………..


a. Nyata b. Saka wong liya c. Ora nyata d. Opini
8.

Ide pokok kang mathuk kanggo gambar ing dhuwur yaiku …….
a. Dolanan jamur b. Dolanan gobag sodor
c. Dolanan jumpritan d. Dolanan dhakon
9. Gambar ing dhuwur yen ditulis wujud pawarta, manut isine bisa digolongke jinise ……
a. Politik b. Agama c. Hiburan d. Ekonomi
10. Warta kang diterbitake saben dina diarani ……..
a. Ariwarti b. Kalawarti c. Kala-kala d. Pawarta
11. Layang kabar basa jawa saka Jawa Timur yaiku …….
a. Mekar sari b. Jaya baya c. Kompas d. Sindo
12. Lumrahe basa rinengga kanggo nulis yaiku ……
a. Kasustraan b. Pawarta c. Layang kabar d. Narasi
13. Tembung ca,boran tugel “BangJo” asale saka tembung …..
a. babang Ijo b. Abang Ijo c. Bang Jo d. Abang Putih
14. Ing ngisor iki sing kalebu tembung saroja, kajaba ……
a. Babak bundhas b. Suwuk sembur c. Tape ketan d. Malang megung
15. Ora padha karo kanca-kancane kang katon sumyah gumbira. Tembung sumyah gumbira
tegese kagolong tembung …….
a. camboran b. saroja c. entar d. lugas
16. Tembung sumyah gumbira tegese yaiku ……
a. seneng banget b. susah c. bingung d. gela
17. Praupane peteng kaya ana bab sing didhelikake. Tembung praupane peteng kagolong
tembung …..
a. camboran b. saroja c. entar d. lugas
18. Tembung praupane peteng tegese yaiku……
a. seneng banget b. susah c. bingung d. gela
19. Mendung peteng ing praupane Sodin banjur owah dadi udan brebel-brebel, mbrebes mili.
Tembung owah dadi udan tegese yaiku ……
a. udan b. banyu c. tangis d. kringet
20. Cacahing gatra / larik saben sapada diarani …….
a. Guru gatra b. Guru wilangan c. Guru lagu d. Guru swara
21. Cacahing wanda saben sagatra diarani …….
a. Guru gatra b. Guru wilangan c. Guru lagu d. Guru swara
22. Tibaning swara (vokal) ing saben pungkasane gatra diarani ……
a. Guru swara b. Guru gatra c. Guru wilangan d. Guru sastra
23. Tembang macapat cacahe ana …….
a. 10 b. 9 c. 11 d. 15
24. Tembang macapat iku kaiket ing telung paugeran, kejaba ……
a. Guru swara b. Guru gatra c. Guru wilangan d. Guru sastra
25. Dedalane guna lawan sekti.
Ukara ing dhuwur guru willangan lan guru lagune yaiku ……
a. 8u b. 9i c. 10a d. 10i

C. Wangsulana kang patitis!

Pucung
Bapak pucung rupane amemba gunung,
Tan ana kang tresna,
Kabeh uwong mesthi sengit,
Kang panggonan den lus-elus tinangisan.
26. Tembang macapat ing dhuwur arane tembang ……
27. Tembang macapat ing dhuwur awujud cangkriman, batangane yaiku ….
28. Dawa tangane kalebu tembung …………….
29. , yen ditulis nganggo aksara latin yaiku …….
30. Nagasari kalebu tembung ……
31. Dolanan tradhisional iku gunane supaya bocah dadi …..
32. // ……… , ya gegetok/ jamur apa, ya gegetok/ jamur hajih, mbwjijih saara-ara/ sira mbadhe
jamur apa?//
Tembung kang trep kanggo njangkepi lelagon mau yaiku ….
33. Arane kalawarti kang terbit saka kutha Surabaya, yaiku …..
34. Asmaradana, Pangkur, Durma lan Pucung iku kalebu tembung ………….
35. Bener luput ala becik lawan begja.
Ukara ing dhuwur guru willangan lan guru lagune yaiku ……

Anda mungkin juga menyukai