Anda di halaman 1dari 4

NAMA : ……………………………………………………

No. : ……………………………………………………

PENILAIAN AKHIR TAHUN


SATUAN PENDIDIKAN SEKOLAH DASAR

SDN 1 SINGONEGORO
TAHUN PELAJARAN 2019/2020

Tema : Bahasa Jawa

Kelas : V (Lima)

Hari / Tanggal : Senin, 8 Juni 2020

Waktu : 08.00 – 09.30 (90 Menit)

A. WENEHANA TANDA PING (X) ING AKSARA A, B, C, UTAWA D SING DIANGGEP BENER!

Wacanen cerita ing ngisor iki!


Mudik Lebaran
Saben tahun nyedaki dina riaya Idul Fitri, akeh wong sing bali ing kota kelahirane dewe-dewe saka perantauane. Pada bali
kepengen ketemu karo keluargane dewe-dewe. Kegiatan kaya ngono kui iku istilahe diarani mudik. Wong-wong pada
mudik gunakake piranti transportasi apa bae, saka montor, bus, kereta, kapal utawa montol mabur. Saking akehe wong seng
pada mudik, dalan-dalan pada macet. Apa meneh pas wes nyedaki dina riaya kurang seminggu. Akeh wong sing mudik
asale saka kutha-kutha gede, kaya Jakarta, Surabaya, Bandung, Semarang lan lia-liane. Dina riaya Idul Fitri bisa dadi wektu
sing pas kanggo kumpul karo keluargane dewe-dewe, ing wektu iku biasane wong-wong sing pada kerja oleh liburan rada
suwe. Dadi iso dimanfaatke kanggo silaturrahim mbi kabeh keluargane sing ana desa-desa.
1. Apa irah-irahan cerita ing dhuwur?
a. Lebaran
b. Mudik
c. Mudik Lebaran
d. Riaya Idul Fitri

2. Kang kalebu alat transportasi kanggo mudik, kejaba ….


a. Becak
b. Montor
c. Kapal
d. Kereta

3. Apa tujuane wong-wong pada mudik?


a. Kepengen dodolan nang desane
b. Kepengen liburan pas wektu Idul Fitri
c. Kepengen silaturrahim karo keluargane
d. Kepengen numpak montor mabur

4. Kenapa nyedaki wektu Idul Fitri dalan-dalan gedhe pada macet?


a. Amarga akeh wong kang liburan
b. Amarga akeh wong kang dodolan
c. Amarga akeh wong kang padha mudik
d. Amarga akeh wong kang luru keluargane

5. Ing ngendi tujuane wong-wong padha mudik iku?


a. Ing panggonan liburan
b. Ing panggon kerjane
c. Ing dalan-dalan
d. Ing kutha kelahirane

6. Perange Pandhawa lan Kurawa yaiku arane ….


a. Ramayana
b. Baratayuda
c. Baratayana
d. Dhawakura

7. Prabu Dewatacengkar iku ratu ing ….


a. Ngastina
b. Madukara
c. Medhangkamulan
c. Jodhipati

8. Padaringan iku wadah kanggo nyimpen ….


a. Duwit
b. Beras
c. Gabah
d. Piring

9. Aksara Jawa iku jumlahe ana ….


a. 28
b. 15
c. 10
d. 20

10.

Unine ukara ing dhuwur yaiku ….


a. Macan mangan kidang
b. Mangan karo kupat
c. Macan anake papat
d. Macan sikile papat

11. Bapak lunga Semarang


Yen ditulis Jawa dadi ….

a.

b.
c.

d.

12. Budi lagi lara demam, wonge krasa cenut-cenut.


Sing cenut-cenut yaiku ….
a. Pundhake
b. Bathuke
c. Wetenge
d. Sikile

13. Andi kui bocah seng ora sopan, wonge ora gelem pamitan. Arep dolan langsung lunga …
a. Ceg
b. Dhor
c. Klepat
d. Bles

14. Piranti kanggo babat suket lan pari yaiku ….


a. Pacul
b. Parang
c. Kampak
d. Arit

15. Tembung apik iku pada tegese kalian ….


a. Ala
b. Seneng
c. Remen
d. Becik
16. Bengi iki rembulane katon bunder. Langite dadi katon padang ….
a. Jluwang
b. Njingglang
c. Dluwang
d. Abang

17. Tembung ing ngisor iki sing ora kalebu dasanamane angin yaiku ….
a. Bajra
b. Hawa
c. Bayu
d. Surya

18. Sirahe Pak Darman gundhul tanpa ….


a. Topi
b. Wulu
c. Rambut
d. Buntut

19. Kencur, jahe, kunyit iku kalebu tanduran ….


a. Palawija
b. Empon-empon
c. Palagumantung
b. Palakesimpar

20. Penggaweane – sopir – dados – Heri – sakniki


Urutan tembung-tembung kang bener yaiku ….
a. Penggaweane sopir sakniki dados Heri
b. Heri dados sopir penggaweane sakniki
c. Dados Heri penggaweane sakniki sopir
d. Heri sakniki penggweane dados sopir

21. Pakdhe uwis ngombe banyune


Yen dikramake dadi ….
a. Pakdhe sampun ngombe banyunipun
b. Pakdhe sampun ngunjuk toyanipun
c. Pakdhe sampun mundut yatranipun
d. Pakdhe sampun nyambut yatranipun

22. Woh jati arane ….


a. Karuk
b. Besusu
c. Janggleng
d. Kolang-kaling

23. Rani iku nek mlaku banter, nanging nek Dini iku mlakune alon kaya ….
a. Sepur
b. Kilat
c. Keyong
d. Kucing

24. Pak Danu wes wegah ngomongi Adi, amerga Adi kui bocah sing kaku atine.
Kaku atine iku artine ….
a. Gampang nesu
b. Angel dikandani
c. Seneng bantah
d. Ora gelem ngomong

25. Piranti ing ngisor iki sing ora kalebu gamelan yaiku ….
a. Gambang
b. Gong
c. Biola
d. Saron

B. JAWABEN PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI BENER!

1. Jun iku wadah kanggo golek ….


2. Woh aren arane ….
3. Cerita kancil lan baya iku kalebu cerita ….
4. Panganane kurang enak, mergane anyep tanpa ….
5. Semar iku juga nduwe jeneng liya arane ki lurah ….
6. Biyung, mbok, umi, indhung iku dasanamane ….
7. Wong kang penggaweane ngladeni ing montor mabur arane ….
8. Banyu sumure bening kaya ….
9. Bu Sinta iku wong sing dawa ususe, kena cobaan apa wae tetep bersyukur.
Dawa ususe iku tegese ….

10.

Unine yaiku …..

Anda mungkin juga menyukai