ing kuping. Suoro ibukku sing melu nyandingi agawe aku langsung tangi soko anggonku turu. Tak pateni hp ku banjur tak deleng wis jam 6 isuk. Koyo biasane aku banjur ngrewangi ibukku resik-resik omah.
Ibu : ayo ndang tangi wes awan, we mau wes sholat
subuh durung?
Aku : sampun buk, bakdho sholat kulo tilem malih.
Ibu : lha bar sholat kok turu neh gak langsung
ngrewangi ibuk. Aku : tasek ngantuk buk, yowes ndi sing durung tak resikane
Ibu : iki kumbahane pemeen wes ibuk umbah, trus
kuwi piringe ojo lali diresiki, omahe sisan pel mau wes tak sapu, bar kuwi larahane buwak en ning cedak e pasar kono.
Aku : nggeh buk, yowes njenengan siram mawon niki
tak resikane.
Jenengku ADIT aku kelas 12 ipa 1, aku sekolah
ing SMA N 4 BOJONEGORO. Saben mari sholat subuh aku mesti turu maneh banjur tangine jam 6 isuk. Mari ngunu aku langsung rewangi ibukku amargo jam 7 ibu kudu wes budal kerjo. Mari ngeresiki omah aku langsung budal ning omah kidul utowo omah e mas ku sing deweke sak iki kerjo ning Suroboyo ning kono aku ngerumat pitik sing kabeh e enek 5.
Sakben isuk lan sore aku mesti mrono makani
pitek. Banjur kuwi aku langsung muleh trus mbukak hp kanggo absen pelajaran dino kuwi kyo biasane. Keseharianku iki mben ndino tak lakoni sakdurunge padahal ora koyo ngene. Semenjak onok Virus Covid 19 kuwi aku mulai nglakoni sekolah koyo ngeneki.
Awal virus iki lagi geden-gedene yoiku pas ulan
Maret. Aku budal sekolah jam 6 isuk lek bar sholat subuh aku langsung ngrewangi ibukku resik-resik banjur kuwi aku sarapan lan adus. Mari adus aku siap-siap trus langsung budal sekolah. Ing kelas wes enek koncoku sing jenenge Arthur, Rozaq, Bintang. Aku guyon karo koncoku ing ngarep kelas. Arthur ngomong lek iki ngko ape enek pengumuman muleh isuk.
Arthur : he ki ngko lho ketok e mulih isuk.
Rozaq : lho lha enek opo kok muleh isuk, rapat
to pye gurune?
Bintang : ora, lha we ora ndeleng ta berita mang
mbengi ning Tv?
Rozaq : berita opo?
Aku : oualah berita Covid 19 iku ta?, jarene
Ketua Menkes lan Mendik sekolah bakal libur suwe amargo virus sak iki wes nyebar ning Indonesia.
Arthur : aku yo ruh berita kuwi, budhe ku yowes
entuk surat e lek bakal libur suwe pekoro Covid 19 iki.
Aku : mosok iku tenan, lha trus Ulangane sok
iki pye?
Arthur : jerene sih bakal diundur.
Bintang : cocok ki lek pancen libur tenan
mumpung aku urung nggarap PR dino iki eg heheheh.
Rozaq : mugo-mugo ae ora suwi libur e.
Aku : lha kenopo? Gak yo malah penak kene
iso libur suwi.
Rozaq : yo ancene enak lha sak iki masalahe
adewe wes arek munggah kelas 12. Ngko lek semisal urung masuk sampek kene kelas 12 trus ujiane piye? Aku : oh iyo ya, keplek nhu mengko lek pas Ujian Klenga Klengo ra ngerti opo-opo
Kabeh :hahahaha
Ora suwe bel sekolah muni teeeeeeet. Para siswa
podo Langsung melbu ing kelas e dewe-dewe. Wektu wes jam 7 luweh 15 menit biasane guru maple wing melbu ing kelas tapi iki urung onok guru sing melbu kelas.
Koncoku sing jenege Abel banjur ngomong
Abel : ambu-ambune sido muleh isuk ki
Arthur : iyo paling, ngko iso leyeh-leyeh ning
omah
Bintang : Mugo-mugo sido libur lek iso sampek
setahun
Aku : lambemu lha sok lek Ujian piye?
Abel : Loss gak rewel. Hahahaha
Ora let suwe bel sekolah muni Teeeet, Teeeeet,
Teeeeet. Bel sekolah muni ping telu tandane muleh banjur kuwi diiringi suoro pengumuman saking Kepala Sekolah. Para siswa sakniki kumpul teng Lapangan. Banjur kuwi para siswa langsung baris teng lapangan. Kepala Sekolah ketok koyo nggowo surat.
Kepala Sekolah : Assalamualaikum wr. Wb
Para siswa : Waalaikumsalam wr. wb
Kepala Sekolah : anak-anak amargo virus Covid 19
iki mulai nyebar ing Indonesia lan bakal diadakno PSBB (Pembatasan Sosial Berskala Besar). Mulo Kemendikbud ngongkon mulai sak iki siswa diliburno.
Para siswa : yeeeeeee, horeeeee.
Kepala Sekolah : dadi sakniki ndang podo muleh
ning omahe dewe-dewe, ojo metu nang ndi-ndi, tetep jogo protocol kesehatan. Mugi-mugi iso sehat kabeh lan virus Covid 19 iki iso ilang.amiin ya robal alamin Kepala Sekolah : sekian Wassalamualaikum wr. Wb
Para siswa : Waalaikumsalam wr. Wb
Banjur kuwi para siswa podo mulih ning omah e dewe-
dewe.
Ning omah aku langsung mbukak hp lan moco
wa. Wali kelasku ngong yen tugas tetep diwenehi lan dikumpulno ing Googleclassroom. Aku banjur download aplikasine awale aku ora mudeng soale selama iki aku ora tau ruh gunane aplikasi kuwi. Ananging soyo suwe aku soyo iso nganggone. Sak iki tugas-tugas dikerjakno dewe-dewe nang omah lan dikumpulno nang googleclassroom.
Pas ketibaan dino sing asline kene ulangan, guru
menehi pengumuman lewat grub Wa yen ulangan akhir semester utowo PAS bakal diundur 2 minggu maneh lan bakal dilaksanakno Daring. Aku banjur ngechat koncoku sing jenenge Wahyu.
Aku : yu sok pas ulangan pye?lha aku ra
mudengki piye trusan. Wahyu : lha yo mbuh, aku yo ra mudeng materine eneg sing urung tak pahami. Ape sinau yo aras-arasen ra enek sing ceto
Aku : ancen angel lek wes ngeneki mending
sekolah ae lek ngeneki
Wahyu : lha yo to lek ngene terus yo iso-iso utek
ku ra enek isine iki
Aku : piye lek sok pas ulangan kene kumpul
nok omah e Arthur ngerjak o bareng ngko iso searching bereng.
Wahyu : yo ayo ae nek ngunu aku tak ngajak
Bintang, we ngajak Rozaq trus Arthur kabari
Aku : oke
Banjur aku langsung ngandani Rozaq lang
ngandani Arthur lek sok ape kumpul nok omahe kanggo nggarap ulangan bareng. Banjur kuwi aku langsung ngerjakno tugasku sing durung bar lan langsung tak kirim ning GC. Dino ulangan wes teko banjur aku langsung budal menyang omahe Arthur. Masio isek PSBB ananging piye maneh kabeh kudu dilakoni tapi tetep protocol kesehatan ora lali yoiku nganggo masker lan jogo jarak. Sak tekone kono koncoku wis podo teko lan podo nganggo masker dewe-dewe.
Aku : wes ndang ayo digarap lek raruh
jawabane iso takok koncone.
Rozaq : oke, aku tak karo searching Google
nggoleki jawabane menowo enek.
Arthur : ngko tak takok cah-cah pisan lek mnowo
enek sing gak ruh.
Bintang : sip cocok wi
Wahyu : ndang nggarap ndang bar ndang wes
Sakwise nggarap ulangan aku lan liya-liyane podo muleh
ning omahe dewe-dewe. Sakben ndino adewe nggarap ulangan yo ngeneki podo contekan tapi yo piye neh kondisine koyo ngene. Sakwise PAS aku munggah kelas 12. Aku wes arep-arep sekolah iso melbu maneh koyo biasane. Ananging pikiranku karo kenyataane bedo. Kepala Sekolah menehi pengumuman maneh yen siswa durung iso melbu sekolah lan pembelajaran isek Online. Ora keroso wes 6 ulan aku sinau Online padahal wes kelas 12. Saben ndino aku nggarap tugas soko guru ning omah. Pas poso yo rasane bedo koyo biasane ora enek sing jenge takbiran, pas riyoyo gede yo ora meriah koyo biasane wong-wong podo ning omah kabeh ora ono sing metu omah lek gak ono urusan penting.
Pas panerimaan siswa kelas 10 yo ora seru koyo
biyen, aku ngesakke bocah-bocah sing lagek podo melbu sekolah durung patek kenal karo sekolahe. Opo maneh poro kakel ku sing lulus lewat jalur Covid. Ancen zamane wes bedo adoh koyo biyen. Sakenek e Covid uripku dadi berubah sing biasane aku mari subuh langsung tangi resik-resik sak iki yo turu neh terus tangi jam 6. Biasane aku yahmunu wes siap-siap budal sekolah sak iki mung sekolah nomah. Keseharianku sakben ndino yo ngunu iku sampek sak iki. Aku sak iki arek lulus sekolah bingung arek nerusno nang endi. Lek arek kuliah yo pancet masio kuliahe nok Univ apik kuliahe yo tetep nomah. Ancen sak juk Pandemi Covid 19 iki kabeh kehidupanku maleh. Yo ancen ngeneki rasane Sekolah Ing Jaman Anyar.