Anda di halaman 1dari 4

‫هلل الّذِي لَهُ مَا فِي السمَاوَاتِ وَمَا فِي اْألَرْضِ وَلَهُ احلَمْ ُد فِي اآلخرَة الْحَكِيمُ الْخَبِريُ

يَعْلَمُ مَا يَلِ ُج فِي‬ ِ ُ‫احلَمْد‬


ُ‫ِال اهلل‬
َّ ‫ أَشْهَدُ أَنْ الَ إَِلهَ إ‬. .‫ج فِيهَا وهو ال ّرحِيم الغَفُوْر‬ ُ ُ‫الَْأرْضِ وَمَا يَخْرُجُ مِنْهَا وَمَا يَنزِلُ مِنَ السََّمَاءِ وَمَا يَعْر‬
ِ‫ اَللَّهُمَّ صَ َّل‬.ِ ِ‫ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ َورَسُوْلُهُ الدَّاعِى إِلَى الرَّشَاد بِقَوِْلهِ وَفِعْلِه‬، ُ‫وَحْدَهُ الَ شَرِيْكَ لَه‬
‫اَمَّا‬. ِ‫وَسَلَِّمْ عَلَى سَيَِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَاِبهِ اهلَادِيْنَ لِلصَّوَابِ وَعَلَى التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِِإحْسَانٍ إِلَى يَوْ ِم اْملَآب‬
:ِ‫ىل فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْم‬ َ ‫ اِتَّقُوْااهللَ حَقَّ تُقَاتِه وَالَتَمُوْتُنَّ اِالَّوَأَنْـتُمْ مُسْلِمُوْنَ فَقَدْ قَا َل اهللُ تَعَا‬،َ‫ فَيَااَيُّهَا الْمُسْلِمُوْن‬،ُ‫بَعْد‬
َ‫هلل قَرِيْبٌ مِنَ اْملُحْسِنِيْن‬ِ ‫الحِهَا وَادْعُوْهُ خَوْفًا وَطَمَعًا إنَّ رَحْمَ َة ا‬ َ ْ‫ض بَعْدَ إص‬ ِ ْ‫وَالَ تُفْسِدُوْا فِي اْألر‬

Para Jamaah Jumat Rahimakumullah.,

Monggo kito sareng-sareng ningkataken raos takwa kito dumateng ngersanipun gusti
Allah swt. Kanti tansah nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun.
Kedah kito mangertosi bilih rugi sanget tiyang ingkang diperbudak kalian hawa nafsu, rugi
sanget tiang ingkang dipun tebihaken dening gusti Allah swt. saking rahmatipun, lan rugi
sanget tumerap tiyang ingkang nyadhe akhirot dipun tuku kanti bondo dunyo. Amergi,
mbenjang wonten dinten kiamat piyambakipun mboten bakal nampi keringanan saking sikso
neroko.

Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan
sedaya, mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan,
sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg,
kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken
perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan
kabegjan dunya ngantos akhirat saking ngerso dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala , Kados
dawuhipun Allah :

‫َالذِينَ ُهمْ مُحْسِنُون‬


َّ ‫إِنَّ اللَّهَ َمعَ الَّذِينَ اتََّقوْا و‬

"Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang
pada agawe becik” . (QS. An Nahl :128).

Manawi kita setitekaken kawontenan gesangipun manungsa ing donya punika


kenging kita umpamakaken kados dene tiyang kekesahan ingkang tebih nyabrang seganten
ingkang kebak ombak nuju dateng pantai bahagia ingkang dipun idham-idhamaken.

Sedoyo tiang gadah pengangen-angen supados anggenipun gesang ing dunya saget
anggayuh ketentreman saha kabegjan ngantos wonten ing akhirat sakmangke. saking puniko
kito kedah memahami kanti leres bilih ingkang dandos sumber katentreman lan kebahagian
meniko mboten saking kathipun bondo donyo, mobil ingkang mewah, griyo ingkang megah,
ananging sumber katentreman saha kabegjan meniko wonten ing manah saben tiyang.
menawi kito gatosaken sak kelilingipun kito bade nemokaken bilih katah ingkan gadah bondo
donyo melimpah ananging dewekipun mboten saget ngraosaken ketentreman lan kedamaian
ing manahipun, keporo malah sak walikipun malah ngraosaken manah ingkang mboten
tenang.
Para Jamaah Jumat Rahimakumullah.,

Milo saking meniko kito kedah gatosaken manah kito supados tetep tentrem lan
bahagia. Supados kita saget anggayuh gesang ingkang bahagia tentrem lan slamet donyo
akhirat pramilo kedah berusaha nindakkaken amalan ingkang saget dumugekaken
katentreman gesang lan kabegjan dunyo akhirat.

1. Iman Lan Amal Shaleh

Sebab ingkang paling pokok lan paling utami supados kito saget anggayuh ketentreman lan
kabegjan dunyo akhirat inggih puniko kanti Iman lan nindakkaken amal shaleh ingkang
sampun diprentahaken Allah saha Rasulipun.

Allah berfirman,

‫مَنْ َعمِل صَالِحًا مِنْ ذكرٍ أوْ أُنْثىٰ َو ُهوَ مُؤْمِنٌ فلنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طيِّبَةًۖ وَلنَجْزِيََّن ُه ْم أجْ َر ُهمْ بِأحْسَنِ مَا كانُوا يَعْمَلُون‬

QS. An-Nahl : 97
saking ayat kolo wau nedahaken bilih Allah bade paring balasan dumateng tiyang
ingkan iman lan nindakkaken amal shaleh keranten Alloh bade dipun paringi hayah
toyyibah . artosipun dipun paringi manah ingkang tenang lan tentremipun jiwo. Alloh
paring kanugrahan Rizki ingkang halal saking arah ingkang mboten songko-songko.

2. Ilmu Ingkang Bermanfaat

Kados dawuhipun kanjeng nabi Idza maata ibnu adama inqoto’a amaluhu illa min
tslalaatsin…..

Kanti ilmu kito bade saget mbentenaken pundi ingkang haq lan pundi ingkang bathil.
sahinggo kito saget mlampah wonten dalan ingkang haq lan dumugekkaken katentreman lan
kebahagian ingkang haqiqi.

Monggo sareng-sareng angen-angen punopo amal kito saben dintene niki, sampun kito kalian
ilmu ingkang sampun qito padosi milahi alit .
Sayyinadina Ali dawuh: Artosipun : kabeh manungso urip iku podo turu. Mengko yen wes
mati lagi podo sadar.
Ateges nembe yakin leresipun punopo ingkang sampun dipun dawuhaken dening ALLAH lan
RUSULIPUN. umumipun tiyang meniko sami nganggep menawi piyambaipun sampun
tumindak sahe, nanging ingkang katah sami boten mangertosi, kranten sami mboten iling
dateng nasipipun ing akhirot mangke.milo saking puniko,monggo sami wonteno rahos
perihatin kalian nasip kito wonten akhirot mangke.
Monggo sami pados ngilmu,sanes ngilmu ingkang katah,nanging ingkang penting inggih
puniko ngilmu punopo ingkang manfaat kangge bekal utawi sangu ing akhirot.
Para Jamaah Jumat Rahimakumullah.,

3. Akhlaq Mulia

Kanjeng nabi sampun ngendiko: Ittaqillaha haitsuma kunta waatbi’issayyiatal hasanata


tamhuha wakhooliqinnaasa…

kanti Akhlak ingkang sae, tindak tanduk budi pekerti ingkang sae kito bade ngraosaken
pagesangan ingkang tentrem lan dadosaken kito gesang kanti bahagia.

benten malih menawi kito gadah akhlaq ingkang awon, remen damel memengsahan, menawi
mekaten bade dadosaken panggesangan ingkang sempit, manahipun mboten tenang lan
mboten saged ngraosaken kebahagian.

4. Syukur nikmat lan dzikrulloh (enget dateng Allah)

Kados dawuh Allah ta’ala: “Alladzina aamanu wa tathmainnu qulubuhum bidzikrillahi.


Ala bidzikrillahi tathmainnul-qulubu,”. Yang artinya: “(Yaitu) orang-orang yang beriman
dan hati mereka menjadi tentram dengan mengingat Allah. Ingatlah, hanya dengan
mengingat Allah lah hati menjadi tentram,”

Kanti syukur nikmat Alloh bade nambah nikmat ingkang dipun anugrahaken dateng kito, lan
kanti syukur nikmat manah kito saget tenang. lan ugi kito ngatahaken eling dumateng Alloh.
kanti tansah enget dateng Allah, Allah bade nurunaken rahmatipun.

Para sederek kaum muslimin ingkang minulyo, ing khutbah ingkang singkat puniko, mugi
kito saget mendet kesimpulan saking khutbah ingkang sepindah inggih punika kebahagian
ingkang haqiqi inggih puniko kito saget anggayuh keslametan sak mangke wonten ing
akhirat, kebahagian meniko sumberipun wonten ing manah kito sedoyo selaku umat muslim
kito kedah mangertosi punopo engkang saget dadosaken kito bahagia wonten ing dunyo lan
ing akhirat.

Mugi-mugi kito kagolongaken hambanipun Allah ingkang tansah enget dateng Alloh, dados
hamba ingkang bersyukur lan mugi kito saget anggayuh kabegjan wonten ing dunyo lan
akhirat.

‫أقول قويل هذا واستغفر اهلل العظيم يل ولكم ولسائر املسلمني واملسلمات واملؤمنني واملؤمنات فاستغفروه إنه هو الغفور‬
..‫الرحيم‬
‫‪Khutbah II‬‬

‫اَلْحَمْدُ هللِ عَلىَ ِاحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ‪ .‬وَاَشْهَدُ اَنْ الَ اِلَهَ اِالَّ اهللُ وَحْدَهُ الَ شَرِيْكَ لَهُ‪ ,‬وَاَشْهَدُ‬
‫اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِىلَ رِضْوَانِهِ‪ .‬اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِ ِه وَسَلِّمْ‬
‫تَسْلِيْمًا كِثيْرًااَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااهللَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ اهللَّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ‬
‫وَثَـنَى بِمَآل ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اهللَ وَمَآل ئِكَتَهُ يُصَلوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلوْا عَلَيْهِ‬
‫صلَّى اهللُ عَلَيْهِ وَسَلَّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ َوعَلَى اَنْبِيآئِكَ‬ ‫وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا‪ .‬اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ َ‬
‫وَرُسُلِكَ وَمَآلئِكَةِ اْملُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْخلُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ‬
‫وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِِاحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُ ْم بِرَحْمَتِكَ يَا اَ ْرحَمَ الرَّاحِمِيْنَ‬
‫ُم اَعِزَّ اْالِسْالَمَ‬
‫اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْملُؤْمِنَاتِ وَاْملُسْلِمِيْنَ وَاْملُسْلِمَاتِ اَالَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْالَمْوَاتِ الله َّ‬
‫وَاْملُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْملُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَ َك اْملُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَ َل اْملُسْلِمِيْنَ وَ‬
‫دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ‪ .‬اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَالَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّالَزِلَ وَاْملِحَنَ وَسُوْ َء اْلفِتْنَةِ‬
‫وَاْملِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْملُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ ‪.‬رَبَّنَا‬
‫آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْآلخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ‪ .‬رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ‬
‫مِنَ اْخلَاسِرِيْنَ‬

‫هلل يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْ ِالحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْىبَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْملُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ‬
‫ِن ا َ‬
‫عِبَادَاهللِ !ا َّ‬
‫هلل اَكْبَر‪.‬‬
‫لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااهللَ اْلعَظِيْ َم يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَل َى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ ا ِ‬

Anda mungkin juga menyukai