Anda di halaman 1dari 31

LING ELING

Allahumma Sholli ‘ala


Sayyidina Muhammadin
Alladzi Ja-a bil Khaqil Mubin
Waarsyadahu Rahmatal Lil’alamiin

Ling-Eling Siro Manungso


Temenono anggonmu ngaji
Mumpung durung ketekanan
Malaikat juru pati
Luwih loro luwih susah
Rasane wong neng neroko
Klabang kores kolojengking
Klabang geni ulo geni
Rante geni gada geni
Cawisane wongkang duroko
Gumampang dawuh pangeran
Dasar tan manut parentah tuan

Luwih mulyo luwih mukti


Rasane wong neng suwargo
Pitung puluh widodari
Kasur babut den cawisi
Cawisane wongkang bekti
Dawuh pengeran kang moho suci
Mukmin lanang mukmin wadon
Mukmin iku sedherek kula

Agami Islam Agami Kula


Kitab Qur’an panutan kula
Mukmin lanang mukmin wadon
Mukmin iku sedherek kula

BERKAT SHOLAWAT
Sholatullah Salamullah | ‘Alaa Thoha Rosulillah
Sholatullah Salamullah | ‘Alaa Yasiin Habibillah
Tawasalna Bibismillah | Wabil Hadi Rosulillah
Wakulli Mujahidin lillah | Bi Ahlil Badri Ya Allah

Ayo kabeh masyarakat,


Bareng bareng moco sholawat
Mareng kanjeng nabi Muhammad,
Berkat Sholawat Maksiat Minggat

Ulama’e ngajak sholawat,


Umaro’e ngajak sholawat
Masyarakat gelem sholawat,
Berkat sholawat uripe nikmat
Para kyai nderek sholawat,
Para habaib nderek sholawat
Bareng bareng masyarakat,
Berkat sholawat uripe nikmat

Alhamdulillah awake sehat,


Alhamdulillah awake kuat
Nderek majelis bersholawat,
Berkat sholawat uripe nikmat

Urip neng ndoyo iku singkat,


Sing langgeng neng akherat
Mulo ayo dho sholawat,
Berkat sholawat uripe nikmat

Ayo kabeh masyarakat,


Bareng bareng moco sholawat
Mareng kanjeng nabi Muhammad,
Berkat sholawat maksiat minggat

Ulama’e ngajak sholawat,


Umaro’e ngajak sholawat
Masyarakat gelem sholawat,
Berkat sholawat maksiat minggat
Alhamdulillah awake sehat,
Alhamdulillah awake kuat
Berkat Nderek majelis sholawat,
Berkat sholawat indonesia selamat

Urip neng ndoyo iku singkat,


Sing langgeng neng akherat
Mulo ayo dho sholawat,
Berkat sholawat Indonesia selamat

HUSNUL KHATIMAH BY OPICK


terangkanlah.. terangkanlah..
jiwa yang berkabut langkah penuh dosa
bila masa tlah tiada
kereta kencana datang tiba-tiba

airmata dalam luka tak merubah ceritanya


hanya hening dan berjuta tanya
dalam resah dalam pasrah

terangkanlah.. terangkanlah..
hati yang mengeluh saat hilang arah
detik waktu yang memburu
detik yang tak pernah kembali padaMu
terangilah.. terangilah..
bimbing kami dalam langkah
ampunilah.. maafkanlah..
dosa hidup sebelum di akhir masa

ya Allah biha ya Allah biha


ya Allah bi khusnul khotimah
ya Allah biha ya Allah biha
ya Allah bi khusnul khotimah

Syi’ir Eman-Eman: Teladan Kita dalam Beribadah

Allahumma sholli ala Muhammad


ya Rabbi sholli alaihi wasalim

eman-eman temen wong bagus ora sembahyang 2x


kowe bagus endi karo kanjeng nabi Yusuf
kanjeng nabi Yusuf baguse tanpa tandingan

Allahumma sholli ala Muhammad


ya Rabbi sholli alaihi wasalim

eman-eman temen wong ayu ora sembahyang 2x


apa ora isin karo Siti Zulaikha
Putri gandhes luwes ayune uleng-ulengan
Allahumma sholli ala Muhammad
ya Rabbi sholli alaihi wasalim

eman-eman temen wong sugih ora sembahyang 2x


kowe sugih endi karo kanjeng nabi Sulaiman
kanjeng nabi Sulaiman sugihe tanpa wilangan

Allahumma sholli ala Muhammad


ya Rabbi sholli alaihi wasalim

eman-eman temen wong pinter ora sembahyang 2x


kabeh tumindake ora nate gelem bener
janji dielingke alesane mubeng munyer

Allahumma sholli ala Muhammad


ya Rabbi sholli alaihi wasalim

Syi’ir Al-Malikul Haqqul Mubin


Laa ilaaha Illa Allah
Al-Malikul Haqqul Mubin
Muhammadur Rasulullah
Shadiqul Wa’dil Aamiin
Eling-Eling Sirah Manungsa
Lanang Wadon Sregepa Ngaji
Mumpung Durung Katekanan
Malaikat Juru Pati

Luwih Lara Luwih Sengsara


Rasane Wong Ana Ing Nraka
Klabang Kores Kalajengking
Klabang Geni Ula Geni

Rantai Geni Gadha Geni


Cawisane Wong Duraka
Anglerwakake Dawuh Gusti
Pangeran Kang Maha Mulya

Luweh Beja Luweh Mukti


Rasane Wong Ana Ing Swarga
Pitung Puluh Widadari
Kasur Babut Permadani

Syi’iran Aduh Senenge Pengantin Anyar


Ya Rasulallah salaamun ‘alaik (salamun ‘alaik),

Ya rafi’asaani wadarajii 2x
‘Atfatayaarji ratal ‘alaami, yauhailarjuu diwalkarami
Yauhailarjuu, yauhailarju diwalkaramii

Aduh senenge pengantin anyar


Ngagem busana sarwo gumebyar
Kakung putrine timbang lan jajar
Sinawang kaya rembulan kembar

Aduh senenge wektu temonan


Kakung putrine pandeng-pandengan
Nuli lenggah jejer bebarengan
Ing sasana rinenggo sarwo kembangan

Daleme kebak tamu undangan


Nganti ngebaki kabeh ruwangan
Para peladen iring-iringan
Kabeh dikurmat dahar hidangan

Para sederek kula sedaya


Lan para bapak ibu kang mulyo
Mugi kersaha paring bantuan dunga
Marang Dzat kang Priksa Wuninga

Mugi pengantin sekaliyan


Anggenipun mangun bebrayan
Tansah pikantuk kawilujengan
Kairing pitedah lan pitulungan

Inggal pikantuk putra kang berkah


Sedaya wau sholih sholikhah
Gadhah bebuden lan lembah manah
Dateng tiyang sepuh bekthos lan genah…

Sekarat Pati
Ya muhaiminu ya salam, salimna wal muslimin
Ya muhaiminu ya salam, salimna wal muslimin
Binabi khoiril anam, Wabi ummil mu`minin
Binabi khoiril anam, Wabi ummil mu`minin

Ojo siro mbaget-banget, nggonmu bungah ono dunya


Malaikat juru pati, lirak-lirik marang siro
Nggone nglirik malaikat, arep njabut nyawa niro
Yen wes tekan titimanga, kudu budal ra kena sumoyo

Ya muhaiminu ya salam, salimna wal muslimin


Ya muhaiminu ya salam, salimna wal muslimin
Binabi khoiril anam, wabiulilmukminin
Binabi khoiril anam, wabiulilmukminin

Larane sekarat pati. 1000 loro dadi siji


Mergo uripe podho lali, marang tuntunan agami
Ninggal sholat ninggal ngaji, ming maksiat seng dilakoni
Mulo urip seng ngati-ati, tembe mburi ben ra rugi

Ya muhaiminu ya salam, salimna wal muslimin


Ya muhaiminu ya salam, salimna wal muslimin
Binabi khoiril anam, wabiulilmukminin
Binabi khoiril anam, wabiulilmukminin

Sopo wonge gelem iman, taat mreng dhawuh pangeran


Uripe tekun sembahyang, ora lali nderes qur’an
Ndinowengi seneng wiridan, amal sunah dadi pakulinan
Lamun mati sekarate gampang, ora krasa babar pisan

Ya muhaiminu ya salam,

salimna wal muslimin


Ya muhaiminu ya salam,
salimna wal muslimin
Binabi khoiril anam, wabiulilmukminin
Binabi khoiril anam, wabiulilmukminin

Syi’ir Iyup-Iyupan: Tujuh Manusia di bawah Naungan


Surga
IYUP- IYUPAN
Allahumma shalli wa-sallim ‘alaa
Sayyidina wa-maulana Muhammadin
Allahumma shalli wa-sallim ‘alaa
Sayyidina wa-maulana Muhammadin
‘Adadama fil ‘ilmillahi shalatan
Daaimatan bidawami mulkilahi
‘Adadama fil ‘ilmillahi shalatan
Daaimatan bidawami mulkilahi

Pitung werno manungso sing oleh ridho


Anugerahe Gusti Allah ora liyo
Ing akhirat kayup iyup wit suwargo
Ora mlocot koyo wong kang akeh doso

Kaping sapisan poro pemimpin ingkang adil


kaping pindo wong nom-noman ora jahil
Kaping telune wong katsarian keono gusti
kaping papate arep maksiat nuli wedi

Kaping limo seneng shodaqoh kanthi lilo


kaping enem marang masjid ati kasengsem
Kaping pitu eling dosa eling mala
Nuli nangis koyo wong disikso

Mulo dulur ayo eling lan waspodo


Ojo ngasih urip sepisan disio-sio
Mulo dulur ayo ndang podho tumandang
Mumpung durung amal kito padha ditimbang

Jaman wis akhir


Jaman wis akhir bumine goyang
Akale njungkir
Mikir ndunyo lali sembahyang

Sregepo ngaji sregepo sholat


sregep sembahyang
Dzikir lan amal
Ojo nganti ketinggalan

kembali ke atas…
reff :
Imane ojo goyah
Nadyan bumine obah
Senadyan susah
Iman ojo nganti kalah

Sangune bali kuwi


Ojo podo lali
Do ngibadaho marang Gusti
Kang moho suci
Allahul Kaafi Rabbunal Kafi: Syi’ir Rukune Islam
Allahul kaafi rabbunal kafi,
qashadnal kaafi wajadnal kaafi
Likulli kafin kafaanal kafi,
wa ni’mal kaafi alhamdulillah

Para sedulur padha mrenea,


ayo sinau ngelmu agama
Kanthi lelagon syingiran jawa,
genjring rebana kang wis kaloka

Allahul kaafi rabbunal kafi,


qashadnal kaafi wajadnal kaafi
Likulli kafin kafaanal kafi,
wa ni’mal kaafi alhamdulillah

Rukune Islam lima wernane,


pisan sahadat loro cacahe
Nglakoni salat kaping pindhone,
isak subuh luhur asar lan maghribe

Allahul kaafi rabbunal kafi,


qashadnal kaafi wajadnal kaafi
Likulli kafin kafaanal kafi,
wa ni’mal kaafi alhamdulillah
Kaping telune menehi zakat,
zakatul fitri zakaatul maali
Marang sedulur kang wolung asnaf,
lamun bandhane genep saknisab

Allahul kaafi rabbunal kafi,


qashadnal kaafi wajadnal kaafi
Likulli kafin kafaanal kafi,
wa ni’mal kaafi alhamdulillah

Kaping papate ramadon pasa,


jangkep sewulan tan kena cidra
Kaping limane ibadah haji,
wulan dzulhijjah mring tanah suci

Allahul kaafi rabbunal kafi,


qashadnal kaafi wajadnal kaafi
Likulli kafin kafaanal kafi,
wa ni’mal kaafi alhamdulillah

Khusnul Khotimah – Syi’iran Wali


Ayo sedulur sing sregep ngaji
Ngaji iku sangune mati
Wong mati iku banget larane
Sebab nyawane ilang saka awake

Wong urip ning donyo iku mung sesaat


monggo sing age agetaubat
Tobat saking sakabeh maksiyat
Mumpung durung teka wektune wafat

untung temen wong sing gelem sholat


Lan ngakeh-akehne maca sholawat
Sholawat maring nabi Muhammad
Sebab ngajeng-ajeng angsal syafaat

Ya Alloh Gusti kita nyuwun


Pinaringan gesang istiqomah
Ya Alloh Gusti kita nyuwun
mbejang pejah khusnul khotimah

Ya Alloh Gusti kita nyuwun


Pinaringan umur berkah
kangge ibadah kanti ta’at
Lan Nebihi laku maksiat

Ya Alloh Gusti kita nyuwun


Pinaringan rizki kathah
saget Kangge amal jariyah
Lan ziarah dateng mekah

MAULID NABI – SYI’IRAN WALI


wulan rabiul awal dinten kang mulyo
dinten agung wiosan junjungan kita
Gusti nabi kinarya panutan jalma
rawuhipun ngampil pepadhang lir surya

sapa wonge manut tindake jeng nabi


besuk mati bakal disyafaati
kabeh nabi ora bisa nyafaati
kejaba mung gusti kita kanjeng nabi

ngelinono besuk mati sing digowo


amal besik sing digaweono ndonyo
nomer siji sholat wajib kang sempurno
nomer loro laku becik mring sapadha

nomer telu anak sholeh sarta ta’at


paring warah marang ilmu kang manfaat
mesti dipun cathet dening malaikat
insyaAllah nggampangake nggone sekarat

Aduh gusti Allah kula nyuwun welas


Mugi kula kadadosno tiyang ta’at
kalebetno golongan umat muhammad
kaparingan syafaat rahmat lan nikmat

ASMANE WALI SONGO – SYI’IRAN WALI

Ono Syi’ir Iki Aku Arep Matur


Asmane Wali Songo Ingkang Mashur
Ono Syi’ir Iki Aku Arep Matur
Asmane Wali Songo Ingkang Mashur

Maulana Malik Ibrahim Syekh Magribi


Iyo Iku Sunan Gresik Ojo Lali
Raden Rahmad Sunan Ampel Jawa Timur
Turun Songko Puri Cempo Ingkang Mashur
Mahdum Ibrahim Putrane Raden Rahmad
Sunan Bonang Sedereke Sunan Derajat

Sunan Drajat Asmo Raden Syarifudin


Sunan Giri Asmo Raden Ainulyaqin
Syekh Jakfar Shodiq Yoiku Sunan Kudus
Dakwah Agomo Kanti Niat Kang Tulus

Raden Syahid Iku Sunan Kalijogo


Putrane Bupati Tuban Wilatikta
Sunan Murya Asmo Raden Umar Syaid
Putra Sunan Kalijogo Raden Syahid

Sunan Gunung Jati Raden Fatahillah


Gigih Perjuangan Ngusir Penjajah
Kang Kasebut Iku Mashur Wali Songo
Perintis Dakwah Islam Ing Tanah JowoPitakon Kubur –
Syi’iran Wali
Para sedulur mangertenono
Yen ing alam kubur bakal ono
Ono pitakon enem perkoro
Kudu biso anjawab siro

Kaping sepisan pitakonane


Gusti Pangeranmu iku sopo
Nuli njawabo kelawan cetho
Yen Gusti Alloh Pangeran kulo

Kang kaping pindho pitakonane


Sopo iku kanjeng nabi niro
Enggal njawabo kelawan cetho
Yen nabi Muhammad nabi kulo

Kaping telune pitakonane


Yo opo iku agomo niro
Njawabane ora ono liyo
Yoiku islam agomo kulo

Kang kaping papat pitakonane


Kiblat iro yoiku opo
Ka’batulloh iku kiblat kulo
Koyo mengkono njawabo siro

Kaping limone pitakonane


Yo opo iku panutan iro
Kitab Al-Quran njawabo siro
Yo iku kitab panuntun kulo

Kang kaping enem pitakonane


Yo sopo iku sedulur iro
Kaum kuslimin ugo muslimat
Yoiku kabeh sedulur kulo
==================

Ya Rosulalloh Salamun Alaik


Ya Rofiasya’niwadaroji

At’fatayaji Rotalalami
Yauhailalju’diwalkaromi
He Umat Islam Ayo Berjuang
Ojo Mung Penak-Penak Nggonmu Songgo Uwang
Berjuang Iku Akeh Carane
Sing Penting Niat Ikhlas Iku Dadi Modale
Reff :
Sing Rumongso Alim Berjuang Kelawan Ilmune
Anuduhake Hukum Agomo Sak Mestine
Halal Lan Harom Iku Kudu Dijelasake
Supoyo Biso Podho Bener Ibadah E

Sing Rumongso Sugih Berjuang Klawan Bandane


Infaq Shodaqoh Ugo Amal Jariyahe
Umpamane Tetulung Marang Wong Ra Ndue
Ugo Mbayar Zakat Lamun Genep Nisobe

Sing Rumongso Roso Berjuang Kelawan Tenogo


Yen Ora Biso Berjuang Kelawan Ndungo
Opo Yo Ono Wong Hasil Tanpo Kangelan
Semono Ugo Wong Bwrjuang Yo Kudu Korban.

NIAT
Marhabanyanurolaini
Marhabanjadalhusaini

Marhaban Ahlanwasahlan
Marhabanyakhirodai

Amal Iku Biso Gagal


Ngaji Biso Ora Dadi
Poso Iso Ra Ketompo
Yen Niate Banjur Ora Cetho

Reff :

Niat Golek Ridho


Iku Sing Paling Utomo
Supoyo Amal Katrimo
Tembe Mburi Mlebu Suwargo

SYAIR PERINGATAN HARI SANTRI

( ‫على طه رسول هللا‬- ‫)صالة هللا سالم هللا‬


(‫ على يس حبيب هللا‬- ‫) صالة هللا سالم هللا‬

1~
Mari Asar ,Ngaji "Alquran"
Alif,Bak,Tak,Aran "Turutan"
Budal bareng,nang sekolahan,.
Nnganggo Sarung,ugo Kuplukan.

2~
Madrasahe aran "Diniyyah",
Ngaji "Shorof" lan "Jurumiyah",
Guru²ne do nganggo kopyah,
Sregep khidmah pingin Barokah.
3~
Budal mondok,budal nyantri.
Karo Bapak,Sowan Kiyai.
Ngliwet dewe,iwake Teri,
Sing mangan limo,ajange siji.
4~
Ngajine Guru arane,"Balah"
Lek wes "Sorogan",ra iso "Silah".
Ngaji "Bandongan" tan Soyo Berkah.
Sholat Jamaah 'du Istiqomah.
5~
Apalane,"Nadzom Imrithy"
"Alfiyahe" yo kudu "Titi"
Nang "Tirakate",yo Kudu "Gati"
Pamit moleh nikah "mbak Santri".
6~
Siji Muharroom,"HARI SANTRI"
"Kitab Kuning" ngajine Santri
Sholawatan kegyatane Santri
"Nahdlotul Ulama' Omahe Santri"

TIKET SURGO
Yaimamarusliyasanati
Anta Badrullahimu'tamati

Wabidunyaya Wa Akherati
Yarasulallohi Khudbiyati

Suargo Tansah Mengo Lawange


Dicawesake Kanggo Sopo Wae

Sing Kuat Imane Lan Becik Amale


Rikolo Urip Ono Ndunyone

Reff :.....................

Tiket Suargo Regane Murah


Nanging Anehe Akeh Sing Wegah 2x

Tumindak Becik Angel Lakone


Akrh Godane Lan Rintangane
Sing Kuat Imane Slamet Uripe

Tiket Neroko Regane Larang


Nanging Sing Seneng Kok Pirang-Pirang 2x

Tumindak Doso Pancene Gampang


Ojo Turuti Godane Syetan
Sing Ngajak Marang Kasengsaran
LIRIK LAGU ZAMAN EDAN
KH.MA'RUF ISLAMUDDIN

Zaman Edan Akeh Wong Kang Podho Lali Mring


Pengeran
Sholat Ngaji Opo Maneh Poso
Mulo Poro Konco Ngelingono Ono Ndunyo Mung Sedelo
Ning Ngongane Ojo Lali Akherate

Nyambut Gawe Koyo-Koyo Bakal Urip Selawase


Mburu Ndonyo Ra Ono Entheke
Yen Lagi Ibadah Koyo-Koyo Dino Sesuk Bakal Pejah
Nyambut Gawe Ojo Lali Akherate

Reff :.............................
Wayah Magrib Megane Abang
Mumpung Urip Ayo Sembahyang
Eleng-Eleng Yo Kang

Ono Sumur Nang Tengah Sawah


Tambah Umur Sregep Ibadah
Eleng-Eleng Yo Mbah
Mumpung Siro Isih Waras
Ibadaho Kanthi Ikhlas
Eleng-Eleng Yo Mas

Rukun Islam Ono Limo


Gak Sembahyang Bakale Tuno
Eleng-Eleng Yo Pak

LIRIK LAGU ZAMAN EDAN


KH.MA'RUF ISLAMUDDIN

Zaman Edan Akeh Wong Kang Podho Lali Mring


Pengeran
Sholat Ngaji Opo Maneh Poso
Mulo Poro Konco Ngelingono Ono Ndunyo Mung Sedelo
Ning Ngongane Ojo Lali Akherate

Nyambut Gawe Koyo-Koyo Bakal Urip Selawase


Mburu Ndonyo Ra Ono Entheke
Yen Lagi Ibadah Koyo-Koyo Dino Sesuk Bakal Pejah
Nyambut Gawe Ojo Lali Akherate

Reff :.............................

Wayah Magrib Megane Abang


Mumpung Urip Ayo Sembahyang
Eleng-Eleng Yo Kang

Ono Sumur Nang Tengah Sawah


Tambah Umur Sregep Ibadah
Eleng-Eleng Yo Mbah

Mumpung Siro Isih Waras


Ibadaho Kanthi Ikhlas
Eleng-Eleng Yo Mas

Rukun Islam Ono Limo


Gak Sembahyang Bakale Tuno
Eleng-Eleng Yo Pak

MASA MUDA
KH.MA'RUF ISLAMUDDIN

Marhaban Ya Nurolaini' Marhaban Jadal Husaini


Marhaban Ahlan Wasahlan' Marhaban Ya Khoiroda'i

Hay Kawula Muda


Tulang Punggung Negara
Pemuda Sekarang, Generasi Yang Akan Datang
Menangislah Di Masa Remajamu
Kelak Engkau Kan Tertawa Di Masa Tuamu
Apabila Tertawa Di Masa Muda
Kelak Engkau Kan Menangis Di Masa Tuamu

Masa Muda Masa Paling Berharga


Maka Jangan Sampai Berlalu Begitu Saja
Manfaatkan Untuk Mencari Ilmu
Buat Bekal Hidup Besok Dihari Tuamu

Masa Muda Cuma Sekali Saja


Maka Jangan Digunakan Untuk Foya-Foya
Ketahui Sesudah Tua Nanti
Tidak Mungkin Kau Kembali Muda Lagi

Masa Muda Masa Yang Sangat Riskan


Untuk Itu Jaga Diri Dan Kuatkan Iman
Jangan Sampai Kau Salah Pergaulan
Akibatnya Akan Menimbulkan Penyesalan

Hai Pemuda Singsingkan Lengan Baju


Demi Untuk Menyongsong Hidup Masa Depanmu
Belajarlah Dan Bekerja Yang Giat
Agar Tidak Dijadikan Sasaran Nasehat
DOSA ORA KROSO (SHOLAWAT MAULANA)
Maulana Ya Maulana Ya Sami’ Duana 2x
Birohmatika Ya Robbi Lataqto Rojana 2x

Sithik Sithik Ora Kroso, Suwe Suwe Dadi Cetho


Koyo Wong Tumindak Dosa, Dilakoni Saben Dino
Dosa Amergo Omongan, Amergo Kuping Lan Netro
Kabeh Mau Ra Rumangsa
Amargo Uwis Kulino...

Maulana Ya Maulana Ya Sami’ Duana 2x


Birohmatika Ya Robbi Lataqto Rojana 2x*)

Ayo Mumpung Durung Telat, Enggal-Enggal Podho


Tobat
Tinimbang Ono Akherat, Siro Bakal Nompo Adzab
Amargo Dosa Sepele, Kang Ora Dirasa’ake
Nanging Gedhe Akibate
Marang Awake Dewe...

Maulana Ya Maulana Ya Sami’ Duana 2x


Birohmatika Ya Robbi Lataqto Rojana 2x

Sing Ati-Ati Kelawan Waspodo


Menowo Siro Do Ngobrol Karo Konco (O..Oo..O)
Ngrasani Tonggo, Ngojrah Alane Liyo
Kadang Ra Rumongso, Awake Gawe Dosa
Asyik Omong-Omong
Karo Ngrasani Uwong
Nganti Ra Kroso Amale Banjur Kecolong

Maulana Ya Maulana Ya Sami’ Duana 2x


Birohmatika Ya Robbi Lataqto Rojana 2x

PANCA SILA
ِ ‫صاَل ةُ هللا َساَل ُم هللا * َع َلى َط َه َرس‬
‫ُول هللا‬ َ
ِ ‫صاَل ةُ هللا َساَل ُم هللا * َع َلى يس َح ِبي‬
‫ب هللا‬ َ

Ponco silo dasar negoro * isine cocok karo agomo


Mulo ayo podo diamalno * ben negoro iso tambah joyo

Esa kuwi maknane siji * yo iku iman marang Kang Siji


Ojo syirik ojo ngadohi * marang agomo ajaran ilahi

Nomer loro kemanungsan * ingkang adil cocok aturan


Ojo delok opo agamane * kabeh menungso podo asale

Nomor telu persatuan * ojo ra rukun podo tukaran


Agomo ngongkon kito bersatu * ngadohi khilaf lan poro
padu

Nomor papat mentingno rakyat * lewat coro sing


maslahat
Kebeh perkoro musyawarohno * ngono iku sing
wijaksono
Kudu adil sing nomer limo * mbantu rakyat kudu sing
lomo
Ojo podo mbedakke konco * ngono kuwi yo ajaran
agomo

PADANG BULAN
[Allohumma Sholli wa Sallim ‘alaa sayyidinaa wa
maulanaa Muhammadin] 2X

[‘Adada maa fii ‘ilmillahi Sholatan daaimatan bidawaami


mulkillaahi] 2X

[Padang bulan, padange koyo rino.


Rembulane sing ngawe-awe] 2X
Ngelengake, ojo turu sore.
[E… Kene tak critani, kanggo sebo mengko sore] 2X

[Jaman kepungkur, ono jaman jaman buntutan


Esuk-esuk, rame rame luru ramalan] 2X
Gambar kucing, dikira gambar macan
[Bengi diputer – bengi diputer, metu wong edan] 2X

[Kurang puas kurang puas, luru ramalan


Wong ora waras wong ora waras, dadi takonan] 2X
Kang ditakoni, ngguyu cekaka’an
[Jebul kang takon – jebul kang takon, wis ketularan] 2x
[Lamun wong tuwo, Lamun wong tuwo keliru mimpine
Ngalamat bakal, Ngalamat bakal getun mburine] 2X
Wong tuwo loro, kundur ing ngarso pengeran
[Anak putune, rame rame rebutan warisan] 2X

[Wong tuwa loro, ing njero kubur anyandang susah


Sebab mirsani, putera puterine ora ngibadah (dho pecah
belah)] 2X
Kang den arep-arep, yoiku turune rahmat
[Jebul kang teka – Jebul kang teka, nambahi fitnah] 2X

[Iki dino, ojo lali lungo ngaji


Takon marang, Kyai Guru kang pinuji] 2X
Enggal siro, ora gampang kebujuk syetan
[Insya Alloh, kito menang lan kabegjan] 2X

Anda mungkin juga menyukai