Anda di halaman 1dari 7

SAMBUTAN KEPALA SEKOLAH

Assalamu alaikum Wr. Wb.


Ingkang Kinurmatan Bapak  - Ibu guru
Saha para Karyawan - Karyawati
Saha para  siswa kelas 9 ingkang kula tresnani

                        Kaping pisan, sumangga kita konjukaken puja dalah puji syukur
dumateng ngersanipun hidayah ipun damel kita sedaya. Kaping kalih salawat saha
salam mugi – mugi tetep kalimpahaken dumateng junjungan kita ingkang agung, nabi
Muhammad SAW ingkang ngasta kita saking jaman jahiliyah dumugi zaman
islamiyah ingkang sampun kita raosaken menika.
Para siswa kelas 9 ingkang minulya,
                        Mboten keraos, sampun  3 warsa para siswa nggayuh ilmu ing SMPN
2 kauman menika, sampun wanci nipun para siswa nglanjutaken pendidikan ingkang
langkung inggil. Mugi -  mugi para siswa saged nglanjutaken pendidikan dumateng
sekolah ingkang saged nuntun siswa, supados para siswa saged nggayuh punapa
ingkang dados kepinginanipun. Para siswa kedah saged ningkataken porsi belajar
supados para siswa saged dados siswa ingkang cerdas,beprestasi, berguna damel
bangsa Negara saha agama.
Para siswa kelas 9 ingkang kula tresnani,
                        Kula minangka Kepala Sekolah satuhu nipun awrat sanget nglepas
para siswa amargi siswa – siswi sedaya  menika sampun kados keluarga, namung
amargi  para siswa kedah nglanjutaken pawiyatan ingkang langkung inggil, kula
kedhah ikhlas. Para siswa, kula namung saged paring dedunga dumugi para siswa
saged nglanjutaken pendidikan ingkang langkug inggil supados siswa saged nggayuh
cita – citanipun.
Cekap semanten atur kula, menawi wonten kelepatan kula nuwun agunging
samudra pangarsani. Akhirul kallam.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb

5
SAMBUTAN PANGARSA PERPISAHAN

Assalamu alaikum Wr. Wb.


Sugeng siang kagem panjenengan sadaya.

Kepala Sekolah SMP N 2 kauman ingkang pantes kacaosan  raosing pakurmatan.


Bapak saha Ibu Guru ingkang minulya ing budi.
Para tamu undangan ingkang tansah winantu ing suka basuki.
Saha kanca - kanca ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur wonten ing


ngarsaning Gusti Ingkang Maha kuasa ingkang sampun maringi rochmad saha
hidayah saengga kita saged ngrawuhi undangan wontening adicara pepisahan IX
SMP N 2 kauman punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal menapa.
Shalawat ugi salam tetep kita ujuk-aken dhumateng jujungan kita nabi Agung
Muhammad SAW ,ingkang kita anti-anti syafaat ipun ing yaumul
kiyamah ,allahuma…. Amin.
Bapak/Ibu sagung para rawuh ingkang kinurmatan. Keparenga kawula amakili
para kadang panitia ingkang kaparingan jejibahan minangka pangarsa Panitia
Perpisahan siswa kelas IX SMP N 2 Kauman menika, matur wonten ing ngarsa
panjenengan sedaya.
Ingkang sapisan, kula sakanca ngaturaken agunging panuwun, awit
kapitadosan ingkang sampung dipun paringaken. Salajeng ipun ugi ngaturaken
agunging panuwun dhumateng warga sekolah ingkang sampun paring pambiyantu
lan payengkuyung ipun, supados acara menika saged kalampah kanthi sae.
Temtu kemawon kula sakanca nggadhahi kalepatan, sadangu nipun kula
sakanca ngayahi jejibahan menika. Awit saking lepat kawula, kula sakanca nyuwun
agenging pangaksama.
Kula sakanca nggadhahi pangajap mugi reroncening adicara perpisahan
ingkang sampun kalaksanan sageda mumpangati dhumateng kula lan panjenengan
sami, wusana sageda ndamel sekolah menika sangsaya ngrembaka lan sangsaya
kondhang kaloka.
Mekaten atur kawula, amakili kadang panitia, kathah pinanggih kalepatan atur,
kawula nuyuwun agunging pangaksama.
Salam Sukses kangge kita sedaya. Nuwun.

Wassalamu alaikum Wr. Wb.

3
PRANATA CARA

Assalamu'alaikum Wr.Wb

Bapak Kepala Sekolah SMPN 2 ingkang kinurmatan. Bapak / Ibu Guru saha
Karyawan / Karyawati ingkang kula kinurmatan. Twin para kanca-kanca ingkang
kula tresnani. 
Kaping sepindah sumangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng
Gusti Allah, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan lan kasarasan sehingga
kula lan panjenengan sedaya saget makempal wonten ingacara perpisahan menika.
Kaping kalih sholawat saha salam mugi kalimpah aken dhumateng junjungan
kita nabi Agung Muhammad SAW.ingkang sampun mbetaumati pun sangking jaman
jahiliyah dhumugi jaman islamiyah ingkang kita alami sak menika.
Kaping tiga kula minangka pranatacara badhe ngaturaken rantaman adicara
palepasan siswa-siswi kelas IXSMP Negeri2 Kauman.

1. Atur pambuka
2. waosan ayat suci alquran kalajengaken do’a
3. atur pangandika pangarsa perpisahan
4. sambutan sangking sesulih kelas IX
5. dawuh pangandika sangking kepala sekolah SMP N 2 Kauman
6. Panutup

Adicara kaping setunggal inggih menika pambuka, monggo kula lan panjenengan
sedaya kanthi maos waosan basmallah sesarengan.bismilah hirohmamnirohim.........
Adicara kaping kalih inggih menika pangaosan ayat suci al-Quran kaleh dipun
lanjutaken doa ingkang mewakili wedal saha panggenan kula sumangga aken.
Adicara kaping tiga inggih punika tanggap wasana. Ingkang sepindah inggih punika
sambutan sangking pangarsa perpisahan wedal saha kula sumanggaaken.
Adicaran kaping sekawan inggih punika sambutan sesulih kelas IX wekdal saha
panggean kula sumanggaaken.
Adicara kaping gangsal inggih punika sambutan sangking dawuh pangandika
sangking kepala sekolah wekdal saha panggean kula sumanggaaken.
Adicara ingkang kaping pungkasan inggih menika Panutup. Monggo kita pungkas
adicara ing siang menika kanthi waosan hamdallah sesarengan.
Allhamdulillahirabillngalamin.  Matur suwun.
Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken
agunging samudra pangaksamidhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten
lepating atur anggen kula matur . Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta
menawi wonten lepat kula. Pungkasaning atur

Wasssalamualaikum  Wr. Wb

1
SAMBUTAN SESULIH KELAS 9

Assalamu alaikum Wr.Wb.


Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Kepala SMP Negeri 2 Kauman
Bapak, Ibu guru ingkang dhahat kinabekten
Para kanca kelas 9 ingkang tansah kula tresnani
Saderengipun sumangga, kula lan panjenengan tansah ngunjukaken puji syukur ing
ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang tansah paring rahmat lan
hidayahipun ngantos ing kalodhangan punika kita sedaya saget pinanggih ing papan
punika kanthi sehat. Mboten kesupen sholawat dalah salam mugya tetep kaluberaken
dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, saha ingkang satuhu kita ajeng-
ajeng syafaat pitulungan ipun benjang ing dinten akhir.
Para rawuh ingkang minulya. Salajengipun kula minangka sesulih kelas 9 sedaya
ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindan awit saking sih katresnan
Bapak/Ibu guru ingkang sampun mulang kanthi sabar lan ikhlas. Saengga raka kelas
9 saged ngerampungaken sekolah sadangunipun kirang langkung 3 tahun. Mugi–
mugi bapak/ibu guru pikantuk ganjaran ingkang langkung sae sangking Gusti
ingkang Maha Agung,Amin.
Para mitra kelas 9 ingkang kula tresnani, ingkang sekedap malih badhe nilaraken
bangku pawiyatan ing SMP menika, kula minangka sesulih kelas 9 ngraosaken
bingah dene kula sakanca sampun kasil medal sangking SMP minika kanthi
nganthongi ijasah. Kula sakanca badhe ngaturaken pangapura awit kekirangan lan
kaluputan kula sakanca. Kula sakanca ugi badhe ngaturaken matur nuwun dhumateng
rayi sesulih kelas 7 & 8. Kula sakanca boten saged atur pinwales menapa naming atur
matur nuwun wonten ngarsane. Kita namung saged mbales ngangge doa mugi-mugi
sukses lan slamet.
Para rawuh ingkang kanurmatan, mekaten ingkang saged kula haturaken, prawila
cekap semanten atur kula. Ing wasana, kathah galap-gangsuling atur, kula nyuwun
angunging pangaksami.

Wassalamu alaikum Wr.Wb

4
DOA

‫ٱل َّر ِح ِيم ٱلرَّحْ ٰ َم ِن ٱهَّلل ِ بِس ِْم‬

‫يَتَ َسٓا َءلُونَ َع َّم‬


‫ْٱل َع ِظ ِيم ٱلنَّبَِإ َع ِن‬
‫ُم ْختَلِفُونَ فِي ِه هُ ْم ٱلَّ ِذى‬
‫َسيَ ْعلَ ُمونَ َكاَّل‬
‫َسيَ ْعلَ ُمونَ َكاَّل ثُ َّم‬
‫ض نَجْ َع ِل َألَ ْم‬ َ ْ‫ِم ٰهَدًا ٱَأْلر‬
‫ال‬َ َ‫َأوْ تَادًا َو ْٱل ِجب‬
‫َأ ْز ٰ َو ًجا~ َو َخلَ ْق ٰنَ ُك ْم‬
‫ُسبَاتًا نَوْ َم ُك ْ~م َو َج َع ْلنَا‬
‫لِبَاسًا ٱلَّ ْي َل َو َج َع ْلنَا‬

Bismillahirrohmanirohim

Ashadu’ala ilahaillallah Wa’ashadhuanna muhammadar Rasulullah Allahumma Sholli’ala


Shayidhinna Muhammad Wa’ala Ali Shayidhinna Muhammad.
Dhuh Gusti Allah ingkang maha kuwaos,
Kula pangaturaken puji syukur ing kula isih diparingi keselarasan ngantos dinten menika.
Dhuh Gusti ingkang welas Asih,
Kula nyuwun pangapura sedaya dosa lan kelepatan kula, lan sedaya ibu bapak kula, lan guru-guru
kula.
Dhuh Gusti ingkang Maha Wikam,
Paringi kula kesarasan lan ilmu pengetahuan sing katah lan paringi nilai UNBK ingkang sae lan
bisa lulus ujian niki. Amin ya robbal alamin.

2
UJIAN PRAKTEK BAHASA JAWA
TAHUN PELAJARAN 2018-2019
KELAS IX H

KELOMPOK 4:

1. PRANATACARA
- Nanda syafiq alfiansyah (22)
2. WAOSAN AYAT SUCI ALQURAN LAN DOA
- fryda putri nurpitasari (08)
3. ATUR PANGANDIKA PANGARSA PERPISAHAN
-Ferry riszki (10)
4.SAMBUTAN SESULIH KELAS IX
- Lia eka novita sari (15)
5. DHAWUH PANGANDIKA SANGKING KEPALA SEKOLAH
- Muhamad sulton fahtoni (15)

Anda mungkin juga menyukai