Anda di halaman 1dari 10

1.

Assalamualaikum
2. Alhamdulillahillahi anzala sakinata
3.Alhamdulillahilladhi arsala rasulahu
4. Alhamdulillahirrabbil aalaamin nahmaduhu wa
nastainuhu
5. Wassalatu wassalamu asrafil ambiyaa
6. Yaa ayyuhalladhina aamanuu, yaa ayyuhannasu
uusiikum wa nafsi bitakwallah
7. Ittaqullah haqqa tukaatihi

Jamaah Shalat jumat Rahimakumullah


Monggo kito tansah ngunju’aken puji soho syukur
kito dumateng Allah SWT, Awit nikmat lan
kanugrahan ingkang sampun kaparingaken dateng
kito sedoyo, sahenggo kito dipun paringi
kasempatan nindaaken shalat jumat wonten siang
meniko kanthi kondisi ingkang sempurno
Sholawat soho salam mugi tansah kaaturaken
dumateng suri tauladan kito, panutan kito ,
uswah hasanah kito, kanjeng nabi Muhammad
SAW, soho keluarga,sohabatipun ugi umatipun
kelebet kito sedoyo.
Mugi kito sedoyo kaparing syafaat wonten ingin
akhirat samangkeh aamiin ya rabbal aalamiin
Jamaah jumat rahimakumullah monggo kito tansah
nambahi roso takwa kito dumateng Allah SWT, kanti
tansah nglampahi sedoyo perintahipun lan
nilaraken sedoyolaranganipun
Mangga kita tansah ngunjukaken raos syukur kita
dumateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala engkang
sampun ndadosaken kita sedoyo termasuk tiyang-
tiyang engkang ahli Tauhid engkang tansah
ngucapaken lan ngamalaken kalimah Tauhid “La
ilaha illallah”.
Lan sumangga kita sedoyo tansah ngamalaken
kalimah Tauhid “La ilaha illallah” kanthi leres, inggih
menika ngamalaken kanthi lahir lan bathin, sesuai
kalian maknanipun kalimah Tauhid “La ilaha illallah”.
Dawuhipun Gusti Allah wonten Al-Qur’an Surat Az-
Zukhruf 86:

“lan sesembahan-sesembahan kang padha disembah


sakliyane Gusti Allah Ta’ala iku ora bisa aweh
pitulungan, ananging kang biso aweh pitulungan ya
iku wong kang ngakoni ingkang haq (yoiku kalimat
Tauhid) lan wong mau padha yakin.”

Sahabat Ibnu Abbas RodhiyAllah u’anhu paring


penjelasan bilih kalimat “bil Haqqi” wonten ayat niki
maksudipun inggih menika “bi La ilaha illallah
mukhlison biha” ingkang artosipun “wong kang
nyekseni kalimah La ilaha illallah kanthi ikhlas”.
Tiyang ingkang ngucapaken kalimat Laa ilaaha illallah
kanthi kesadaran penuh, nyekseni kanthi yakin sak
yakinipun bilih mboten wonten ingkang pantes dipun
dadosaken sesembahan kejawi namung Allah
Subhanahu wataala.
Ayat menika ugi nedahaken hakekatipun kalimah La
ilaha illallah, bilih mboten wonten sesembahan
engkang patut dipun sembah kejawi namung Gusti
Allah SWT. Namung dumateng Gusti Allah Ta’ala
sedoyo amal lan ibadah kito dipun aturaken. Mboten
wonten krentek sak nglebetipun manah kejawi
namung Gusti Allah Ta’ala. Mboten wonten raos
gething dumateng nopo kemawon engkang dipun
perintahaken Gusti Allah Ta’ala lan mboten wonten
raos kepingin bade ngelampahi awisanipun Gusti
Allah Ta’ala engkang arupi nopo kemawon.

Hadirin Jamaah Jumah Rohimakumulloh.


Kalimah La ilaha illallah menika ugi saksae-saenipun
dzikir lan ugi sak utami-utaminipun ilmu kados
dawuhipun Baginda Rasulullah muhammad
ShollAllahu ‘alaihi wasallam:

“Sak utama-utamane dzikir iku Laa ilaaha illAllah ,


sak utama-utamane donga iku Alhamdulillah.”

mugi-mugi kita sedoyo termasuk golonganipun


tiyang-tiyang engkang ahli maos lan ngamalaken
kalimah Tauhid Laa ilaaha illAllah
tiyang ingkang sampun bertauhid, insyallah
antinipun kaparingan tentrem, tiyang ingkang
samoun bertauhid, insyallah mboten ajrih kalian
sedoyo kemawon permasalahan gesang, amargi
wonten ing manahipun mboten wonten ingkang
luwih ageng kejawi allah, allahuakbar, allah ingkang
moho ageng, allah moho kuoso, moho rohman,moho
rohim, lan moho ngudari keruwetan gesang,

lan mugi kanthi kalimat syahadat lan tauhid, mugi


mugi kito sedoyo pinaringan slamet wonten ing
dunia lan akhirat, kaparingan ayem tentrem,
kaparingan khusnul khatimah, lan kaparingan suargi
ingkang sampun Allah janjeaken. Aamiin ya rabbal
aalaamiin.

Ja’alannallahu minal muslimiin wal mukminiin wal


makbuuliin, wabarakallahulana fil quraanil aadhiim,
wanafaana fiihi minal aayaati wadzikril hakiim,
innahu huwal Ghofuururrahiim
1. Alhamdulillahillahi anzala sakinata
2. Alhamdulillahilladhi arsala rasulahu
3. Yaa ayyuhalladhina aamanuu, yaa ayyuhannasuuusiikum wa
nafsi bitakwallah
Rabbana hab lana min azwajina wa
dzurriyatina qurrata a'yun, waja'alna lil muttaqina
1. Allahuma innaka ta’lamu anna haadhihil
quluub….
2. Rabbanaa aatinaa fiddunyaa khasanah
3.Subhaana rabbika rabbil izzati amma
yasifuun

Walaadikrullahi akbar

Anda mungkin juga menyukai