MODUL PEMBELAJARAN
Oleh:
Kardi Wahyudihardjo,S.Pd
PENDAHULUAN
1. Latar Belakang
a. Fungsi
Standar Isi mata pelajaran Bahasa Daerah Jawa Timur (bahasa Jawa dan bahasa Madura) ini
disiapkan dengan mempertimbangkan kedudukan dan fungsi Bahasa Daerah sebagai bahasa
ibu serta sastra daerah sebagai hasil cipta intelektual produk budaya. Berdasarkan hal itu,
fungsi mata pelajaran Bahasa Daerah adalah sebagai (1) sarana peningkatan keterampilan
berbahasa daerah untuk pelestarian dan pengembangan budaya lokal, (2) sarana
peningkatan pengetahuan dan keterampilan dalam rangka pelestarian dan pengembangan
budaya, (3) sarana peningkatan pengetahuan dan keterampilan untuk meraih dan
mengembangkan ilmu pengetahuan, teknologi, sastra dan seni, (4) sarana penyebarluasan
pemakaian Bahasa Daerah yang baik untuk berbagai keperluan menyangkut berbagai
masalah, (5) sarana pengembangan penalaran, dan (6) sarana pemahaman keanekaragaman
budaya melalui khazanah kesusasteraan daerah, (7) sarana peningkatan budi pekerti luhur
agar dalam menghadapi globalisasi tidak tercerabut dari akar budaya daerah dan tetap
mempertahankan tata krama.
b. Tujuan
Secara umum tujuan pembelajaran Bahasa Daerah adalah sebagai berikut:
Siswa menghargai dan membanggakan Bahasa Daerah sebagai bahasa keseharian serta
turut mengembangkan dan melestarikan.
Siswa memahami Bahasa Daerah dari segi bentuk, makna, dan fungsi, serta
menggunakannya dengan tepat dan kreatif untuk bermacam-macam tujuan, keperluan, dan
keadaan.
Siswa memiliki kemampuan menggunakan Bahasa Daerah untuk meningkatkan
kemampuan intelektual, kematangan emosional, dan kematangan sosial.
Siswa memiliki disiplin dalam berpikir dan berbahasa (berbicara dan menulis).
Siswa mampu menikmati dan memanfaatkan karya sastra untuk mengembangkan
kepribadian, memperluas wawasan kehidupan, serta meningkatkan pengetahuan dan
kemampuan berbahasa.
Siswa menghargai dan membanggakan sastra daerah sebagai khazanah budaya dan
intelektual manusia.
siswa dapat bersikap sesuai dengan tatakrama kehidupan masyarakat.
4. Ruang Lingkup
Ruang lingkup bahan kajian mata pelajaran Bahasa Daerah meliputi aspek kemampuan
berbahasa dan kemampuan bersastra. Aspek kemampuan berbahasa meliputi keterampilan
mendengarkan, berbicara, membaca, dan menulis yang berkaitan dengan ragam bahasa
nonsastra. Adapun aspek kemampuan bersastra meliputi keterampilan mendengarkan,
berbicara, membaca, menulis yang berkaitan dengan ragam sastra.
5. Pendekatan Pembelajaran
Siswa adalah peserta didik yang aktif. Titik tolak pemikiran bahwa siswa diajar dan guru
mengajar beralih ke padangan bahwa siswa belajar dan guru mitra belajar siswa. Siswa
mempelajari berbagai hal terus-menerus dalam perjalanan hidupnya. Sekolah merupakan
tempat dan kesempatan belajar untuk belajar. Kegiatan belajar adalah kegiatan sepanjang
hayat, kegiatan yang tidak berhenti pada saat siswa tamat sekolah. Oleh karena itu, kegiatan
di sekolah adalah lebih daripada sekadar pengajaran. Kegiatan di sekolah adalah kegiatan
pembelajaran. Siswa belajar, saling belajar, bukan hanya dari guru melainkan juga dari teman-
teman sekelas, sesekolah, dan dari sumber belajar yang lain (media cetak, media elektronik).
Siswa mempelajari bahasa sebagai alat komunikasi, lebih daripada sekadar pengetahuan
tentang bahasa. Pembelajaran bahasa, selain untuk meningkatkan keterampilan berbahasa
dan bersastra, juga untuk meningkatkan kemampuan berpikir dan bernalar serta kemampuan
memperluas wawasan. Selain itu, pembelajaran bahasa juga diarahkan untuk mempertajam
perasaan siswa. Siswa tidak hanya diharapkan mampu memahami informasi yang
disampaikan secara lugas atau langsung, melainkan juga yang disampaikan secara
terselubung atau secara tidak langsung. Siswa tidak hanya pandai dalam bernalar, tetapi juga
memiliki kepekaan di dalam interaksi sosial dan dapat menghargai perbedaan baik di dalam
hubungan antar individu maupun di dalam kehidupan bermasyarakat yang berlatar berbagai
budaya dan agama.
Agar siswa mampu berkomunikasi, pembelajaran bahasa daerah diarahkan untuk membekali
siswa terampil berkomunikasi baik secara lisan maupun tertulis dengan etika yang benar.
Siswa dilatih lebih banyak menggunakan bahasa untuk berkomunikasi, tidak dituntut lebih
banyak untuk menguasai pengetahuan tentang bahasa. Sastra memiliki fungsi utama sebagai
penghalus budi, peningkatan kepekaan, rasa kemanusiaan, dan kepedulian sosial,
penumbuhan apresiasi budaya dan penyaluran gagasan, imajinasi dan ekspresi secara kreatif
dan konstruktif, baik secara lisan maupun tertulis. Melalui sastra siswa diajak untuk
memahami, menikmati, dan menghayati karya sastra yang mempunyai nilai estetika.
Pengetahuan tentang sastra hanyalah sebagai penunjang dalam mengapresiasi karya sastra.
Siswa diharapkan mencapai berbagai kompetensi yang diperlukan di dalam kehidupan
mereka di masyarakat. Pencapaian kompetensi itu setiap kali dapat diukur dengan berbagai
bentuk dan teknik penilaian. Banyak jalan atau cara yang dapat ditempuh untuk membantu
siswa mencapai komptensi-kompetensi itu. Semuanya itu terpulang pada sekolah atau daerah
dalam menentukan jalan atau cara yang paling sesuai untuk siswa, menyesuaikan keadaan
setempat.
6. Bacaan Wajib Sastra
Sebagai upaya meningkatkan apresiasi sastra dan gemar membaca, setiap siswa pada
jenjang SMP diwajibkan membaca 4 buku sastra (puisi, cerpen, novel, dan drama).
Pengajaran apresiasi ini harus disesuaikan dengan kompetensi-kompetensi yang terdapat
dalam Standar Isi pada aspek kemampuan bersastra. Pemilihan bahan ajar ini dapat dicari
sesuai dengan tema atau materi pokok.
7. Penilaian
8. Peta Konsep
Bab 4 Bab 5
Teks Crita Wayang Teks Tembang
Kreasi
WULANGAN 1
PARIWISATA
Mbabar Wawasan
Lelagon kreasi anyar ing ngisor iki tembangna bebarengan!
Pariwisata
Anjajah desa milang kori
Kalamangsane pariwisata
Wruh endahe alam nuswantara
Katon adiluhung
Alas lan gunung-gunung
Sawise nembangake lelagon kreasi anyar ing ndhuwur semaken gambar-gambar ing ngisor
iki, sabanjure wangsulana pitakon-pitakon sing sumadiya.
Salah sijine papan pariwisata ing Jawa Timur sing oleh kawigaten gedhe saka masyarakat
yaiku Gunung Bromo. Gunung Bromo kang manggon ing patang wilayah kabupaten, yaiku
kabupaten Probolinggo, Lumajang, Malang lan Pasuruan kasebut ora tau sepi pangunjung.
Apa maneh ing sakiwa tengene Gunung Bromo panguripane para warga duwe ciri khas sing
ora padha karo masyarakat ing papan liyane. Kaendahan lan tradisi ing Gunung Bromo bisa
nambahi wawasan tumrap Indonesia sing pranyata sugih potensi alam kang bisa kanggo
nambahi kemakmurane bangsa.
GUNUNG BROMO
Gunung Bromo yaiku sawijining obyek wisata gunung ing Jawa Timur sing banget
nengsemake tumrap para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka manca negara. Gunung
Bromo dumunung ing wilayah pamarentahan propinsi Jawa Timur kang dumadi saka patang
wilayah, yaiku kabupaten Probolinggo, Pasuruan, Lumajang lan Malang. Dhuwure gunung
Bromo yaiku 2.392 meter saka lumahe segara. Gunung Bromo minangka obyek wisata kang
wis misuwur ing saindenging donya didadekake icon wisata dening pamarentah Propinsi
Jawa Timur.
Gunung Bromo tansah dadi papan kang nyenengake, jalaran duwe pemandhangan
kang ora tinemu ing panggonan liya. Gunung Bromo kinupengan segara wedhi kang jembare
kurang luwih 10 km persegi, misuwur anane sunrise sing saben-saben dienteni dening para
wisatawan. Ing pucuke gunung Bromo katon kawah sing ajeg nyemburake geni lan kukus,
nduweni dhiameter kurang luwih 800 meter yen diukur saka arah lor nganti sisih kidul, lan
kurang luwih 600 meter saka arah wetan nganti pinggire kawah sisih kulon. Ana papan sing
dianggep mbebayani tumrape pangunjung, yaiku papan radhius 4 kilometer saka kawah.
Obyek wisata Gunung Bromo klebu wewengkon Taman Nasional BromoTengger
Semeru. Tumuju menyang Gunung Bromo sing paling kepenakkawiwitan saka Penanjakan.
Ing Penanjakan para wisatawan bisa ndeleng sunrise utawa prastawa mletheke srengenge
sing sesawangane endah lan nengsemake. Sabanjure bisa nerusake laku menyang kawahe
gunung, bisa mlaku bisa uga nyewa jaran utawa jeep supaya ora kesel. Nalika ngliwati
segara wedhi bisa ndeleng bangunan papan ibadahe suku Tengger sing nggilut agama
Hindu. Bangunan kasebut diarani Pura Luhur Poten. (liburanbromomurah.com/wisata-
gunung-bromo15 okt 2014 kanthi owah-owahan sawetara)
Bausastra
Misuwur : kondhang
nengsemake : nyenengake
Jembar : amba
Kukus : pega
Endah : apik
wewengkon : wilayah
Nggilut : nganut
Tanggapan dheskriptif yaiku kesan tumrap apa sing wis dideleng, dirungu marang (tumrap)
obyek tartamtu, lan nalika maca kaya-kaya weruh lan ngrasakake obyek sing diwaca.
Ciri-ciri teks tanggapan dheskriptif, yaiku :
2. Wacanen maneh teks ”Gunung Bromo”, sabanjure ukara ing ngisor iki pilahen manut
struktur teks tanggapan dheskriptif!
Dhefinisi
Pepeling
Swara jejeg uga diarani swara sampurna. Swara iki durung owah saka asale.
Swara /a/ jejeg tuladhane kaya ing tembung mata, wana, rasa, lan liya-liyane.
Swara /a/ miring iku manawa lafale padha karo tembung wani, garu, sate, wedang,
nanas, lan sapanunggalane.
Swara /i/ bakal diarani swara jejeg manawa lafale dadi /i/ kaya ing tembung
bali, sasi, wisata, wanita, pitulung, lan sapanunggalane. Swara /i/ bakal diarani
swara miring manawa lafale kaya ing tembung bathik, nangis, guling, tertib, lan
sapanunggalane.
Kanggo mangerteni swara jejeg lan swara miring jingglengana tabel ing ngisor iki:
Swar
a (vokal) Jejeg Miring
widada Dumadi
a tumata Palupi
lara Dadi
wadi manis
i wirama guling
Gati Jarit
Lunga sarung
u Madu marmut
Palupi Alus
Sate golek
e Wedang mewek
Kopen
Suwe
e pepet sega, sepet, lega, lepet, merem, lan sapanunggalane
Soto bolong
o Loro dados
Obat Klobot
b. Jinise Tembung
Sawise njingglengi teks tanggapan dheskriptif ”Gunung Bromo” tinemu
panganggone tembung aran, tembung kahanan, tembung panggandheng, lan jinis
tembung liyane. Tuladha:
”Gunung Bromo yaiku sawijining obyek wisata gunung ing JawaTimur sing banget
nengsemake tumrap para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka manca
negara”
Kanggo nyinaoni teks tanggapan dheskriptif uga kudu nyinaoni jinising tembung basa
Jawa. Jinise tembung ing basa Jawa kaperang dadi 10, yaiku:
c. Unggah-Ungguh Basa
1. Basa Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu yaiku ukara sing dumadi saka susunan tembung ngoko kabeh.
Tuladha:
a) Para wisatawan seneng lunga menyang gunung Bromo.
b) Aku numpak sepur.
c) Winarno ngombe wedang jahe.
d) Kancaku ora sido teka.
e) Bocah-bocah padha mangan rujak legi.
Basa ngoko lugu kuwi kanggone ana ing pasrawungan kang kahanane raket banget,
kayata:
a) Pacelathon ing antarane sapepadhane.
b) Pacelathon karo wong sing drajate luwih endhek/asor.
c) Pacelathon wong tuwa marang bocah.
Gawea ukara nganggo basa ngoko lugu kanthi migunakake tembung-tembung ing
ngisor iki!
1) Tuku, 2) Lunga, 3) Akeh 4) Suwe 5) Ngombe
1. Teks tanggapan dheskriptif sing irah-irahane ”Tlaga Sarangan” ing ngisor iki durung
urut. Coba ukara-ukara ing kolom ngisor iki tintingana, sabanjure wenehana nomer
saengga bisa dadi teks tanggapan dheskriptif sing urut, kanthi migatekake struktur teks
kang kedadean saka idhentifikasi, klasifikasi/dhefinisi lan dheskripsi bagean. Saben
klompok macakake asile dhiskusi ing sangarepe kanca-kancane.
TLAGA SARANGAN
Nomer Ukara
10 Tlaga Sarangan dununge ing sakulone kutha Magetan, kurang luwih
adohe 16 km.
16 Ing sakiwa tengene tlaga akeh sumadya papan panginepan.
9 Tlaga Sarangan yaiku tlaga alami sing manggon ana ing sikile Gunung
Lawu, Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan, Provinsi Jawa Timur.
17 Ing sakiwa tengene Tlaga Sarangan akeh restoran, warung, lan
panganan sing diiderake dening para bakul.
5 Kepingin ngubengi tlaga wis dicepaki sarana transportasi kang arupa
jaran, prau motor, lan becak air.
3 Kabeh siap ngajak para pengunjung ngubengi tlaga!
12 Magetan duwe potensi indhustri kecil sing wis misuwur.
14 Pengunjung ora perlu kuwatir keluwen.
Pengunjung obyek wisata Tlaga Sarangan saben taun cacahe bisa
8 nganti ewon.
2 Tlaga Sarangan uga diarani Tlaga Pasir.
13 Tlaga Sarangan minangka obyek wisata andelane Kabupaten Magetan.
Fasilitas liyane kayata: kios souvenir, prau, restoran, warung, telpun
11 umum, papan ibadah, lan liya-liyane.
Tlaga iki ambane kurang luwih 30 hektar, jerone 28 meter, dene suhu
7 rata-rata antarane 18 – 25 derajat celcius.
15 Para pangunjung bisa ngenggar-enggar ati sasuwene liburan.
1 Ing warung akeh pilihan menu.
4 Panganan khas ing tlaga Sarangan yaiku sate truwelu (kelinci).
Prodhuk indhustri kecil wujud kerajinan sing bisa kanggo souvenir,
6 kayata: anyaman saka pring, kerajinan sepatu kerajinan kulit lan
prodhuk panganan ana emping mlinjo, lempeng, jrangking lan carang
mas.
Teks ”Pesisir Pulo Merah” ngisor iki wacanen kang titi! Ing teks tinemu tembung-tembung,
ejaan lan tandha panulisan sing kleru. Panulise teks kang kleru kasebut golekana, sabanjure
benerna!
Klasifikasi/dhefinisi Pesisir Pulo Merah, yaiku jeneng sing pas kanggo ngarani
pesisir sing manggon ing desa Sumberagung kasebot. Di
arani pesisir Pulo Merah jalaran wedhi ing sadhawane pesisir
rupane semu abang. Saka pesiser nyawang mangidhul katon
pulo-pulo seng apik banget. Ing mangsa ketiga pulo-pulo
mau yen kena sunare srengenge mantulake cahya warna
semu abang, jan nengsemake banget. Apa maneh
sesawangan mau didheleng nalika ngancik sore, wayah
srengenge meh angslup.
Dheskripsi bagian Obyek wisata pesisir Pulo Merah pancen nengsemake. Akeh
papan sing bisa kanggo seneng-seneng. Para wisatawan bisa
ndheleng endahe pesisir sing resik. Ing kono uga ana event taunan
sing rame banget, yaiku selancar. Pengen mundhut oleh-oleh ya
ana, panganan khas banyuwangi lan produk-produk unggulan
liyane wis sumadiya ing kios-kios. Mula ora aneh yen pesisir Pulo
Merah dadi obyek wisata primadhona ing Banyuwangi.
Pepeling
Kerep tinemu teks nganggo basa Jawa kang panulisane kleru. Tuladhane tembung /lara/
ditulis /loro/, /cara/ ditulis /coro/, lan sapanunggalane. Klerune panulisan mau bisa
nuwuhake tegese tembung lan ukara kang beda. Mula saka iku, nalika nulis gatekna
pamilihe tembung sing trep lan gunakna ejaan sing bener. Panganggone swara jejeg lan
swara miring perlu oleh kawigaten mirunggan. Aja kleru panulise. Ayo dikulinakake
nyambutgawe sing tliti, temen, lan kebak tanggungJawab. Cocog karo unine sesanti ”Sing
tlaten bakal panen, sing temen bakal tinemu”
SENDANG BIRU
Sendang Biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu
Kecamatan Sumbermanjing. Manggone ing sakidule kutha Malang kang adohe kurang
luwih 30 kilo meter.
Pesisir Sendang Biru minangka obyek wisata sing endah lan bisa narik kawigaten
marang sapa wae sing teka menyang Sendang Biru. Jalarane pesisire resik, wedhine
katon putih, lan yen nyawang mangidul katon njenggerenge Pulo Sempu. Saka Pesisir
Sendang Biru bisa nyabrang menyang Pulo Sempu. Anane Pulo Sempu ombak ing Pesisir
Sendang Biru ora gedhe. Ing Sendang Biru dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung
kegiatan pariwisata.
Diarani Sendang Biru kuwi ana sejarahe. Ing pesisir ana sawenehing sumber kang
banyune wernane biru. Tembung sumber bisa uga ateges sendhang, mula banjur diarani
Pesisir Sendang Biru.
Pesisir Sendang Biru ing dinane iki dikelola dening perusahaan negara aran
Forestay. Ing kana fasilitas wis sumadiya, ing antarane yaiku panginepan, guess house,
omah jaga, lan prau sewan.
Para pangunjung yen kepengin menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan
pribadi utawa kendaraan umum, yaiku mikrolet jurusan Gadang – Turen – Sendang Biru.
(Sumber: http://www.eastjava.com kanthi owah-owahan sethithik)
1. Pesisir Sendang Biru kuwi salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang.
Tembung wewengkon tegese .... C. (Wilayah)
A. Bagean
B. Panggonan
C. Wilayah
D. Dunung
2. Isine paragraf siji yaiku .... B. (Panggonane pesisir sendang biru)