Anda di halaman 1dari 3

Nama : Lailatul Maghfiroh

Kelas : IX-D

No : 11

PIDATO

TAMA : LINGKUNGAN KANG IJO

Assalamu’alaikum Wr Wb

Bapak Ibu Guru Ingkang kula kurmati rencang-rencang ingkang kula tresnani Saderengipun kula matur ,
sumangga kula dherekaken ngunjukaken puji syukur dhumateng ngrsanipun Gusti Allah ingkang maha
Asih ingkang tansah paring kanugraha ndhumateng kita sami .Para rawuh ingkang manuluyo ,Ing mriki
kula mingkang dados warga sekolah , badhe mbabar babagan lingkungan

ingkang ijo.Ingkang dipunwastani ” Ijo ” puniko mboten namung salah satunggaling werna ,

nanging wonten hubungan nipun kaliyan seger , nyaman , lan lingkungan inkang sehat .Wonten pundhi-
pundhi tukul wit-witan , woh-wohan , lan suket , tebih saking polusi .Wit ageng-ageng tinata rapi wonten
tengen lan kiwa nipun sekolah. Mboten wonten godong-godong lan sampah pating semerawut wonten
nglebet sekolah.Sinten ingkang badhe tanggung jawab njagi lingkungan sekolah dados resik , ijo lan

sehat ? Jawabanipun inggih punika ” Kitaa .. kitaaa .. ” warga sekolah . Bilih kita purun disiplin

, pramila kita saged mujud aken sekolah kita dados sekolah ijo , lingkungan nipun aman , lan nyaman
kangge sinau . Lan dipun wiwiti saking sekolah menika , kebersihan , lingkungan sehat saged dipun
wujud aken . Kulo pitados bilih para rawuh sarujuk kalehan usulan kula ndadhos ake sekolah SMP Negeri
2 Jatirogo ijo lan resik. Pramila sumonggo kula ngajak rencang-rencang sedaya njagi sekolah kita ,
supados tetep resik , sehat , rapi , lan endah ,nyaman kangge warga sekolah .Makanten ingkang saged
kula aturaken bilih kathah klenta-klentu nipun atur kula nyuwun agung ing pangapunten .

Wassalamu’alaikum Wr Wb

Nama:Lailatul Maghfiroh

Kelas:IX-D
No:11

PIDATO

TEMA:KARESIKAN LIANGKUNGAN

Assalamualaikum wr. Wb.

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi. Ugi mboten
kesupen rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Maha Kuasa ingkang kepareng
paring rohmat lan hidayah sehingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten
wonten alangan setunggal punopo.

Sholawat saha salam senantiasa kita aturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad S.A.W.
ingkang kita tengga-tengga syafaatipun benjang ing dinten akhir,. kanthi ucapan Allahumma sholli ala
sayyidina muhammad wa ala ali sayyidina muhammad ,

kula jumeneng teng ngriki ajeng medharake babagan Karesikan lingkungan. karesikan lingkungan
wigatos sanget tumrap kula panjenengan sedaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika
panggenan kangge gesang kita sedaya, sehingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados
pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya
ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit.

Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang
kita tresnani punika. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun
inggih punika KBM dados aman lan nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakake kanthi cara
mbuwang larahan/sampah ing panggenan ingkang sampun disediakan, numindakake piket kelas kanthi
teratur.
Cekap Semanten atur kawula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun agunging
samudro pangapunten.

Wassalamualaikum wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai