Anda di halaman 1dari 2

1.

Cela'an
Faedahipun dipun tebehaken saking penyakit bele’en.
2. Shlam Sunnah (9-10 Ashuro / Muharram)
Faedahipun : ngelebur dosa alit setahun ingkang sampun keliwat, soho kados
ngelampahi shiam setahun lan dipun paringi ganjaran 10.000 malaikat lan
10.000 ganjaran tiang haji lan tiang umroh lan 10.000 tiang mati sahid.
3. Ngelampahi Sholat Sunnah 4 Roka’at 2 salaman, saksampunipun maos surat Al-
Fatihah tiap-tiap roka’at maos surat Al- Ikhlas kaping 51.
Faedahipun : ngelebur dosa alit 50 tahun.
4. Siram Sunnah “Asyura, Wedalipun Ba’da Isya’ Utawi langkung utami jam 12
dalu.
Faedahipun : Mboten bakal dipun paringi sakit selami 1 tahun, kecuali sakit
ingkang dados sebabe pejah.
5. Ziaroh Dumateng Tiang Alim.
 Sinten tiange ingkang Ziaroh dumateng tiang alim mongko sami kaliyan
ziaroh dumateng Kanjeng Nabi.
 Sinten tiange Ziaroh dateng Kanjeng Nabi mongko wajib angsal syafa'atipun
Kanjeng Nabi.
 Sinten tiange Ziaroh dumateng tiang alim, mongko setiap jangkah bakal dipun
ganjar sami kaliyan tiang ingkang mati syahid.
6. Nyuwun punopo ingkang dados hajatipun, langkung-langkung, maos do’a
“Asyura.
 Sinten tian je maos do’a "Asyura, mongko manahipui mboten dipun paringi
pejah.
7. Maos Kalimah :

HasbiyAllahu Wani’mal Wakil # Ni’mal Maula Wani’mannashir 70 X


Faedahipun: Ngelebur ka'awonan ingkang sampun kliwat.
8. Nyambangi Tiang Sakit.
 Sinten tiange nyambangi tiang sakit dinten "Asyura (10 Muharrom ) mongko
kados-kados nyambangi tiang sakite sedoyo Anak Adam.
9. Ndamel kajemberan utawi bebungah dumateng keluargane utawi tiang sanes.
 Sinten tiange ndamel kajembaran dumateng keluargane utawi tiang lintu ing
ndalem dinten "Asyura, mongko gusti Allah bakal maringi kajembaran ing
ndalem sedayanipun tahun.
10.Shodaqoh utawi maringi buka dumateng tiang poso ‘Asyura
 Sinten tiange ingkang shodaqoh ing ndalem dinten ‘Asyura mongko kados-
kados mboten nolak tiang ingkang nyuwun babar pisan, lan kados shodaqoh
setahun.
 Lan ditulis mboten nate maksi'at sak kedepe mripat.
 Lan sinten tiange ingkang bukane tiang mu'min ingkang poso ing dalem
wengine wulan "Asyura, mongko kados-kados bukani sedayanipun umat
Muhammad S.A.W. lan ndamel warek wetenge sedayane umat Muhammad
S.A.W.
11.Moco surat al-ikhlas 1000X, moco ayat kursi 360X.
12.Ngelus-ngelus sirahe bocah yatim, utawi bagusi anak yatim soho shodaqoh
dumateng anak yatim.
 Sinten tiringe ngelu-ngelus sirahe anak yatim ing daiem dinten "Asyura,
mongko gusti Allah ngangkat saben-saben sakrambut setunggal derajat.
 Sinten tiange ngelus-ngelus sirahe bocah yatim, utawi bagusi anak yatim,
mangko kados-kados bagusi dumateng bocah yatim anak adam sak alam
donyo.
13.Ngurip-ngurip wengine dinten ‘Asyura kelawan ngelampani ibadah. (sholat
sunnah ‘Asyura 4 roka’at)
14.Sinten tiange ngurip-ngirip wengine dinten ‘Asyura ( malem tanggal 10
muharrom ), mongko kados-kados ibadah dumateng ngersani gusti Allah,
madani / mbandingi ibadahe malaikat kang ono langit sap pitu.
15.Ngiring mayit wonten kuburan.
16.Ngetho’i kuku / motong kuku.

NB : Sholat 'Asyura 4 roka’at didamel 2 salam. Niate :


"Niat ingsun shalat sunnah ‘Asyura kerono Allah ta'ala / niat ingsun sholat sunnah 2 raka'at
krono Allah ta'ala".
Tiap - Tiap setunggel raka’at saksampunipun maos surat Al - Fatihah maos surat Al - Ikhlas
kaping 51 Saksampun nipun salam istighosah lajeng maos dongo 'Asyura lajeng maos :

HasbiyAllahu Wani’mal Wakil # Ni’mal Maula Wani’mannashir 70 X

-Saking kitab I’anatuth tholibin juz 2 halaman 267-

Anda mungkin juga menyukai