Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah SMP 5 Malang

Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas SMP 5 Malang.

Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMP 5 Malang sedaya

Puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih
pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Kula minangka, Fajria wakil saking kelas 9 ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak la Ibu
Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula lan rencang-rencang,
saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen ngangsu kawruh wonten ing SMP 5 Malang.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu
duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih
panjenengan sedaya.

Pangorbanan Bapak lan Ibu Guru ingkang mbiyantu kula lan rencang-rencang mboten saged kula
wales.

Kula lan rencang-rencang naming saged ndedonga mugi Bapak Ibu Guru tansah pinaringan rahmat
saha barokahing Gusti Allah, Amin.

Cekap semanten atur kula. Menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani
penggalih, kula nyuwun pengapunten

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai