Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum Wr.

Wb
Bapak Kepala Sekolah ingkang kula kurmati. Bapak/Ibu Guru ingkang
dahat kinurmatan. Konco saha adik-adik ingkang kula tresnani.
Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun
angluberaken rahmat sarta hidayah saengga kita saged makempal wonten aula
kangge ngawontenaken acara perpisahan.
Bapak/Ibu Guru ingkang kula kurmati, kula minangka wakilipun putra-putri
klas tiga ngaturaken agunging panuwun awit keiklasan saha katresnan Bapak/Ibu
Guru anggenipun nggulawentah para siswa saengga saged ngrampungaken
kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangunipun tiga tahun.
Bapak/Ibu

Guru

tuwin

adik-adik,

sakedhap

malih

kula

sarencang

ninggalaken pawiyatan punika. Sanadyan sampun pepisahan ingkang ateges


tinebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyenyuwun supados taksih celak
ing penggalih.
Kula sarencang kelas tiga punika tansah nyenyuwun lan ndedonga adikadik sedaya kasil anggenipun ngangsu kawruh ing pawiyatan punika. Kula
minangka wakilipun rencang kelas tiga, tansah nyuwun gungan, mugi-mugi adikadik sregep anggenipun sinau.
Kula kinten boten prayogi menawi atur kula pepanjang. Menawi wonten
kirang tatakrami anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum Wr.Wb

Nama: Yusuf Harf


No

: 27

kelas : XI IS 3
SMA NEGERI 1 WATES

Anda mungkin juga menyukai