Anda di halaman 1dari 8

Langkah Pengerjaan:

1. Isilah Nama, No. Absen, dan Kelas.


2. Kerjakan soal sesuai perintahnya.
- Untuk pilihan ganda, klik pada lingkaran huruf di depan jawaban yang benar.
- Untuk Isian dan Uraian, ketik jawaban di kotak yang disediakan.
3. Setelah semua soal selesai kamu jawab, Save jawabanmu.
4. Kirimkan kepada gurumu melalui WhatsApp atau email.

Nama

No. Absen

Kelas

Pambijen Sumatif
Setiap Soal
A. Wangsulana kang trep! Bernilai 2 poin.

1. Sing diandharake sajroning wacan eksposisi yaiku ….

a. gambaran objek

b. prastawa

c. nyritakake pengalaman

d. proses

2. Wacan kang nggambarake kanthi cetha sawijining kahanan utawa objek yaiku
wacan ….

a. narasi

b. eksposisi

c. deskripsi

d. argumentasi
3. Gatekna pratelan ing ngisor!
(1) Nggambarake objek kanthi ancas pamaca bisa ngrasa utawa nyawang
objek sing ditulis.
(2) Ngandharake sawijining informasi apadene panemu kanggo nambahi
kawruhe pamaca.
(3) Ngandharake panemu kinanthenan bukti kuat kanggo nggyakinake pamaca.
(4) Njlentrehake sawijining bab tanpa dhasar supaya pamaca bisa nampa,
nrima,
utawa ngetutake.

Saka pratelan ing dhuwur kang nuduhake andharan babagan wacan eksposisi
katuduhake nomer …. HOTS

a. (1) lan (2)

b. (1) lan (3)

c. (2) lan (4)

d. (3) lan (4)

4. Pola pengembangan sajroning wacan eksposisi ana ….

a. loro

b. papat

c. telu

d. lima

5. Gancaran kang isine nentang antara siji lan sijine diarani eksposisi ….

a. pawarta

b. proses

c. pertentangan

d. sebab-akibat
6. Eksposisi pawarta biyasane ditemokake ing ....

a. ariwarti

b. buku resep

c. lapuran

d. cerkak

7. Ngrembakakake cengkorongan dadi paragrap eksposisi kang becik klebu ….

a. jinis paragrap eksposisi

b. ancas wacan eksposisi

c. titikane wacan eksposisi

d. cara nulis wacan eksposisi

8. Tembung panggandheng mula, saengga, akibate, sebabe iku klebu


tetembungan kang dianggo ing wacan eksposisi ….

a. pawarta

b. sebab-akibat

c. proses

d. lapuran

Wacan ing ngisor kanggo mangsuli pitakon nomer 9–11!


Srengenge minangka lintang sing dadi pusat tata surya kang nyorotake panas
lan cahya marang bumi lan planet liyane. Srengenge rata-rata ngandhut unsur
hidrogen lan helium. Srengenge mujudake objek panas sing kasusun saka gas
kanthi tekanan sing dhuwur.
Srengenge duweni diameter kaping 109 saka diameter bumi, yaiku 1,4 yuta km.
Sanadyan srengenge awujud gas, bobote luwih saka kaping 300.000 bobote bumi.
Suhu ing permukaan srengenge 6.000 drajat Celcius sing dipancarake nganti tekan
bumi. Dene ing inti srengenge suhune 15–20 yuta drajat Celcius. Sumber energi
srengenge dipikolehi saka reaksi fusi kang dumadi ing jero inti srengenge. Maneka
gas antarane hidrogen (76%), helium (22%), oksigen lan gas liya (2%).
Kapethik kanthi owahan saperlune saka: https:// https://hot.liputan6.com/
9. Wacan ing dhuwur klebu jinis wacan eksposisi ....

a. klasifikasi

b. definisi

c. perbandingan

d. pertentangan

10. Diameter srengenge yaiku ....

a. 1,5 yuta km

b. 1,4 yuta km

c. 2 yuta km

d. 2,4 yuta km

11. Sing disorotake srengenge yaiku …

a. panas lan cahya

b. sunar

c. cahya

d. panas

12. Sanadyan awujud gas, bobote srengenge menawa kabandhingake karo bumi
tikel
….

a. 6.000

b. 109

c. 30.000

d. 300.000
13. Gatekna paragrap ing ngisor iki!
Tumrape manungsa tamtu wis kerep ngalami lara watuk. Nanging sapa
ngira menawa ana buwah sing bisa kanggo ngobati watuk, yaiku jeruk nipis.
Buwah iki ngandhut minyak atsiri lan zat sing bisa kanggo ngendhalekake otot-
otot napas saengga bisa ngurangi watuk. Cara ngobati nganggo buwah iki
kanthi meres jeruk nipis banjur dicampur karo madu, kecap, utawa gula saengga
bisa nyuda rasa kecut.
Pratelan kang trep kanggo paragrap ing dhuwur yaiku .... HOTS

a. tuladha eksposisi pertentangan

b. nuduhake eksposisi perbandingan

c. paragrap iku klebu eksposisi proses

d. klebu eksposisi pawarta

14. Pratelan ing ngisor kang ora klebu ciri-cirine wacan eksposisi yaiku ….

a. asipat objektif lan ora mehak sapa bae

b. mangaribawani pamaca supaya nindakake kaya sing ditulis

c. mangsuli pitakonan bab apa, yen, lan carane

d. menehi informasi utawa seserepan

15. Ing ngisor iki kang ora klebu jinise wacan eksposisi yaiku ....

a. eksposisi perbandingan

b. eksposisi klasifikasi

c. eksposisi logis

d. eksposisi definisi

16. Ing ngisor iki klebu tumindak kang gemi nggunakake energi yaiku ….

a. wayah awan ngurupake lampu

b. ngurupake banyu kanthi kutah-kutah

c. ngurupake radhio lan TV bebarengan

d. jendhela dibukak ing wayah esuk


17. Gancaran kanggo njlentrehake kanthi menehi katrangan utawa teges yaiku
wacan eksposisi ....

a. klasifikasi

b. ilustrasi

c. definisi

d. perbandingan

18. Wacan kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak sajroning prastawa
kang winates ing sajroning wektu diarani wacan ….

a. narasi

b. eksposisi

c. deskripsi

d. argumentasi

19. Gatekna katrangan ing ngisor!


Irwan mulih sekolah jam 13.00 awan. Satekane omah reresik awak banjur
maem lan leren. Irwan maca buku ing ruwang tamu. Irwan ngurupake lampu,
kipas, lan bukak jendhela. Pratelan kang trep karo katrangan kasebut yaiku ….

a. Irwan bocah pinter sregep maca buku.

b. Irwan ora hemat nggunakake energi listrik.

c. Irwan bukak jendhela supaya kahanan ora sumuk.

d. Irwan kagolong gemi nggunakake energi.

20. Eksposisi proses biyasane ditemokake ing ….

a. teks pawarta

b. cerkak

c. lapuran kagiyatan

d. buku patuduh pagaweyan


Setiap Soal
B. Isenana ceceg-ceceg kanthi bener! Bernilai 3 poin.

1. Kapisanan katindakake nalika nulis wacan eksposisi yaiku

2. Basa kang digunakake sajroning wacan eksposisi mujudake basa

3. Mateni piranti listrik sing ora dianggo klebu tumindak

4. Wacan eksposisi duweni ancas kanggo pamaca.

5. Sawise umbah-umbah, Ibu banjur mepe kumbahan ing pemehan. Mangkono

nuduhake Ibu munpangatake sumber energi

6. Carane gawe tas kulit apadene panganan bisa dibabarake kanthi wacan

7. Gancaran kang isine kanggo ngowahi panemune pamaca supaya pracaya yaiku

wacan

8. Gancaran proses kanggo nglompokake babagan kang duweni sipat padha ing

kategori-kategori diarani

9. Kita kudu irit nggunakake energi amarga asale saka sumber sing cacahe

10. Pola pengembangan teks eksposisi umum-khusus diarani paragrap

Setiap Soal
C. Isenana ceceg-ceceg kanthi bener! Bernilai 6 poin.

1. Jinising wacan iku kaperang dadi lima, yaiku narasi, deskripsi, eksposisi,
argumentasi, lan persuasi. Saben wacan duweni titikan dhewe kanggo
mbedakake, klebu wacan eksposisi. Banjur, apa bae titikan sing dikarepake?
HOTS

2. Digunakake kanggo apa lumrahe wacan eksposisi?


3. Andharna sing dikarepake eksposisi perbandingan!

4. Apa bae jinise pola pengembangan teks eksposisi?

5. Sebutna jinis-jinis teks eksposisi!

Nilai

Anda mungkin juga menyukai