Anda di halaman 1dari 31

Patemon 1

Kewan
Kewan kuwi maneka warna. Ana sing bisa dimampangatake
tenagane, daginge ,endhoke lan ugo susune.Ana kewan
kang dipiara Negara minangka kewan langka.Ana kewan
sing dipiara kanggo nambahi kabutuhan kulawarga.
Nginggu Kewan
Pak Suhari kagungan ingon – ingon kewan .
Kewan kang di ingu pak suhari ,yaiku wedhus lan pitik.
Putra – putrane pak Suhari padha ewang – ewang ngopeni.
Damar dipasrahi kon ngopeni wedhus.
Wedhuse ana telu.
Wulan dipasrahi ngopeni pitik.
Pitike ana lima.
Damar lan Wulan sregep anggone ngopeni.
Mulo,ingon – ingone lemu – lemu.

Tuladha Kewan – Kewan


JENENG
KEWAN SUARANE PAKANANE KANDANGE
ANAKE
Bebek Kweek - Katul Meri Kombong
Kweek
Pitik Kluruk Jagung,Katul Kuthuk Kombong
Jago
Iwak - Pelet Beyong Blumbang
Pitik Petok – Jagung Kuthuk Kombong
Babon petok
Dara Mbekur Jagung piyik Pagupon
Terwelu Cicicicicit Jejanganan Kenthi Kandhang
Kebo Ngowek Suket Gudel Kandhang

1
Wedhus Ngembek Suket Cempe Kandhang
Jaran Beker / Suket Belo Gendhong
bengingeh an
Bulus - Iwak Ketul Song
Macan Mbahung/ Daging Gogor Krangkeng
Nggero
sapi Mbengeh Suket Pedet Kandang
Menthok Kwek – Katul Minthi Kombong
kwek
Kethek Mere Gedhang Kunyuk/ -
Munyuk
Kucing Ngeong Gereh Cemeng Kandhang
Gajah Ngempret Suket Bledhug Wantilan
cecak Ngecek Lemut Sawiyah -
Tikus Cit – cit Daging Daging -
Baya Ngah Daging Krete -
Walang Ngerik Gedebok Gendhol Cluntang
o

I. Garapen soal neng ngisor iki kanthi bener !


1. Anak jaran jenenge ….
2. Pakanane sapi jenenge ….
3. Omah macan jenenge ….
4. Pakanane macan jenenge ….
5. Anak kucing jenenge ….
6. Anak cicak jenenge ….
7. Pakanae pitik jenenge ….
8. Suara sapi unine ….
9. Suara pitik jago unine ….
10. Wedhus pakane jenenge ….

2
PR ( Pekerjaan Rumah )
Yen urung ngerti nyuwun perso bapak lan ibu neng dalem.
1. Sebutna kewan sing dimanfaatke tenagane ?
Jawab : ______________________________
2. Sebutna kewan sing di manfaatke daginge ?
Jawab : _______________________________
3. Sebutkan kewan sing dipiyara Negara ( kewan langka )
Jawab : ________________________________

3
Patemon : 2

Tembung Pitakon
Ana ing semester siji wis nate dikhandake babakan tembung
pitakon.Tembung pitakon yaiku tembung kang digunake ana
ing ukara pitakon.gatekno keterangan ono ngisor iki.
Tembung Gunane Basa kramane Tuladha
Apa Nakokake Punapa,menapa Apa sing kok
barang ingu?

Menapa ingkang
dipunpiyara ?
Sapa Nakokake Sinten Sapa sing tuku ?
wong
Sinten ingkang
mundhut lembu ?
Kapan Nakokake Rikala menapa Kapan anggonmu
wektu ngedhol pitik?

Rikala menapa
sampean nyade
ayam ?

Kepriye Nakokake Kados pundi, Kepriye carane


cara utawa Kepripun ngingu dara ?
kahanan
Kados pundi
caranipun ngingah
dara ?
Pira Nakokake Pinten Pira regane pitik
cacah lan mu ?
rega
Pinten reginipun
ayam sampeyan ?

4
Ing endhi Nakokake Wonten pundi Ing endhi
panggonan anggonmu angon
sapi ?

Wonten pundi
anggenipun
sampeyan angon
lembu ?

PR ( pekerjaan rumah )
I. Tulisen ukara pitakone nganggo ngoko lan karma
!Gunakna Tembung pitakon kaya katerangan ing dhuwur!
1. Wangsulana :Aku adhol pitik ana ing pasar .
Pitakon ngoko :….
Pitakon karma : ….
2. Wangsulana : Regane daraku selawe ewu.
Pitakon ngoko :….
Pitakon karma : ….
3. Wangsulan : anggone makan sapi dikombor.
Pitakon ngoko : …
Pitakon karma : ….
4. Wangsulana : sing golek pakan kuwi kang parjan .
Pitakon ngoko : ….
Pitakon karma : ….
5. Wangsulana : Anggone golek suket ing sawah .
Pitakon ngoko : ….
Pitakon karma : ….

5
2. Bedheken jenenge kewan iki !
1.Kewan iki yen awan turu
Kewan iki seneng mangan kuthuk.
Kewan iki uga mangan buwah – buhahan.
Jenengku : ….
2.Kewan iki bisa ing banyu bisa ing dharat.
Kewan iki yen mlaku mencolot.
Kewan iki naliko udan ngorek.
Jenengku : ….
3.Kewan iki duwe sak neng wetenge.
Sikili sing buru dawa
Dene sikil ngarepe cendhek.
Mlakune mlumpat – mlumpat.
Jenengku : ….
4.Kewan iki awae gedhe.
Susune bisa diombe.
Unine mooh.
Jenengku :….
5.Kewan iki duwe swiwi
Kewan iki bisa mabur.
Uga duwe wulu.
Menawa dilatih bisa niroakake swara.
Jenengku : ….

6
PATEMON 3

Tembang Dolanan
Yaiku salah sijine tembang sing lumrahe di tembangake
bocah-bocah nalika dolanan, utamane bocah-bocah ana ing
padesan sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancane
lan bisa sinambi solah bawa. Ing jaman biyen, bocah-bocah
dolanan ing latar ora mung wayah awan lan sore, nanging
uga wayah wengi nalika padhang rembulan.

Tembang dolanan jawa


1. Sluku –sluku bathok
2. lir – ilir
3. Jamuran
4. Cublak – cublak suweng
5. Menthok – menthok
6. Gundul – gundul pacul
7. Padhang bulan
8. Dhondhong opo salak
9. Bang – Bang Tut
10. Dayoh

Tulodho tembang dolanan


1. Sluku-Sluku Bathok
Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Sala
Leh-olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah
7
Wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah
Yen urip goleka dhuwit.

2. Cublak-Cublak Suweng
Cublak cublak suweng, suwenge teng gelenter
Mambu ketundhung gudel
Pak empo lera lere, sapa guyu delekake
Sir..sir pong dhele gosong..
Sir..sir pong dhele gosong..

3. Dhondhong Opo Salak


Dhondhong apa salak
Dhuku cilik-cilik
Andhong apa mbecak
Mlaku dimik-dimik

4. Menthok-Menthok
Menthok-menthok tak kandhani
Mung rupamu angisin-isini
Mbokya aja ngetok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok
Ora nyambut gawe
Menthok-menthok mung lakumu
Megal-megol gawe guyu

8
PR ( Pekerjaan Rumah )

Rembuken karo bapak lan ibumu !


1.Apa kowe seneng dolanan tradisional sing wis ana
tembange ?
2.Apa wae tembang dolanan sing wis kok ngerteni ?

9
PATEMON 4

DOLANAN TRADISIONAL

Dolanan Tradisional yoiku dolanan sing biasane dianggo


dolanan bocah – bocah ing jaman mbiyen. Onone dolanan
tradisional supoyo mulang bocah – bocah nduweni roso
sosial sing dhuwur lan duweni tepo slira marang kanca –
kancane
Manfaat dolanan tradisional yoiku :
1. Bab kepinteran amarga mbutuhke strategi supaya
menang
2. Ketangkasan
3. Bisa kanggo kesehatan

Tuladha Dolanan Tradisional

GANGSING ULAR NAGA EGRANG BAKIAK

KUCING-
KUCINGAN SUNDA MANDA LOMPAT TALI NEKERAN

DAKON CUBLAK-CUBLAK JELUNGAN


SUWENG

10
I. Tulisen jenenge dolanan ing gambar iki nganggo
aksara jejeg sinambung ( tegak bersambung )

1.
: ………………………

2.

: …………………………

3.

: ……………………………

4.

: ………………………….

5.
: …………………………

11
PR ( Pekerjaan Rumah )
Isinen kanggo tembung sing cocog!
a.Ing gambar sisih tengen iki bocah – bocah padha
dolanan : ….
b.Gantheng biyasane kanggo bocah :…..
c.Dolanan sing nganggo tetembangan jenenge : …..
d.Yo prakanca dolanan ing njaba. Padhang mbulan
padhange : ….

12
Gatekno kaweruh basa iki !
Tandha penthung (!) iku kanggo mungkasi ukara patron.
Thandha Penthung !
Ukara patron isine menehi prentah ( kongkonan )sarta
pangajak.
Ukara pakon diwenehi tandha penthung (!) ana ing
akire/pungkasane ukara.
Tuladha ing ngisor iki.
a. Bukune kae ,jupukna !
b. Ayo enggal dolanan !

Latihan
Wenehana tandha sing cocog ing pungkasan ukara – ukara
iki !
Tuladha :
Sapa sing sregep sinau ?
Ayo , padha sinau !

1.Wacanen buku iki ( … )


2.Pira regane jadah iki ( … )
3.Sapa sing nyapu kelas ( … )
4.Jupukno sandale adimu ( …. )
5. Resiana kamarmu ( … )
6. Tulung bukaken pintu iku ( …. )
7. Aja lali kumbahen klmabimu ( …. )
8.Sapa sing ngeterke kowe sekolah ( … )
9. Sapa sing numbaske kowe HP ( …. )
10. Apa kowe seneng nulis (…. )

13
PATEMON 5
ETUNGAN

A. Ayo Nggatekake
1. Wacanen kawruh iki !
Tembung Wilangan
Tembung sing mretelakake cacah utawa urut – urutan.
Tembung wilangan kang mratelakake cacahe barang .
a.Jinise ana loro,yaiku ing ngisor iki.
Tembung sing mretelakake barang sing wis genah cacahe.
i. Tuladha :siji,loro
,telu,papat,lima,sewelas,rolas,selikur,selawe,telung
puluh,sewidak,satus,rong atus,sewu,lan
sapanunggalane.
ii. Tembung sing mratelakake barang sing durung genah
cacahe.
Tuladha : akeh , sethithik,lan kabeh
b.Tembung wilangan kang mratelakake pepangkatan.
Tuladha : kapisan,kapindo,kaping telu ,kaping lima lan
sakpanunggalane
c.Tembung wilangan saperangan,yaitu tembung wilangan
sing wis ana pasangane.
Tembung wilangan saperangan kaya ing ngisor iki.
Anggur sadhompol
Beras saelas
Banyu satetes
Bolah saukel
Sate sasunduk
Bawang sasiung

14
Daging sairis
Dara sajodho
Gedhang sauler,salirang
Satangkep,satundhun
Godhong sapapah
Gula satangkep
Jae sarempang
Jarit salembar
Krambil sajanjang
Klengkeng saombyok
Lenga sagendul
Pari sawuli
Pring saeros,salonjor
Sandhangan sapengadeg
Tebu salonjor
Tela satenggok
Uyah sawuku
Wedang sagelas

B. Gatekna basa kramane angka – angka iki !

Bahasa Basa jawa Basa jawa


indonesia ngoko krama
Satu Siji Setunggal
Dua Loro Kalih
Tiga Telu Tiga
Empat Papat Sekawan
Lima Lima Gangsal
Enam Enem Enam
15
Tuju Pitu Pitu
Delapan Wolu Wolu
Sembilan Sanga Sanga
Sepuluh Sepuluh Sedasa
sebelas sewelas Sewelas
Dua belas rolas Kalih welas
Tiga belas Telulas Tiga welas
Empat belas Patbelas sekawan welas
Lima belas Limalas Gangsal welas
Enam belas Nembelas Enem welas
Tujuh belas Pitulas Pitulas
Delapan belas Wolulas Wolulas
Sembilan belas sangalas sagalas
Dua puluh Rong puluh Kalih dasa
Tiga puluh Telung puluh Tigang dasa
Empat puluh Patang puluh Sekawan dasa
Lima puluh Seket Seket
Enam puluh Sewidak Sewidak
Tujuh puluh Pitung puluh Pitung dasa
Delapan puluh Wolung puluh Wolung dasa
Sembilan puluh Sangang puluh Sangang dasa
Seratus Satus Setunggal atus

Ayo Nyoba
I. Isenana nganggo tembung sing cocog!
1. Sedina wingi mincing oleh patang kilo.Yen ditulis angka
dadi … kilo
2. Wedhuse ana patang jadho.yen ngono duwe wedhus
cacahe ….
3. Gedhang ipun wonten ….
4. Cempe nipun ana …

16
5.Angka 25 basa kramane …
6.Yen angka 60 basa kramane …

7.Budi duwe salak cacahe …

8.Angka 5 basa kramane …


9.Angka 10 basa kramane …
10.Angka 8 basa kramane …

17
PATEMON 6
TANGGALAN JAWA
A. Ayo Nggatekake
Saminggu iku ana pitung dina.
Dene sepasar iku ana limang dina .
Saminggu kasebat saptawara.
Saptawara yaiku Ngahad,Senen ,Selasa, Rebo, Kemis,
Jemuwah,lan Sabtu.
Sepasar kasebut pancawara .
Pancawara yaiku Paing , Pon , Wage , Kliwon ,lan Legi.
Sasasi iku bisa ana 28 dina utawa 29 dina utawa 30 dina.
Dene setahun iku ana 12 sasi yaiku :
Sura ,Sapar , Mulud ,Bakda mulud , Jumadilawal,
Jumadilakir.Rejeb, Ruwah,Pasa,Sawal,Sela ( Dulkangidah ),
Lan Besar ( Dulkahijjah )

B. Ayo Nyoba
I. Wangsulana adhedhasar kawruh saka gurumu !
1.Saminggu ana pirang dina ?
Jawab :
2.Sepasar ana pirang dina ?
Jawab :
3.Sasasi ana pirang dina ?
Jawab :
4.Apa bedane saptawara lan pancawara ?
Jawab :
5.Sataun ana pirang sasi ?
Jawab :

18
II. Gatekna babagan etungan basa jawa ngisor iki,banjur
tulisen angkane !
1.Sedina kuwi ana pat likur jam .
Sedina : ….. jam
2.Seminggu kuwi ana pitung dina.
Seminggu : … dina
3.Menawa rong minggu kuwi ana pat belas dina.
Pat belas dina : …. Minggu
4.Sesasi kuwi wektune ana telung puluh dina.
Sesasi : ….. dina
5.Saiki sasi April ,rong sasi meneh wis juni
Rong sasi : …. Sasi

19
PATEMON 7
JAM
A. Ayo Nggatekake
Saliyane mratelakake cacahe barang ,tembung wilangan
uga mratelakake angka jam.
Tuladhane kaya ing ngisor iki.
07.00 : jam pitu esok
12.00 : jam rolas awan
14.00 : jam loro awan
20.00 : jam wolu bengi
24.00 : jam rolas bengi
08.25 : jam wolu punjul 25 menit
13.10 : jam siji punjul 10 menit

B. Ayo nyoba
Tuladha :

= Jam sepuloh punjul 10 menit

a. = …………………………………….

b.
= .................................................

20
c. : …… = ……………………………….

d. = ………………………………

e. = …………………..…………

Praktekno pacelathon ngisor iki !

Wawan : “Saking pundi pakdhe, Kok nuntun menda ?”


Pakde Surya : “ Saka pasar,Wan !Tuku wedhus iki !”
Wawan : “Menda sekawan niku regine pinten,pakdhe ?”
Pakde Surya : “Loro iki sejodo,patang yuta.lha sing lara iki
isih cempe.”
Wawan : “Ingkang cempe regi pinten?”
Pakdhe Surya : “Sing cempe iki lanang wedok loro direga
rong yuta.”
Wawan :”Menawi sae angenipun ngrimat ,saged dados
kathah nggih Pakdhe!”
Pakdhe Surya :”Lha iya ,Wan! Bisa dadi lima,sepuluh,selusin
utawa malah punjul.”
Wawan :”Mbenjang menawi kathah kula nyuwun
cempenipun setunggal
21
- Jodho angsal ta ,Pakdhe?”
Pakdhe surya : “Lha iya entuk ta ya ,wan! Dongakake wae
kasil ya,Le!”
Wawan : “Nggih,Pakdhe! Matur nuwun saderengipun.”

Terangna tembung babagan etungan sing ana ing


pacelathon kuwi!
1. Sekawan kuwi karepe ….
2.Sejodho kuwi cacahe ana ….
3.Rong yuta kuwi angkane ….
4.Selusin kuwi cacahe ana ….
5.Patang yuta kuwi angkane ….

Siji : eka
Loro : dwi
Telu : tri
Papat : catur
Lima : panca
Enem : sad
Pitu : sapta
Wolu : hasta / asta
Sanga : nawa
Sepuluh: dasa

22
Unggah – ungguh takon marang wong liya
Cara takon marang wong liya kuwi ora kudu mung
nggunakake ,tembung pitakon,nanging,uga ngangga tata
cara manut unggah – ungguh
1.Marang wong sing luwih tuwa:
> Mlaku nyedak
> kandha alon nganggo basa karma
2.Marang kancane utawa sepantaran
> Mlaku nyedak
> Takon nganggo tembung
( njaluk pangapura,nuwun sewu) banjur bisa nganggo
basa ngoko sek becik.

23
PATEMON 8
TEMBUNG PITAKON
A. Ayo Nggatekake
No Ngoko Krama Gunane
1 Sapa Sinten Kanggo
nakokake wong
2 Apa Menapa Kanggo
nakokake
barang
3 Ing endi Wonten pundi Kanggo
nakokake papan
4 Kepiye/kepriye Kepripun/kados Kanggo
pundi nakokake cara
utama swasana
5 Kapan Kala menapa Kanggo
nakokake waktu
6 Pira Pinten Kanggo
nakokake
cacah/jumlah

Tuladha
1.Nakokake wong
Krama : Sinten engkang mundut salak ?
Ngoko : Sapa sing tuku salak ?
2.Nakokake barang
Krama :Menapa ingkang dipun piyara ?
Ngako : Apa sing kok inggu ?
3.Nakokake papan
Wonten pundi dalemipun pak guru ?
Ngoko : Ing endi daleme pak guru ?
4.Nakokake cara utawa swasana / kaanaan.

24
Karma : Kepripun anggenipun damel masker?
Kados pundi kaananipun ing pasar ?
Ngoko : Kepiye carane gawe masker ?
Kepriye kaanaan ing pasar ?
5.Nakokake wektu.
Krama : Rikala menapa Rudi nyade mendha?
Ngoko : Kapan Rudi adol wedhus ?
6.Nakokake cacah utawa jumlah
Krama : Pinten putranipun ibi siwi ?
Ngoko : Pira putrane bu siwi ?

Tuladha takon marang gurune


1.Mlaku alon nyedaki gurune
2.Yen wis cedhak banjur kandha alon ukara kaya ngisor iki .
a.Pak ,nuwun sewu kepareng badhe nyuwun pirsa
menapa ukara pakon menika?
b.Pak ,kula badhe nyuwun pirsa menapa ukara pakon
meniko?
Tuladha takon karo kancane.
1.Nyedhaki luwih dhisik.
2.Banjur takon kanthi nganggo tembung – tembung kaya
ngisor iki.
a.Njaluk pangapuramu ,aku arep takon …
b.Nuwun sewu ya , apa ….
c.Bim ,aku arep takon ….

25
B. Ayo Nyoba
Tulisen anggonmu takon.
1.Siwi takon marang Dewi apa buku sing tiba iki bukumu
dewi.
Ukarane siwi : ….
2.Fatih takon marang dhokter dheweke lara apa .
Ukarane faith : ….
3.Dimas dolan ing omahe Bayu.Takon marang bapake Bayu
apa Bayu ana.
Ukarane Dimas : …..
4.Surya takon daleme pak Hasan.
Anggone takon marang pak Budi.
Ukarane surya : ….
5.Putra ngacungake drijine kepingin takon marang Bu Guru
babagan tembung kosok balen.
Ukarane Putra : …..

Wacanen sing premati !


Lara Demam Berdarah
Nani wis telung dina ora mlebu sekolah.
Dheweke lagi wae lara demam berdarah.
Saiki nembe mondhok ing rumah sakit Wirasaban.
Kancane padha niliki
Nani awake pancen isih panas.
Bathuke Nani dikompres
Nani uga diinfus
Ngendikane dhokter ,demam berdarah kuwi marga
lingkungan ora resik.

26
Akeh banyu kang mambeg banjur dianggo omah lumut
Lemut kang njalari penyakit iki jenenge aides aegepty.
Bu guru ngendika bocah – bocah kudu resikan.
Kulah dikuras seminggu pisan.
Barang rosok dipendhem.
Klambi sing reged langsung dikumbah
Mangkono ngendikane bu guru
Nani pancen cedak kara tanggane sing kemproh.
Mulane dheweke sing dadi kurban.
Ayo padha jaga resike lingkungan.
A. Ayo Nggatekake
a.Tandha Setrip ( - )
Gunane tandha setrip kanggo nulisake tembung kang
dibaleni ( tembung rangkap ) yen ing basa Indonesia diarani
kata ulang.
Tuladhane ing ngisor iki.
Bocah – bocah dolanan ing latar.
Aku ora duwe ingon – ingon
b. Tandha koma ( , )
Tandha koma digunakake kanggo misahake rincian.
Tuladhane ing ngisor iki.
Sing padha dolanan kae Bima,Siwi,Widi,lan Parman.
Jamuran ,jethungan,lan benthic kuwi dolanan tradhisional.

27
B. Ayo Nyoba
Wenehana tandha sing bener ( titik,koma,utawo setrip) ing
ukara ngisor iki !
1.Pak Budiman mundhutake buku buku crita sing apik
kanggo Bima lan Siwi.
2.Ridwan Tari Tuti lan Ika dolanan jamuran ing latar.
3.Ibu mundhut sawi terong lan Lombok
4.Bima Siwi Widi lan Nani nandur wit witan ing kebon.
5.Bocah bocah didhawuhi nggawa jae kunir laos lan kencur
Kawruh
Budaya jawa unggah – ungguh
Unggah – ungguh iku tata pranataning basal an tumindak
miturut tata karma.
Unggah – ungguh ora mung babakan basa.
Nanging ,kalebu tumindak ing sadina – dina
Contone, kepriye menawa liwat ing ngarepe wong.
Kepriye menawa pacelathon marang wong liya.
Kepriye anggone mertamu lan sapanunggalane.
Kabeh kuwi ana tata kramane
Unggah – ungguh kalebu budaya jawa kang kudu
.digatekake.
Aja nganti kagerus in jaman.
Amarga unggah – ungguh kalebu budaya luhur.
Kena apa dikandhakake budaya luhur ?
Sebab unggah – ungguh iku duwe prinsip ngurmati wong
liya.
Prinsip liyane yaiku karukunan lan gotong – royong.
Mula,para murid kudune nyinau unggah – ungguh.

28
Gladhen Semester Genap
A. Wenehana tanda ping ( X ) aksara a,b ,utawa c
ing wangsulan sing bener !
1.Bapak ibune wes tau ngendika
“Ngendika “ tegese …
a.janji b.seneng c.kandha
2.”Pak , … kulo ajeng nyuwun pirsa”
a.matur nuwun estu b.nyuwun pangapunten
c.nuwun ngapunten
3.Endi sing bener tembunge ?
a.tekok b.takok c.takon
4.Tamu tamu wis padha rawuh
Ukara iku kurang tandha …
a.setrip lan takon b.setrip lan titik c.titik lan
takon
5.Seneng tetulung kuwi tumindak
a.becik b.ala c.sembrana
6.Ngisor iki gambar …
a.pitik
b.bebek
c.mentok
7.Pakan sapi biasane …
a.suket b.damen c.merang

8.Kewan ing gambar iki swarane …


a.meyong
b.embek
c.mooh
29
9.Saiki sasi juli ,sesasi meneh banjur …
a.Agustus b.Juni c.mei
10.Jago kuwi yen esuk …
a.tarung b.kluruk c.ngendhok
11.Dara kuwi dikandhangake ing …
a.khandang b.pagupon c.Krangkeng
12.Dolanan sing nganggo tetembangan yaiku …
a.kasti b.bal – balan c.jamuran
13.Cublak – cublak suweng
Suwenge ting …
a.gelenter b.gelontor c.gelantar
14.Dolanan sing keno kanggo olahraga upamane …
a.gobak sodor b.dhakon c.bekelan
15.Ukhara ngisor iki sing nganggo tandha penthung yaiku …
a.Kowe bisa gawe engrang ora
b.kana aku jupukno petelot
c.iki dewekmu udu
16.Simbah kagungan pitik sejodho.
Yen ngono pitikke ana …
a.siji b. loro c.telu
17.Bude kagungan piring selusin …
Selusin tegese ana …
a.sepuluh b.sewelas c.rolas
18.Anggure ana …
a.saktenggok
b.salirang
c.sakdompol

30
19.Tembung pitakonan kanggo nakokake wektu yaiku …
a.sapa b.endhi c.kapan
20.Seminggu kuwi ana … dina
a.7 b.8 c.5

B. Cecek – cecek iki isenana nganggo tembung.


1.Arep takon bisa nganggo tembung nyuwun ….
2.Enggrang digawe saka ….
3.Anak wedhus jenenge ….
4.Saiki dina senen ,sesuk dina …. ,yen winggi dina ….
5.Sapine lanang papat kara wadon loro yen ngono sapine
cacahe ….

C. Garapen manut pituduhe !

1. Gawea pacelathon ringkes anggonmu takon –takonan


karo kancamu babagan dolanan bocah.
2. Bu Dukuh rawuh ing omahmu kepingin ketemu ibumu.
Kowe sing pisanan nemoni banjur kepriye anggonmu
takon marang Bu Dukuh ?
3. Tulisen nganggo basa krama lan aksara jejeg sinambung!
( tegak bersambung )
Ibu baline jam pira ?
4. Wenehana tandha waca kang bener ing ukara ngisor iki !
Bapak bapak lan ibu ibu padha gawe roti geplak lan
nagasari
5. Aranana papat jenenge kewan sing ngendhog !

31

Anda mungkin juga menyukai