Anda di halaman 1dari 1

Naskah Drama Bahasa Jawa

Dina: “Aku kok ora mudheng blas ya karo materi matik sing himpunan iki.”

Joni: “Lha awakdewe tibake podo wae, Din. Aku kat wingi wis maca lan sinau tapi
isih bingung karo konsep sing dimaksud.”

Dina: “Terus penake piye ya, Jon? Masa awakdewe kudu melu bimbel ben isa
mudeng karo materi iki?”

Joni: “Bimbel saiki larang pol, Din. Ora duwe duit aku lek saiki kudu melu bimbel.”

Habib: “Din, Jon, ana apa iki? Arep ulangan opo piye kok koyoe lagi seru obrolane?”

Dina: “Iki lho, Bib, Ton. Aku karo Joni bingung materi matik. Sampek saiki ora isa
mudheng karo iki.”

Toni: “Terus hubungane karo bimbel mau apa? Kowe arep melu bimbel?”

Joni: “Larang banget, Ton. Ora isa lek arep bimbel saiki.”

Toni: “Yawes ngene wae, aku karo Habib sering sinau bareng mben dina Senin. Lek
kowe arep melu, ayo.”

Habib: “Mengko sinau bareng ben podo iso mudheng kabeh.”

Dina: “Tenane iki? Ora ganggu kowe mengko?”

Toni: “Ya ora. Ngko diomongne maneh ya. Ayo saiki kelas dhisik.”

Audi 5F
Absen 6

Anda mungkin juga menyukai