Anda di halaman 1dari 1

Assalamu’alaikum wr.

Wb

Alhamdulillahilladzi Kholaqol Mauta, Wal Hayaata, Liyabluwakum Ayyukum Ahsanu ‘Amala, Wahuwal ‘Aziizul Ghofuur,
Asy Haduallaa Ilaa haillalloh Wahdahula Syariikalah, Wa Ash Haduanna Muhammadan ‘Abduhu Warsuluhu, Allohumma
Sholli ‘Ala Muhammad, Wa ‘Ala Ali Muhammad.

Inna lillahi wa inna ilaihi roji’un.

Sedoyo puji dumateng Alloh,ingkang sampun nentuaken : gesang lan sedo,lan mirsani sinten ingkang paling sae ngamal
ipun sedoyo umat,lan saestu Gusti Alloh ingkang moho kuat lan moho pangapuro.

Sholawat lan salam kagem junjungan kito nabi Muhammad SAW, kanti waosan Allohumma sholli ‘alaa Muhammad, wa
‘alaa alihi Muhammad.

Sejatos ipun kito sedoyo niki kagungan nipun Gusti Alloh,lan Dateng Gusti Alloh kito sedoyo bade wangsul.

Hadrotil kirom. Poro alim poro ulama’, poro Kiai ingkang dipun mulyaaken Allah SWT, soho ingkang kito dereaken
menggah fatwahipun.

Sesepuhing masyarakat, tokoh masyarakat ugi sedoyo pelayat kakung putri ingkang kinurmatan.

Panjeneganipun Ashabul musibah panjenenganipun………………………ugi sedoyo keluarga besar lan putro wayahipun
almarhum/almarhumah ………………………..bin/binti ingkang kapundut kondur wonten ngarsanipun Alloh SWT,rikolo wingi
sonten tabuh utawi jam ............................kanti umur...........................

Kasugengan karahayon soho katentreman awit sih Wilasaning Gusti Alloh SWT,

Kulo ingkang piniji ngaturaken titi laksana / adicoro panguntaban jenazah titi wanci meniko, keparengo maosaken
urutaning adicoro pangrukti jenasah.

1.Pambuko 2.Pambagyo harjo lan Tanggap Dhuh kita 3.Solat jenasah 4.Bidhaling layon, mekaten menggah urutaning
adicoro.

Panjenenganipun para pelayat kakung putri ingkang tuhu kinurmatan,

Wekdal tumapaking adicoro pangrukti jenasah badhe kawiwitan.

1.Acoro ongko sepindah pambuko , monggo kito bikak sesarengan kanti waosan surotul fatihah

2. Atur Pambagyo harjo,,,,, Kebak ing trapsilo ingkang nandang sungkowo nun injih Bapak utawi
Ibu.........................badhe atur pambagyo harjo sekaligus tanggap duhkito abela sungkowo, namung mboten kuwowo
matur pribadi, milo nyaroyo panjenenganipun Bapa…..……………………….(minongko sulih sariro), mbok bilih sampun
samekto ing gati ,kito sumonggoaken.

Keluargo ngaturaken panuwun ingkang sampun tanggap duhkito sedoyonipun, mugi ndadosaken panglipuripun ingkang
nandhang abela sungkowo.

3.Ndungkap adicoro ongko tigo panyolatan Jenasah ,imam panyolatan panjenenganipun Bapak………....……,
kasumonggoaken.

4. Para pelayat kakung putri ingkang tuhu lubering budi, keranten kerondo jenasah sampun siap,upacara pandonga
bidaling layon samangke, piniji Imam Bapak.......................................lan talqin mayit wonten ing makbaroh utawi
makam...............................piniji Imam panjenenganipun Bapak.....................................lumampah setunggal mboko
setungal mboten kito waosaken malih.

Saderengipun keluargo ngaturaken agunging panuwun.

Wekdal soho panggenan kulo sumonggo aken.

Kula ingkang piniji ngaturaken upacara pangrukti jenasah, bilih wonten ingkang kirang pas ipun anggenipun matur,
nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamungalaikum Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai