0% menganggap dokumen ini bermanfaat (0 suara)
3K tayangan7 halaman

Bedhekan Tembang Pocung

Tembang Pocung Bahasa Jawa Kelas 3 SD

Diunggah oleh

Harti Harti
Hak Cipta
© © All Rights Reserved
Kami menangani hak cipta konten dengan serius. Jika Anda merasa konten ini milik Anda, ajukan klaim di sini.
Format Tersedia
Unduh sebagai DOCX, PDF, TXT atau baca online di Scribd
0% menganggap dokumen ini bermanfaat (0 suara)
3K tayangan7 halaman

Bedhekan Tembang Pocung

Tembang Pocung Bahasa Jawa Kelas 3 SD

Diunggah oleh

Harti Harti
Hak Cipta
© © All Rights Reserved
Kami menangani hak cipta konten dengan serius. Jika Anda merasa konten ini milik Anda, ajukan klaim di sini.
Format Tersedia
Unduh sebagai DOCX, PDF, TXT atau baca online di Scribd

Bapak pocung bisa nggereng bisa mbengung

Ngambah jumantara
Kayu manuk rajawali
Wira-wiri nggawa barang lan manungsa

Bapak pocung anane ing tanah kudus


Pinter nyimpen toya
Mangka tumpakane jalmi
Mbrenjul suku panjang gulu dawa

Bapak pocung amung sirah lawan gembung


Pada dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka si pocung dadi dahana

Bapak pocung mlungker mlungker dudu kalung


Manggonmu neng tangan
Jarum mlaku rino wengi
Ngembrug wektu si pocung kagungan guna

Bapak pocung dudu watu dudu gunung


Sabamu ing sendhang
Pencokane lambung kering
Prapteng wisma si pocung mutah kuwaya

Bapak pocung rupane saengga gunung


Tan ana kang tresna
Saben uwong mesti sengit
Yen kanggonan den lus elus tinangisan
Bapak pocung dudu watu dudu gunung
Sangkane ing sabrang
ngon ingone sang Bupati
Yen lumampah si pocung lembehan grana

Bapak pocung renteng-renteng kaya kalung


Dawa kaya ula
Pencokane wesi miring
Sing disaba si pocung mung turut desa

Bapak pocung tanpa untu darbe siyung


Badanira panjang
Tutukira pan pesagi
Dina- dina pocung nedha buntutira

Bapak pucung rodho papat bisa mbengung


Wujud kothak dawa
Nguntal barang sakabehing
Yen wes nggereng banjur lunga tanpa kandha

Anda mungkin juga menyukai