Saben tembang macapat ngandhut watak lan sasmita dhewe- dhewe. Andharane mangkene. a. Maskumambang duwe watak susah, sedhih, lan melas asih. Mula cocog kanggo nelakake rasa kasedhihan kang ngenesake. Sasmitane yaiku maskumambang, kampul, maskentir, kambang, kentir. b. Mijil duwe watak tinarbuka. Mula pantes kanggo nelakake pitutur nasehat lan crita katresnan utawa asmara. Sasmitane yaiku mijil, pamijil, wijil, wiyos, raras, medal, sulastri. c. Sinom duwe watak sabar, grapyak, lan sumanak. Mula lumrahe kanggo nelakake crita kang ngemu piwulang lan pitutur. Sasmitane yaiku sinom, taruna, anom, weni, nom, srinata pamase, logondang, rema, pangrawit, mudha. d. Kinanthi duwe watak seneng, tresna asih, mituturi, nuladhani lumrah kanggo menehi pitutur lan crita kang nelakake rasa tresna asih. Sasmitane yaiku kinanthi, kanthi, gandheng, kanthil. e. Asmarandana duwe watak tresna asih lan sedhih. Mula pantes kanggo nelakake rasa brangta, kayungyun, tresna asih, lan crita katresnan liyane. Sasmitane yaiku asmaradana, asmara, brangta, kingkin, yungyun. f. Gambuh duwe watak grapyak, sumanak. Mula cocog kanggo nyritakake pitutur. Sasmitane yaiku gambuh, buh, jumbuh, tambuh. g. Dhandhanggula duwe watak luwes, kemes, lan ndudut ati. Mula pantes kanggo nelakake crita apa bae, ing ngendi bae, lan kahanan apa bae. Upamane, kanggo mula bukaning crita, pambuka gendhing, panutuping crita. Sasmitane yaiku dhandanggula, sarkara, hartati, dhandhang, madu, manis, sari bremana, gula drawa gagak, kaga tresna. h. Durma duwe watak galak, seneng, lan ngemu kenepson. Mula cocog kanggo wong ing kahanan paprangan. Sasmitane yaiku durma, dur, undur, sirna, galak. i. Pangkur duwe watak seneng, antepan ati, lan gagah. Mula pantes kanggo nyritakake crita kagol, mangkelake, pitutur kang disebabake rasa mangkel lan kahanan paprangan. Sasmitane yaiku pangkur, wuntat, pungkur, ungkur, yudakenaka. j. Megatruh duwe watak sedhih lan kentekan pangarep-arep. Mula lumrah kanggo nelakake crita kang nggrantesake ati. Sasmitane yaiku duduk wuluh truh, megatruh, pegat, duduk, wuluh, luh. k. Pocung duwe watak sakepenake lan kurang greget. Mula lumrahe kanggo nelakake geguyonan lan pitutur. Sasmitane yaiku pucung, kaluwak, wanda ‘cung’. Kajumbuhake saka maneka sumber.