Anda di halaman 1dari 18

Ayo, sinau tembang

macapat!
Para siswa mangerteni
1. Paugeran
2. Isi lan nemokake pitutur luhur
3. Kawruh basa
4. Maos titi laras
5. Tembangake tembang macapat
6. Ngripta tembang macapat
Kamus Cilik!
Catur= papat
Cinatur = diomongne
Kelantur = kebangetan
Katula-tula katali = saya ngladrah (sengsara kedawa-dawa kaya tali)
Kadaluwarsa = kasep
Katutuh = banget
Kapatuh= kulina
Awon = ala
Nora/tan = ora
Sayekti = leres
Kojur = cilaka
Ngupayaa = usaha
Sudra papeki = wong ora duwe
Sekar gambuh ping catur
(tembang gambuh sing kaping papat)
Kang cinatur polah kang kelantur
(sing digunem yaiku tingkah laku sing kebangetan)
Tanpa tutur katula-tula katali
(yen ora dikandhani mengko saya nggladrah)
Kadaluwarsa katutuh
(kadung ngladrah bakal saya angel dilurusne)
Kapatuh pan dadi awon
(bakal dadi pakulinan kang ala banget)
Diceritakake ing sajrone tembang gambuh sing
kaping papat, sing digunem yaiku solah bawa
(tingkah laku) sing kebablasan, tuladhane: … sing
banget. Polah kang banget kaya mangkono yen
ora nate dituturi mengko saya nggladrah (bakal
sengsara kedawa-dawa kaya tali). Yen wis
kadung nggladrah bakal kasep utawa angel
dibalekake marang kahanan semula. Mulane yen
wis mangkono banjur dadi pakulinan sing ala
banget.
Aja nganti kebanjur
(aja nganti kebacut)
Sebarang polah kang nora jujur
(sakabehe tingkah laku kang ora jujur)
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
(yen kebacut bakal bener-bener cilaka lan ora apik)
becik ngupayaa iku
(luwih becik iku goleka)
Pitutur ingkang sayektos
(pitutur kang leres/sejati)
Dicritakake ing tembang gambuh yen dadi
manungsa aja nganti kebablasan ing sebarang
tumindak sing ora jujur. Yen nganti
kebacut/kebablasan sejatine bakal cilaka lan ora
becik. Becike kita tansah golek pitutur kang
temen.
Tembang Macapat
Jenis

Isi dan
pesan Struktur
moral Pembelajaran
Macapat

Kata Unsur
Sulit kebahasaan
Guru gatra ………………….. (1)
………………….. (2)
Cacahing gatra saben sapada ………………….. (3)
………………….. (4)

Guru wilangan Jam – pi – tu – mle – bu – se – ko – lah


Tembang
Cacahing wanda saben sagatra

Jam pitu mlebu sekolah  a


Guru lagu Kaya ngene rasane dadi murid  i
Dhong-dhinge swara saben pungkasan gatra
 
 
    Guru Wilangan lan Guru Lagu
NO
Jenengé Guru
Tembang Gatra 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10

1. Maskumambang 4 12i 6a 8i 8a            
2. Pocung 4 12u 6a 8i 12a            
3. Mijil 6 10i 6o 10e 10i 6i 6u        
4. Kinanthi 6 8u 8i 8a 8i 8a 8i        
5. Asmaradana 7 8i 8a 8e/o 8a 7a 8u 8a      
6. Durma 7 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i      
7. Pangkur 7 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i      
8. Sinom 9 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a  
9. Dhandhanggula 10 10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a
10. Gambuh 5 7u 10u 12i 8u 8o          
11. Megatruh 5 12u 8i 8u 8i 8o          
12. Balabak 6 12a 3e 12a 3e 12a 3e
13. Wirangrong 6 8i 8o 10u 6i 7a 8a
14. Djurudemung 7 8a 8u 8u 8a 8u 8a 8u
15. Girisa 8 8a 8a 8a 8a 8a 8a 8a 8a
Reroncenen jeneng tembang 1- 11 kaya
lelakune wong urip ing alam donya! Banjur
andharna panemumu!
Asmaradana
Kinanthi

Maskumambang Gambuh

Pucung Mijil

Megatruh Sinom

Durma Dhandanggula

Pangkur
Maskumambang Jabang bayi sing isih ana ing kandhutan

Mijil Laire si jabang bayi

Sinom Bocah sing isih enom

Kinanthi Bocah sing pikantuk tuntunan supaya uripe slamet

Asmaradana Rasa katresnan marang wong liya

Wong lanang lan wadon kang wis jumbuh banjur mbangun


Gambuh
balewisma
Kahanan kang nyenengake amarga sing diidham-idhamne
Dhandanggula
wus kegayuh
Sawise uripe seneng, sarwa kecukupan banjur bisa darma,
Durma weweh, utawa tetulung.

Pangkur Mungkurake kabeh hawa nafsu

Megatruh Nyawa manungsa sing katimbalan dening Gusti


Wis tekan pungkasane lelakon banjur dibungkus kain
Pucung
putih
Kawruh Basa
Tembung
Kawi

Baliswara
Tembung
Garba

Tembung Tembung
Dasanama Saroja

Purwakanthi
Tembung Tembung kang asale saka basa Jawa Kuna (sanskerta)
Kawi

Jenenge wong Jenenge papan


panulisan
tembang/geguritan
Adhi : adik
Bayu:=duweni
Adi angin keluwihan Panti Asuhan
Bagaskara: =kembang
Kusuma matahari Griya Husada
Getar =bunyi,
Padma : kembang
musik teratai Puri Bunda
Prastawa
Rini : putri
= waspada, awas Sumber Kencana
Yudha = perang
Pramesthi : sing termulia
Umbara
Yuda: perang
= berkelana
Panji = bendera,
Kartika : bintangkejayaan
Widodo = :selamet
Prasetya janji, tekad
Pratama :=serasi
Arista utama
Nastiti
Arga : gunung
= teliti, cermat
Arka : surga, srengenge
Tembung Tembung loro singkagandheng kanthi nyuda cacah
Garba wandane

ana + ing  aneng


lagi + antuk  lagyantuk Kanggo netepi/njangkepi guru wilangan
papa + iki  papaki
Sira + iku  sireku

A – neng – ku – tha – pro – bo – ling – ga  8a

A – na – ing – ku – tha – pro – bo – ling – ga  9a


Tembung Tembung loro meh padha tegese digunakake
Saroja bebarengan, kanggo mbangetake

gemah ripah

abang branang gagah prakosa

jejel riyel entek Ting/bring

lila legawa Adi luhung


babak bundhas ajur mumur

campur aduk sudra papaki

jabang bayi andhap asor

padang jingglang jungkir walik

sakti mandraguna tindak tanduk

udan tangis tata krama

welas asih guyub rukun

malang megung
Purwakanthi Tetembungan kang runtut swara, wanda, utawa
tembunge

Purwakanthi Guru Kang runtut swarane


Ana dina, ana upa
Swara (vokal)

Purwakanthi Guru Babat, bibit, bebet, bobot


Kang runtut tulisane
Sastra (konsonan) Tata, titi, titig, tatag

Purwakanthi Guru Kang runtut wanda Gotri ala gotri nagasari – ri


Basa utawa tembunge Riwul awal-awul jenang grendul – dul
Dolan awan-awan ndelok manten – ten
E, dhayohe teka, e, beberna klasa Titenana mbesok gedhe dadi apa – pa
E, klasane bedah, e, tambalen jadah Podheng mbako enak mbako sedheng –
E, jadahe mambu, e, pakakna asu dheng
E, asune mati, e, cemplungna kali Dhengklek eklek-eklek dadi kethek
E, kaline banjir, e, kelekna pinggir
E, pinggire jero, e, tinggalen kono
Baliswara Ukara kang diwalik papan panggonane kanggo nuhoni
(mencocokkan) guru lagu

Anoman sampun malumpat  8a


Tembang Kinanthi Prapta ing (teka)witing nagasari 9i
Anoman malumpat sampun  8 u
Prapteng witing nagasari 81

Anda mungkin juga menyukai