Anda di halaman 1dari 5

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Pesinaon 2 : Crita Wayang Karna Madeg Senapati


Kelas :V
Semester :I
Tahun : 2021/2022
PESINAON 2
MATERI : CRITA WAYANG KARNA MADEG SENAPATI
PESINAON 2 (KD 3.2)

Wayang kuwe salah sijin kebudayaane dewek sing adiluhung. Neng crita wayang kuwe, watek wantune menungsa prasasat kabeh
kegambar. Crita wayang bisa nggo conto lan kaca benggala tumrap menungsa.
Crita “Karna Madeg Senapati” klebu salah sijine crita pewayangan sing misuwur. Adipati Karna sing dadi lakon crita klebu salah
sijine peraga wayang sing penting neng crita Mahabarata. Priwe alur crita Karna Madeg Senapati? Neng ngisor kiye yaitu critane.

KARNA MADEG SENAPATI

Perang gedhe antarane Pendhawa mungsuh Kurawa kondhang nganti aran Perang Baratayudha. Perang sing kedadeyan neng Tegal
Kurusetra kiye dadi jalaran ana rajapati lan kurban sing akeh. Para satriya akeh sing padha nemahi pralaya. Senapati Kurawa sing
asmane Pendhita Dorna, gugur neng madyane Tegal Kurusetra kaprejaya dening Drestajumena. Seurunge gugur, Pendhita Drona wis
mrejaya Raden Abimanyu, senapatine Pendhawa.
Karna, adipati neng Awangga madeg senapati Kurawa maju neng palagan. Sejatine, Adipati Karna wis mangerteni, mbelani Kurawa
kuwe tindak sing ora bener. Ningen, Adipati Karna wis kepotangan budi karo Duryudana, Raja Astina sing ambeg angkara murka.
Mula, dheweke gelem sebaya mukti sebaya pati mbelani Nagara Astina.
Adipati Karna kuwe putrane Bathara Surya lan Dewi Kunthi. Mula, Adipati Karna klebu drajate Wasu, yakuwe menungsa setengah
dhewa. Mula, Adipati Karna ora mokal angger kesinungan kedigdayaan sing linuwih.
Raden Arjuna maju neng madyane Tegal Kurusetra ngadhepi Adipati Karna. Arjuna lan Karna padha adu kedigdayaan. Perang
presasat ora ana sing bakal menang merga loro karone padha sekti mandraguna. Satriya loro padha titis anggone jemparing lan padha
duwe pusaka piandel. Adipati Karna duwe pusaka Kuntawijayadanu, lan Raden Arjuna pusakane Pasopati.
Wusanane Raden Arjuna menthang langkap panah Pasopati. Panah mlesat ngenani janggane Adipati Karna sing senalika gugur ana
neng madyane Tegal Kurusetra.
TERIMA KASIH ATAS PERHATIANNYA

Anda mungkin juga menyukai