Anda di halaman 1dari 8

CARIYOS WAYANG “KUNTHI PILIH”

Disusun Kangge Menuhi Tugas Mata Kuliah Pendidikan Bahasa Jawa SD


Semester Genep Taun Akademik 2017/2018

Dosen Pengampu : Joko Daryanto, S.Sn, M.Sn

Disusun dening :

SISKA TRI AGUSTIN


K7115161 / 6C

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR


FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS SEBELAS MARET
SURAKARTA
2018
KUNTHI PILIH

Kacariyos, wonten ing Kerajaan Mandura nembe ngadepi kabingungan


amargi kathahing Raja ingkang kepengin nyunting Dewi Kunthi. Kangge ngadepi
babagan menika tembenipun dipunputusaken ngawontenaken sayembara pilih.
Sayembara menika dipunwontenaken kanthi adu kasekten. Sinten kemawon
ingkang mimpang saged nyunting Dewi Kunthi.

Sakderengipun Prabu Basukunthi mungkasi pangandhikan babagan


panyuwun putrinipun, rawuh utusan saking Negari Plasajenar inggih menika Raden
Arya Suman, mirsani tindak tandukipun Raden Arya Suman ingkang mboten sopan,
Raden Basudewa duka lajeng padudon kaliyan Raden Arya Suman. Ing wekdal
nembe perang, Raden Rukma siap siaga ngamanaken Negari Mandura kaliyan
mawartosaken babagan kawontenan sayembara pilih.
Ing pertapan Argabelah, Dewi Pujawati ngadep dateng ramanipun Begawan
Bagaspati supados dipunpanggihaken kaliyan Raden Narasoma kados ing
sakjroning impen kasebat. Amargi tresnanipun, pramila Begawan Bagaspati miber
dateng angkasa madosi Raden Narasoma. Ing tembenipun saged
dipunpanggihaken. Kanthi panyuwunan Begawan Bagaspati supados Narasoma
purun dados menantunipun, ananging kekajenganipun Begawan Bagaspati
dipuntolak, tembenipun kekalih kasebat perang. Narasoma dipunkawonaken lajeng
dipunasta dateng Pertapan Argobelah badhe dipunpanggihaken kaliyan Dewi
Pujawati.

Narasoma kesengsem kaliyan Dewi Pujawati lan purun dados mantu nanging
kanthi imbalan nyawanipun Begawan Bagaspati, amargi Raden Narasoma lingsem
nggadhahi marasepuh Raksesa. Saksampunipun pejahipun Begawan Bagaspati,
Dewi Pujawati dipunasta kondur dateng Mandaraka. Sesarengan kaliyan kasebat,
wonten ing Mandura nembe dipunwontenaken sayembara pilih lajeng Raden
Narasoma tumut sayembara kasebat.

Negari Mandura ngawontenaken sayembara perang tanding. Sinten kemawon


ingkang saged ngawonaken Arya Basudewa, pramila saged nyunting Dewi Kunthi.
Wonten ing babak kapisan Narasoma ingkang saged mimpangaken sayembara
punika. Amargi Narasoma sampun sumpah supados mboten krama kajaba kaliyan
Dewi Pujawati, pramila hak sayembara punika pindah dateng Pandu. Ing
tembenipun Narasoma perang kaliyan Pandu ingkang sakleresipun dugi kentun
wonten ing adicara sayembara kasebat. Pandu saged mimpang tanding kaliyan
Narasoma, kanthi ngalahaken Aji Candrabirawa kagunganipun Narasoma ingkang
dipunwastani dahsyat punika. Kangge tanda kawon tetandhingan, rayinipun
Narasoma ingkang asmanipun Dewi Madrim dipunparingaken dateng Pandu.

Ing satengahing tindhak kondur dateng Astina, Pandu pinanggih kaliyan Arya
Suman (Sengkuni nem), ingkang anggadhahi kekajengan kepengin tumut
sayembara ugi. Arya Suman lajeng nantang Pandu ananging saged
dipunkawonaken dening Pandu. Ing tembenipun kangge wujud kawon tandhing,
pramila Suman ngaturaken ugi Dewi Gendari dateng Pandu.
Dumugi ing Astina, Pandu lajeng ngaturaken tiga putri inggih menika Dewi
Kunthi, Dewi Madrim kaliyan Dewi Gendari dateng Wiyasa, ramanipun. Wiyasa
lajeng mrintah dateng Drestarastra supados milih rumiyin ing antawisipun tiga putri
kasebat. Drestarastra milih Dewi Gendari dados istrinipun, lajeng Pandu pikantuk
Dewi Kunthi kaliyan Dewi Madrim.

AYAHAN

1. Sinten kemawon ingkang ngrenggani lakon kasebat ?


Wangsulan :
Ingkang ngrenggani lakon wonten ing cariyos wayang “Kunthi Pilih” inggih
menika 
a. Dewi Kunthi
b. Prabu Basukunthi
c. Raden Arya Suman
d. Raden Arya Basudewa
e. Raden Rukma
f. Raden Narasoma (Prabu Salya)
g. Begawan Bagaspati
h. Dewi Pujawati
i. Pandu (Prabu Pandudewanata)
j. Dewi Madrim
k. Dewi Gendari
l. Wiyasa
m. Drestarastra
2. Kados pundi sarasilahipun paraga wayang kasebat ?
Wangsulan :
Sarasilahipun paraga wayang kasebat inggih menika 

Sarasilah Raja-raja Mandura

Sumber : Buku Pengetahuan Pedalangan 2, hal 61, Departemen P & K,


Dirjen Pendidikan Dasar dan Menengah, Direktorat Pendidikan Menengah
Kejuruan, 1983
Sarasilah Mahabharata India
3. Kados pundi ringkesaning cariyos ?
Wangsulan :
Ringkesaning cariyos wayang “Kunthi Pilih” inggih menika 

Kunthi Pilih

Kacariyos, wonten ing Kerajaan Mandura nembe ngadepi kabingungan


amargi kathahing Raja ingkang kepengin nyunting Dewi Kunthi. Kangge ngadepi
babagan menika tembenipun dipunputusaken ngawontenaken sayembara pilih.
Sayembara menika dipunwontenaken kanthi adu kasekten. Sinten kemawon
ingkang mimpang saged nyunting Dewi Kunthi.
Sakderengipun Prabu Basukunthi mungkasi pangandhikan babagan
panyuwun putrinipun, rawuh utusan saking Negari Plasajenar inggih menika Raden
Arya Suman, mirsani tindak tandukipun Raden Arya Suman ingkang mboten sopan,
Raden Basudewa duka lajeng padudon kaliyan Raden Arya Suman. Ing wekdal
nembe perang, Raden Rukma siap siaga ngamanaken Negari Mandura kaliyan
mawartosaken babagan kawontenan sayembara pilih.
Negari Mandura ngawontenaken sayembara perang tanding. Sinten kemawon
ingkang saged ngawonaken Arya Basudewa, pramila saged nyunting Dewi Kunthi.
Wonten ing babak kapisan Narasoma ingkang saged mimpangaken sayembara
punika. Amargi Narasoma sampun sumpah supados mboten krama kajaba kaliyan
Dewi Pujawati, pramila hak sayembara punika pindah dateng Pandu. Ing
tembenipun Narasoma perang kaliyan Pandu ingkang sakleresipun dugi kentun
wonten ing adicara sayembara kasebat. Pandu saged mimpang tanding kaliyan
Narasoma, kanthi ngalahaken Aji Candrabirawa kagunganipun Narasoma ingkang
dipunwastani dahsyat punika. Kangge tanda kawon tetandhingan, rayinipun
Narasoma ingkang asmanipun Dewi Madrim dipunparingaken dateng Pandu.
Ing satengahing tindhak kondur dateng Astina, Pandu pinanggih kaliyan Arya
Suman (Sengkuni nem), ingkang anggadhahi kekajengan kepengin tumut
sayembara ugi. Arya Suman lajeng nantang Pandu ananging saged
dipunkawonaken dening Pandu. Ing tembenipun kangge wujud kawon tandhing,
pramila Suman ngaturaken ugi Dewi Gendari dateng Pandu.
Dumugi ing Astina, Pandu lajeng ngaturaken tiga putri inggih menika Dewi
Kunthi, Dewi Madrim kaliyan Dewi Gendari dateng Wiyasa, ramanipun. Wiyasa
lajeng mrintah dateng Drestarastra supados milih rumiyin ing antawisipun tiga putri
kasebat. Drestarastra milih Dewi Gendari dados istrinipun, lajeng Pandu pikantuk
Dewi Kunthi kaliyan Dewi Madrim.

Anda mungkin juga menyukai