Anda di halaman 1dari 6

Geguritan

Dening: Muhtar Sofwan Hidayat, M.Pd.I


Pangerten Geguritan
• Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening
paugeran tinamtu. 
• Cacahe larik, cacahe wanda,cacahe pada, tembung - tembung kang
dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas.
• Ananging apike ukara kudu cocog karo isine, pilihane tembung kudu
mantesi lan mentes, uga kudu nggunakake wirama lan basa
(purwakanthi, dwipurwa, seselan, lan sapenunggale)
Titikane geguritan :
• 1. nggawe tembung-tembung kang apik lan pilihan.
• 2. cacahe guru gatra, guru wilangan lan guru lagu ora ditentokake
utawa ora kaiket
• 3. sajake bebas
• 4. isine apik, lan becik
• 5. isine sindiran, kritik, pitutur, piweling, pamundhut, lan
sapanunggale
• 6. kadang nggunakne basa purwakanthi, swara, lan sastra
• 7. Tembung Kawi
Unsur Geguritan
• a) unsur fisik
• 1. Diksi
• yaiku Pilihan Tembung.
• Nggatekake lan menehi tekanan basa, utamane babagan tembung-tembung utama ing
geguritan. Ing perangan iki bisa awujud irama lan rima.
• 2. Citraan
• yaiku andharan saka panulis supaya gawe sengsem para pamaose.
• 3. Majas
• Wujud ukara kang bisa narik kawigaten.
• 4. Tipografi
• Bentuk Geguritan
b. Unsur Batin Geguritan
• 1. Tema
• yaiku gagasan pokok kang diandharake dening penyair lumantar
geguritane. Tema kang kerep digunakake ing geguritan yaiku tema
ketuhanan (religius) tema kamanungsan,tresna,
patriotisme,perjuangan,urip kang gagal,alam,kritik
sosial,keadilan,demokrasi,lan tema kekadangan (persahabatan).
• 2. Perasaan/rasa pangrasa
• rasa pangrasa kang kepingin diandharake dening pangripta nentokake nolak,nyarujuki,apa
nyengkuyung tumrap rasa iku.

• 3. Nada/irama
• yaiku kajiwan pujangga nalika ngripta geguritan. Nada njlentrehake sikap pangripta marang
marang riptane.

• 4. Amanat / Pitutur.
• Lumantar tulisan, pangripta geguritan bisa ngandharake pesen kang bakal dijlentrehake.

Anda mungkin juga menyukai