Anda di halaman 1dari 3

Contoh Surat Resmi Menggunakan Bahasa Jawa

SURAT RESMI MENGGUNAKAN BAHASA JAWA


Yogyakarta, 11 Januari 2013
Bismillahirrohmaanirrohim
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Winantu sagunging pakurmatan.
Kanthi lumaraping nawala sedhahan, minangka sesulih pisowan kula wonten ing
ngarsa panjenengan.
Sinartan nyadhong berkahing Gusti Ingkang Maha Agung, kula sak kluarga
hanggadhahi pangangkah badhe ngawontenaken tasyakuran tuwin pawiwahan
supitan yoga kula ingkang nami, AGUS MAHARDIKA mbenjang ing,
Dinten : Senin Kliwon
Suryo Kaping : 25 Januari 2013
Wanci : tabuh 09:00 wekdal iring kilen ~ sak bibaripun.
Mapan ing : Griyo Jambon Rt 12 Rw 10, Sendangrejo, Minggir, Sleman,
Ngayogjokartohadiningrat
Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kawula awit agunging kawigatosan rawuh
panjenengan, mugi Gusti Ingkang Maha Agung tansah peparing berkah wilujeng
ing
sedayanipun. Amin.
Wassalamu 'alaikum Wr. Wb.
Atur Taklim kawulo

SEKOLAH MENENGAH PERTAMA

SMP NEGERI 10 TEGAL

ORGANISASI SISWA INTRA SEKOLAH


Alamat : Jl. Kartini No. 58 Telp. (0283) 351355 Kota Tegal - 52125

Nomor : 176 / OSIS / SMPN 10 / VIII / 2014 Katur,

Bab : Lomba Maca Pidhato Dhumateng Mas Lazuardi W.P

Ing Tegal

Assalamualaikum Wr. Wb.

Kangge mengeti Dinten Pendidikan Nasional, kula selaku panitia lomba badhe ngundang
Mas Lazuardi ing lomba maca pidhato ingkang dipun wontenaken benjing :

Dinten : Sabtu

Surya kaping : 10 Januari 2014

Wanci : Tabuh 07.00 11.00 WIB

Papan panggonan : Ruang Aula SMPN 10 Tegal

Mekaten undhangan kula, mugia Mas Lazuardi sedaya saged guyub sami dhateng ing
lomba kasebut.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tegal, 1 Januari 2014

Ketua Panitia Lomba

Adi Hesti N. Huda

Anda mungkin juga menyukai