Berikut adalah Contoh Pawarta bawa jawa atau teks pawarta basa jawa yang bisa kamu jadikan contoh pedoman untuk
Gunungkidul,Dungkap Dinten Riyaya Nyepi, warsa enggal Saka 1935, tanggal 12 Maret benjing, atusan Umat Hindu saking
wewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun nindakaken upacara Melasti, ing Pesisir Ngobaran, Gunungkidul. Ancasing
upacara kangge sesuci dhiri utawi buwana alit, lan buwana agung utawi jagat raya.
Upacara Melasti kangge mahargya Dinten Riyaya Nyepi, tandha gumantosing warsa enggal Saka 1935, dipun tindakaken ing
Pura Segara Wukir, Pesisir Ngobaran, Saptosari, Gunungkidul dinten Senen (25/2) siyang. Upacara Melasti dipun estreni
dening atusan Umat Hindu sawewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun, kalebet Umat Hindu saking 15 pura ing
Gunungkidul. Umat Hindu katingal tumemen nindakaken upacara dipun pandegani dening Pendheta Puja Bratha Jati. Miturut
Ketua Persatuan Hindu Dharma Indonesia (PHDI) Gunungkidul, Purwanto, Upacara Melasti mengku werdi sesuci dhiri lan
jagat raya, kangge manunggalaken trihitakarana, sarta minangka rerangkening upacara lan brata penyepian ingkang badhe
dhateng. Kajawi punika, Melasti ugi mengku ancas kangge sesuci asil pertanian, kanthi nyawisaken sesaji utawi banten,
Upacara Melasti, dipun pungkasi kanthi nglarung sesaji dhateng seganten, kangge mbucal enem watak manungsa ingkang
awon, kama utawi nafsu biologis, srakah, murka, mada, utawi wuru, bingung sarta drengki lan srei.
(Anjar Ardityo)
Klaten, Kawontenan perajin tenun stagen lan selendang ing Dhusun Patoman, Kedungampel, Cawas, Klaten, mrihatosaken,
jalaran ngantos samangke kirang dipun gatosaken dening pemerintah. Samangke nalika regi benang mindhak, para perajin
Bab punika ingkang dipun andharaken dening salah satunggaling perajin stagen lan selendang ing Dhusun Patoman, Santo
Miharjo. Santo Miharjo nelakaken kekirangan pawitan, kamangka regi benang ugi awis. Sakawit regi benang Rp 5.000,00
samangke Rp 11.000,00 saben kilo. Kamangka regi stagen namung Rp 4.000,00 ngantos Rp 5.000,00. Benang sakilo saged
kangge ndamel stagen cacah sekawan, satemah bebathen para perajin mepet.
Nyumerepi kawontenan kasebat, satunggaling sesepuh masyarakat dhusun, Tumirin rumaos prihatin dhateng sesanggan
gesang para perajin stagen lan selendang ing wewengkonipun. Ngantos samangke, para perajin dereng nate pikantuk
pembinaan punapadene bantuwan pawitan saking dinas ingkang kawogan. Pangajabipun, pemerintah sageda gatosaken para
(Purwanto)
PAWARTA
Jombang.Miris banget kelakuane Nur Inani Ana,33,warga dusun Ngudirejo kec.Diwek.marang putrine dewe.dheweke tega
ngunting tangan bayine kang isih umur 7 wulan dek wingi(25/8).nyebabake lengen kiwo bayine meh pedhot.
Otot lengene pedhot,sawise diwenehi pangrumatan,bayi kasebut terus dirujuk menyang RSUD dr.Soetomo Surabaya,atur
Agung ngrujuk bayi kasebut menyang RSUD dr.Soetomo sawise nyuwun palilah menyang dokter spesialis.sawise tatune
ditutup,bayi langsung karujuk menyang RSUD dr.Soetomo.ujare.kahanan balunge pedhot opo ora during iso menehi
katrangan kang rinci.kawulo dereng ngantos mreksani kahanan balunge langsung kawulo rujuk.ujar dr.Agung.
Aisyah(jenenge bayi kasebut) digawa keluargane menyang RSUD Jombang jam 10.00 kahanane parah banget. Awake
lemes,amergo ngetokake getih waras saka lengen kiwone. Nganti ora bisa nangis naming misek-misek lan luh mripate dredes
terus.
Tekan rumah sakit Aisyah gak kesuwen terus di infuse liwat sikile,sedelo banjur iso nangis.tangis Aisyah leren amergo bakake
Aisya putri kang kapisan pasangan.Arifin,31 lan Nur Inani Ana. Kedadean diwiwiti saka tangise Aisyah,ora ngerti sebab opo
kok nangis terus saka isuk. Ing omah gedhe iku,ana mung Aisyah,ibune lan simbah putri,Saadah,48. Arifin bapake Aisyah
wiwit isukwis budhal menyang pasar cukir dodolan sayuran.aku keprungu tangise wiwit jam 05.30kandane salah sijine paman
Aisyah omahe ora adoh saka omah korban.tak kiro nangis lumrah.tangise kok ora kaya biasane,tangisane kok suwe
Jam 09.30, dheweke ngajak Saadah niliki Aisyah ing kamare,sakarone kaget banget eruh tangane Aiayah ngetokake geteh
nganti nelesi seprei lan jogan. Ibune dhewe mung mandeng wae.
Ora kepingin putune tambah parah,Sa.adah lan putrane(paman Aisyah)gawa Aisyah menyang RSUD Jombang. Sawetara
Aiyah dirujuk menyang RSUD dr.Soetomo Surabaya di kancani bapake dhewe jam 11.30, Saada mulih niliki kahanan ibune
korban.
Arifin kaget banget weruh kahanan kaya mankene.wektu kadadean aku isih ning par.saka pasar aku langsung budal
mrenekandane Arifin.
ALAS RUSAK GAJAH-GAJAH PADHA NGAMUK
Desa cacah 9 ing wewengkon kabupaten Organ komering ulu (OKU) selatan, Sumatra Selatan dilapurake diserang
gerombolan gajah, Selasa (2/11). Gajah-gajah mau ora mung ngrusak pategalan duweke warga wae nanging uga
mlebu desa lan mgobrak-ngabrik omahe pendhudhuk ing Desa Serupumpum, Sipin, Tanjung Sembilan, Danau Kuning
Lan Buai Pamanan Miturut pejabat sementara Bupati OKU Selatan, Ruli Rawi, Gajah-gajah mau wis wani nyerang
manungsa lan nyebabke wong siji tiwas kepidak.
Ruli ngaku pihake sarwa salah anggone nangani perkara gajah kuwi,arep dibedhili wedi nerak aturan amarga gajah
kalebu kewan kang diayomi dening pemerintah. nanging yen ora dipateni grombolan gajah kasebut wis mbebayani
tumrap warga padesan.
kang bisa dilakoni dening rawi mung aweh pengumuman marang masyarakat supaya waspada marang pangamuke
gajah-gajah mau.
Rawi nduga pangamuke gajah gajah mau disebabake enteke pasedhiyan mangan lan ngombe merga alas alas kang
sasuwene iki minangka habitate kewan kesebut wis rusak bosah baseh dening tumindake menungsa. miturut Dinas
Kehutanan Simatra Selatan, saka total ambane alas 3,7 hektar, 60 % ing antarane jroning kahanan rusak amarga
panembangan liar. kajaba kuwi alas produksi kang ambane 1,2 hektar saka total 2,4 hektar uga jroning kahanan
gundhul
ing taun 80-an uga tau kadedean ana grombolabne gajah kang nyerbu perkampungan warga. nanging nalika iku
gajah mau bisa digiring menyang Taman Nasional Way Kambas Lampung kanthi nggunakake helicopter duweke
kodam Sriwijaya. Miturut Rawi bisa wae cara kang kaya ngono dibaleni meneh, nanging mbutuhake ragad kang
gedhe
Makaten ugi kridha pamulangan ing SD Jatinegoro ingkang dumunung sacelak pesisir, ingkang boten libur.
Kepala SD Jatinegoro, Ana Pujiastuti mratelakaken, ingkang libur namung siswa kelas I ngantos III, awit siswa
ajrih menawi dumados tsunami, ingkang dipun dugi tumempuh wiwit jam gangsal ngantos jam sanga enjing.
Wiwit malem Kemis, BPBD Purworejo, sampun ngungelaken sirine bebaya tsunami lan ngindhakaken status
siaga tsunami ing Pesisir Jatimalang lan sakiwa tengenipun. (Tim Liputan)
Kangge mahargya Hari Bahasa Ibu sadonya, Lembaga Pelestarian Pengembangan Sejarah Dan Budaya Regol
Kencana tembayatan kaliyan maternity guru basa Jawa sa Ngayogyakarta, dinten Setu (18/2) enjing ngadani
pirembagan bab pasinaon basa Jawa. Kridha ingkang dipun adani ing aula Kantor Pelestarian Pengembangan
Sejarah, Dan Budaya Jogjakarta, dipun kepyakaken wiwitipun dening Kepala Dinas Kebudayaan DIY, GBPH
Yudaningrat.
Miturut GBPH Yudanngrat, minangka tiyang Jawa, basa Jawa minangka sarana sesambetan gadhah
kalenggahan lan piguna kadosdene basa sanesipun. Basa Jawa boten namung minangka sarana sesambetan
kemawon, nanging ugi minangka lambang kapribadhen, alusing bebuden lan trapsila. Awit saking punika ,
nglestantunaken basa Jawa kalebet nglampahaken amanat konstitusi salebeting penjelasan UUD 1945, lan
amanat kasebat taksih gadhah wibawa. Kacihna pamarentah samangke taksih kupiya nglestantunaken basa Jawa
, kanthi nglebetaken salebeting muatan lokal wiwit SD ngantos SLTA. Awit saking punika kridha kanthi
maternity pasarta maternity guru SD ngantos SLTA sa Ngayogyakarta trep sanget kangge kupiya
nglestantunaken basa Jawa.
Pirembagan bab basa Jawa ingkang dipun estreni dening maternity guru punika ngrawuhaken sawetawis
narasumber antawisipun, Timbul Haryono ingkang ngrembag bab standarisasi materi pembelajaran bahasa Jawa
tingkat SD, SLTP, dan SLTA, Yuwono Sri Suwito ngrembag bab maksud dan tujuan pembelajaran bahasa
Jawa, sarta Suyamti kanthi makalah problematik pembelajaran bahasa Jawa di Yogyakarta
Salebeting kridha kasebat, Dinsosnakertrans Kota Yogyakarta badhe suka gladhen bab pakaryan lan wirausaha.
Gladhen kangge lampah pakaryan inggih punika satpam, nyopir mobil, perhotelan, spa terapis, travel agent,
komputer grafis, aplikasi komputer, teknisi komputer lan laptop, greji, tata boga, damel kuweh, teknisi sepeda
motor, las, tata rias, lan ugi pemasaran. Wondene kangge wirausaha nyakup gladhen greji, damel kuweh, bathik,
jumputan, teknisi HP, bordir dasar, tata boga, kerajinan deling, akupuntur, produksi audio visual, lan kerajinan tas
batik. Lumantar gladhen kados makaten, Dinsosnakertran Kota Yogyakarta sampun kasembadan nyuda angka
pengangguran, sabotenipun nggayuh 18 persen. Ing taun 2012, kathahipun tetiyang nganggur wonten 17.000
warga, lan ing taun 2013 suda dados 16.064 warga. (Maria Utami)