Anda di halaman 1dari 4

Tugas Basa Jawa

Pitakon ing ngisor iki wangsulono!

1. Apa ta artikel iku?


Wangsulan : Artikel ya iku karangan nyata sing jangkep sing digawe
kanggo ariwarti (koran), kalawarti (majalah), buletin, lan sapanunggale.

2. Sebutna jenis-jenise artikel?


Wangsulan :
Artikel Eksploratif
Artikel Eksplanatif
Artikel Dheskriptif
Artikel Predhiktif
Artikel Naratif
Artikel Preskriptif
Artikel Eksposisi
Artikel Argumentasi
Artikel Persuasi

3. Artikel deskriptif iku sing kepriye?


Wangsulan : Artikel deskriptif, artikel kang nggambarak babagan
sawijin pokok perkara kang kadadyan ing masyarakat. Sangga wong
kang maca kaya weruh, ngrungokak, lan ngrasakak babagan kang
ditulis.

4. Apa bedane artikel deskriptif kaliyan naratif?


Wangsulan :
Artikel dskriptif, artikel kang nggambarak babagan sawijin
pokok perkara kang kadadyan ing masyarakat. Sangga wong
kang maca kaya weruh, ngrungokak, lan ngrasakak babagan
kang ditulis.

Artikel naratif, kang kanthi prasaja naratif bisa diarani crita. Ing
artikel narasi ana prastawa utawa kadadyan ing sawijining wektu.
Ing kadadyan iku ana uga tokoh kang lagi ngadhepi masalah.

5. Golekno tuladha artikel persuasif?


Wangsulan :
Wajib Belajar 12 Tahun

Wonten ing jaman sak menika Indonesia taksih kathah tiyang ingkang
ngeremehaken pendidikan.padahal pendidikan inggih sakmenika sarana
kangge ngrubah tingkatan sosial utawi kasejahteraan lan nambah wawasan.

Program wajib belajar 12 tahun badhe diwiwiti Juni 2015 ngajeng.


Program menika badhe dilaksanakaken dening kabinet Indonesia kerja.
Tujuanipun kangge majukake pendidikan Indonesia supados para pelajar
dados manungsa ingkang luwih becik lan boten katinggal kaliyan bangsa
liyanipun. Diharapkan pelajar Indonesia saged angsal pekaryan ingkang
layak utawi saged ngelanjutake ngantos perguruan tinggi.

Program wajib belajar 12 tahun secara boten langsung mengurangi jumlah


tiyang ingkang buta huruf,boten saged maca,menulis lan pemerintah ugi
mengurangi jumlah pengangguran wonten Indonesia.

Ingkang ngawonteni program wajib belajar 12 tahun menika sedaya pelajar


indonesia wajib mlebet sekolah lan pemerintah wajib membiayai serta
menyediakan segala fasilitasipun kangge menunjang terlaksananya
program.dipunkersakaken para tiyang sepuh saged mendukung progam
wajib belajar 12 tahun menika kanthi cara daftaraken putra lan putripun
sekolah ingkang dipunlajengaken SD,SMP ngantos SMA utawi sederajat.

Wangsulan pitakon artikel

1. Apa sing nimbulake ambune awak kang ora sedhep?

Wangsulan : Ambune awak kang ora sedhep asale saka kringet kang
diasilake dening kelenjar apokrin lan ekrin

2. Ndek endi panggone kelenjar aprokin?

Wangsulan : Kelenjar aprokin akeh-akehe manggon ing kulit kang duwe


rambut kang akeh, kayata ing dhaerah kelek.

3. Apa sing iso mrantasi ambune awak kan ora enak?

Wangsulan : Salah sijine wangsulan kang mrantasi ambune awak ora enak
yaiku kemangi
4. Kemangi ngandhut fenol, apa maksude?

Wangsulan : Fenol kang minangka zat antimikroba lan antiseptik kang bisa
nglawan bakteri kang ala kang nyebabake ambune awak ora sedep

5. Kepriye cara supaya ambune awak dadi arum?

Wangsulan : Supaya ambune awak dadi arum, ana rong cara. Kapisan,
dikulinakake dhaharkemangi kanggo ngancani sega, umpamane digawe
lalapan, trancam. Kapindho, gawe tehkemangi, carane godhong kemangi
dicom nganggo banyu umob akehe sakgelas.Didhemake sedhela, banjur
diombe sedina ping pisan.

6. Kepriye nandur kemangi supaya urip subur?

Wangsulan : Pancen ora angel manawa nggoleki tanduran kemangi.


Kemangi (Ocimumbasilicum) sok-sok thukul dhewe tanpa ana
kang nandur. Panyebaran tanduran iki nganggowiji. Tanduran kemangi bisa
urip ing dhaerah kang panas lan adhem. Menawa ditandur inglaladan kang
adhem, godhong kemangi luwih gedhe-gedhe lan ijo royo-royo.

7. Apa nama latine kemangi?

Wangsulan : Kemangi (Ocimumbasilicum)

8. Apa kasiyate vitamin C ning kemangi?

Wangsulan : Vitamin C duwe kasiyat kanggo pambentukan kolagen, njaga


kencengekulit, ngewangi panyerapan kalsium lan zat besi, lan nyegah
kanker.

9. Senyawa apa sing iso njaga lan nyehatake organ reproduksi?

Wangsulan : arginin, eugenol, anetol, lan boron duwe kasiyat njaga lan
nyehatake organ reproduksi kanggo wong lanang lan wong wedok.

10.Ringkesen artikel ing ngandap nggunakake basa kalian piyambak?

Wangsulan :
Ambune awak kang ora sedhep asale saka kringet kang diasilake dening
kelenjar apokrin lan ekrin. Kelenjar apokrin ngasilake kringet kang butek
lan kenthel. Dene kelenjar ekrin ngasilake kringet kang bening. Kelenjar
apokrin lan ekrin akeh-akehe manggon ing kulit kang duwe rambut kang
akeh, kayata ing dhaerah kelek. Salah sijine wangsulan kang mrantasi
ambune awak kang ora enak yaiku kemangi. Kemangi ngandhut minyak
atsiri, vitamin C, betakarotin, lan fenol kang . minangka zat antimikroba lan
antiseptik kang bisa nglawan bakteri kang ala kang nyebabake ambune awak
nora sedep. Supaya ambune awak dadi arum, ana rong cara. Kapisan,
dikulinakake dhahar kemangi kanggo ngancani sega, umpamane digawe
lalapan, trancam. Kapindho, gawe tehkemangi, carane godhong kemangi
dicom nganggo banyu umob akehe sakgelas. Didhemake sedhela, banjur
diombe sedina ping pisan. Panyebaran tanduran iki nganggo wiji. Tanduran
kemangi bisa urip ing dhaerah kang panas lan adhem. Menawa ditandur
inglaladan kang adhem, godhong kemangi luwih gedhe-gedhe lan ijo royo-
royo. Sakliyane kanggo ngarumake awak, pranyata kemangi duwe paedah
liya kang akeh tenan. Ing godhong kang cilik iki ngandhut zat-zat kaya
provitamin A kang biyasa diarani betakaroten, kolagen, fosfor, vitamin C,
senyawa arginin, minyak atsiri, flavanoid, eugenol,boron, lan anetol.
Betakaroten duwe kasiyat kanggo njaga kasarasan mripat, njaga ketahanan
awak. Vitamin C duwe kasiyat kanggo pambentukan kolagen, njaga
kencenge kulit, ngewangi panyerapan kalsium lan zat besi, lan nyegah
kanker. Kolagen kanggo marasake tatu lan kanggo njaga kencenge kulit.
Kalsium duwe kasiyat kanggo pambentukan lulang, transmisi impuls saraf,
ngewaki kontraksi otot, lan ngaktifake reaksi enzim. Fosfor duwe piguna
kanggo pertumbuhan lulang, ngewaki panyerapan lan transportasi gizi, lan
ngatur imbange asam basa ing awak. Magnesium duwe piguna kanggo
ngrileksake jantung lan pembuluh getih supaya nglancarake iline getih.
Senyawa liya kaya arginin, eugenol, anetol, lan boron duwe kasiyat njaga
lan nyehatake organ reproduksi kanggo wong lanang lan wong wedok.
Pancen kasiyate godhong kemangi akeh, nangingmenawa dikonsumsi
kekehan malah ora becik.

Anda mungkin juga menyukai