Anda di halaman 1dari 2

Program Studi Keahlian :

(1) Teknik Komputer dan Jaringan (2) Teknik Rekayasa Perangkat Lunak
Jl. Danau Ranau Sawojajar Malang 65139 Tlp. (0341) 712500 -Faks. (0341) 71200
w:www.smktelkom-mlg.sch.id e: info@smktelkom-mlg.sch.id

TUGAS BAHASA JAWA


Pengampu : Agus Hari Purwanto, S.Pd (082236939592)
Kelas/Semester : XI /Ganjil
Tahun Pelajaran : 2017/2018
Materi Pokok : Artikel
Alokasi Waktu : 2 jp (2x45 menit)

Kompetensi Dasar
3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks nonsastra (berita, artikel, laporan,
dan lainnya) secara lisan dan tulis.
4.1 Menginterpretasi, menanggapi dan mengekspresikan isi teks nonsastra secara lisan
dan tulis.

Tugas Individu
Pitakon ing ngisor iki wangsulono!
1. Apa ta artikel iku?
2. Sebutna jenis-jenise artikel?
3. Artikel deskriptif iku sing kepriye?
4. Apa bedane artikel deskriptif kaliyan naratif?
5. Golekno tuladha artikel persuasif?

Artikel iki wacanen kanthi patitis!


Ambune awak kang nyregrak irung pancen ngisin-ngisini tenan. Rasa PD (Percaya
Diri) dadi ilang , mabur ing awang-awang. Proyek bisnis bisa gagal, guru anggone mulang
muride ora bisa maksimal, perawat ora bisa tenanan anggone ngrumati pasien, lan liya-
liyane amarga ilange rasa PD. Ambune awak kang ora sedhep asale saka kringet kang
diasilake dening kelenjar apokrin lan ekrin. Kelenjar apokrin ngasilake kringet kang butek lan
kenthel. Dene kelenjar ekrin ngasilake kringet kang bening. Kelenjar apokrin lan ekrin akeh-
akehe manggon ing kulit kang duwe rambut kang akeh, kayata ing dhaerah kelek. Ing
dhaerah kelek, keringet angel nguap saengga dadi panggonan bakteri ala kang nuwuhake
ambune awak ora sedhep. Sakliyane kuwi kondhisi psikologis lan akehe kegiatan
uga mrabawani prodhuksi kringet ing awak. Contone, menawa kita lagi nesu, wedi, lan
stress, kringet kang metu uga saya akeh. Kabar kang apik, ambune awak kang ora sedhep
bisa diatasi nganggo cara kang prasaja tur ora larang. Salah sijine wangsulan kang mrantasi
ambune awak kang ora enak yaiku kemangi.
Pranyata tanduran kemangi duwe kasiyat kang ampuh kanggo mrantasi masalah
kringet kang nyethek. Ambune kemangi kang sedhep asale saka minyak atsiri kang
dikandhut. Kemangi ngandhut minyak atsiri, vitamin C, betakarotin, lan fenol kang
minangka zat antimikroba lan antiseptik kang bisa nglawan bakteri kang ala kang nyebabake
ambune awak nora sedep.
Supaya ambune awak dadi arum, ana rong cara. Kapisan, dikulinakake dhahar
kemangi kanggo ngancani sega, umpamane digawe lalapan, trancam. Kapindho, gawe teh
kemangi, carane godhong kemangi dicom nganggo banyu umob akehe sakgelas.
Didhemake sedhela, banjur diombe sedina ping pisan.
Pancen ora angel manawa nggoleki tanduran kemangi. Kemangi (Ocimum
basilicum) sok-sok thukul dhewe tanpa ana kang nandur. Panyebaran tanduran iki nganggo
wiji. Tanduran kemangi bisa urip ing dhaerah kang panas lan adhem. Menawa ditandur ing
laladan kang adhem, godhong kemangi luwih gedhe-gedhe lan ijo royo-royo.
Sakliyane kanggo ngarumake awak, pranyata kemangi duwe paedah liya kang akeh
tenan. Ing godhong kang cilik iki ngandhut zat-zat kaya provitamin A kang biyasa diarani
betakaroten, kolagen, fosfor, vitamin C, senyawa arginin, minyak atsiri, flavanoid, eugenol,
boron, lan anetol. Betakaroten duwe kasiyat kanggo njaga kasarasan mripat, njaga
ketahanan awak. Vitamin C duwe kasiyat kanggo pambentukan kolagen, njaga kencenge
kulit, ngewangi panyerapan kalsium lan zat besi, lan nyegah kanker. Kolagen kanggo
marasake tatu lan kanggo njaga kencenge kulit. Kalsium duwe kasiyat kanggo
pambentukan lulang, transmisi impuls saraf, ngewaki kontraksi otot, lan ngaktifake reaksi
enzim. Fosfor duwe piguna kanggo pertumbuhan lulang, ngewaki panyerapan
lan transportasi gizi, lan ngatur imbange asam basa ing awak. Magnesium duwe piguna
kanggo ngrileksake jantung lan pembuluh getih supaya nglancarake iline getih. Senyawa liya
kaya arginin, eugenol, anetol, lan boron duwe kasiyat njaga lan nyehatake organ reproduksi
kanggo wong lanang lan wong wedok. Pancen kasiyate godhong kemangi akeh, nanging
menawa dikonsumsi kekehan malah ora becik. Contone kaya obat, obat kuwi bisa marasake
wong lara, nanging yen diombe saksenenge dhewe tanpa nggatekake dosis lan takeran,
mesthi malah ngrusakake awak.
Dadi para kawula mudha kang kegiatanne akeh utawa sapa wae kang sok ora pedhe
amarga kringete ambune ora enak, ora usah khawatir. Cukup ngonsumsi kemangi saben
dina, lan asile dijamin maremake. Mangga dipuncobi. Nuwun.

Pitakon ing ngisor iki wangsulana!


1. Apa sing nimbulake ambune awak kang ora sedhep?
2. Ndek endi panggone kelenjar aprokin?
3. Apa sing iso mrantasi ambune awak kan ora enak?
4. Kemangi ngandhut fenol, apa maksude?
5. Kepriye cara supaya ambune awak dadi arum?
6. Kepriye nandur kemangi supaya urip subur?
7. Apa nama latine kemangi?
8. Apa kasiyate vitamin C ning kemangi?
9. Senyawa apa sing iso njaga lan nyehatake organ reproduksi?
10. Ringkesen artikel ing ngandap nggunakake basa kalian piyambak?

Prosedur Pengumpulan Tugas


1. Tugas siswa yang telah selesai, segera unggah di classroom

Terima Kasih dan Semoga Sukses

Anda mungkin juga menyukai