Anda di halaman 1dari 2

KISAH DESA TONJONG

Waktu abad ping 17/18, akeh tentara-tentara islam kang pada perang sa’bil pempinan
Diponegoro kang podo lang-lang buana, perlu nyebarake agama islam, sebab politike belanda

Kang wis pirang-pirang nganti ora ketulungan. Sehingga salah sijine tentara islam kang di urak
daneng wong tuane bisa lunga sakentrang-kentrang, yaiku;karan SECH AGENG BEBEK. Di
arani AGENG BEBEK. Sebab deweke sawise balik mesantren di kongkon angon bebek ning
wong tuane nganti bulan-bulanan. Dene asline asma SECH AKHMAD Bin IMAMPURO. Kang
di sareake ing ngemplak gigir menjangan utawa SUKODONO daerah Bagelen ing Cilacap
ngadekaken Pondok Pesantren oleh petunjuke KI DONO REJO asal saking SOMA LANGU.
Lagi pirang bulan ning kono sing mesantren akeh banget, nuli dipermantu karo KI DONO
YUDO, bareng wis olih 3,5 Th mertuane ninggal let setahun maning garwane ugo ninggal <SITI
SALAMAH>. Kagungan putri siji di arani SITI KHAMSI. Lagi umur 3 th diajak lelono, sebab
ning Cilacap wis akeh sing mlebu islam Lelonone mandeg ing padepokan Sukodono, dene wong-
wong kang podo tirah saking tumpah daraeh podo babad alas, nenandur pirang-pirang tanduran
lan podo gawe gubug dewek-dewek perlu go berlindung, kabeh wong kang ono ing
pegangan/gubug mau gampang di atur.

AL KISAH
Kapan-kapan SECH AHMAD nutuk kempul, pul…pul…pul..pul..pul..pul.., wong-wong kang
podo ana ing pegagan/gubug pada kumpul kabeh, kapan di tata deneng SECH AHMAD wonge
pada rumojong, mulo nganti seprene di arani DESA TONJONG, bareng let ana 3th keponakan
kang aran KHAMBALI dijuluki Mbah Sukandana teka saking tumpah daraeh perlu nggoleti
pa”like terus di gawekna gubug ing kulone sumber kang di arani Sumber Sukadana. Priyayi
sakeloron podo nggaladi ilmune ing pesantren perlu kanggo wong-wong desa lan wong manca
desane.
 dene panggonan semedine SECH AHMAD ing padepokan Bulus Pepe, yaiku panggonan
kang di sareaken tumeko saiki.
 Khusus kanggo keponakane yaiku SECH KHAMBALI semedine ana ing padepokan
ujung towo, kang saiki di arani kuburan duwur stasiun [Tonjong Krajan]
 Kacarito bareng wong-wong akeh kang podo mesantren ana ing kono akeh kang podo di
goda dedemit, Rupa Banas Pati, Gandarwo, lan Lampor, lan maneh Kuntilanak akhire

Tumandang SECH AHMAD nyekel dedemit kabeh terutama Lampor, sebab iku jin kang
lanang, kang wadon arane Ganderwo. Saben-saben dina manis lan wage santri-santrine di
nggoda jin.
 salah siji santri kanga ran KIBANG KUNING di gawa mabur lampor nganti tekan
duwure wit kelapa, akhire di tuding SECH AHMAD nuli santrine di tiba ake kang saiki
di arani SECH JAMBU KARANG, sebab pekarangane di kubengi wit jambu. SECH
JAMBU KARANG saben-saben minggu ping loro saking bulan sa’ban kang ziarah akeh
banget template ing Banyumas iku muride SECH LAMPOR.
 Dene santri-santri kang katon terhormat nganti saiki yaiku:
 SITI SARIAH/SECH MUNDIR ing KENDAL
 KI JANUR ning Karang Anyar Prupuk Tegal
 KI CAKRA BOGA ning Dk Satir Kutamendala
 Dene liyane kang ora podo di tulis ing kene, sebab iki merupakan cuplikan nganti tumeko
saiki SECH AHMAD jejaluk MBAH LAMPOR, sebab piyambeke sering nyekeli lampor,
lampor kang podo anggoda ing murid-muride

 Ana ing desa Tonjong SECH LAMPOR ora kerso kromo kecuali putrine kang aran SITI
KHAMSI di garwa deneng KHUSEN nyi KHAMSI kagungan putra rolas kakung-kakung
kabeh antara liya:
 Ning BANTAR KAWUNG
 Ning RAJA WETAN
 Ning BUMIAYU
 Ning SUMEDANG
 Ning TONJONG (ana telu)
 Ning LINGGAPURA
 Ning BANTEN
 Ning JAWA TIMUR lan SUMATRA
NB: setiap minggu kedua wulan sa’ban dirawuh anake khoul akbar bertempat di ngemplak gigir
menjangan daerah bagelen purworejo.
 Kisah ini di kutip oleh bapak ustad Arichudin waldjiyo yang sering mengikuti khaul mbah
Imam Puro yang bertempat di gigir menjangan daerah bagelen Purworejo.

 Kisah niki
 Sejarah niki, dinukil ndoro wanagil, kyai DAMAN HURI Kyai Haji AHMAD BAKRI
(Karangrejo) disakseni ning Bapak. Warta, Bapak Hadi, Bapak Musa, Bapak Ustad Waljio
di Rembug ning Tonjong Lebak ning Habib Ahmad Kendal, Aula Sech Mundir, Habib
Abdulloh Pekalongan, Habib Khasan Pekalongan, Bapak H. Abdulloh Tonjong, Kyai Abu,
Bapak Darip, Bapak Ustad Muslim Tonjong Lebak Taun 1970 - 1971 Masehi
 Kisah ini dilanjutkan oleh H. Abdurohman, H. Suchemi Bin Wahyu, Ustad Rahmat, Ustad
Arichudin Waljio Bin Ki Bajuri
 Minggu Ke-3 bulan Sya’ban di Abahe Mbah Lampor ( Imam Puro ) dianakake Khaul

Anda mungkin juga menyukai