Anda di halaman 1dari 2

PEMERINTAH KABUPATEN SRAGEN

UPT DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN KEC. TANON


SEKOLAH DASAR NEGERI BONAGUNG 2
Alamat : Bonagung, Kec Tanon, Kab Sragen, Kode Pos 57277
e-mail : sdnbonagung2@gmail.com

UJIAN PRAKTEK SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2016/2017

Bidang Study : Bahasa Jawa


Kelas : VI (Enam)
Hari / Tanggal : Senin, 3 April 2017
Waktu : 09.00 - selesai

Wacanan kanthi teliti lan wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki !

Lingkungan Industri Kecil ( L I K )

Wonten ing pinten – pinten panggenan, pamarentah ngedegaken Lingkungan


Industri Kecil ( LIK ). Wonten ing LIK, kathah warga ingkang nggadhahi
ketrampilan nindakaken usahanipun. Saderengipun mlebet LIK, warga kala wau
nindakaken usahanipun alit – alitan wonten ing griyo. Biasanipin usaha kala wau
dipuntindakaken sasaged – sagedtipun. Limrah, menawi asilipun mboten sae, lan
mboten patos dipun kenal warga sanes.
Pamarintah kapengin ningkataken panggesangan warga ingkang gadhah
ketrampilan kala wau. Pramila dipundegaken LIK, wonten ing LIK pamarintah saged
mbina warganipun kanthi gampil. Kawiwitan saking caranipun pados bahan mentah,
caranipun ndamel, caranipun nyade, caranipun ngatur arta lan sakpanunggalanipun.
Kajawi saking punika, usahanipun warga LIK saged langkung dipun mangertosi
amargi sedoyo tiyang sampun ngertos bilih LIK menika punjeripun kerajinan.
Pamarintah ugi mboten nglirwakaken kerajinan ingkang wonten sakjawining LIK.
Pamarentah tetep mbina lan maringi kaelonggaran datheng karajinan sajawining LIK.
Pamarentah tentu remen sanget menawi kerajinan sajawining LIK saged majeng.
Tuladhanipun, kerajinan gerabah wonten ing kasongan ( Ngayogjakarta ) lan
kerajinan ukir kayu wonten ing Jepara.
Kapetik saka Kridha Basa

A. Wangsulana pitakon ing ngisor iki !

1. Sadurunge mlebu LIK kepriye usahane para warga ?


2. Apa tujuane pamarentah mbangun LIK ?
3. Apa bae sing dibina pamarentah ing LIK ?
4. Kerajinan apa sing kawentar ana ing Jepara ?
5. Sapa sing ngedegake LIK ?

B. Wacan ing dhuwur, rangkumen kanthi sing ringkes !


C. Wacanen Geguritan ing ngisor iki !

AKU BOCAH JAWA

Aku bocah Jawa


Aku rumangsa ora duwe apaapa
Sing awujud bandha donya raja brana
Iku dudu takeran
Sanajan mengkono
Bab budaya unggah ungguh munggahing tata karma
Tetep tak ugemi

Aku bocah jawa


Ora bakal sulap marang gebyaring kahanan
Apa perlu ben diarani modern
Banjur ngecet ngawul awul ngucir rambut
Ben kaya buntut jarang sing akeh tumane
Utawa nato awak
Gawe gambar tengkorak
Ben katon sereng medeni ning sejatine koplak ?
Ana maneh sing nindhik irung
Koyo kebo sapi dikeluh
Ilere dleweran njijiki ?

Dudu
Dudu iku wujude bocah jawa
Ayo kanca wis wancine
Gumregah tangi nata panguripan
Tudhuhna menawa jawa iku
Punjere budaya luhur

(Kaanggit dening Aji Mestikaningrat)


D. Pilihen irah – irahan ing ngisor iki lan critakna !

1. Nerusake sekolah menyang SLTP / MTs


2. Wisata neng Pantai Selatan
3. Kerajinan gawe kepang

Bonagung, 30 Maret 2017


Mengetahui,
Kepala SDN Bonagung 2 Pembuat Naskah

SARI TEGUH MULYONO, S. Pd Sari Teguh Mulyono,S.Pd


NIP: 19620716 198201 1 003 NIP: 19620716 198201 1 003

Telah diperiksa
Pengawas TK/SD

SUKARMAN,S.Pd
NIP.19621216 198405 1 002

Anda mungkin juga menyukai