Anda di halaman 1dari 2

Setana Ronggeng

Wonten cerita sejarah ing sekitar omahku yaiku panggonan kang dipercaya nggo
nguburaken Ronggeng. Lokasine ing dalan perbatesan Desa Merden lan Desa Karanganyar.
Miturut ceritane wong tua ing desaku mbien-mbiene Raden Suta Wijaya mbojo kalih putri
Bupati Pasuruan, Raden Suta Wijaya diwenehi kuasa ing wilayah kang jenenge Kademangan
Merden. Wektu masyarakate lagi ayem-ayeme, dikagetake berita yen pemimpine kudu
ninggalake Kademangan kanggo latian dadi patih ing Keraton Surakarta, kepemimpinane
diganteni kaliyan Ki Ageng Suta nanging wonten perjanjiane yen Ki Ageng Suta saged
ngrebut kekuasaane bakal dadi sepenuhe kanggo Ki Ageng Suta. Nanging yen mboten saged
ngrebut bakal tetep dicekel Suta Wijaya.

Suta Wijaya ngalembana lan ndadekake ilmune kang sampun diolihna saking gurune
sing sekti. Swasana masyarakat lan ketentreman sampun malih sakwise ditinggal Suta Wijaya
katon saking raine kang pada wedi. Ki Ageng Suta ngerti Suta Wijaya arep mulih, Ki ageng
Suta ngancem masyarakat supaya ngomong yen seneng marang kepemimpinane. Gutule Suta
Wijaya ing Merden langsung nemoni Ki Ageng Suta lan nakoni masyarakat ngenani masalah
kepemimpinane Ki Ageng Suta. Suta Wijaya tetep emut lan ngurmati perjanjian kang tau
disetujuni gemien yaiku yen saged ngrebut kekuasaane bakal diwenehna marang Ki Ageng
Suta lan Suta Wijaya ninggalake Desa Merden.

Niat ala Ki Ageng Suta kaleksana lan saged nggantekna posisine Suta Wijaya. Kabar
kepemimpinane Desa Merden sampun pindah saking Suta Wijaya marang Ki Ageng Suta
gutul menyang Kerajaan Surakarta. Kerajaan ngirimi telik sandi (mata-mata) kanggo
nyelidiki kabar sing kasebar. Sakwise olih informasi, telik sandi langsung ngelaporake
menyang raja Surakarta, raja ngirimake pasukan kanggo ngamanna Ki Ageng Suta, nanging
usahane sia-sia mboten wonten sing saged nglahake. Akhire raja mrentah jawara lan
pemimpin padepokan saking Tegal yaiku jenenge Kyai Jamaludin. Kyai Jamaludin saged
ngalahna, nanging kelicikane Ki Ageng Suta tetep dienggo yaiku manfaatke anak kwalone
sing kerja dadi ronggeng, kanggo ngrayu Kyai Jamaludin supaya saged dikalahna.

Ronggeng terkenal ing Desa Merden merga goyangane lan rai ayune. Wektu ronggeng
manggung, Kyai Jamaludin nonton lan diwenehi unjukan marang wonge Ki Ageng Suta kang
sampun dicampur ramuan sing nggawe mabok utawane nggawe ora sadar. Sakwise Kyai
Jamaludin ora sadar banjur tulung-tulung lan ngucapake sumpah yen Kyai jamaludin gelem
mati nanging karo ronggenge. Pengucapane Kyai Jamaludin nggawe Ki Ageng Suta seneng
banjur mrentah pasukane kanggo mateni ronggenge, weruh ronggenge mati ing ngarepe, Kyai
jamaludin ngeikhlasna awake dewek mati. Ronggeng mau dipateni lan awake dicacag sirahe,
kempole, tangane, lan wetenge. Pethilan awake dikuburake ing beda-beda panggonan.
Critane kuburan ronggeng nggon omahku yaiku bagian tangane lan alat-alat manggunge.
Nganti siki wonten wong kesenian nepi ing keburan ronggeng mergane kanggo keseniane
dadi laris.

Anda mungkin juga menyukai