Anda di halaman 1dari 5

TUGAS BAHASA JAWA

TEKS EKSPOSISI
“MIDODARENI GAGRAG NGAYOGYAKARTA”

Kelompok 3 :
XI MIPA 1
1. Afifah Nurhafni Ayati (01)
2. Galih Putri Yuliani (14)
3. Naela Sa’adah (19)
4. Putriya Wardani (24)
5. Sayyied Jati H (28)
6. Siti Khalimatus S (29)
7. Teguh Darmawan (30)

SMA NEGERI 1 KOTA MUNGKID


PEMERINTAH PROVINSI JAWA TENGAH
TAHUN AJARAN
2016/2017

Midodareni Gagrag Ngayogyakarta


Midodareni iku asale saka tembung widodari utawa bidadari. Miturut kapercayan para
warga Ngayogyakarta acara widodareni iki dikarepake para widodari medun saka kayangan lan
bisa nambahi kaindahan, sulistiya marang calon penganten wadon. Nalika uparacara midodareni,
calon penganten wadon saka jam 06.00 sore tekan jam 12.00 bengi ora oleh turu lan ora oleh
metu saka kamar. Menawa ana tamu kang arep ketemu marang calon penganten wadon,mula
tamu mau mlebu ana ing kamar calon penganten wadon. Calon penganten wadon ora oleh
ketemu karo tamu lanang lan uga ora oleh ketmu karo calon penganten lanang.

Upacara midodareni yaiku adicara tirakatan utawa wungon. Kang diarani tirakatan utawa
wungon yaiku lungguh-lungguh sinambi omong-omongan ana ing wayah wengi, nalika ana kang
dhuweni hajatan. Tirakatan uga dhuweni unsur kanggo muji kang Kuasa lan jaluk kekarepan
supaya adicara pahargyan oleh anugrah saka kang Kuasa lan tanpa alangan.

Upacara midodareni iki butuhake warna-warna ubarampe. Ubarampe kang kudu


disiapake yaiku kembar mayang loro utawa sepasang lan degan loro, klemuk utawa wadah lenga
loro kang diisi warna-warna bumbu, empon-empon (kencur, jahe, kunir lan sapanunggale), woh-
wohan, ditutup nganggo kain motif bango tulak, kendhi, sesaji, lan ing kamar penganten
diwenehi wewangian.

Sepasang kembar mayang lan sepasang degan kang iseh ana sepete. Kembar mayang
yaiku hiasan saka janur kang digawe sepasang.Sepasang klemuk,klemuk yaiku sewarna gerabah
kang diisi bumbu-bumbu pawon,woh-wohan,empon-empon lan ditutup nganggo kain motif
bangun tulak utawa bango tulak.Sepasang kendhi kaang diisi banyu resik lan suci.Cucuke kendhi
ditutupi nganggo godhong dhadhap srep ,mayang jambe ( buah pinang ), godhong sirih sing
dihias nganggo kapur.

Kamar penganten dihias nganggo mayang jambe, 7 warna kain motif letrek, sirih ayu sing
dihias nganggo kapur sirih ,ukup. Ukup yaiku wangi wangian kang diramu saka godhong pandan
sing uwis diiris iris, parutan kencur, laos, jeruk purut, minyak wangi , kang diwadahi baki.
Banjur diselehake ana ngisor panggon sing dinggo turu, ngisor meja supaya ruangane dadi
wangi.

Sesajian kang disuguhake kanggo upacara midodareni yaiku sego gurih karo lawuh
sambel pecel, sambel pencok, krecek, lan lalapan. Sepasang panggang ingkung pitik, rujak
degan, banyu kopi lan banyu teh tanpa gula. Jlupak (plita) seng diisi nganggo sumbu kapas, roti
tawar, lan gula satangkep.

Dene pelaksanaan upacara midodareni yaiku calon penganten wadon nganggo busana
kain motif trumtum lan nganggo kebaya biasa.Sanggul ukel tekuk (ukel konde), ora nganggo
aksesoris lan didandani samar-samar utawa tipis. Calon penganten wadon ana ing jero kamar
kang kamare wis dihias. Calon penganten wadon uga dikancani para sesepuh kanggo menehi
wejangan utawa nasehat.

Ing upacara midodareni, ana adicara ingkang sepisan nyantri utawa jonggolan yaiku
calon penganten lanang mara ing omah calon penganten wadon saperlu nyantri. Tegese nyantri
yaiku calon penganten lanang nginep ing omahe calon penganten wadon saperlu ngrungokake
sabdatama utawa nasehat saka sesepuh calon penganten wadon. Adicara kapindo yaiku srah-
srahan, calon penganten lanang menehi barang-barang seserahan kanggo pihak calon wadon ing
malam midodari. Ketelu, tantingan yaiku calon penganten wadon menehi jawaban terakhir kang
pasti siap dinikahi apa ora.Tantingan dilakoni ana ing kamar penganten wadon.Biasane calon
pengantin wadon siap lan menehi persyaratan.Kepapat,majemukan yaiku selamatan kang
dilakoni ing malem midodareni.
Nalika jam 12 bengi sajen-sajen lan panganan ing jero kamar calon penganten wadon
digawa metu kanggo dipangan kulawarga lan para tamu kanthi bebarengan. Dene kembar
mayang lan degan digunakake ing upacara panggih.

Daftar Pustaka:
https://dunianyamaya.wordpress.com/2008/04/10/79/

http://bpad.jogjaprov.go.id

http://spicyinaction.blogspot.co.id/2011/08/makalah-babagan-upacara-penganten-tata.html?m=1

http://googleweblight.com/?lite_url=http://mahligai-indonesia.com/pernikahan-nusantara/prosesi-
adat/pernikahan-adat-gaya-yogyakarta-62&ei=tA0wuFV-&lc=id-
ID&s=1&m=850&host=www.google.co.id&ts=1508563550&sig=ANTY_L1Pj5RC2GdGikcYaY-
9XTMIWG5Nzg

Lampiran
1. Srah-srahan Kembang Mayang

2. Gambar Paes

Anda mungkin juga menyukai