Anda di halaman 1dari 2

1. Bapak lan ibu ditimbali eyang Sastro.Jejere ukara iku yaiku ...

a. Bapak c. ditimbali
b. Bapak lan Ibu d. eyang Sastro
2. Aku ditukokake Bulik sepatu. Yen didadekake ukara tanduk sing bener yaiku ...
a. Bulik dak tukokake sepatu
b. Bulik nukokake aku sepatu
c. aku nukokake Bulik sepatu
d. aku ditukokake sepatu Bulik
3. Matura blaka ... ora perlu isin-isin.
a. Lelana b. suta c. sembrana d. rena
4. Katur : Eyang Harjito dalah Eyang Putri ing Malang Perangan layang ing dhuwur diarani ...
a. Adawiyah c. surasa basa
b. satata basa d. wasana basa
5. Ing perangan layang surasa basa uga diarani ...
a. Panutup b. bebuka c. titi wangsa d. isi
6. Raden Gatutkaca putrane ...
a. Janaka b. Harjuna c. Werkudara d. Puntadewa
7. Senapatine Kurawa ing perang Batarayuda yaiku ...
a. Gathutkaca b. Adipati Karna c. Nakula d. Sadewa
8. Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani ...
a. Guru gatra b. guru wilangan c. guru lagu d. guru sastra
9. Sing kalebu tembang macapat yaiku ...
a. Kinanthi, pucung, sinom c. Balabak, gambuh, mijil
b. Kinanthi, sinom, balabak d. Mijil, gambuh, megatruh
10. Mas Rudi dipun celuk pakdhe.Tembung dipun celuk benere ...
a. Didhawuhi b. dipun dhawuhi c. diaturi d. dipun timbali
11. Ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa ngoko alus kang bener yaiku ...
a. Nalika bapak adus, aku mangan c. Nalika bapak adus, aku dhahar
b. Nalika bapak siram, aku mangan d. Nalika bapak siram, aku dhahar
12. Ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa krama alus kang bener yaiku ...
a. Kula dipun utus bulik mundhut gendhis c. Kula dikengken bulik mundhut gendhis
b. Kula dipun utus bulik tumbas gula d. Kula dikengken bulik tumbas gula
13. Sing ora kalebu peranganing karangan yaiku ...
a. Irah-irahan (judul) b. bebuka c. isi d. peprenah
14. Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester kepungkur bocah-bocah kelas enem SDN
Tanggungan Gudo nganakake perkemahan sabtu malam minggu ing Bhumi Perkemahan
Wonosalam Kecamatan Wonosalam Kabupaten Jombang jam pitu esuk dina Sabtu, bocah-bocah
lan Bapak Ibu Guru wis padha ngumpul ing sekolahan. Budhale numpak bis Indah Jaya.
Irah-irahan (judul) perangan karangan ing dhuwur yaiku ...
a. Dina Sabtu lan Minggu ana kemah c. Kemah pramuka ing Wonosalam
b. Bocah-bocah kelas VI kemah d. Sabtu lan Minggu ing Bhumi Perkemahan
15. Ukara sing nggunakake tembung rangkep dwi purwa yaiku ...
a. Bocah sing menang lomba oleh bebungah c. Aja bengak-bengok, simbah lagi sare
b. Bocah-bocah padha dolanan ing latar d. Yen dikandhani aja cengingisan
16. Sing kalebu tembung dwi lingga yaiku ...
a. Bapak-bapak b. alun-alun c. ondhe-ondhe d. paru-paru
17. Kulite (busik) amarga adus banyu kali.
Tembung njero kurung yen didadekake tembung dwi wasana dadi ...
a. Busik-busik b. busak-busik c. sisiken d. besisik
18. Ibu : “Mar, Mar, tangia!”
Marni : “Ana apa bu? Aku isih ... “
Pacelathon kasebut supaya bener diiseni nganggo tembung ...
a. Nulis b. maca c. ngantuk d. sinau
19. Bu Siti : “Rif, kowe apa sida melu kemah?”
Arif : “Siyos bu, benjang dinten Sabtu ngajeng”
Bu Siti takon menyang Arif babagan apa?
a. Kapan olehe kemah c. karo sapa olehe kemah
b. Apa sida melu kemah d. ing ngendi olehe kemah
20. Pidato kanggo acara ing sekolahan sing kurang trep yaiku ...
a. HUT RT b. Persami c. Ulangan Harian d. Perpisahan

Anda mungkin juga menyukai